Senen
Pahing 7 Maret 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Babad 21 : 1-17
Jabur
17
1
Yokanan 2 : 1-6
Pandongané Raja Dawud, “Dhuh Allah, kawula
ingkang damel dosa. Kawula ingkang akèn ngawontenaken cacah-jiwa. Nanging
menggahing bangsa menika, menapa lepatipun? Mugi ngukum kawula lan brayat
kawula, nanging umat menika mugi katebihna saking paukuman!”
1 Babad 21 : 17
Tembung NGAKONI kuwi linggane “aku”, kang isa
diartekne diri utawa pribadi. Racake kosokbaline tembung “aku” kuwi kowe
(ngoko) utawa sampeyan, kang tegese liyan saknjabane si “aku” kuwi. Saka lingga
aku, njur isa dadi tembung NGAKONI, kang nduweni arti utawa teges nampani lan
nrima apa kang nempuh dirine, sanadyan durung temtu kuwi mligi dadi hak’e,
amarga ya tetep ana liyan kang sejatine “melu nduweni”. Sapa sing wani NGAKONI
samubarang kang rinasa dalah sinawang awon kanggone ukurane menungsa, kuwi kang
bakalan biniji deneng Sang Murbeng Dumadi.
Nen kitab suci ana crita bab pawongan kang wani
NGAKONI apa kang kinaranan luput, sanadyan sejatne ora mung dewekne sing kudune
nampani. Pawongan kang wani NGAKONI apa kang sejatine dudu dewekne thok sing
luput kuwi jenenge Dawud, kang nalika iku jemeneng nalendra. Apa sejatine
lupute Dawud kang kudu diakoni? Yakuwi babagan paukumane Gusti Allah (neng
jaman prajanjian lawas, Gusti Allah kuwi hobyne ngukum,,hehe) kang sejatine
kudu tinampa kabeh sabangsa ngisrael. Dawud minangka raja eling, yen sakdurunge
kuwi dewekne dikon milih siji ing antarane telu paukuman lan pungkasane dewekne
wani njupuk pageblug kang suwene telung ndina.
Apa kang dilakoni dening Dawud kuwi minangka
patuladan, yen nanggung lupute liyan kuwi dadi kersane Gusti. Yen ing jaman
saiki, apa kang dilakoni Dawud kuwi klebu ora lumrah, amarga okeh wong sing
ngendani pageblug, okeh wong kang seneng uwal saka ukuman, okeh wong sing
seneng ora entuk ukuman lan malah seneng yen liyan kang oleh ukuman kuwi.Dawud
wani NGAKONI, yen pageblug kang nempuh bangsane amarga salah lan lupute, mula
ya kudu dilakoni. Mula saka, payo saiki wani matrapi urip kaya Dawud, kang wani
NGAKONI lelakon kang abot sanadyan kuwi kabeh sejatine dudu mutlak salah lan
lupute,
“Jo, kok suwe cakruke sepi kuwi ana apa ta?”
Takone Kang Solebo,nalika njedul neng Cakruk Sor Talok.
“Merga lampune mati Kang lan ora ana sing kober
ngganteni” Semaure Dalijo.
“Lha sapa sing marakne lampune mati?” Takone
Lik Ndoleng.
“Weh, kan paklik sing nyampluk, njur pecah lan
dadi lantaran matine lampune kuwi?” Dalijo mangsuli sinambenan menehi
pitakonan.
“Lha aku nyampluk kan merga mbok kageti Uler
jedung, yen ora ya mokal aku njenggirat njur nyampluk lampune?!” Semaure Lik
Ndoleng.
“Haiyah, cen wegah disalahake kok Leng sliramu
kuwi. Nuladha Dalijo kuwi lho, sanadyan dudu kang marakne matine lampu,
ananging wani NGAKONI ..kuwi luwih mulyo Leng..”Unine Senthot.
“Lha, kuwi kaya BENINGE EMBUN ESUK dina iki,
kudu nuladha Prabu Dawud, kang sanadyan sejatine ora dewekan angone ngayahi
luput, ananging wani NGAKONI lan nglakoni bebenduning urip amarga kaluputan”
Kojahe Kyai Kento.
“Kaya olehmu NGAKONI tresnamu kang ora klakon
marang Wasti kae lho kang..”Kyai Gigut njedul langsung njarag Lik Ndoleng.
“Dengkulmu Mlocot kuwi Gud…” Unine Lik Ndoleng
sinambi nyumet pituneme.
@semesta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar