Jumat, 20 November 2020

ISIN

 

Jemuah Kliwon 20 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK



1 Babad 17:1-15

Jabur 95:1-7a

Lukas 19 :41-44

Bareng Sang Prabu Dawud wus lestari anggone dedalem ing karatone, Sang Prabu ngandika marang Nabi Natan: “Lah kula punika ngenggeni karaton kajeng eres, mangka pethi prajanjianipun Pangeran Yehuwah kok wonten ing sangandhaping tendha.” 1 Babad 17:1

 

Meh saben wong sing jik normal utawa lumrahe mesti jik nduweni rasa sing diarani ISIN, yakuwi rasaning urip sing ora kepenak amarga ana kahanan sing dirasa ora lumaku kanthi bener lan pener. Sing nate ngrasakne ISIN, mengko oleh komentar neng ngisor, kuwi tumrap sing hora pelit kuota, merga yen pelit, biasane njaluk dibukakne liyan, njur gari nampa wujud dadi lan maca thokthil. Ananging ya ora apa-apa, ora usah ISIN wong ya ora ana ukumane. Hehe..

 

Mbalik neng crita kaya jejere tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki, yakuwi bab NISI, eh kleru ISIN ding. Nats neng 1 Babad 17 ayat siji kuwi  nggambarake bab kaya ngapa rasa ISIN sing ndubilah gede sing dirasakne dening Dawud. Lha kok ISIN kuwi lire ana apa? Kuwi merga dewekne ngrumangsani, Pedaleman Suci mung saka tenda, kamangka omahe digawe saka samubarang kang regane tikel tekuk karo regane tenda kang mung murahe ngeram. Rasa ISIN kuwi sing mrakne Dawud sowan nabi Nathan, njur sambat, lan njaluk pamrayogi kepiye ben isa nelukake rasa ISIN kuwi mau.

 



Ing crita Kitab Suci pancen Dawud ora bakalan nggawe Pedaleman Suci kuwi, merga sing bakalane nggawe Pedaleman Suci kuwi anake, Soleman. Ananging sedya mulya saka krenteging atine Dawud isa dadi kaca pangilon tumrap sapa wae, sing rumangsa jare dadi warga greja. Yen Dawud wae ISIN nalika nyawang lan krasa (merga akeh sing isa nyawang ananging ora nduweni rasa) aneh merga Pedaleman Suci babarblas ora ana ajine tinimbang omahe, muga-muga wae sing maca tulisan iki ya isa rumangsa, ora rumangsa isa. Apa sing dirasakne Dawud kuwi sejatine kamplengan kanggo menungsa sing jarene “Nderek Gusti” lan uga “Percaya Gusti”, amarga kahane Dawud ya memper, saiki okeh sing omahe dewe dibangun apike pol-polan, ananging nalika “Pedalemane Gusti” rusak, bocor,reged,jamuren lan sakliyane, mung meneng wae, nyawang wae wegah, ethok-ethok ora weruh.

 

“Lik, wis umbruk pira ndandani kamar mandi  nggreja kae?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.

“Weh, kuwi pora urusane panitia to Jo? Lha sakliyane kuwi aku ya lagi garingsring, kasatan iki..”Lik Ndoleng semaur, sajak ngendani kekarepane Dalijo.

“Kokean alesan Lik, muni kasatan kok wingenane nukokne kuota Yu Wasti? Aku dikandani Yu Wasti dewe, jare mbok jatah ben sasi “ Iin njedul, sinambi nyemes Lik Ndoleng pol-polan.

“Mbok sinau saka dawud neng Kitab Suci kae ta Lik, ISIN nalika kahanane Pedaleman Suci ora gontho, lha saiki mung dijak melu umbrug mbangun Kamar Mandi greja wae kok alesanmu “entek-amek, kurang-golek”, Iin sajak erosi.

“Lhaa, raktenan ta…yen urusane Yu Wasti wae ora enek dienek-enekne, ISIN nalika ketok ora nduwe, ananging bareng urusane karo Pedaleman Suci, alesanmu Likkk…hmmmm” Unine Dalijo, kabeh ngroyok Lik Ndoleng.

“Aja seru-seru kang, kae sing pada maca tulisane mbahe ya okeh sing mung maca, kuwi wae nunut kon mbukakne kancane, wegah mbukak dewe..hihi. Yen Lik Ndoleng bab mbukak ya senenge ngeram, mbukak Yu Was….” Iin rung klakon muni, wis disenggak Lik Ndoleng.

“Dusssss…jirutttt!!!” Malah konangan..ISIN aku cahh…” Unine Lik Ndoleng, yen iki misuhe serune ngeram, beda mbek sing maca, mung mesam-mesem kaya Kinjeng Kasmaran.

 

Mbahe..

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH