Senin, 14 Maret 2022

DIALING-ALINGI

 

Senen Wage 14 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Pangentasan 33:1-6

Jabur 105 : 1-42

Rum 4 : 1-12

“Iba begjané wong sing keluputané diapura déning Gusti Allah lan dosa-dosané dialing-alingi déning Pangéran!

Rum 4 : 7

 

DIALING-ALINGI kuwi tegese tinutupan utawa katutup, dene apa wae kang antuk Aling-aling kuwi mesti ora isa sinawang. Ora kabeh kahanan kuwi nduweni arti sing padha, kabeh gumantung karo kahanan utawa kondisine. Semono uga babagan DIALING-ALINGI, yen kang kalaing-alingan kuwi babagan kang ora patut sinawanag, DIALING-ALINGI kuwi apik, ananging menawa kang lumaku kuwi babagan berkahe Gusti, DIALING-ALINGI kuwi jian babarblas ora dadi perkara sing nyenengake, malah kepara mrihatinake.

 

Ana piwulange kitab suci kang memulang babagan DIALING-ALINGI, yakuwi kang tinulis ing Rum bab papat, mirunggan neng ayat 7. Ing kono rasul Paulus “ngepek” saka pangandikane kitab jabur, yakuwi babagan kabegjane wong dosa kang dosane DIALING-ALINGI. Lha sapa sing ngaling-alingi? Mestine wae ya Gusti Allah Kang Akrya Jagad. Lha kena apa kok ndadak DIALING-ALINGI? Kuwi merga saka akehe dosane menungsa, lan amarga dosa kuwi ndadekne menungsa ora ngerti dalan kanggo mbalik menyang ngarsane Gusti Allah. Pirsa kahanan kang kaya mengkono kuwi, Gusti ora mentala utawa ora tega yen para titah kang dadi KagunganNe ora isa mbalik menyang papan kang dadi asal mulane.

 

Anggone Gusti Allah nindakne pakaryan “ngaling-alingi” dosane para kagunganNe kuwi amarga tresnane marang kagunganNe. Dene anggone maringi “Aling-Aling” mau jian ora baen-baen, amarga Gusti mapannake Sarirane dalah sugenge minangka “Aling-aling”. Lha umpamane ora dialing-alingi, apa werdine? Kabeh menungsa ora ana sing antuk kesalametan utawa ora ana menungsa sing isa mbalik menyang papan dununge kang wiwitan. Amarga kabeh dosa lan kupute menungsa wis “Kaaling-alingan” dening Gusti, mula kabeh dosa lan lupute ora pinersan nalika Gusti mbabar berkah Sih Rahmat.

 

Saka crita ing ndhuwur, payo saiki padha ngelingi kahanane dewe-dewe minangka menungsa kang gluprut dening dosa. Lan uga,paya ngelingi meneh, yen amarga glupruting dosa kuwi kang dadi pepalang anggone menungsa mulih menyang klanggengan lan tinunggil karo Gusti. Gusti anggone maringi Sih Rahmat lan Sih Pangapura tanpa syarat, sing sapa ngakoni dosa lan mertobat mesti bakalan antuk Sih Rahmat lan bakalan DIALING-ALINGI kabeh dosa lan lupute. Yen Gusti Allah kang maha suci wae kersa ngapura lan menehi pangaling-aling marang kabeh menungsa kang ginubet ing dosa,, njur apa ya lumrah yen menungsa mala hora menehi pangapura marang sakpepadane? Sumangga para maos kang niti-priksa uripe-dewe, njur bubar kuwi mertobat amarga wis adigang-adigung lan adiguna, merga rumangsa wis dadi wong apik lan suci, njur nyawang liyane sing nembe lumaku ana ing kahanan luput, kayadene penjahat  kang dosane tan pinetung. Payo neteni urip minangka menungsa lan ora usah dadi gusti allah kang njur nduweni penemu minangka jeksa tumrap sakpepada.

 

“Jo, sidane arep mbok lapurke ora sing njupuk deganmu saktegal muput kae?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika Dalijo bubar nemahi tandhurane Klapa entek diundhuhi liyan.

“Saka wiwitmula aku ora meh nglapurke Lik..”Semaure Dalijo sinambi nyumet sampoerna-ne.

“Weh, lha ngapa Jo? Kudune mbok lapurekae ben diurus sing berwajib, ben kapok, ben nduweni “efek-jera”. Ben uga kanggo pangeling-eling kanggo sing liyane..”Kang Solebo melu urun rembug.

“Ora kang, kanggoku kuwi dudu wong nyolong. Kuwi wong kang nembe kepepet lan mboten wanting nembung…mila kula iklasaken, wong malah mboten ngrepoti ndandak ngeterake, pun mendhet piyambak..” Semaure Dalijo.

“Wah, mathuk aku karo penemumu Jo. Yen tumindakmu kaya mengkono, apa kang nate disekseni juru jabur, klakon ana ing uripmu lan merga saka kuwi, kabeh salah, dosa lan luputmu wis DIALING-ALINGI dening Gusti, mula cen kudu ngono, ngupayakne isa NGALING-ALINGI liyan sing nembe lali karo dalaning urip..”Ngendikane Kyai Sukento.

“Wah, yen kabeh isa nglakoni kang kaya mengkono, jagad iki klakon ngalami tentrem lan rahayu” Ngendikane Kyai Gigut sinambi nyruput wedang jahane.

“rasah kokean protes Lik, wong ya sampeyan wis ngalami DIALING-ALINGI dening Gusti, babagan slinthutanmu mbek Yu Wasti..” Unine Iin sinambi nyuguhake kacang koreng wingko.

“Jindullll…iki meneh topikmu Innnn…Dusssss!!!” Unine Lik Ndoleng, nganti pituneme mrucut seka tutuk’e, lan kabeh padha ngguyu lelakone Lik Ndoleng, kaya sing maca iki kang uga mesam-mesem mbayangke mrucute udud saka tutuk’e Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH