Senin, 23 November 2020

DIGITIK

 Senen Pon 23 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 46 :18-28

Jabur 24

Lukas 20 : 27-40

“Dene sira, he abdiningSun Yakub, aja wedi, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, amarga Ingsun nganthi sira, sakehing bangsa ing nagara, panggonan anggoningSun mbuyarake sira, iku bakal Sunsirnakake, nanging sira iku ora bakal Suntumpes, Ingsun bakal nggitiki sira manut ing angger-angger, nanging Ingsun babar pisan ora nganggep sira tanpa kaluputan.” Yeremia 46:28


DIGITIK, kuwi asale saka tembung Gitik, sing tegese barang cilik saka pang kayu utawa pring. Gitik kuwi pungsine kanggo NGGITIK, yakuwi nuthuk utawa nyabetake marang barang, kang tujuane ngener marang bab kang becik. Sing maca tulisan iki, sing umure luwih saka 40 tahun, sing asale saka ndesa, mesti nate angon. Lha mbiyen nalika ngepasi angon, biasane padha nggawa GITIK, kanggo Nggitik kewan kang dingon. Mbalik neng bab tembung Gitik, Nggitik lan DIGITIK, Gitik kuwi arane barangem Nggitik kuwi tumindak migunakne Gitik dene DIGITIK kuwi nampa Gitik anan ing uripe.


Bab Gitik kuwi nate tinulis neng Kitab Suci, penere neng Kitab Yeremia bab 46. Neng kana dicritakne bab kepiye anggone Gusti Allah anggone nresnani para menungsa ora mung dielus-elus thok, ananging uga kudu DIGITIK. Anane Gusti Nggitik menungsa kuwi tujuanne supaya menungsa tetep lumaku ana ing dalan kang kinersakake, ora menggok ngiwa apa nengen. Kuwi jian persis nalika mbiyen jaman angon, saben sapine arep menggok saka dalane, Gitik utawa “cethen” bakalan nanggor awake lan njur bali ngliwati dalan kang sakmestine.


Saka crita bab Gitik, Nggitik lan DIGITIK ing dina iki, ana pasinaon apik kanggo urip, yen anggone Gusti nresnani marang menungsa (klebu awake dewe) kuwi ora mung ngelus lan maringi, ananging ya nggitik lan ngongkon. Mula saka kuwi, yen ing urip iki rumangsa nampa kahanan kang ora gathuk karo kekarepan kamanungsa, aja kesusu sambat ora ditresnani Gusti, malah kuwi wujuding tresna, kuwi sakbenere nembe DIGITIK dening Gusti, supaya mbalik mlaku  neng dalan kang sakmestine.


“In, kae paklik kena apa kok wingi ora apa-apa,kok saiki mlakune ora patio jejeg?” TAkone Dalijo neng Iin.

“Mbuhhh, mau esuk tak tekoni, wangsulane kesandung, ngepasi mau bengi arep tuku udud neng warung” IIn wangsulan sinambi dondom.

“Weh, lha aja-aja tuku rokok kuwi mung alesane wae, tujuane palinga ya Yu…” Dalijo rasido mbacutake omongane, ketungga njedule Lik Ndoleng seka tritis.

“Dusss…wong tua klaran malah dadi rasanan!” Unine Lik Ndoleng, sinambi mapanake awake arep lungguh, lan pancen lakune kethakuran sajak rekasane ngeram.

“Kuwi jan-jane kena apa ta Lik?” Takone Iin.

“Kesandung, mau bengi arep tuku udud neng warung. Sirku neng Warunge Wo Kanem, jebul entek, ya sidane nyang warunge,,,”Lik Ndoleng durung kober ngrampungke omongane, kesusul Dalijo nimbrung.

“Warunge Yu Wasti ya Lik?Hmmmm, kuwi alesan wae Lik. Tur meneh mesti liwat dalan peteng, lha saiki dala aluse ngeram,mosok isa kesandung? Kuwi sampeyan nembe DIGITIK dening Gusti. Arep liwat mburi kan Lik?” Takone Dalijo.

“Oalah Likk, jebule kaya ngono larah-larahe, hmmmm…untung wae ora disrawat bendho kang Markun” Iin melu nesoni Lik Ndoleng.

“Jretttt..malah remuk iki” Batine Lik Ndoleng, merga arep muni seru wedi karo Mbah Samiyo, sing mbokmenawa maca tulisan iki.


mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH