Senin, 11 September 2023

MBUNGKEM CANGKEM

 

Senen Kliwon 11 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab suci

Kaimanan 4:27-31, 5:14-16

Jabur 119:65-72

1 Petrus 2:11-17

Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.” 1 Petrus 2:15

 

Ing dina iki, pernahe senen Kliwon tanggal sewelas September rongewutelulikur, BENINGE EMBUN ESUK rada ngowahi padatan, yakuwi jejere nganggo rong tembung. Iki ora ateges BENINGE EMBUN ESUK mbalela, ananging cikben ana pariasi (variasi) anyar, dene  kang dadi jejer pancen tembung kang kurang kepenak dirungu, yakuwi MBUNGKEM CANGKEM, yen diungelake ing cecaturan padinan, mesti isa dadi rame, ananging yen mung diwaca, apameneh ing sakjroning batin, aman-aman wae. MBUNGKEM kuwi tegese nutupi kanthi setegah meksa, dene CANGKEM mesti kabeh sing maos tulisan iki wis dong, yakuwi piranti peparinge Gusti Allah kang fungsine kanggo mangan lan ngomong utawa celathu. MBUNGKEM CANGKEM ing andharan iki tegese ndadekake liyan meneng ora bisa nyaruwe amarga tumindak becik.

 

Sanadyan yen diungelake rinasa saru tur ya kurang patut, ananging tembung MBUNGKEM CANGKEM kuwi tinulis neng kitab suci,cethane ana ing layange rasul Patrus kang kapisan. Ing kana rasul Petrus memulang babagan tumindak kang tansah becik-apik, cikben wong-wong kang seneng nggibah utawa ngrasani, kecangar utawa kabungkem cangkeme amarga gawean apik kang ditindakake dening para kagungane Gusti. “Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.

Cetha banget dhawuhe Gusti lumantar rasul Petrus, yakuwi babagan panggawe becik, isa MBUNGKEM CANGKEME wong bodho sing kawruhe minim utawa kurang. Ing kene ana rong perkara sing kudu dimangerteni, sepisan cetha yakuw babagan panggawe becik, dene kang nomer loro babagan wong sing senengane kokean omong utawa ngoceh, senengane mado utawa tukang kritik, jebule kuwi manut rasul Petrus klebu golongan wong bodho.

 

Saka andharan sakmadya ing ndhuwur lan uga saka piwulange kitab suci, saiki payo sengkut makarya jumbuh karo dhawuhe kitab suci, yakuwi ngayahi Panggawe Becik, cikben  isa uwal saka sakabehing pitenah. Kaping pindhone, payo sinau nahan omongan kang ora becik, omongan kang ancase mung ngrusak lan natoni liyan,  amarga sing kokean cangkem kuwi jebul klebu golongan wong bodho.  Saiki gumantung marang para pamaos milih sing endi, milih ngayahi Panggawe Becik lan dadi wong pinter, lumantar  ora kokean cangkem utawa arep dadi wong bodho kang ora tahu ngayahi panggawe becik?

 

Salam Rahayu

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH