Selasa
Kliwon 15 Maret 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Wilangan
14 : 10b-24
Jabur
105 : 1-42
1
Korinta 10 : 1-13
“Godha sing kokalami kuwi, godha sing lumrah
dialami déning saben wong. Nanging Gusti Allah setya marang janjiné.
Panjenengané ora bakal négakaké kowé digodha nganti ngungkuli kekuwatanmu. Yèn
kowé digodha, Panjenengané bakal maringi kekuwatan marang kowé, supaya kowé
tetep panggah, sarta Panjenengané bakal maringi dalan, supaya kowé bisa oncat
saka panggodha mau.”
1 Korinta 10 : 13
Ora kabeh sarujuk karo tembung GODHA, kuwi
tumraping wong kang percaya utawa warganing pasamuan Greja. Lho, lha kok ora
padha sarujuk mergane apa? Mergane padha nggondeli kapercayan yen Gusti Allah
ora bakalan menehi panggodha kanggo menungsa. Njur nalika menungsa ngadepi
kahanan kang cengkah karo pepinginane utawa kekarepane, apa ora isa diarani
kena Godha? Sik,sakdurunge oleh utawa ora menungsa nampa GODHA, paro saiki
sepakat ndisik babagan tegese GODHA. Ben nggampangake anggone ngerteni saiki
takgawene “depinisi” babagan GODHA, yakuwi samubarang kang nempuh ing uripe
menungsa kang ora cunduk karo pepinginane urip. Lha contone? Ya nalika nembe
lara kae, mesti ora ana siji-sijia wae menungsa sing kepengin lara, utawa malah
ndedonga nyuwun lara, iya kan? Lha, nalika nembe ketaman isa lelara kuwi, isa
kinaranan nembe kena GODHA. Njur apa ya kabeh menungsa isa kuwat ngadepi GODHA?
Kanggo mangsuli pitakonan iki, payo saiki nyimat piwulange kitab suci, kang
ndek mbiyen diwulangake Gusti lumantar rasul Paulus.
Neng surate marang pasamuan ing Korinta, rasul
Paulus menehi piwulang kanggo kakuwatane pasamuan kang nembe nampa
mawerna-werna GODHA. Rasul Paulus ngelingake pasamua Korinta babagan sejarahe
leluhure bangsa ngisrael nalika metu saka Mesir. Sakdawane ndalan tansah
tinuntun, rinumat lan binerkahan. Ananging sanadyan tansah rineksa ing Gusti
Allah, bangsa ngisrael ya ana sing mbalela, ana sing ngeyel lan mbandel. Pirsa
kang kaya mengkono kuwi, Gusti njur memulang lumantar maneka warna panandhang.
Nalika nembe ngadepi panandang kuwi, bangsa ngisrael rumangsa diukum dening
Gusti. Kabeh kuwi diwulangake marang pasamuan Korinta sing uga nembe ngadepi
okeh momotaning urip. Rasul Paulus nglipur
marang pasamuan Korinta yen apa kang kelakon kuwi minangka GODHA tumrap
urip lan sing penting gedene GODHA kuwi ora nate ngluwihi kakuwatane menungsa.
Apa kang diwulangake dening rasul Paulus kuwi
cetha, yakuwi cikben pasamuan Korinta ora nggrantes, ora nggresula lan
keranta-ranta marang kahanane uripe. Gusti Allah lumantar rasul Paulus maringi
pepadhang, yen Sih Rahmate Gusti Allah ngluwihi gedene GODHA kang nembe dadi
momotan. Lumantar piwulang kuwi, rasul Paulus nduweni pengangkah cikben
pasamuan ing Korinta tetep kuwat, tetep bakoh lan wani mbacutake lakuning urip
sinartan makarya kanggo sansaya binabare kratoning Allah.
Yen ing jamane bangsa ngisarel lan pasamuan
Korinta nalika diwulang rasul Paulus wae okeh masalah, ing jaman saiki ya jik “konsisten”,
masalahe urip tetep ngancani sakdawane dalan uripe menungsa, klebu sing maca
tulisan iki lan jik eling yen menungsa..hehe. Mula, payo nuladha piwulange
rasul Paulus, yen sepira wae gedene GODHA ora bakalan ngluwihi Sih Rahmate
Gusti kang mawujud ana ing kakuwatane kabeh para titahe Gusti kang kinaranan
Menungsa iki. Payo kabeh GODHA diadepi lan ditelukake, cikben ora nate gigrik
ngadepi apa wae wujud lan gedene GODHA.
“Ngapa ora mangan erwe iki Jo?Biyuh, gurihe
ngeram…” Unine Lik Ndoleng nalika nembe ngolah erwe lan dipangan ana neng
Lincak Sor Talok.
“Nembe meper pepinginan Lik, ben isa ngendaleni
kekarepaning urip..”Semaure Dalijo sinambi mbenerake papan lungguhe.
“Rasah kokean petingsing Jo, ana panganan
dipangan, ora ana nggolek…iki mumpung ana, ayo disikat..” Unine Lik Ndoleng
meneh.
“Kuwi sing jenenge GODHA lho Jo, sanadyan
Ndoleng kuwi pakmu cilik, ananging malah isa dadi sumbering GODHA kang gede..”
Kang Solebo melu urun rembug sinambi thiluk lan thelab-theleb mangan erwe.
“Terusna anggonmu nahan pepinginan Jo, malah
beneran aku isa katok nggonku mangan erwe iki, merga mumpung gratisan lan enake
ngeram..” Senthot melu urun rembug.
“Sing kuwat ngadepi GODHA iki Jo, ben berkahmu
sansaya sampurna..” Ngendikane Pakde Sukento.
@semesta
Tidak ada komentar:
Posting Komentar