Selasa, 26 September 2023

ELING

 

Selasa Kliwon 26 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

 JOLALI IKI GAMBAR KALI


Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 28:10-19

Jabur 106:1-12

Rum 16:17-20

Bareng Yakub tangi saka anggone turu, banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”Yakub wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti Allah lan iki gapurane swarga.”Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.Panggonan kono mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.” Purwaning dumadi 28:16-19

 

ELING kuwi tembung kang tegese mangerti kanthi sadhar kahanan ing sakia tengene, dene kosokbaline tembung ELING kuwi lali, sing tegese babarblas ora mangerti kahanan sakiwa tengene. Lali kuwi beda karo nglali, merga yen lali kuwi pancen ora disengaja, dene yen nglali kuwi sejatine ngerti ananging ethok-ethok ora ngerti. ELING, kuwi kahanan kang ndadekake uripe menungsa tinuntun lan tumeka marang kahanan kang sejati, amarga lumantar ELING manungsa dadi mangerti jati lan sejatining urip.

 

Ana critaning kitab suci babagan ELING, kang tinulis ana ing Purwaning Dumadi bab wolulikur ayat sepuluh  tekan sangalas. Ing kana dicritakake bab lakuning rama Yakub sakwise ngalami pengalaman urip karo kangmase, Pakde Esap. Ing sawijining papan,merga wis kesel Rama Yakub arep sare, nggolek watu dingo batal..(Biyuh, mendah atose..) Ing sakjroning turu kuwi rama Yakub ngimpi, weruh ana andha dhuwure ngeram tekan langit la nana para malaekat munggah mudun lan Sang Yehuwah jumeneng cedak rama Yakub. Sang Yehuwah ngaku yen Panjenengane kuwi Gusti Allah eyang Abraham lan Iskak. Mangerti kang kaya mangkono kuwi, rama Yakub njondil lan tangi, ngucek-ucek mripat njur njupuk HP arep nyetatus WA…opsss, lali aku,rama Yakub durung kagungan androit fing..hehe. Rama Yakub banjur ELING, yen papan kuwi gapuraning Swarga, mula njur menehi tandha lan ngganti jeneng daerah kuwi Betel, “Omahe Gusti Allah”.

 

Rama Yakub ELING yen sadengah papan lan kahanan kuwi Gusti Allah ana, ing sadengan pengalamaning urip Gusti Allah dumunung. Pancatan pangerten kang kaya mengekene iki kudune isa dadi sarana tumrap sapa wae, klebu sing maca tumisan iki cikben tansah ELING, yen ora ana papan sing dudu kagungane Gusti Allah, ora ana tumindak kang tanpinirsan dening Gusti Allah, sanadyan kuwi ijik ana ing sakjroning batin. Mula saka kuwi, payo tansah ELING, yen ngendi wae papan kuwi Gusti dumunung, ing kahanan kang kaya ngapa wae, Gusti nunggil.

 

Lumantar ELING iki, muga-muga wae okeh para sedulur sing njur seneng nuladha rama Yakub, seneng menehi monument utawa tanda saben lakuning uripe, yen Gusti ora nate ninggal, yen Gusti tansah ngreksa lan nganti ing saklawe.

 

Salam Rahayu

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH