Rabu, 16 Maret 2022

SULIH-SARIRA

 

Rebo Legi 16 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Babad 20 : 1-22

Jabur 105 : 1-42

Lukas 13 : 22-31

“Sang Prabu ingkang minulya saha para sedhèrèk sedaya. Pangéran dhawuh bilih panjenengan sedaya mboten kénging semplah utawi ajrih ngadhepi tentara kathah menika. Ingkang badhé perang menika sanès panjenengan, nanging Allah piyambak.

2 Babad 20 : 15b

 

Nalika ana wong nduwe gawe, kayata mantu utawa ngrabekne, lan disedya nganakake pahargyan, mesti ana pirang-pirang tata adicara. Salah siji saka pirang-pirang adicara kuwi nampa tamu lan uga atur pambagya-harja. Kuwi kabeh sejatine kudu dilakoni dening kang nduwe gawe, ananging murih rancak lan lancare tata adi-cara, sing ndue gawe njur pasrah marang sawijining pawongan kang pancen nduweni kawasisan babagan kuwi. Lha pawongan kang kadapuk makili sing nduwe gawe kuwi kinaranan SULIH-SARIRA, mula nalika atur pambagya-harjo njur sing pawongan mau matur, “Kula minangka SULIH-SARIRA…..saking ingkang kagungan damel…”. Ing babagan kaya mengkene, sing didapuk dadi SULIH-SARIRA kuwi pancen nggenteni apa kang kud dadi ayahan dalah tanggung-jawab sing duwe gawe, pancen ora kabeh dipasrahake marang kang kawogan, mung sakperangan wae.

 

Ana piwulange kitab suci kang ngrembug babagan pakaryan SULIH-SARIRA, yakuwi nalika jamane bangsa ngisrael sisih kidul utawa Yehuda nembe dikepung karo mungsuh kang luwih kuwat. Sang Raja rumangsa ora saguh yen kon nglawan mungsuh kang akehe ngeram, mula njur sambat marang Gusti Allah lumantar pandonga neng sakjroning pedaleman Suci. Nalika para warga lan pengarepe agama pirsa kang dadi penggalihe sang Raja, njur para winasis sowan marang Gusti Allah. Anggone padha sowan Gusti entuk gawe, yakuwi nalika Gusti menehi wangsit marang para sesepuh lan penggedene agama lan bangsa kuwi. Apa kang dadi wangsite kanggo bangsa Yehuda kang meh ginecak dening mungsuh? Yakuwi yen sing bakalan maju perang Gusti Allah dewe. Lho, lha njur bangsa Yehuda apa mung nonton sinambi ngopi? Hora,bangsa Yehuda tetep maju perang, ananging sejatine wis ana sing dadi SULIH-SARIRA  kanggo bangsa Yehuda. Lan pungkasane bangsa kuwi menang.

 

Saka crita bab kahanan abot kang sinandang bangsa Yehuda nalika diratoni dening Yosafat, okeh pasinaon kang isa pinethik, yakuwi: Sepisan, sajege urip pancen menungsa kuwi kudu bebarengan karo masalah. Anane masalah kuwi minangka tanda yen menungsa kuwi urip, lan masalah kuwi aja diendani, kudu diadepi. Kapindo, pancen kerep masalah sing nempuh kwui sinawang gede lan kayane abote ngeram. Merga rinasa gedene ngeram si masalah kuwi, orasithik menungsa sing ngendani masalah lan ora diadepi. Saka critane raja Ypsafat lan bangsa Yehuda isa dijupuk piwulang yen akhire masalah kuwi kudu diadepi. Kapingtelune, nalika ngadepi masalah sing uatama kudu sowan Gusti kanggo nyuwun petedhah,lan sakwise antuk petedhah kudu manut kabeh pitedhah mau. Bangsa Yehuda kang dipimpin dening raja Yosafat ya entuk pithedah lan kabeh kudu dilakoni. Pancen Gusti dewe kang wus dadi SULIH-SARIRA kanggo ngadepi apa wae masalahe uripe menungsa, ananging kaya critane bangsa Yehuda nalika ngadepi mungsuh, sandyan Gust iwis dadi SULIH-SARIRa ya tetep kudu wani tandhang perang. Mula saka kuwi, payo saiki nuladha bangsa Yehuda kang tetep wani “Mudun Ing Palagan” sanadyan Gusti wus njanjeni yen bakalane dadi SULIH-SARIRA bangsa Yehuda ngadepi mungsuh.

 

“Jo, jare wis yakin satus persen yen tanduramu bakalan ngetokake hasil, merga wis mbok dongani. Lha ngapa ndadak mbok rumati?Tokne wae pora ya ana hasile?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika sore kuwi Dalijo nembe mullih seka tegal, kamangka wis mbengi lan “grup lincak sor talok” wis ngumpul.

“Babagan panen pancen Gusti sing makarya Lik, aku nglakoni kang dadi tanggung-jawabku..” Semaure Dalijo sinambi nyelehake sebongkok suket kanggo pakan sapine.

“Oalah, brarti mbiyen nalika mbledig Wasti,merga rumangsa wis Ndonga, njur tanpa pambudidaya ta Leng? Pantesan ra kasil..” Unine Kang Solebo sinambi nyumet pituneme, saiki ngirit mula ganti pitunem, ora jisamsu meneh.

“Dus, kowe melu-melu Dalijo lan Iin Bo, ngeceni aku terus..Trondolooo..” Unine Lik Ndoleng, sinambi njupuk pituneme Kang Solebo, merga nembe kentekan udud.

 

@semesta

1 komentar:

FIKSI Di Malam PASKAH