Jemuah
Legi 16 Desember 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
II
Samuel 7 : 18-22
Jabur
80 : 1-7,17-19
Galatia
4 : 1-7
“Dhuh Yehuwah, Gusti Allahipun ingkang
sarwa dumadi, kawula mugi sami Paduka pulihaken, mugi karsaa nyunaraken wadana
Paduka, temah kawula sami badhe manggih wilujeng.”
Jabur 80 : 19
DIPULIHAKE
kuwi asale saka tembung mulih, sing tegese bali menyang mula bukane kahanan, utawa cekak aose balik menyang omahe
kang kawitan. Saka tembung mulih kuwi isa dadi pirang-pirang tembung,
salah-sijine PULIH, sing tegese ya padha, mbalik marang kahanan wiwitan utawa
bali menyang omahe. DIPULIHAKE kuwi tegese dibalekne menyang kahanan wiwitan,
amarga ora ia nglkaoni dwe, mula kudu ana sing nulungi, yen isa dewe kinaranan
Pulih, bareng ditulungi liyan mula sinebut DIPULIHAKE.
Juru
Jabur, Eyang Asaf (ora kabeh Jabur sing nulis eyang Dawud lho ya..) nate
nuladhani babagan ndedonga utawa nyenyuwun marang Gusti Allah. Dene kang
dituladakne kuwi babagan Pulihing kahanane, mula ben gampang isa kinaranan yen
Eyang Asaf nyuwun DIPULIHAKE kahanane kaya wiwit mula. Lha ana apa kok Eyang
Asaf njaluk dipulihake? Amarga kahanane minangka menungsa wis beda karo kahanan
menungsa nalika dititahake dening Gusti Allah. Menungsa kuwi katititahake
cikben urip kepnak lan tentrem rahayu, minangka titah sing kebak welas asih,
memper Gusti Allah. Menungsa kuwi tinitahake memper Gusti Allah, dene Gusti
Allah kuwi anane mung welas-asih, mula menungsa sing wis ora nduweni rasa
welas-asih, kudu DIPULIHAKE cikben kaya
kawiwitan tinitahake.
Apa
kang lumaku ing jamane Eyang Asaf, mbokmenawa ya lumaku ing jman saiki, yakuwi
babagan menungsa sing wis nyleweng saka ancas katitahake dening Gusti. Saiki
ora sithik menungsa sing awatak kewan, srakah lan kejem marang liyan. Malah,
mbokmenawa ing jaman saiki, watak lan tumindake menungsa isa luwih brutal lan
wengis tinimbang kewan. Ing babagan srakah, kewan kuwi mangane mung sakwaregan,
sanadyan wengise ora njamak, lha yen menungsa sakliyane wengis uga srakah, mula
ora nggumunake yen okeh pasulayan ing ngendi-endi papan, kuwi merga menungsa
wis ngenggoni watake kewan. Kahanan kang kaya mengkene iki kang kudu
DIPULIHAKE, lan sing sing mung Gusti Allah. Mula saka kuwi, payo nuladha
pandongane Eyang Asaf, nyuwun kahananing urip ing njagad iki DIPULIHAKE.
“Seka
ngendi Jo, kok yahmene durung adus?”Takone Kang Solebo, nalika sore kuwi wis
nyengkruk neng Lincak Sor Talok, lan Dalijo nembe teka seka papan liya lan
durung adus.
“Rasah
Adus Jo, wong ya ora payu wae.. Kae Coro, ora adus ya kinclong..” Sing Nyauri
malah Lik Ndoleng.
“Seka
omahe Kang Markun, menehi kacang brudhul, ben weruh rasane..” Semaure Dalijo
sinami ucul kaos, sajak kesumuken.
“Weladalah,
Markun wong sugih, Pe eN eS, kok malah jik mbok wenehi panenanmu Jo? Ora
nguyahi segara…??” Sajak Lik Ndoleng ora trima.
“Rasah
jiles Leng, rasah cemburu…”Kang Solebo nanggepi.
“Aku
arep andhum lan weweh marang sapa wae Lik, ora nyawang wong kuwi sugih apa ora.
Aku arep MULIH marang kahanan wiwitan nalika dicipta dening Gusti, yakuwi
menungsa sing kebak welas-asih” Semaure Dalijo sinambi nyumet udude sing saiki
thing-we.
@kaburkanginan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar