Kamis, 10 Maret 2022

NGOTOT

 

Kemis Kliwon 10 Maret 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Purwaning Dumadi 13 : 1-7,14-18

Jabur 27

Filipi 3 : 2-12

“Dingati-ati karo wong sing padha nglakoni penggawé ala, kaya patrapé asu, yakuwi wong-wong sing padha ngotot nggegegi bab tetak.

Filipi 3 : 2

                    

NGOTOT kuwi tembung linggane otot, kang sejatine kanggo nyebutake salah siji perangan awak. Otot kuwi isa kinaranan “kali kanggo dalane getih” cokben titah isa urip, merga anane getih kang lumaku kuwi ndadekake anane nyawa. Oiya, mbalik neng tembung otot kang dadi NGOTOT, kuwi njur nduweni arti tumindak kang nggegegi samubarang cikben ora ewah gingsir.NGOTOT kuwi ngetokake daya kakuwatan kang luwih gede tinimbang biasane lan maneh, NGOTOT kuwi okeh-okehe ngemu teges sing negative, sanadyan asline NGOTOT kuwi ya isa nduweni makna positif.

Ana piwulang apik saka kitab suci babagan NGOTOT, yakuwi kang diwulangake Gusti Yesus lumantar rasul Paulus marang pasamuan ing Filipi. Nalika iku para pasamuan anyaran kang okeh-okehe wong Yahudi NGOTIT utawa nggegegi penemu yen mung lumantar “Tetak” wae Sih Kanugrahane Gusti isa tumrah, yen ora tetak babarblas ora isa nampa berkahe Gusti. Piwulang lan kapercayan marang sawabe tetak mau jian mbalung-sumsum kanggone para wong Yahudi, mula sanadyan padha merantau neng paran wae, penemu babagan tetak kuwi ora ilang,malah isa diarani sansaya ngrembaka. Saking NGOTOT’e njaga penemu babagan tetak, nganti lali marang lakuning katresnan kang dadi dhawuh utama saka Gusti. Kanggone wong Yahudi, aturan kang wis dadi aturane kapercayan kuwi “harga mati”, ora isa dinyang, utawa jumbuh karo gojekane Lik Ndoleng, “Ora meksa, ananging kudu..”

Pirsa obah-mosike pasamuan kang kaya mengkono kuwi, rasul Paulus njur kirim layang, merga durung njaman “wats-ap” lan merga saka kuwi ora isa nggawe grup-wats-ap..hehe. Dene isine laying kuwi babagan piwulang yen Sih Rahmate Gusti Allah kuwi bakalan tumrah marang kabeh wong, sauger gelem mertobat marang Gusti. Saking esmosine marang penemune pasamuan anyar kang saka trah Yahudi kuwi, rasul Paulus nganti kewetu rembug kang tinulis ing ayat nats ing Ndhuwur. Malah kepara rasul Paulus mbandingake patraping urip sing nggegegi utawa NGOTOT babagan tetak kuwi kaya dene patraping Asu. Jian, untung surate rasul Paulus ora krungu wong ngindonesa, yen ngerti mengko lak didadekake kaya “Gus Yakut”. Hehe

Babagan NGOTOT kuwi ora mung lumaku ing jamane rasul Paulus, ing jaman saiki ya jik okehe ngeram.Okeh sing nganti lali karo timbalan katresnan.amarga ya karana NGOTOT ngugemi babagan tetak. Ora sithik sing mapanake pranatan kaya “penthungan” kanggo menthungi sapa wae kang rinasa nerak pepakon-pepakon agama. Uga ora sitik “korban” kang ilang amarga mung mbelani pranatan-pranatan kang didadekake “Sabdane Gusti”. Njur kepiye apike? Ayo manut wae marang piwulange Gusti, yen sih Rahmate kuwi bakalane digrojokake marang saben wong sing sumadya mertobat. Mula ora usah NGOTOT nggegegi penemu, kang sanadyan rinasakne kersane Gusti, ananging kerep dilebur dening kekarepane menungsa. Sepisan meneh, ora usah NGOTOT Lurrr..

“Bo, apa kang njalari sliramu mbiyen NGOTOT mulih ndesa?” Takone Lik Ndoleng sinambi nyumet jisamsune kang Solebo.

“Nggolek swasana anayar Leng, tur meneh njakarta wis sumpeke ngeram..”Semaure kang Solebo, sinambi nggawe tutus arep dingo nguntingi panene cipir.

“Kuwi Lik, kabeh yen wis diniyati kudu dilakoni, wani NGOTOT yen kuwi babagan sing apik.. Mbiyen yen njenengan NGOTOT nguyak yu Wasti mesti klakon Lik..”Unine Dalijo sinambi mlayu, merga meh neng warung , nembe kentekan udud.

“Oalah, trondollo tenan cah siji kae..hmmm” Grenenge Lik Ndoleng sibambi telap-teleb mangan jagung goreng lan kuwi kang ndadekne Lik Ndoleng growal-grawul kae, merga untune  mung kari telung las…

 

@semesta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH