Rabu, 08 Juli 2020

SETUT

Rebo Kliwon 8 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 13 :1-11

Jabur 131

Mateus 11:25-27

“Amarga kayadene sabuk kang rumaket ing lambunge wong, iya kaya mangkono maune anggoningSun ngraketake turune Yehuda lan Israel kabeh marang Ingsun, supaya bangsa iki dadia umatingSun kang misuwur, pinuji lan mulya kagem Ingsun. Nanging padha lumuh ngrungokake dhawuhingSun.” Mangkono pangandikane Sang Yehuwah. Yeremia 13:11

 

Ana sing ngarani Sabuk, ana sing ngarani Gasper la nana uga sing ngarani SETUT. Bahane seka kulit kewan lan karet, kabeh isa digawe dadi SETUT. Dene fungsi utamane SETUT yakuwi kanggo ndadekne siset clana sing nembe dienggo. Carane nganggo digubetake ana neng bangkekan, modele uakehe pol. Sakliyane fungsi utamane kanggo ndadekne siset, SETUT isa uga dienggo dimen patut, mula ana Jarwa-Dasa, SETUT kuwi dinggo sing siSET supayane paTUT.

 

Gegambaran SETUT nate ditulis neng Kitab Suci,cethane neng Yeremia bab 13. Neng kana Yeremia minangka nabine Gusti maringi dhawuh supaya menungsa padha Rukun. Lho apa ora rukun kok ana dhawuh supaya Rukun? Bab crah utawa ora rukun  kuwi wis dadi pepesthene menungsa kawit mbiyen mula, semana uga bab uripe bangsa Yehuda lan Samaria, bola-bali tukar-padudon. Dene kersane Gusti ngapa kok kudu rukun, kuwi supaya misuwur utawa terkenal. Iki piwulang apik, terkenal merga Rukun, ora merga tukar-padudon. Dene cara supayane rukun kuwi klakon, kudu ana SETUT’e. Gusti Allah ora kersa yen menungsa misuwur utawa terkenal merga crah, kersane terkenal amarga rukune. Supayane rukun kudu ana SETUT sing ngiket urip bebarengan, iki kang kudu ditemokake dening menungsa saben jaman.



 


Sanadyan rukun kuwi ora mbutuhake ragad okeh, ananging ora gampang menungsa urup tansah neng kahanan rukun. Okeh uga menungsa sing malah bungah nalika crah karo liyan, malah kepara marem nalika isa natoni lan marakne liyan lara. Mula saka kuwi, supayane rukun kuwi isa digayuh, kudu ana SETUT kang ngiket urip bebarengan. Dene wujud’e SETET  isa maneka werna, isa program kepedulian, isa gotong-royong, isa dolan bareng, isa mancing bareng, mbedhil bareng,pit-pitan bareng lan sakpanunggalane. Tugase menungsa ing urip bebrayan iki yakuwi nemokake SETUT kanggo ngiket urip bebrayan. Sing kudu dadi gegujengan bab iki :Aja nganti terkenal utawa kawentar amarga crah utawa tukar-padu, ananging nggoleka SETUT panguripan kanggo srana misuwure greja.

 

“Jo, jare ana rencana yen pasamuan arep nandhur Porang?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Lik, kuwi rencana apik..”Semaure Dalijo sareh, sinambi nutuli androite.

“Halaahhh..paling mandeg ndalan…ora ana klanjutane..” Lik Ndoleng sajak pesimis.

“Ya merga penemu kaya sampeyan kuwi Lik, sing ora becik. Manut penemuku,pasamuan  nandhur Porang iki dudu mung nguyak hasil materi, ananging iki srana mbangun guyub neng urip bebarengan. Aku setuju karo penemune mbah’e, yen nandhur Porang iki dadi SETUT  sing ngiket uriping pasamuan…Yen sampeyan ora sarujuk, ora apa-apa Lik..ananging aja kokean rembug..” Dalijo sajak rada erosi, eh emosi.

“Kang, sidane kapan ndangir kebon sing meh ditanduri Porang? Iki Yu Wasti WA, arep melu cancut-taliwandha, makarya bebarengan. Wani nutup warunge, siap makarya bebarengan..” Unine Iin saka pawong.

“Mengko, jam loro awan..ben rada eyup” Dalijo semaur, lan merga krungu bab Yu Wasti, mula nalika semaur sinambi nglirik Lik Ndoleng sing sajak rada bingung.

“Weh, aku tak melu kerjabakti oleh ra Jo?” Ujug-ujug Lik Ndoleng ngomong pengen melu cawe-cawe.

“Ajoooeeeeggg!!! Ngere ana Yu Wasti, bingung koming Lik..raisa nyelaki tresna ing jaman semana.. Kamangka iki Hoax, lha Yu Wasti jik hunimun part tu karo kang Marmun neng Lombok..” Iin muni ngono ngepasi njedul nggawa kopi lan sinawang mesam-mesem.

“Duuusss..Jindullll….”Batine Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..


Selasa, 07 Juli 2020

NENTREMAKE

Selasa Wage 7 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 28:10-17

Jabur 131

Mateus 11:20-24

“Kidung jiyarah, anggitane Prabu Dawud. Dhuh Yehuwah, kawula boten gumunggung sarta boten mawas kanthi kumlungkung; kawula boten nggayuh dhateng bab-bab ingkang muluk-muluk, utawi bab-bab ingkang aneh tumrap kawula. Saestu, kawula sampun nentremaken sarta ngleremaken nyawa kawula; kados lare sapihan ingkang tileman celak biyungipun, kados lare ingkang dipun sapih nyawa kawula wonten ing nglebet kawula.” Jabur 131:2

 

NENTREMAKE kuwi asale saka tembung Tentrem, sing tegese kahanan kang sarwa enak lan kepenak, ora kurang samubarang. Saka tembung Tentrem kuwi njur ana manekawerna tumbung turunan, kayata: Katentreman, sing tegese kahanan kang tentrem lan uga NENTREMAKE kang tegese ayahan kang ngener lan malah wis tumeka ing kahanan kang Tentrem. Merga kahanan kang kudu dituju, mula NENTREMAKE kuwi mesti ngadepi maneka-warna kahanan, ananging menawa wis saiyeg ing gati arep nemahi kahanan kang Tentrem mesti tumeka, beda yen ora nduweni niyat kanggo ngrasakne Tentrem kang sejati.

 

Raja Dawud, raja gung binantara kang jumeneng nalendra ing jaman semana, sakwise ngalami kahanan maneka werna neng uripe, njur nduweni dudutan, yen kahanan Tentrem kuwi kudu diupayakne. Mulane, Dawud njur nulis minangka paseksi menawa bab kang marakne ora isa tentrem kuwi okeh, kayata: Gumunggung lan uga nduweni penggayuh kang muluk-muluk. Gumunggung kuwi pancen kerep dadi hobine menungsa, ngomong ora jumbuh karo kahanan. Sakliyane gumunggung, penggayuh kang ora lumrah ya isa dadi srana tentrem kuwi ilang. Saka kahanan kang kaya mengkono, Dawud njur nemokake dalan kanggo NENTREMAKE uripe, yaiku mung sumendhe marang kawicaksanane Gusti.

 

Yen ing jaman Dawud, dalan kanggo NENTREMAKE urip kuwi pasrah marang Gusti lan ora nduweni penggayuh kang muluk-muluk, ing jaman saiki ya kudu kaya mengkono. Ora usah gumunggung, aja nggayuh sing ora isa digayuh! Sakmadya wae lan tetep sumarah lan wening ing batin, kuwi dalan kanggo tumeka kahanan Tentrem. Sing jik nduweni penemu, menawa marem karo tentrem kuwi pada, kudu diowahi, merga marem kuwi mung nuruti kekarepan lan kerep natoni liyan.

 

“Kang, kok sedina iki mar Paklik mung meneng wae, kira-kira kena apa ya?” Takone Iin, nalika Lik Ndoleng sajak nganeh-anehei.

“Mbuh, jare arep lumebu ing kahanan kang wening, arep NENTREMAKE ati lan urip “ Semaure Dalijo, sinambi ngruwesi kembang Porang sing meh didhedher.

