Rebo
Wage 14 Desember 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Zakharia
8 : 1-17
Jabur
42
Mateus
8 : 14-17,28-34
“..sarta dalan-dalan ing kutha iku bakal kebak bocah-bocah
lanang lan wadon kang padha dolanan ana ing kono.” Zakharia 8 : 5
Mbokmenawa sing maca tulisan iki, mbuh
sapa wae wonge, mesti wis nate krungu tembung DOLANAN, malah kepara wis tahu
nglakoni tumindak kang kinaranan DOLANAN. Lha sejatine apa ta tegese tembung
DOLANAN kuwi?. Tembung DOLANAN kuwi linggane Dolan, sing tegese lunga saka
ngomah saperlu ketemu kanca lan sakwise kuwi njur ngayahi ayahan kang ora ana
sanggane babarblas. Ayahan DOLANAN kuwi racake dilakoni dening bocah cilik, yakuwi
tumindak kang tanpa momotan lan nuwuhake kahanan seneng utawa bungah. Mula,
sing nembe DOLANAN kuwi mesti anane mung seneng karo seneng.
Bab DOLANAN kuwi nate dadi piwulange
Gusti Allah kanggo nggambarake kahanan nalika Gusti wus maringi berkah jumbuh
karo butuhe para kagungane. Neng kitab
Zakharia bab 8 ayat 5 ditulis mangkene, “..Sarta dalan-dalan ing kutha iku
bakal KEBAK bocah-bocah lanang lanang lan wadon kang padha DOLANAN ana ing
kono..” Yen bocah padha isa dolanan, tegese kahanane aman, kahanane nyenengake,
kahanane ndadekne bocah padha krasan. Nalika wus ora ana bebaya, ora ana
perang, ora ana pangancem, ora ana lelara lan pageblug, ing kono bocah-bocah
isa DOLANAN. Tangeh lamun isa DOLANAN nalika kahanane kebak pengancem,
tangeh lamun bocah-bocah isa DOLANAN
nalika kahanane luwe utawa ngelih. Anane bocah-bocah isa DOLANAN merga wis ora
luwe lan ngelak, kahanane wis sarwa kepenak.
Pangandikane Gusti kuwi mbiyen
katujokake marang bangsa ngisrael, yen Gusti wus makarya utawa tumandhang,
kabeh kahanan ala utawa kahanan kang medeni nggegirisi bakalan ilang, sirna.
Lan nalika kahanan sing nggegirisi ilang
sirna, urip dadi luwih tentrem lan
kepenak. Beda nalika kahanane kebak perang, kebak kahanan sengit-sinengitan,
kebak kahanan culika siji lan sijine, mesti ora ana bocah kang padha DOLANAN.
Yen kahanane apik lan kepenak, ora mung bocah wae kang bakalane DOLANAN, kabeh wong mesti isa
ngrasakake kahanan DOLANAN. Kabeh sarwa enteng, sarwa tentrem, sarwa kepenak.
Njur kepiye carane cikben isa ngrasakake kahanan kepenak lan enak, njur isa
DOLANAN bebarengan?
Mung siji carane, Manu tapa kang dadi
dhawuh pangandikane Gusti. Urip kanthi tresna-tinresnan, lung-tinulung,
sangkul-sinangkul ing bot-repot, apura-ingapura lan kabeh mbabar welas-asih ing
sakjroning uripe, Sengit ditundhung lunga, iri-srei lan drengki dikunjara ana
ing pojoking urip, ngangah-angah barang kang ora penting disirnakake, seneng
makarya lan pikolehe dienggo bebarengan cikben kabeh isa ngrasakake tentreming
urip. Yen kabeh wus manut pangandik
utawa dhawuhe Gusti Allah, mesti kahanane ngepenakake lan sakbanjure isa
DOLANAN karo kanca lan tangga-teparone.
“Tumben yahmene wis njedul Leng?”
Takone Kang Solebo, nalika jik watara sore Lik Ndoleng wis njedul neng Lincak
Sor Talok.
“Lha kabeh wis rampungan gek Bo, mula
ya njur kari nyante…ngenggar-enggar awak ben awet enom ..” Semaure Lik Ndoleng sinambi mbukak jisamsune
sik katon wutuh.
“Wah, apa wis maca BENINGE EMBUN ESUK
anggitane mbahe Lik, kok memper tembungmu? Bab urip sing kepenak tur ya penak..”
Dalijo melu nanggepi sinambi
mbenekne klasa sing neng Lincak.
“Saiki aku rajin Jo, maca BENINGE EMBUN
ESUK saben kesuk…”Semaure Lik Ndoleng.
“Po bar ketemu Yu Wasti Lik, kok sajak
bungahmu pol-polan?” Takone Iin.
“Dengkulmu kuwi In!!, Mesti mbok
gothak-gathukke karo kuwi wae..Hmmm…Duss!” Wangsulane Lik Ndoleng nggaya nesu,
kamangka brayat Lincak Sor Talok ora kenal tembung nesu, kabeh sarwa bungah lan
apik.
@kaburkanginan
Tidak ada komentar:
Posting Komentar