Selasa, 13 April 2021

PINAYUNGAN

 

Selasa Wage 13 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 6 : 1-28

Jabur 135

1 Yokanan 2 : 12-17

“Allah kawula sampun ngutus malaekatipun mbungkem cangkemipun singa-singa punika, satemah boten saged nyikara dhumateng kawula, amargi kawula pancen boten kadunungan kalepatan wonten ing ngarsanipun; nanging ugi dhumateng panjenengan dalem kawula boten nandukaken piawon.” Daniel 6 : 22

 

PINAYUNGAN, kuwi linggane Payung, kang tegese alat utawa sarana kang nduweni kagunan utawa fungsi kanggo njaga saka udan lan panas. Saka tembung Payung, kang sejatine barang, isa dadi pirang-pirang tembung, isa Payungan, Mayungi, Kepayungan, Dipayungi lan uga PINAYUNGAN. Mulane, tembung PINAYUNGAN iku sakbanjure nduweni arti kahanan kang aman saka kahanan udan utawapanas kang nembe klakon, Yen PINAYUNGAN artine entuk sawab apik saka paying, mulane yen ora PINAYUNGAN tegese ora entuk sawab apik. Biasane sing ora PINAYUNGAN kuwi ya nampa apa kang dadi  lelakon kang lumaku, yen panas ya kepanasen lan yen udan ya kudanan.

 

Daniel, salah siji tokoh Kitab Suci kang nate ngalami pengalaman kang ngedab-edabi, yakuwi PINAYUNGAN karahayon nalika dilebokake neng saknjerone luweng kang isine Singa sing keluwen. Lumrahe Singa luwe, nalika ana mangsa teka, mesti diuntal nganti tekan wareg, ananging kang dialami Daniel ora kaya mengkono. Awit saka sawab pangwasane Gusti Allah, singa sing jan-jane keluwen kuwi blangkemen, nalika Daniel mlebu, dadi ora isa mangan. Oiya, Singane ora isa mangan Daniel kuwi mbuh blangkemen apa sariawan, aku kurang dong, sing cetha laporane Kitab Suci ora mangan ragane Daniel. Kahanan kuwi dadi gumune raja Darius, lan ora mung nggumun, ing sakbanjure malah melu menembah marang kang sinembah Daniel.

 

Apa kang dialami Daniel, yakuwi masalahe urip, tekan saiki ya jik klakon. Mung wae, kepiye “kadar” kasetyane marang Gusti Allah kang sinembah. Yen kadare sithik, mesti ana tantagan sithik wae njur mlengos saka kiblat marang Gusti, njur ora isa nduweni pengalaman apik kaya Daniel kan ucul saka panganceme singa-singa ngelih. Mula saka kuwi, yen pengen ngalami pengalaman kaya Daniel, aja owah gingsir anggone percaya lan setya marang Gusti Allah kang sinembah, aja nyembah sakliyane Gusti, mesti bakalane antuk karupekan. Wis, ngene wae, aku selak arep ngrungokake jagongan neng Cakruk Sor Talok.

 

“Leng, ngandi Dalijo?” Takone Siwo Solebo.

“Rung mulih, jik neng kebone” Semaure Lik Ndoleng.

“Cen cah kae sregepe ngeram gek, kawit cilik wis sregep angon lan ngarit.” Semaure Siwo Solebo.

“Gumunku, pora wedi cah kae, tekan mbengi ngene iki..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Aku rumangsa PINAYUNGAN Sihe Gusti kok  Lik, mula isa ngadepi rasa wedi…” Ujug-ujug Dalijo semaur saka pojokaning pekarangan, nembe mulih seka Kebone Porang.

“Emange kowe Lik, wedimu ngeram, saben nglirik Yu Wasti njur konangan Kang Markun” IIn, njedul, nggawa kopi lan kaya padatan, njengges Lik Ndoleng.

“Jrettt!!, isa wae kowe kuwi In..hmmm” Sambate Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Senin, 12 April 2021

BAKUH

 

Senen Pon 12 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 3 : 1-30

Jabur 135

1 Yokanan 2 :3-11

“Bokbilih Allah kawula, ingkang sami kawula pepuja sagah ngluwari kawula sadaya, kawula inggih sami badhe kaluwaran dening Panjenenganipun saking pawon murub punika, saha saking asta dalem, dhuh Sang Prabu; nanging saupami boten, gusti kawula mugi karsaa nguningani, bilih kawula sami boten badhe memuja dhateng dewanipun gusti kawula, saha boten badhe nyembah dhateng reca kencana ingkang kaadegaken dening gusti kawula punika.” Daniel 3 : 17-18

 

BAKUH kuwi tegese kahanan kang ora gampang goyah utawa miyar-miyur, sanadyan akeh kahanan kang isa wae marakne nggoling mengiwa utawa  menengen. BAKUH kuwi isa uga kinaranan kuwat, lan apa wae isa kinaranan kuwat utawa BAKUH nalika isa ngadepi sabarang “tantangan” sing nekani utawa nempuh ing kahanane.  Alat ukur kanggo kahanan isa kinaranan BAKUH   utawa ora kuwi ya mung tantangan, samubarang ora sah kinaranan BAKUH nalika ora nate nampa utawa nemoni tantangane urip.

 

Ana crita neng Kitab Daniel, bab kaya ngapa kahanan utawa pawongan isa kinaranan BAKUH. Neng crita kuwi ana pawongan telu, jenenge Sadrakh, Mesakh lan Abednego, pawongan telu kuwi nembe ngadepi masalah gede. Dene masalahe yakuwi kudu nyembah marang ratuning Babel, dudu nyembah marang Sang Yehuwah. Amarga prentah kuwi ora gathuk karo kapercayane, mulane pawongan telu kuwi wegah nyembah marang  raja Nebukadnezar. Ngerti ana wong sing mbalela, ratu Babel kuwi nesu, ngamuk yayah sinipi. Malah nganti nalika diancem arep entuk ukuman sing nggegirisi, pawongan tel kuwi tetep moh nyembah sakliyane marang Sang Yehuwah, tetep BAKUH nggondeli kapercayane marang Gusti Kang Akarya jagad.

 

Bener wae, saking nesune, ratuning Babel kuwi njur paring dhawuh supaya pawongan telu kuwi diukum, dene ukumane jian medeni temenan, yakuwi diuncalne neng pawon kang gede lan genine mulad-mulad. Sakdurunge diukum, nalika jik rembugan karo ratune Babel, pawongan telu kuwinate menewi wangsulan kang nelakake sepira gedene kapercayane marang Sang Yehuwah. Wujuding kapercayan kang gede kuwi mengkene, tetep wegah nyembah Nebukadnezar, lan nalika mengko ngepasi diukum lan ora ditulung dening Sang Yehuwah, tetep bakalan nyembahe mung marang Sang Yehuwah. Pancen BAKUH temenan kapercayane pawongan telu kuwi, Sadrakh, Mesakh lan Abednego kuwi lan patut dingo patuladan. Yen ing jaman saiki, mbokmenawa jik gampang  ngangsu banyu ngganggo tomblok tinimbang nggoleki kapercayan sing BAKUH pol kaya pawongan telu ing kitab Daniel kuwi.

 

Kaya dene ing jamane Sadrakh, Mesakh lan Abednego, ing jaman saiki tantangan marang kapercayan kuwi ya okeh lan uga gede. Anane tantangane gaurip kuwi sejatine malah minangka “alat uji” kanggo ngukur sepira BAKUH lan orane kapercayane marang Gusti Allah. Mung manut pangrasaku, angel temenan ing jaman saiki nemoni pawongan kang nduweni kapercayan BAKUH kaya critane pawongan telu kuwi, lha saiki jomeneh diancem arep diukum, lhawong ngantuk wae marakne padha lali manembah marang Gusti. Mulane, payo padha nuladha pawongan telu kang dicritakne neng Kitab Daniel kuwi, BAKUH ngadepi apa wae tantanganing urip.

 

“Jo, jarene tanduranmu Porang sing cedak wangan kae ana sing kena penyakit ya,?” Takone Siwo Solebo, neng Dalijo.

“Iya dhe, kuwi lahan anyar lan merga kurang sip nggone ngolah, mula jik okeh sukete. Thukulan suket alang-alang kuwi sing nyublesi Porang, njur tatu lan nekane jamur..” Wangsulane Dalijo.

“Lha ngerti jebule Porang kuwi ya ana amane, suk ya jik meh nandhur meneh Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Malah arep nambah lahan Lik, jenenge usaha kuwi mesti ana tantangane Lik..yen nampa tantangan sederhana wae njur mundur,kuwi ora BAKUH..aku tete[ maju pantang mundurr..” Semaure Dalijo.

“Lha emange sampeyan Lik, lagi nandur rong kedok wae, njur ana sing lanas patang iji wae sambatmu ngaru-ara lan kipa-kipa ra meh nandhur meneh..” Unine IIn.

“Menenga In..rasah nyoal-nyael awakmu kuwi…panting kopineee..” Semaure Lik Ndoleng.

“Iyoo, tak meneng, ben kaya Yu Wasti sing menengan..” Semaure Iin.

“Dusss, tekan jeneng kuwi meneh malahan!!!!” Sentake Lik Ndoleng, sinambi njupuk jisamsune Siwo Solebo lan njur disumet kanthi kepah-kepoh kae, lha wong untune Paklik Ndoleng kuwi mung kari telung las..

 

 

Mbah’e..

Minggu, 11 April 2021

GUYUB

 

Minggu Pahing 11 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Para Rasul 4 :32-35

Jabur 133

1 Yokanan 1 : 1-2:2

Yokanan 20 :19-31

“Anadene sagolonganing wong kang wis pracaya iku padha tunggal ati lan tunggal budi, lan ora ana wong siji-sijia kang rumangsa, yen barang kang kadarbe iku duweke dhewe, nanging samubarang kabeh padha dianggep dadi duweking ngakeh.” Para Rasul 4:32

 

GUYUB kuwi tembung kang kereb diomongake ana ing rembugan padinan, ketoke mayar, amarga mung limang hurup utawa abjad, ananging angel nglakonine. GUYUB kuwi ora mung keton grudak-grudug ngalor-ngidul, ngetan ngulon lan munggah medun, ananging GUYUB  kuwi sawijiningn kahanan kang kabeh “anggotane” isa nyawiji dadi  siji ing rasa lan sedya. Yen mung ngatonake grudag-grudug wae, mayare ngeam, janjeni wae bantuan apa mangan gratis, mesti sing nglumpuk sakndayak bengkah. Ananging GUYUB kang sejati kuwi, kahanan urip kang ing antarane siji lan sijine isa padha-padha ngertine, ora mung njaluk dimangerteni ananging moh ngerteni liyan.

 

Carane urip GUYUB kang ideal kuwi ana ing Para Rasul bab 4, mirunggan ayat 32-35. Ing kana dicritakake kepriye patrape urip bebarengan kang sejati,kang siji lan sijine ngerti, ora mung njaluk dimangerteni. Rasa kang manunggil kuwi dasare GUYUB, lan nalika kahanan wis GUYUB, anane mung tentrem lan rahayu, ora ana sing nduweni sujana siji lan sijine. Amarga GUYUB, mulane kabeh isa nglakoni urip kanthi kebak ing rasa aman lan uga ayem, makarya kanthi tulus iklas, andum inganduman ben cukup butuhe beraenga kanthi bungah. Kuwi kabeh isane klakon mung nalika kabeh warganing “komunitas” nduweni rasa GUYUB, yen hora, ya tangeh lamun. Yen ora nduweni rasa GUYUB, lambok bendina runtang-runtung, ora bakalan ana katentreman, amarga ing antarane siji lan sijine ora padha percaya. crita neng Para Rasul 4 ayat 32-35 kui cetha wela-wela-nyulek mata, kepriye gambaran GUYUB kuwi. Ngedol barang darbeke kanggo butuhe bebarengan kuwi biasa, ora kabotan, melu ngrahapi panganan nalika jian ngepasi ora nduwe babarblas ya kepenak wae, merga ora ana pasujanan babarblas.

 

Ing jaman saiki,mbok’a kuwi jenenge “Pasamuan Greja Kristen….”, uga lambok ben minggu ngumpul, durung temtu ana rasa GUYUB ing kono, merga jik okeh sing padha ngrumati “pirus curiga”, mulane ora isa percaya marang siji lan sijine. Jik okeh sing nandhur winih “klesak-klesik”,ora gelem tinarbuka, mulane njur ana gep utawa kelompok-kelompok tertentu, sing ekslusip lan sakpiturute. Bener, ing jaman saiki kereb padha ngumpul, ananging durung temtu ana rasa GUYUB. Yen kahanane GUYUB kuwi ora ana pasambat, ora ana omongan kwatir apa keweden, sanadyan ya kahanane nggegirisi, sing ana mung bungah lan bungah amarga percaya marang Gusti lumantar sedulur kang urip bebarengan. Yen GUYUB kuwi siji lan sijine “nyangga” uripe liyan, ben dadi sansaya kuwat, ora malah sing kuwat nglumpuk karo sing kuwat, njur nyuraki sing keser-keser merga ora kuwat mikul aboting masalah. Wis ah, semene ndisik, arep NYUSU..L, neng Cakruk.

 

“Wingi ranjedul ngandi Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Kekeselen Wo, manen Porang?” Semaure Dalijo.

“Weh, jos kuwi, okeh pora?” Takone Siwo Solebo meneh.

“Lumayan Wo, metu nem ton kae, dulkali, cedak kluwih..”Wangsulane Dalijo.

“Wuihh,esipp..mbok dol kabeh Jo,?” Takone Lik Ndoleng.

“Iyo Lik, sing isa mlebu pabrik, liyane tak simpen nggo winih, karo nyawisi dulur-dulur ngko sing butuh nandhur..” Omonge Dalijo.

“Lha sing padha maido lan moyoki kowe, ana sing meh nandhur lho Jo, meh mbok wenehi?”Takone Lik Ndoleng meneh.

“Lha iya ta, yen aku menehi sing apik karo aku thok, kuwi ra ana gunane Lik, yen aku apik karo sing ngelem lan ndukung aku, kuwi kabeh wong isa Lik..iki arep takwenehi sing butuh” Dalijo menehi sauran.

“Kuwi kang kinaranan GUYUB, mikirke apike liyan, sanadyan liyan ora pernah babarblas mikirke, malah nyujanani wae..apik kuwi Jo, TERUSKAN!” Ngendikane Pakde Kento, sajak semangate ngeram, padune meh njaluk begean winih Porang.

“Yu Wasti aja mbok GUYUB’I lho Lik, wis kadung diGUYUBi kang Markun..” Iin njedul, nggawa wedang anget, sinambi njarag pakne cilik Ndoleng.

“Trondolooooo bungkerr…..mesti saben awakmu teka, marakne atiku deg-deg sir Innnn..Dusss!!” Omonge Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Jumat, 09 April 2021

PANGANCAM

 

Jemuah Kliwon 9 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 2 : 1-23

Jabur 133

Para Rasul 4 : 23-31

“Dene sapunika, dhuh Pangeran, Paduka mugi karsaa nguningani ing pangancamipun dhateng kawula sadaya, saha para abdi Paduka mugi sami kaparingana kekendelan ing bab martosaken pangandika Paduka. Mugi Paduka karsaa mulungaken asta Paduka, ingkang ndhatengaken kasarasan, punapa dene ngawontenaken pratandha-pratandha saha mukjijat-mukjijat kalayan asmanipun Gusti Yesus, Abdi Paduka ingkang suci.”Para Rasul 4 : 29-30

 

PANGAMCAM, linggane ancam, kang tegese menehi pangerten bab kahanan kang isa mbebayani tumrap urip. Saka lingga ancam kuwi, isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine PANGAMCAM, kang tegese samubarang kang dadi ancaman. Dene wujud’e PANGAMCAM kuwi maneka werna, isa lumantar tetembungan, isa lumantar kakuwatan, isa lumantar pangwasa. Biasane sapa wae sing nampa PANGAMCAM kuwi ora keenak uripe,amarga rumangsa lumebu ing kahanan kang kebak bebaya. Saben menungsa nduweni cara kang ora padha nalika ngadepi PANGANCAM, lan kabeh oleh-oleh wae. Merga saka kuwi, apik menawa isa sinau siji lan sijine cara ngademi PANGANCAM.

 

Neng Para Rasul bab 4 ayat 23-32, neng kana dicritakake kepiye kahanane pasamuan wiwitan, mirunggan ing bab kuwi kahanane pasamuan nalika pawarta bab Yokanan lan Petrus nembe wae ditokne saka pakunjaran. Bener, pasamuan padha bungah nalika entuk kabar bab luware Yokanan lan Petrus, ananging sakwise krungu critane wong loro kuwi, menawa para penggedene Pedaleman Suci lan para penggedene pemrintahan Rum, jik arep mbledik sapa wae kang ijik ngeyel crita bab wungune Gusti Yesus, pasamun ya dadi (rada) gigrik. Ngadepi kahanan kang kaya mengkono kuwi, pasamuan wiwitan njur dedonga lan nyuwun kekuwatan marang Gusti supaya isa ngadepi PANGANCAM kang isa wae nekani uripe pasamuan wiwitan kuwi.

 

Pasamuan wiwitan menehi conto marang pasamuan ing sakuruting jaman, klebu ing jaman saiki, yen ngadepi PANGANCAM kudu wani ndedonga marang Gusti,ora malah lunga menyang pinggir kali. Donga marang Gusti kuwi resep ampuh ngadepi PANGANCAM kang tekane ora diundang lan nggawa bala sakokeh-okehe. Aja nggendring sipat kuping nalika nampa PANGANCAM adepana wae, niru wae carane pasamuan kawitan,ngadepi PANGANCAM lumantar ndedonga.

 

“In, ndang gawekna teh anget nduk, campurana irisan lemon..ranganggo suwe!!” Pambengok’e Lik Ndoleng, nalika sore kuwi jare radoyan kopi, kamangka wis dicawisi kopi kaya padatan, bareng karo Dalijo, Siwo Solebo lan Pakde Kento.

“Rasah bengak-bengok Leng, sing eslow wae..” Omonge Siwo Solebo, sinambi klepas-klepus karo jisamsune lan dolanan androite.

“Kari ngakon wae kok meksa ta Lik?” Takone Dalijo.

“Menega Jo, rasah crigis!!” Sentake Lik Ndoleng.

“Innnn..ndang cepettt!!” Swarane Lik Ndoleng, dene Iin metu, ananging ora nggawa pesenane Lik Ndoleng, malah mesam-mesem nyawang adroite.

“Innnn, ndi pesenanku, Teh lan irisan lemon!!” Unine Lik Ndoleng.

“Mbok kira aku wedi karo PANGANCEM sampeyan Lik? Hora Lik..wong wis ditareni, jare kopi rapapa, njur tak gawekne kopi njaluk Teh, aku emoh mbok ngonokne..butuh ya nggawe dewe, urip bebarengan kuwi kudu saling Lik, klebu saling mengerteni liyan, ora mung njaluk diladeni lan dingerteni..” Iin kojah jian kaya wong joss kae..

“Kencokan apa awakmu In?” Takone Dalijo.

“Sing bener Iin kuwi Leng, aja dumeh, urip kuwi sing sakmadya wae…aja meksa, njaluk tulung kan luwih apik, tinimbang bengak-bengok kaya blekok ngendog ngono..” Ngendikane Pakde Kento.

 

mbah’e..

Kamis, 08 April 2021

RUKUN

 

Kemis 8 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 1 : 1-21

Jabur 133

Para Rasul 2 :42-47

Kidung jiyarah anggitane Prabu Dawud. Saiba prayoga lan endahe, manawa para sadulur kang manggon saomah padha rukun. Iku kaya lenga jebad adi ana ing sirah kang ndlewer marang jenggot, kang ndlewer marang jenggote Imam Harun lan marang guloning jubahe. Kayadene ebune gunung Hermon kang mudhun ing gunung-gununge Sion. Awit iya ana ing kono Pangeran Yehuwah anggone ndhawuhake berkah lan urip nganti ing salawase. Jabur 133 :1-3

 

RUKUN kuwi tembung kang nduweni kosokbalen, yakuwi crah utawa tukar-padudon. RUKUN kuwi kahanan kang apik, kang nyenengake, amarga menawa kahanane RUKUN, ateges ora ana sesrimpetaning sesambungan, mesti kabeh rinasa enak lan kepenak. Lumrahe menungsa, mesti seneng karo kahanan RUKUN, mbuh yen menungsa kuwi wis hora lumrah, mesti ora seneng marang kahanan kang sinebut RUKUN.

 

Neng Kitab Jabur, bab RUKUN kuwi nate dadi paseksine Paja Dawud, kepiye ngrasakne pengalaman urip kang nyenengake nalika wong sakomah kuwi RUKUN. Anane ngrasakne RUKUN kuwi kahanan kang kepenak, amarga pancen kereb banget nemahi kahanan kang ora RUKUN. Jamanne raja Dawud, perang kuwi gawean kang lumrah, istilahe wong saiki ngono kaya sega-jangan, saben ndina klakon. Amarga kereb ngadepi kahanan perang, kang uga nggambarake kahanan kang ora RUKUN, mula raja Dawud njupuk kesim[pulan yen RUKUN kuwi kahanan kang luwih apik.

 

Ing jaman saiki, ora sithik sing nemahi kahanan kang ora RUKUN, isa ora RUKUN karo liyan, ora RUKUN karo kahanan, ora RUKUN karo awake dewe lan sakpanunggalane. Yen nemahi kahanan  kang ora RUKUN, mesti ora kepenak, kabeh rinasa luput utawa salah. Beda karo kahanan kang RUKUN, mbuh kuwi karo liyan apa karo awak’e dewe, mesti ngrasakne  samubarang kanthi enak lan kepenak. Mula saka kuwi, manut paseksine raja Dawus, payo tansah mbudidaya urip kang RUKUN, ya karo liyan, karo kahanan lan uga karo awake dewe.

 

“Jo, tanduran Porangmu sing dul kalen kae kok kayane ora kaya liyane?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi jagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Cen ora kabeh apik kok Lik, kae mbiyen kurang apik lahane, kesusu nanduri. Sukete rung bosok, amoniak’e jik okeh lan kuwi sing marakne Porangku mati..” Semaure Dalijo.

“Lha pora rugi yen kaya mengkana kae, kan ombone ngeram..” Omongane Lik Ndoleng meneh.

“Ora apa-apa Lik, jenenge wong usaha kuwi ya kudu siap rugi lan bathi, sukses lan gagal..isane nampa kuwi nalika isa RUKUN Karo awake dewe lan uga RUKUN karo kahanan Lik..” Unine Dalijo, jian memper Begawan kae, Lik Ndoleng mung meneng wae, sore kuwi sepi amarga Siwo Solebo lan Pakde Kento nembe keboyokan, wis sepuh jika sok ngajak “pikenik” bojone.

 

Mbah’e..

Rabu, 07 April 2021

MARTAKAKE

 

Rebo Pon 7 April 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Mustakaning Kidung 3 :1-11

Jabur 118 :1-2,14-24

Markus 16 : 1-8

“Wong-wong wadon mau banjur metu padha mlayu saka ing pasarean, amarga padha kataman giris lan gumeter, dadi ora tutur apa-apa marang sapa-sapa, marga saka wedine. Kanthi ringkes kabeh piwelinge malaekat mau wis ditekakake marang Petrus lan kanca-kancane. Sawise iku Gusti Yesus piyambak lumantar para sakabate martakake kabar kang suci lan kang ora bakal kena kasirnakake, yaiku bab karahayon kang langgeng iku wiwit saka ing wetan nganti tekan ing kulon.” Markus 16 :8

 

Tembung MARTAKAKE kuwi linggane Warta, sing tegese kabar. Saka tembung Warta kuwi isa dadi pirang-pirang tembung,salah sijine ya MARTAKAKE kuwi, kang nduweni arti utawa teges nggawa kabar, nyalurake kabar utawa pawarta. Dene carane MARTAKAKE kuwi isa lumantar lisan utawa tetembungan isa uga lumantar tumindak lan pratandha. Sapa wae lan apa wae kang isa nggawa warta utawa pawarta kinaranan juru-warta. Sepisan meneh, juru-warta kang nembe MARTAKAKE kabar, ora mung lumantar tetembungan, isa uga lumantar tanda utawa basa isyarat, sing cetha mbuh kepiye carane pawarta isa tumeka liyan.

 

Ana crita bab MARTAKAKE kuwi neng Kitab Suci, yakuwi minagka dhawuh saka Gusti. Bubar Gusti sinalib, njur seda lan kakubur nang kuburane Yusuf Arimatea, ing dina patelune Panjengane wungu, lan kang sepisanan dadi seksi bab wungune Gusti kuwi para penderek’e kang wadon. Bubar nekseni bab wungune Gusti, para wong wadon kuwi dinawuhan MARTAKAKE bab wungune Gusti marang para sekabat liyane. Sanadyan jik kaget lan mbokmenawa ya kesele ngeram, amarga papan pasareane Gusti adoh saka papane padha nginep, ananging nekseni kabar kang mbungahake kuwi, para wong wadon kang dinawuhan MARTAKAKE bab wungune Gusti ora suwala. Para wong wadon kuwi njur mlayu, mbedhal, ngggendring sipat kuping arep cepet-cepet ketemu karo sekabate Gusti, arep MARTAKAKE bab wungune Gusti.

 

Saking senenge, amarga Gusti Yesus cetha wela-wela wis wungu, mula para wong wadon kuwi ora merduli bab kesel, ora ngrewes bab papan kang adoh, ora nggagas bab wayah, kabeh diterak, kabeh ditabrak,kabeh dilewari. Kuwi kabeh nggambarake marang sapa wae, menawa sejatine sing paling kuwat dadi semangat nglakoni apa wae kuwi mung siji, SENENG! Apa wae yen seneng, ora metung bab kesel lan ragad, apa wae yen seneng ora maeka bab adoh lan cedak, mula yen mung kon MARTAKAKE bab pengalaman apik wae, tumrape para wong wadon kang nekseni wungune Gusti Yesus, ya mayar wae. Lha saiki pitakonane, yen wegah dijak makarya neng pakaryane Gusti, wegah cucul kanggo pakaryane Gusti, wegah utawa males sowan Gusti, wegah ngabekti..eh, ngibadah ding, kuwi pora dadi tanda yen sejatine ora nate nemokake bab kang mbungahake utawa nyenengake ana ing uripe?

 

“Aku kuwi nggumun Bo, Dalijo kuwi pora nduwe kesel ya? Sedina neng kebon Porange, njur mbengi iki rapat,mbuh rapat apa, ngko ana dayoh, njur  ana kalamangsane dikon nengndi ngono..jiann..” Lik Ndoleng nakoni Siwo Solebo bab Dalijo.

“Kuwi isa dadi conto Leng, apa kang dilakoni Dalijo kuwi MARTAKAKE  yen dewekne seneng, dewekne bungah” Semaure Siwo Solebo.

“Bungah-bungaha kae, lha kayane jian ora tau leren gek..” Lik Ndoleng sajak jik nggumune ngeram.

“Haiyah, kaya ora nate ngalami Lik. Anggere rada suwe ranyawang Yu Wasti, mbok mbako jik okeh wae, sanadyan wengi lan udan, sampeyan ya ngetiging nggolek mbako. Kamangka kuwi mung srana, ben isa nyawang Yu Wasti. Kuwi ya MARTAKAKE yen sampeyan bungah nalika isa nyawang Yu Wasti Lik..” Iin nggawa wedang jahe, sinambi nanggepi Lik Ndoleng.

“Jrett, kok ya bab kuwi sing mbok nggo conto Innnnn!!!?” Unine Lik Ndoleng,sajak isin karo Siwo Solebo.

“Nah, wangsulanmu kuwi ya MARTAKAKE yen sliramu jik nduweni rasa tresna mbek Wasti Leng..” Siwo Solebo nambahi nyemes Lik Ndoleng, lan Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya manuk Mprit Granthil arep ngendog,ananging raisa nggawe susuh.

 

Mbah’e..

 

Selasa, 06 April 2021

PRAYOGA

 

Selasa Pahing 6 Maret 2021

BENINGE EMBUN ESUK

Kebun Porang


Purwaning Dumadi 1 :20-2:4a

Jabur 118 :1-2,14-24

1 Korinta 15 :50-58

“Gusti Allah tumuli mirsani samubarang yeyasane, lan kabeh wus prayoga linuwih. Mangkono wus dadi sore lan wus dadi esuk, dina kang kaping nem.” Purwaning Dumadi 1:31

 

Tembung PRAYOGA kuwi tegese apik utawa becik, pas, memper, wangun, jumbuh lan enak dirasa lan disawang. Mula ya orasah kaget yen ana tembung diprayogakne, pamrayoga (yen basa karma pamrayogi), kabeh kuwi nggambarake kahanan utawa kondisi kang apik, paling ora ngener utawa ngarah marang kahanan kang apik. Neng Kitab Suci, okeh tebung PRAYOGA, saka kitab Purwaning Dumadi tekan Wahyu, kaya kang dadi ayat nats ing dina iki lan uga ana neng Jabur 133, ing kana tembung PRAYOGA njedul.

 

Nalika Gusti Allah nitahake jagad, kabeh dipirsani lan jebule kabeh pinirsan apik utawa PRAYOGA. Apik utawa PRAYOGA kuwi isa uga amarga seimbang, pas, jangkeb lan sakpiturute. Jagad iki katitahake jangkeb, ana awan lan wenfi, ana padhang lan peteng, ana larang ana murah, ana dawa ana cendak lan sakpiturute. Lha njur kok ing jaman saiki ana kahanan kang ora PRAYOGA, kuwi apa sebabe? Kuwi amarga polahing menungsa, amarga titah liyane nglakoni urip kuwi mung saderma nuruti naluri. Kayata, Singa kuwi sak ganas-ganase, mangan ya mung sakwaregan, beda karo menungsa, mangan nganti kewaregan lan malah numpuk bahan panganan nganti sakhilolah lan isa malah dadi lan bosok’e. Bab papan panggonan, sakpinter-pintere manuk Branjangan nggawe susuh, mung nggawe lan nduwe siji, beda karo menungsa, wis nduwe omah jik numpuk omah njur dikontrak-kontrakne, kamangka liyan lan sedulure babarblas randuwe omah. Rusaking njagad iki merga menungsa sing srakah, menungsa sing ora isa nduweni laki PRAYOGA.

 

Jagad iki wiwit mula tinitahake PRAYOGA, lan menawa saiki ora PRAYOGA, kuwi mung merga polah-tingkahe titah kang kinaranan menungsa, klebu sing maca tulisan iki. Ananging, sanadyan sing ndadekne jagad ora PRAYOGA kuwi menungsa, sing nduweni “otoritas” mbalekake supayane dadi PRAYOGA meneh ya menungsa. Lha njur piye carane? Nglakoni urip sing manut kersane Gusti. Carane piye? Lakonana urip sakderma wae, sakcukupe lan aja lali andum-ingaduman karo liyan. Liyan kuwi oramung menungsa lan sedulure thok,ananging liyan kuwi ya kabeh isining njagad iki, merga kebeh kuwi titahe Gusti Allah. Nggunakake samubarang saperlune wae, aja thakah-thakah, aja aluamah, elinga liyan, kuwi tumindak kang PRAYOGA murih jagad isa pulih kaya wiwit mula tinitahake dening Gusti Allah.

 

“Leng, ngandi Dalijo, kok rung njedul?” Takone Siwo Solebo.

“Mbuh, anggere terang, ora udan ngene iki neng kebone Porang nganti mbengi..” Semuare Lik Ndoleng.

“Weh, cen sregep tenan cah kae..” Tanggepane Wo Solebo.

“Sregep karo srakah kuwi bedane tipis lho Bo..” Unine Lik Ndoleng, lan rung kober Wo Solebo mangsuli, ketungka Dalijo njedul lan menehi wangsulan.

“Males lan nrima ing pandum kuwi ya tipis bedane lho Lik..”

“Bener awakmu Jo, bener penemumu..” Omonge Siwo Solebo.

“Aku kuwi makarya mung saderma kok Wo, nganti wengi neng Kebon Porang kuwi merga ngrumati, ben luwih apik. Aku ora srakah lho..wong sing butuh bibit ya takwenehi, sanadyan mung sakdrema, lha wong okeh sing sugih duwit, ananging pelit. Gah cucul duwit ananging butuh bibit..ngko njaluk, nandur, ananging ora dirumat..tumindake blas ora PRAYOGA tenan..” Dalijo njlentrehake uneg-uneg’e.

“Bener kandamu Jo, makarya’a nalika isih bisa, ben jagad iki dadi PRAYOGA meneh…” Ngendikane Pakde Kento.

 

Mbah’e..

 

FIKSI Di Malam PASKAH