Selasa
Wage 24 Nopember 2020
BENINGE
EMBUN ESUK
Yesaya
33:17-22
Jabur
24
Lukas
21:1-4
Amarga wong-wong kabeh iku ngaturake
pisungsung saka kasugihane, nanging randha iki ngaturake saka ing kamiskinane,
malah nyaosake sakabehing darbeke kang kanggo urip.” Lukas 21:4
UKURAN,bokmenawa
sing maca tulisa iki eis nate ngerti utawa paling ora krungu apa sing diarani
UKURAN. Lha jan-jane apa ta tegese
UKURAN kuwi? Yen sakngertiku, UKURAN kuwi ya samubarang kang kena dinggo ngukur
utawa ngetung, iki beda karo tembung ngukur kang amarga gatel. Hehehe. Kabeh
kang ana ing ngalamndonya iki kayane isa diukur, dene pas apa kurang pas kuwi
dudu bab sing penting. UKURAN kuwi isa uga kanggo pathokan, supaya kahanan kang
lumaku ya gumathok, ora pating penthalitan.
Neng
Kitab Suci ana piwulange Gusti Yesus bab UKURAN, yakuwi nalika padha ngibadah
lan ngepasi pisungsung. Ndilalah ana pawongan rondho tur ya mlarat. Merga
randha tur ya mlarat mulane pisungsunge sithik yen ngukure nganggo UKURAN
menungsa. Lire kepiye? Ya cetha wae sithik, amarga gunggunge pancen hora okeh
blas. Ananging sing aneh, sanadyan ana neng saawangane menungsa sithik, ana ing
pamirsane Gusti jebul luwih gedhe tinimbang pisungsunge wong sing sugih. Gusti
pirsa yen wong sugih kuwi pisungsunge dudu uripe, ananging mung saka kaluwihane
bandhane, tegese yen rumangsa durung luwih ya tangeh lamun pisungsung.
Iki
beda karo mbok randha, sanadyan sithik ana neng UKURAN kamanungsan,ananging
kuwi pengajine padha karo uripe sedina kuwi. Kudu dieling, sanadyan sithik ana
ing UKURAN menungsa, ananging amarga kuwi padha karo ajining uripe sedina,mula
tumrap Gusti Yesus kuwi luwih gede,luwih okeh tinimbang pisungsunge para wong
sugih. Ukurane Gusti Yesus yakuwi ajining urip, wong sugih sanadyan pisungsung
okeh, ananging kuwi dudu uripe, mung “Turahane”
urip, dene sing ,mlarat mau
misungsungake uripe dewe, ajining uripe ing dina kuwi. Semilyar jik
kalah aji karo molasewu, amarga duit molasewu kuwi isa kanggo urip wong mlarat
sedina, dene similar kuwi ora ana ajine, merga kuwi dudu UKURAN uripe wong
sugih. Menehi semilyar ora ngaruh apa-apa, merga ajine uripe limolas milyar,
dene sing mlarat, menehi molasewu kamangka kuwi uripe sedina. Dadi cetha kan
kersane Gusti?
Dadi
bab pisungsung kuwi hota mung bab UKURAN okeh apa sithik, ananging bab ajining
urip. Sewu rupiah isa luwih okeh ing pamirsane Gusti, menawa kuwi padha karo
UKURAN uripe sedina. Dene sepuluh juta isa ora ana ajine neng ngarsane Gusti,
amarga kuwi mung duwit turahan, ilanga sepuluh yuta jik nduwe simpenan mangatus
yuta.
“Jo,
kae si Markun mosok nukokne kalung bojone mung karo tengah gram,ngisin-isini..”
Lik Ndoleng miwiti jejagongan lumantar ngrasani Kang Markun.
“Hambok
ben, wong kuwi wujuding tresnane Kang Markun, rasah serik Lik.” Unine Dalijo.
“Jare
pe en es kok ngirite ngeram, nukokne mas-masan bojone..wong aku sing du…” Rung sempat
rampung Lik Ndoleng muni, ketungka njedule Nduk Iin, lan langsung nyamber
rembug kaya bensing disiram geni.
“Dudu
bojone isa nukokne gelang sangang gram ya Lik?” Unine Iin.
“Weh,
lha sampeyan apa nukokne gelang Yu Wasti Lik?” Takone Dalijo, lan Lik Ndoleng
rung koner mangsuli, diwangsuli Iin.
“Iyo
kang, Yu Wasti crita mbek aku”
“Sanadyan
mung karotengah gram, ananging kuwi luwih aji, merga kinatenan tresna kang
tulus, beda mbek sing sangang gram, merga kuwi sesideman…” Unine Dalijo,
sinambi nglirik Lik Ndoleng sing mung umbas-umbis kaya Yuyu Kasmaran.
“Jindulllll….”
Batine Lik Ndoleng.
Mbah’e