“Weladalah, lha kok ujug-ujug nganeh-anehi kuwi aja-aja gara-gara saiki Yu Wasti arep pikenik neng Mbali karo Kang Markun?” Iin sajak kagat lan nggathukake kahanane Lik Ndoleng karo crita bab holide-ne Yu Wasti.

“Palinga ya merga kuwi, njur nggaya meh NENTREMAKE ati…jebule ya merga kobong….ealah Lik..Paklik…” Dalijo muni sinambi nglirik, rasa samar yen Lik Ndoleng njedul saka ngomah.

“Dusss…arep urip apik wae angele cah..apa-apa mbok cubriyani merga Wasti..” Lik Ndoleng njedul saka tritis, cedak kandang kulon omah.

“Yen arep NENTREMAKE urip ya aja gumantung kahanane Yu Wasti …wis pasrah…” Unine Iin.

“Aja Lik, yen sampeyan ora nggagas Yu Wasti meneh, entek critane urip…lanjutkan Lik!!” Dalijo sajak ora sarujuk karo idene Iin.

“Jindulll…malah nambahi mumetku cahhh!! Piye iki carake NENTREMAKE urippp???” Sora anggone Lik Ndoleng sambat.

 

Mbah’e..

 


Senin, 06 Juli 2020

JUARA

Senen Pon 6 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 27:1-11

Jabur 131

Mateus 10:34-11:1

“Sing sapa nresnani bapa utawa biyunge nganti ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku, lan sing sapa nresnani anake lanang utawa wadon ngungkuli Aku, iku ora pantes tumraping Aku.” Mateus 10:37

 

JUARA kuwi lumrahe mung siji, sanadyan ana sejarah ana “juara kembar”. Juara kuwi tata urutan kang manggone ana ing ndhuwur dewe. Dene prosese supaya teka ing panggonan nduwur dewe kuwi ya ora mayar, kudu ngliwati dalan sing angel lan rumpil. Isa kanggo conto yakuwi JUARA dunia bal-balan kae, ora mung diundi njur dadi JUARA, ananging kudu ngliwati proses, saka kualifikasi tumeka putaran pinal. Lan pungkasane mlebu pinal, kudu ngalahke mungsuhe cikben dadi JUARA lan uga ora ana JUARA kembar. Mula saka kuwi, bab JUARA kuwi isa diarani dalan kanggo nemtokne sing nomer siji utawa sing paling utama.

 

Gusti Yesus nate menehe piwulang kang ana gegayutane karo JUARA, yakuwi bab tresna marang Panjenengane. Sanadyan neng ndonya iki okehe ngeram sing kudu “ditresnani”, ananging  tetep ana sing kudu dadi JUARA, sing ngalahake “obyek tresna” liyane. Samangsa ana obyek sing ngalahake Panjenengane bab tresna, kuwi ora wangun, ora pantes. Dadi cekak aose, JUARA utawa sing nomer siji kudu ditresnani ana ing uripe menungsa kuwi ya mung Gusti. Menawa bab tresna Gusti ora dadi JUARA ana ing atine menungsa, kuwi ora pantes diarani penderek’e Gusti. Piwulange Gusti bab JUARA ing katresnan kuwi ora mung klakon ing jaman semana, ing jaman saiki ya jik tetep lumaku.

 

Ing  jaman saiki, sanadyan Gusti ngersakne tresna marang Panjengane kudu dadi JUARA utawa nomer siji. Ananging sing klakon ya adohe ngeram, merga jik okeh sing dadi JUARA bab tresna ana ing uripe menungsa jaman saiki dudu Gusti. Ana sing dadi JUARA kuwi duwit, ana sing dadi JUARA kuwi hoby, luwih seneng nguyak hobyne tinimbang nelakne katresnan marang Gusti. Ing kahanan kang kaya mengkono, sejatine Gusti ora kersa, kaya pangandikane, yen sing sapa wae nresnani sabarang apa wae ngluwihi tresnane marang Panjengane, kuwi ora pantes nderek Panjengane. Mulane, ayo tresna marang Gusti kuwi didadekne JUARA ana ing urip iki. Kabeh sing arep ngrayah kahanan kuwi kudu disikat, mbuh kuwi hoby,banda,rasa serik lan sakpanunggalane. Ancase cetha, supaya sing dadi JUARA neng tata katresna ing urip iki ya mung Gusti.

 

“Seka ngendi In?” Takone Dalijo neng Iin, nalika sore kuwi nyawang Iin kledhang-kledhang  mulih.

“Iyok, nggolek kopi, wis kentekan. Tinimbang mbok pisuhi kang..” Semaure Iin.

“Huss..jo seru-seru bab misuhku. Oiya, warunge sapa kuwi mau?” Takone Dalijo meneh.

“Warunge Mbokde Wakijem, sing saiki diteruske Lusi” Semaure Iin, sinambi mapanke jemuran sing ora mapan pener.

“Weh, Lha saiki apa Wasti  nuku Warunge Yu Wakijem ta In?” Lik Ndoleng, saka sor Talok, nyaut lan takon bab Wasti.

“Hmm..iki jumbuh karo piwulange Mbah’e, nalika sing dadi JUARA bab tresna ing urip, kuwi sing bakalan kereb njedul. Lha JUARA tresnane Paklik Yu Wasti, mula tembung Lusi ya krungune Wasti..” Dalijo njengges Lik Ndoleng.

“Rasah lebe Lik, ora mung sampeyan sing kaya mengkono. Sing maca tulisan iki ya durung mesti “sing neng ngomah” sing dadi JUARA bab tresna..Kae, sing mesam-mesem nalika maca iki, kuwi mesti ngalami…” Semaure Iin lan banjur mlebu ngomah.

“Dusss..kenek menehhhh!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 


Minggu, 05 Juli 2020

NGGREGETAKE

Minggu Pahing 5 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Zakharia 9:9-12

Jabur 145:8-14

Rum 7:15-25a

Mateus 11:16-19,25-30

“Dakupamakake apa golongan iki? Upamane kaya bocah-bocah kang lelungguhan ana ing pasar, celuk-celuk kancane mangkene: Aku wis ngunekake suling, kowe kok ora padha njoged. Aku wis padha ngidungake kidung pangadhuh, nanging kowe ora padha tangisan. Sarehning Yokanan tekane ora mangan ora ngombe, banjur diarani wong kepanjingan setan.” Mateus 11:16-18

 

NGGREGETKE, asale saka tembung greget, sing tegese kahanane titah urip kang nulak utawa ora mathuk karo kahanan kang lumaku, ananging ora/durung isa ngapa-apa. Saka tembung Greget kuwi njur njedul maneka werna tembung liyane, kayata: Gregeten sing tegese nduweni sedya ananging ora ana srana, uga ana tembung NGGREGETKE sing tembunge kahanan kang luwih saka njengkelake. NGGREGETAKE kuwi kahanan kang ana ing cedak ananging merga ana pepalang, ora isa tumindak. Dene kang marakne NGGREGETAKE kuwi okeh banget.

 

Gusti Yesus nate mrangguli kahanan kang NGGREGETAKE, kuwi kelakone nalika Panjenengane pethuk karo polah-tingkahe menungsa sing sakmenange dewe. Apa wae patrap urip, anggere kuwi ora manut karo kekarepane dipaido lan ing pungkasane Nesu. Injil mateus nggambarake, kahanan kang NGGREGETAKE Gusti Yesus kuwi kaya dene wong wis kadung ngunekne suling nanging ora ana sing njoget, wis nembang tetembangan sesambat, ora ana sing melu sambat. Pokoke patrap apa wae, Salah..Luput! Kabeh yen ora manut kekarepane kleru. Malah bab tata kapercayan ya mengkono. Yokanan matrap urip sederhana kaya resi, diarani kepanjingan demit, eee…lha bareng Gusti matrap urip kaya liyane, diarani srakah..biyuhh..lha kapan benere??

 

Ing jaman saiki ya mengkono, malah luwih parah. Okeh sing kahanan sing marakne NGGREGETAKE. Neng ngendi wae papan lan kahanan, neng brayat, masyarakat lan malah uga ana neng pasamuan. Dijak makarya wegah, ning yen ana salah polah lan maido wasise pol. Ditutke mandeg, ditinggal nangis, dijak nulak lan ditinggal nesu.. Ana uga sing mengkene, jujur jare sambat, bareng polah neng cara liya jare kurang bersyukur, rada wangun macak jare kokean gaya, bareng kumuh jare ora isa macak..kuwi kabeh kahanan jaman saiki, anane mung nuwuhake kahanan NGGREGETAKE.



 

“Jo, aku kuwi nggumun setahun, njembleng serendeng karo Markun. Lha wong yaw is pe en es, lha yakok jik arep nandhur Porang, apa jik kurang blanjane?” Takone Lik Ndoleng bab kang Markun, bojone Yu Wasti, PNS sing nggarap tegale arep ditanduri Porang.

“Kuwi sing salah sampeyan Lik, salah papan nyawange..” Semaure Dalijo sareh.

“Weh, kok malah aku sing salah, nalare piye Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Wong obah, makarya kuwi lakya apik. Manfaatke wektu lan lahan peparinge Gusti saka wong tua. Lha sampeyan ora isa kaya kang MArkun kok malah maido, iki sing jarene mbahe NGGREGETAKE..” Unine Dalijo.

“Bener kang Dal Lik, merga “perspektipmu” wis kleru marang kang Markun, mulane kabeh salah, kabeh luput. Kang Markun sregep mbok arani kokean polah, kang Markun mulih kerja meneng wae mbok arani kesed..kuwi kabeh merga kowe kalah nggondol ati lan tresnane Yu Wasti, mula kabeh kahanane kang Markun luput..” Iin, muni sinambi nyapu neng pojok cakruk.

“Jindull…malah konangan cahhh!!” Batine Lik Ndoleng.

 

Mbahe..

 


Jumat, 03 Juli 2020

DANDAN

Jemuah Kliwon 3 Juli 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Zakharia 2:6-13
Jabur 145:8-14
Mateus 10 : 16-23
“Lah kowe padha daklakokake kayadene wedhus gembel menyang ing satengahing asu ajag, mulane sing ngati-ati kaya ula lan sing bares kaya manuk dara.” Mateus 10:16
DANDAN kuwi sejatine ancase apik, amarga mranata saka kahanan kang kurang prayoga tumeka marang kahanan prayoga. Kayadene DANDAN omah, mesti omahe wis rinasa kurang prayoga, mula njur nggolek yatra kanggo ndandani ben dadi luwih apik. Semono uga tumrap wong wadon (sing dudu wadon ananging nggaya wadon, oleh ngguyu..muring ya oleh..hehe), bab DANDAN kuwi wis kaya dadi napase. Saben arep lelungan, sing kerep marakne kisruh ya nalika nunggoni wong wadon sing DANDAN.  Ananging menawa ora DANDAN, lan mengko macak ngedabul kae, sing lanang mesti mbesengut kaya Mendoan Kokean Lenga.
Pangandikane Gusti ing esuk iki ana gegayutane karo bab DANDAN, lho, kok isa? Kuwi kan bab Wedhus Gembel lan Asu Ajag? Iyo, yo merga bab kuwi mulane jejere renungan iki bab DANDAN. Mbiyen Gusti ngelikake marang wong akeh, bab urip kang kebak ing bebaya,kayadene wedhus Gembel saktengahe Asu Ajag. Yen mbiyen mayar mbedakne Asu karo Wedhus. Beda karo jaman saiki, sepisan bab Asu Ajag yawis arang, lan Wedhus ya wis arang. Ngertine mung lumantar crita lan gambar. Ing jaman saiki sing mbebayani yen ana Asu Ajag ananging DANDAN kaya Wedhus Gembel, amarga ora patia paham apa kuwi Asu Ajag lan Wedhus Gembel, mulane ing jaman saiki sejatine luwih nggegirisi. Mbok diDANDANi kaya ngapa wae, sing jenenge Asu Ajag kuwi ya Asu, mula nalurine ya Asu, semono uga Wedhus Gembel, diDANDANana kaya Asu Ajag, tetep wae naluri alamiahe ya Wedhus Gembel.
Mula saka kuwi, ing jaman saiki sing luwih ati-ati, amarga saiki saking pintere wong DANDAN, mula isa nganti matrap persis kaya asline. Sanadyan kuwi Asu Ajag, ananging merga wasis anggone DANDAN, mula isa nylamurake panyawange sapa wae. Ananging nalika lena ing pangenda, mesti diuntal sakwutuhe raga. Mulane, ayo padha ngati-ati, durung temtu sing sinawang kaya Wedhus Gembel, ateges alus, sumeh lan manut kuwi asli, isa wae kuwi nembe macak lan ngindik lenane kahanan, njur bareng lena langsung tubruk lan digaglak sakabehe. Sing waspada marang kahanan. Oiya, weling ing pungkasane tulisan iki, sing rumangsa macak minangka Wedhus Gembel oleh nesu, uga oleh ngguyu…
“Jo, kok jian kebangeten tenan ta Si Markun kuwi, mosok mung arep taksilihi disele wae ,nggo ngunoni kebonku ora oleh!?”  Sambate Lik Ndoleng marang Dalijo.
“Weh, lha nduwe disel dewe, malah ana loro kok ya jik arep nyilih ta Lik?” Takone Dalijo sinambi nata polybag kanggo ndhederbibite Porang.
“Sirku ben cepet kok Jo, ora kesuwen olehku ngurusi banyu. Yen isa mlaku disel telu lakyo isa luwih cepet..” Alesane Lik Ndoleng.
“Haiyah..padune mung meh nggolek kesempatan wae Lik. Sampeyan ngerti kan, yen patangndina meneh Kang Markun meh pelatihan, njur wingi nyilih disel, ngko pas kang Markun lunga, alesan ngulihake disel,ben isa nggolek kesempatan njawil Yu Wasti kan?” Njedul saka pawon, Iin langsung nyemes Likm Ndoleng sakpole.
“Weh, ‘kreatip’teen olehmu DANDAN Lik, jian cerdas pol..ananging jik cerdas Iin, lan kang Markun, sing isa maca sakparipolahmu..hehe..konangan ya Lik?” Dalijo nguneni Lik Ndoleng entek amek kurang nggolek.
“Mestiii..Dussss…konangan menehhhhhhh…….” Gremengane Lik Ndoleng.

Mbah’e..

Kamis, 02 Juli 2020

NGANCEM

Kemis Wage 2 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Zakharia 1:1-6

Jabur 145 :8-14

Mateus 10 :7-15

“Dene yen ana wong sing ora nampani kowe lan ora ngrungokake tembungmu, endang lungaa lan metua saka ing omah utawa ing kutha kono, sarta ketabna lebune sikilmu. Satemene pituturKu marang kowe: Besuk ing dina pangadilan kang sinangga dening Sodom lan Gomora bakal luwih entheng katimbang karo kutha mau.” Mateus 10:14-15

 

Tumrape menungsa , bab NGANCEM kuwi  dudu pakaryan sing abot, mula ora kudu kuliah dhuwur-dhuwur supaya isa mraktekake ayahan kuwi. Malah kepara, kawit bayi menungsa kuwi wis nduweni “bakat alami” kanggo tumindak kang kinaranan NGANCEM. Lumantar tangis isa minangka srana pangancem, lumantar wegah mangan nalika njaluk apa-apa, uga isa diarani tumindak NGANCEM. Cekak aose, gawean NGANCEM kuwi cen wis bakate menungsa. Ana sing ngembangke bakat bayine, yokuwi lumantar meneng wae, sok jaim..kuwi sejatine pengamcem. Uga ana sing ngancem arep ngene lan ngono..lan pokoke okehe poll..sakndayak abuh..

 

Bab NGANCEM kuwi ya ana neng crita Kitab Suci, salah sijine neng Injil Mateus. Ing bab 10 dicritakke nalika Gusti nimbali lan ngutus para sekabat, sakdurunge mankat wus disangoni lan dibriping. Salah siji isining briping kuwi yakuwi bab NGANCEM, sanadyan surasane positip. Yen ana sing ora gelem nampani tekane lan ngrungokake piwulange  para sekabat, para sekabat nduweni hak ninggalke lan ditandani srana ngebutake sikile sing wus kadung kena lebune omah sing brayate ragelem nampa mau. Saka piwulang iki isa dijupuk pasinaon, sepisan: Ora usah membat-membat mikir nalika ana sing nampik, tinggal wae. Ngentek-entekne energi mikirke siji (apa loro) sing nulak utawa nampik. Kaping Pindhone, bab kepiye urusane sing nampik para utusane Gusti kuwi ben Gusti wae sing ngrumati, tugase sing diutus mung ajak-ajak lan ngelikake. Dene menawa wis diajak lan dielikake ora gelem, ben wae nemahi kahanan kaya jamane kutha Sodom lan Gomora.

Pengancem kuwi lumrah, sing penting ancase jumbuh karo kersane Gusti. Anggone Gusti NGANCEM kuwi merga kahanane pancen kudu ngono. Mung ngutus wong rolas, kamangka kaweane okehe ora njamak, lha yen mung mikirake wong siji sing angele kaya dangkel jati jaman majapahit, posa marakne liyane kapiran,mula sing angele kaya dangkel jati tuwek kuwi aluwung ditinggal wae. Arep nesu ya kono, arep mutung ya kono..ben sakmenenge, nggere ora ngamuk njur dolan saba neng pasar. Sing kudu dieling, NGANCEM kuwi sauger ancase kanggo bab sing apik, ora apa-apa..

 

“Jo, wingi aku krungu, jare  Jamali, ora sida nandhur Porang yen regane bibit kaya saiki, apa tenan?” Takone Lik Ndoleng.

“Ora paham Lik, yen iya ya ora apa-apa…kuwi lak wujud’e NGANCEM, mbuh sapa sing diancem. Yen NGANCEM aku, ya tak tokne wae, wong mengko nandhur lan ora sing nampa hasile dudu aku..” Semaure Dalijo, sinambi milihi bibit Porang.




“Oooo..ngono ya …lha kiraku awakmu diancem ora arep ditukoni Bibite njur mbok dukne regane..” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Babar blas ora Lik..sakliyane Jamali, sij okehe pol..jare mbahndito sakndayak abuh, sing meh tuku..dadi aku ora sumelang, sanadyan Jamali NGANCEM kaya mengkono.

“Emange kowe Lik, lagi dijaluki tulung Yu Wasti mbenekne Gendeng mlorot, sanadyan sejatine ora wani penekan, ananging bareng Yu Wasti NGANCEM, ora arep diesemi, njur nggaya, kaya isa-isa’a menek wae,. Ndilalah keplorot, nibo bak bruukkk…njur klunuh-klunuh lunga, ngomong ora lara..”Iin njedul, nggawa kopi lan langsung nyemes Lik Ndoleng.

“Dusss..kok kowe ngerti In, apa Wasti crita?” Sajak kaget Lik Ndoleng.

“Iyok, crita kabeh Lik..” Semaure Iin.

“Trondolo bunting…dusss!!” Pisuhane Lik Ndoleng..

 

Mbah’e..

 


Rabu, 01 Juli 2020

MANGKAT

Rebo Legi 1 Juli 2020

BENINGE EMBUN ESUK


Yeremia 18 :1-11

Jabur 119 : 161-168

Mateus 10 :1-7

“Padha mangkata lan padha memulanga mangkene: Kratoning Swarga wus cedhak. Wong lara padha warasna, wong mati tangekna, biraten najise wong lara budhugen; dhemit-dhemit padha tundhungana. Kowe padha nampani kanthi lelahanan, mulane wenehna kanthi lelahanan uga. Mateus 11:7-8

 

MANGKAT, kuwi tegese ninggalke papan kawitan, tumuju papan liya. Lan tembung MANGKAT kuwi mesti ana gegayutane karo dhawuh, dene dhawuh dewe isa saka njero ati lan uga saka liyan, kayata brayat lan liyane. Pungkasane, bab MANGKAT kuwi magepokan karo gawean lan sing utama, bab dhawuh. Yen entuk dhawuh, njur mangsuli iya ananging ora MANGKAT, kuwi isa diarani ndableg. Renungan BENINGE EMBUN ESUK dina iki arep ngajak ngrasak-ngrasakne bab sing ana gegayutane karo bab dhawuh lan MANGKAT.

 

Neng Injil Matius bab 10 ayat 1-7, dicritakne bab timbalane Gusti marang wong akeh lan sakbanjure diarane para sekabate. Ditimbali kuwi ora mung meh diberkahi, ananging ya arep diparingi dhawuh. Dene wujud’ing dhawuh kuwi supaya marasake sing lara lan uga nundhungi dhemit. Sakdurunge didhawuhi, para sekabat diweling dening Gusti ndisik. Sakdurunge mangkat, para sekabat uga disangoni, supaya isa tatag-teteg-tutug anggone  ngayahi pakaryan kuwi. Lan bener wae, sakwise dirasa pepak utawa jangkep anggone nuturi lan nyangoni, para sekabat njur MANGKAT. Injil Mateus nglaporake marang sing pada maca (klebu sing maca tulisan iki), yen babar blas ora ana sing nggedumel, apa meneh sing nampik kanthi maneka warna alesan. Kabeh sendika mundhi dhawuh saka Gusti.

 

Bab dhawuh kuwi sejatine ora mung ing jaman mbiyen, ing jaman saiki ya tetep ana dhawuh saka Gusti. Dene lantarane dhawuh kuwi meneka-werna, ora langsung kaya jamane Gusti Yesus. Isa lumantar wong pribadi, uga ana sing lantaran pranatan pasamuan. Sanadyan pada bab ijik anane dhawuh ing jaman saiki, ananging bab tanggepane menungsa, bedane ora ukur. Yen ing jaman mbiyen seneng nampa dhawuh saka Gusti, ing jaman saiki malah timbalan lan dhawuh kuwi kaya laknate urip, mulakna uakehe poll sing endha lan malah nampik timbalan. Mula yen ing jaman saiki okeh lelara lan wong kang kadunungandhemit, kuwi mergane ora okeh sing gelem nampa dhawuhe Gusti lan MANGKAT ngayahi dhawuh kuwi mau.

 

“In, tumben yahmene Paklik rung ketok, ngandi ya?” Takone Dalijo neng Iin.

“Mbuhhh kang, mau pamit karo aku, jare arep mlaku-mlaku ngono..” Semaure Iin, sinambi njerengi kumbahan sing jik kotos-kotos, sajak’e rung duwe mesin cuci sing isa uga dinggo nggaringake.

“Hmm..mesti kuwi alesan, arep nglirik Yu Wasti..” Dalijo sinambi dolanan androite, ngrasani Lik Ndoleng, lan durung nganti Iin nanggepi, njedul Lik Ndoleng.

“Dusss!!!..Mesti ngrasani aku!!” Unine Lik Ndoleng.

“Ngrasani apik kok Lik..”Wangsulane Lik Ndoleng.

“Lha ngandi sampeyan, kok seka bar madang awan, tekan yahmene kuwi?” IIn nakoni Lik Ndoleng.

“Mau kuwi, meh mulih, liwat cedak warung, njur disambati sing nduwe warung, kon mbenakne Gendeng, ya tetulung, mula taklakoni” Wangsulane Lik Ndoleng.

“Hmmm..warunge Yu Wasti, ya mesti MANGKAT..ora ana gawean wae ngolek-nggolek kok Lik sampeyan kuwi. Jale bab gawean pasamua, mesti kokean alesan..”Iin sajak wiwit nyemes Lik Ndoleng.

“Yen bab Yu Wasti,rindik Asu digithik bab MANGKAT kuwi Lik..” Dalijo melu ngompori, lan Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kae, sajak bingung, kaya anggota grup WA sing ora dong karo Manuk Kuntul.

 

Mbah’e..

 

 

FIKSI Di Malam PASKAH