Kamis, 07 September 2023

LELABUHAN

 

Kemis Legi 7 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Suci

Yehezkhiel 24: 1-14

Jabur 119 :33-40

2 Korinto 12 :11-21

Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka, badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah. “ Jabur 119: 34

 

Tembung LELABUHAN kuwi asale saka lingga Labuh, kang tegese meh pada karo becik utawa kabecikan, ananging bedane Labuh kuwi kabecikan kang dilakoni. Saka tembung lingga Labuh mau njur isa dadi tembung LELABUHAN, kang tegese mangerteni babagan kabecikan lan uga dilakoni minangka laku sejatining urip. Anane isa ngayahi LELABUHAN kuwi sakwise  mangerteni kahananing samubarang, mulane merga wis ngerti njur dilakoni utawa ayahi kuwi kang kinaranan LELABUHAN. Yen mung ngerti wae ananging ora dilakoni, kuwi ora ana paedahe babarblas.

 

Ana ing kitab Jabur ana paseksi piwulang luhur saka juru jabur babagan LELABUHAN kang gegayutan karo mangerti ing samubarang. Ing kitab kuwi tinulis..” Kawula mugi  Paduka Mangertosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger paduka, badhe kawula estokaken kalayan gumolonging manah..” Cetha banget ing tulisan kuwi yen anane isa nglakoni utawa ngayahi merga “Mangertos)aken”, utawa didadekake mangerti. Juru jabur ndedonga cikben diwenehi kawruh lan sakbanjure dilakoni utawa diayahi. Juru jabur sadhar yen tangeh lamun ngayahi menawa ora mangerti. Iki sing beda adoh karo wong ing jaman saiki, okeh sing ngerti ananging ora gelem nglakoni. Ngerti babagan katresnan, ananging ora gelem nglakoni katresnan, ngerti babagan lung-tinulung ananging emoh nglakoni marang liyan lan sakpanunggalane.

 

Mbalik marang tembung LELABUHAN, manut paseksine juru jabur, LELABUHAN kuwi mung isane klakon nalika wis mangerti. Mula saka kuwi, cikben isa mangerti, payo sinau, lan sakwise sinau njur mangerti aja mandeg, ananging dibacutake lumantar nglakoni apa kang dimangerteni mau. Yen kabeh isa gelem sinau lan mangerti lan sakbanjure nglakoni apa kang wis dimangerteni, mesti khanane jagad iki sansaya suwe sansaya nemahi katentreman dalah karahayon. Sing wis sinau bab pangapura, njur mangerti apa kuwi pangapura, njur macak LELABUHAN urip kanthi demen ngapura, sing sinau tetulung, njur mangerti babagan tetulung lan sakwise mangerti njur macak LELABUHAN urip kanthi tetulung marang sapa wae, mesti urip ing jagad iki sansaya tentrem lan rahayu.

 

Mula saka kuwi, payo saiki sengkut sinau,mangerti lan diayahi utawa dilakoni, aja mung mandeg ing kahanan ngerti ananging tanpa dilakoni. Payo macak ngelmuning para leluhur, “ngelmu kuwi klakone kanthi laku…” Payo, macak LELABUHAN becik ing sakjroning urip iki..

 

Salam Rahayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH