Selasa, 08 Maret 2022

NGESTOKAKE

 

Selasa Pon 8 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Zakaria 3 : 1-10

Jabur 17

2 Petrus 2 : 4-21

“Yèn kowé ngèstokaké dhawuh-Ku lan nglakoni kuwajiban sing Dakparingaké marang kowé, kowé selawasé bakal ngladèni Aku ing Pedaleman-Ku lan ing platarané. Aku bakal nggatèkaké pandongamu kaya enggon-Ku miyarsakaké pandongané para malaékat sing padha ngadhep ana ing ngarsa-Ku.

Zakaria 3:7

 

NGESTOKAKE kuwi linggane Estu, kang tegese kahanan kang bener utawa ora luput. Saka tembung estu kuwi isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine NGESTOKAKE, kang isa diwenehi arti tumindak kanthi bener jumbuh karo kersane sing maringi dhawuh. Tembung NGESTOKAKE kuwi kosokbaline nglirwakake, kang tegese ora nglakoni apa kang sejatine dadi ayahan kang kudu dilakoni kanthi rampung utawa tuntas.

 

Neng kitab Zakaria ana crita babagan NGESTOKAKE, yakuwi nalika Sang Yehuwah maringi pangandika marang nabi Zakaria, cikben saguh lan wani NGESTOKAKE apa kang dadi kersane. Nalika kuwi ana crita babagan  Yosua kang nembe bubar lumaku ana ing kahanan kan ala lan reged. Merga lumaku ing kahanan kang reged, mula njur klambine ya melu reged. Gusti njur paring dhawuh cikben klambine Yosua diresiki lan sakwise kuwi dipangandikani. dene isine pangandika kuwicikben Yosua setya tuhu anggone NGESTOKAKE kabeh kang dadi kersane Gusti. Gusti Allah wus paring janji, nalika Yosua NGESTOKAKE kersane Gusti, Panjenengane bakalan Nggatekake apa kang dadi pandongane Yosua.

 

Gusti ora ngersakne menungsa ngayahi apa kang dudu ayahane, uga Gusti ora maringi momotan urip ngluwihi kakuwatane. Semono uga karo Yosua, apa kang dadi prentahe Gusti kuwi ora ngungkuli kakuwatane, mula ya kudu disanggemi lan uga dilakoni. Pancen angel ninggal samubarang kang wis suwe dilakoni, apa meneh yen kuwi isa nuntun marang kahanan uripkang rinasa luwih kepenak. Sakwise nampa kabeh pangandikane Gusti, njur Yosua nglakoni kabeh kang kinersakake dening Gusti lan kuwi kabeh dadi mulane uripe.

 

Ing jaman saiki, apa kang dialami dening Yosua ya kerep klakon, mung wae ora patia digatekake, merga menungsa wis kintir ing ilining jagad kang nggegirisi. Ananging, mboka ing jaman saiki angel, kudu dilakoni cikben nduweni pengalaman. Mula saka kuwi, payo saiki padha sengkut sinau babagan kersane Gusti lan uga melu cecawe makarya neng margining kauripan saka Gusti. Ora usah kokehan kwatir bab apa kang bakalan ditemoni nalika NGESTOKAKE kersane Gusti, merga wis mesti tinulungan dening Panjengane.

 

“Leng, apa bener ta yen sing sapa pinilih dening Gusti kuwi malah kudu mikul samubarang kang sinawang abot?” Takone Kang Solebo marang Lik Ndoleng nalika mbengi kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, aku ora patio paham Bo, jale takona Dalijo kuwi..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune sing njaluk marang Kang Solebo.

“Piye manut penemumu Jo?” Takoke Kang Solebo.

“Ya pancen kaya mengkono Kang. Sing sapa wae saguh  lan wani NGESTOKAKE kersane Gusti, mesti kudu saguh mikul sarupaning kahanan. Lan menawa kuwat, kuwi ya merga berkahe Gusti, dudu kekuwatane dewe..Mula nalika yakin ngayahi kersane Gusti utawa NGESTOKAKE kersane Gusti, aja gigrik yen kudu sengsara..”Semaure Dalijo sinambi nyumet Sampurnane, sing jare nduweni sanepa yen uripe lumaku ngener marang kasampurnan.

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH