Rabu, 09 Maret 2022

SIYAGA

Rebo Wage 9 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 1 : 1-22

Jabur 17

Lukas 21 : 34-22:6

“Padha siyagaa, lan tansah ndedongaa, supaya kowé diparingi kekuwatan bisa ngalami sing bakal kelakon mau kabèh kanthi slamet, sarta bisa sowan ing ngarsané Putrané Manungsa.”

Lukas 21 : 36

 

Tembung SIYAGA kuwi racake dienggo neng donyaning keprajuritan, yakuwi nalika nggambarake kahanan nalikane arep gladen tawa meh perang. Dene tegese tembung SIYAGA yakuwi kahanan kang wis cumepak kanga ngayahi apa kang pancen dadi tugas dalah tanggung-jawabe. Amarga  neng donyaning keprajuritan, mula tembung SIYAGA kuwi ya nggambarake kepiye cumawis nempuh kridhaning urip. Sanadyan tembung SIYAGA kuwi okeh digunakne neng donyaning keprajuritan, ananging ya ora luput nalika uga dienggo neng papan lan swasana kang beda, sing cetha tembung kuwi nggambarake kahanan  kang wus cumawis utawa cumadang.

 

Neng kitab Injil Gusti Yesus paring piwulang cikben menungsa tansah SIYAGA lan tansah ndedonga kanggo ngadepi kahanane urip kang sansaya ora gampang dilakoni. Apa kang diwelingake dening Gusti Yesus marang para sekabate kuwi pancen kahanan kang pas utawa benerlan pener. Lire kepiye? Ya merga kahanane jagad kang sansaya suwe ora sansaya kepenak ananging malah sansaya angel lan nggegirisi. Lumantar piweling ikben tansah  SIYAGA, Gusti ngersakne para sekabate ora kagetan lan gumunan nalika ing sakmengkone ngadepi kahanan kang ora dadi kekarepane, lan sakliyane kuwi nalika ngadepi kahanan kuwi ora njur mundur saka dalaning urip kang wus kinersakake dening Gusti.

 

Saka jamane Gusti Yesus tumeka saiki, babagan kudu SIYAGA kuwi pancen perkara sing wigati temenan. Mulasaka kuwi, kaya kersane Gusti Yesus marang para sekabate nalika jaman sugenge, ing jaman saiki ya semono uga, payo pada SIYAGA ngadepi kahanan apa wae. Lumantar SIYAGA, menungsa ora kaget nalika ana kahanan angel utawa rumit kang nempuh, lumantar kahanan SIYAGA menungsa nduweni dayaning kakuwatan kang luwih gede tinimbang nalika lena ing pangenda utawa ora SIYAGA.

 

“Aku lagi denger, jebule yen wong mbiyen menehi piwulang babagan Pencak SIlat, njur ana aba-aba SIYAGA kuwi ngemu teges sing jero banget..” Unine Lik Ndoleng mbukak rembugan neng Lincak SOr Cakruk ing wektu ngunduri bengi.

“Lha pancen kabeh piwulange lelhuru kuwi nduweni werdi kang jero Leng..” Unine Senthot, nimpali rembuge Lik Ndoleng.

“Mung wae awake dewe saiki emoh nyinau kanthi talita, arang sing gelem macak SIYAGA, merga senenge grusa-grusu..” Kyai Gigut ya melu nimpali, sinambi ngombe banyu putih.

“Mulane Lik, sing SIYAGA, aja malah mung nggolek kalodangan njawil Yu Wasti wae…”Iin sinambi nyuguhake kopi lan jagung goreng sangan melu urun rembug.

“Dusss..!! Cah siji iki topike mestii iki…Jindulllll…… Trondoloooo pethakk..” Grenenge Lik Ndoleng.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH