Kamis, 19 November 2020

TUMEMEN

 

Kemis Wage

  19 Nopember 2020

BENINGE EMBUN ESUK




1 Para Raja 22:13-23

Jabur 95: 1-7a

Lukas 19 :11-28

Pangandikane Gustine: Apik banget pagaweanira, heh, abdi kang becik. Sarehne sira tumemen ing bab kang sapele, mulane sira sunparengake nguwasani kutha sapuluh. Lukas 19:17

Tembung TUMEMEN kuwi linggane Temen, sing tegese nyambut gawe ngayahi ayahan kanthi serius utawa basane padinan tenanan, ora sembarangan utawa gojekan. Tembung TUMEMEN kuwi mung kanggo titah kang kinaranan menungsa, amarga ora ana kewan isa diarani makarya utawa nyambut gawe kanthi TUMEMEN. Racak’e sing nyambut gawe utawa makarya kanthi TUMEMEN kuwi amarga dewekne mangerti apa kang kudu dilakoni, sapa sing paring dhawuh lan uga amarga pakaryan kuwi isa marakne uripe luwih mulya lan makmur.

 

Piwulange Gusti Yesus anan neng Injil Lukas bab 19, ngajak sapa wae sing nyinaoni eling lan (kudune) waspada, yen sejatine urip iki kaya pasemon neng Kitab Injil Lukas kuwi. Urip iki sejatine mung “silihan” saka Gusti. Amarga mung silihan, ya kudu dilakoni kanthi TUMEMEN, amarga nalika tekan ing titi mangsane, sing jenenge silihan kuwi ya kudu dibalekne. Yen saumpama nyilih njur tekan titi mangsane ora isa mbalekna, mesti sing nyilihi ya nduweni hak kanggo menehi ukuman.  Cethane, Gusti Yesus ngersakne menungsa kudu isa makarya kanthi TUMEMEN, mbuh apa kuwi sing diayahi. Aja ngasi ing tembene, nalika Gusti rawuh njur disebratake amarga ora makarya kanthi TUMEMEN.

 

Mula saka kuwi, payo kabeh wae, makarya kanthi TUMEMEN, mirunggane nalika pakarya kuwi ya pakarya mirunggan kanggo lancar lan ranca’e pakaryane Gusti. Kudu dieling piwulange Gusti kang tinulis ing Injil Lukas 19, yakuwi nalika ora makarya kanthi TUMEMEN, ing wekasane bakalan diarani “..abdi kanga la!..”. Biyuhh, mendah kaya ngapa nalika ing wekasaning jaman, wis rumangsa makarya pempengan, ananging merga kuwi dudu ngayahi kersane Gusti, njur diarani “abdi kanga la”. Mula saka kuwi, tumrap sapa wae, nalika ana ayahan-ayahan mirunggan, aja selak lan endha, aja kokean alesan, lakoni wae, mesti Gusti wus nyawisi bebulihe.

 

“Jo, ngandi paranmu, rongsasi muput ora ngetok kuwi?” Takone Lik Ndoleng, nalika klunuh-klunuh mlaku seka tritisan ngomah.

“Semedi Lik, ngayahi ayahan peparinge Gusti” Wangsulane Dalijo, jik kaya padatan, sinambi klepas-klepus karo MLDne.

“Lha apa ayahan sing mbok lakoni, kok kayane seriuse ngeram?” Takone Lik Ndoleng meneh.

“Ya sing mbiyen kae, ngolah lemAH, merha kuwi berkahe Gusti AllAH, kuwi caraku polAH ben isa mamAH..” Semaure Dalijo.

“Okeh sing nakokne sliramu lho Jo” Unine Lik Ndoleng.

“Haiyah, palinga ya mung lamis, lha entuk pirang perkara kok nakone aku Lik?” Dalijo semaur ananging ya takon.

“Hambuh, blas aku raweruh. Takono Iin kae, sajak’e paham dewekne” Unine Lik Ndoleng.

“Apa Lik, kok nyebut jenengku? Kabare Yu Wasti apik, saiki rada langsing” Mbuh piye karepe Iin, malah semaur bab Yu Wasti, jian ora TUMEMEN olehe wangsulan, dene Lik Ndoleng misuh-misuh kaya padatan.

“Jindullllll, malah tekan Wasti meneh, dadi rindu iki aku” Batine Lik Ndoleng.

 

mbahdalijo

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH