Rabu, 22 Januari 2020

ASAT


Rebo Pahing 22 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK

BANYUNIBO KULON NJURANGKUWUNG


Yesaya 48:12-21
Jabur 40:6-17
Markus 4:1-20
Mangkene pangandikane Sang Yehuwah, Juru Panebusmu, Kang Mahasuci, Gusti Allahe Israel: “Iya Ingsun iki Yehuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maedahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati. Manawa sira nggatekake marang dhawuh-dhawuhingSun, tentrem rahayunira bakal kaya kali kang ora tau asat, lan kabegjanira bakal terus luber kaya ombaking sagara kang ora tau leren. Yesaya 48:17-18

ASAT kuwi tembung sing tegese kebak utawa isine akeh, lan tembung iki biasane kanggo ukara bab banyu. Yen kahanane ASAT tegese banyune kari sithik, utawa malah wis babar blas ora ana banyune. Kosokbaline ASAT kuwi kebak, sing  tegese wus ora ana papan meneh kanggo diiseni. Yen bab samubarang sing apik utawa becik, mestine kabeh seneng lan malah kepara ngarep-arep supaya tansah kebak,ora ASAT. Ananging menawa kuwi urusane bab sing ala utawa sing ora prayoga, mesti lumrahe ya pengen ASAT.

Ana piwulang luhur saka Kitab Suci bab tembung ASAT, yakuwi ana ing Yesaya 48 ayat 17-18. Ing kana disebutake menawa para kagungane Gusti sing tansah nggatekake marang dhawuh-dhawuhe Gusti bakalane nampa lan ngrasakake tentrem rahayu sing kebak utawa kaya kahanane kali sing banyune ora nate ASAT, merga yen ASAT kuwi wus ora isa diarani kali maneh. Dene syarat kanggo tetep ana ing kahanan sing ora ASAT mau sejatine mung mayar, tetep nglakoni kabeh kang dadi dhawuh pangandikane Gusti. Sing kudu dieling yakuwi bab “..nglakoni kabeh dhawuhe Gusti….” Bab nindakne dhawuhe Gusti kuwi ora isa dinyang, merga akeh wong (klebu sing maca tulisan iki lan karo mesam-mesem..hihi) senengane matrapi urip kaya bakul utawa blantik, kabeh dinyang,klebu dhawuh pangandikane Gusti. Pokok’e, sing sapa kepengen ngrasakne tentrem rahayu ing sakjroning urip, syarate mung mayar, lakonana kabeh dhawuh pangandikane Gusti.

OBAT BOCAH SING DEMAM


“Jo, kok aku ora patio yakin karo piwulange eyang Yeaya neng Kitab Suci kae, jare yen nglakoni kabeh dhawuhe Gusti kuwi mesti bakalane tentrem rahayune ora bakal ASAT..” Lik Ndoleng ngudha rasa ing wayah sore, sinambi kebal-kebul karo udud klobote.

“Weh, lha jebul sampeyan kuwi jik sanggarunggi marang pangandikane Gusti ta Lik?” Wangsulane Dalijo sinambi mesam-mesam merga nyawang androite, mbuh entuk Wea seka sapa..

“Lha sampeyan wis nate nglakoni kabeh pangandikane Gusti apa durung Lik?” Semaure Nduk I’in kaya padatan, njedul seka pawon, nggawa kopi anget karo karag aking arep dinggo wedangan.

“Hmm..anu..hmmm..ya jan-jane durung Nduk, lha jik sangsi je..”Semaure Lik Ndoleng sajak isin..
“Weladalah, lha seprana-seprene ngakune “beriman”, jebule ora dilakoni,mung dimengerteni…kuwi lupute Lik, iman kuwi kudu dilakoni,aja mung diapalne…yen wis dilakoni mesti ngalami apa sing diwulangke Gusti, yakuwi tentrem rahayune Gusti ora bakalan ASAT..”Dalijo ngecipris wis jian persis tukang sesorah kae, kamangka gaweane ya mung macul lan ngarit.

“Kuwi rungokne Lik, aja mung plengah-plengeh wae, aja rumangsa isa ananging kudu isa rumangsa. Yen durung dong, ngaku wae…aja kaya sing maca tulisan iki, nggaya munthak-manhuk wae nggere ditakoni, ananging ngepasi nglakoni njur mak busssss..ora ana isine..lan akhire ya ASAT tentrem rahanyune..” Nduk I’in melu-melu ngotbahi pakne Cilik Ndoleng, sing malah nglentruk merga keturon…

Simbah’e..


Selasa, 21 Januari 2020

CERITA PAGI




Letih tubuh ini menjadikan mata enggan diajak lam terjaga. Perjalanan panjang sedari hari jumat malam terlewat sudah, Tuntang-Depok-Pasarminggu-Bekasi dan berakhir di Tuntang kembali. Sebuah perjalanan yang cukup panjang dan melelahkan, apalagi bersama dengan tiga Semesta dan ibunya.
Malam usai memimpin penghiburan, aku mencoba terjaga,ada banyak “pekerjaan” yang harus aku selesaikan segera. Namun sekali lagi, mata ini enggan diajak nego,sulit sekali, sesulit air hujan menerjang Jakarta yang terjadi karena gubernurnya gagal melakukan negosiasi dengan rombonga air hujan. Da akhirnya tertidur, entah jam berapa aku tak pernah bisa mengenali saat-saat  tidur itu menghampiriku.

“Panggilan Natural” membangunkanku, dan segera kuterima panggilan itu. Usai itu aku membuka pintu belakang rumah tempat tinggalku. Udara segar pedesaan yang juga pegunungan menyambutku dengan riang dan akupun menyambutnya dengan sukacita. Kulangkahkan kakiku menuju jalanan di depan rumah tempat tinggalku. Sepi, sangat sepi, sehingga suara langkah kakikupun kudengar dengan sangat jelas. Sampai aku di pertigaan jalan dusun, tiba-tiba semilir angin pagi membelai tubuhku, gemerisik daun-daun rambutan,klengkeng dan apukat lembut kudengar. Ada juga kemeresek suara tetesan-tetesan embun yang dihempas angin untuk kemudian terjatuh dan lebut bersama ibu bumi.
Kepakan kasar sayap-sayap burung Tyto Alba mengagetkanku, namun aku segera melangkah menuju pematang sawah yang ada di ujung tikungan jalan menuju pemakaman. Sepi, masih sapi. Deru mesin mobil di jalan tol dekat dusun kami nyaring terdengear, ada yang terdengar sangat letih, seletih dunia ini memelihara manusia yang semakin congkak dengan segalanya.

Di Ufuk Timur, semburat merah kejinggaan semakin jelas, seperti lukisan permadani sang Penguasa Alam Semesta. Beberapa ekor kelelawar beterbangan menuju istananya, takut terbakar sinar matahari. Kembali udara dingin pagi menyapaku, agak keras udara ini, sehingga suara jatuhnya embun dari dedaunan nyaring terdengar. Embun itu…ahh..selalu saja memaksaku mengingat sesuatu..Mengingat saat pagi, mengingat matahari, mengingat embun dan dedauna, mengingat..mengingat dan..akhh.. embun selalu mengajariku tentang kehidupan, tentang ketulusan,tentang masa lalu yang harus dipendam,tentang kejujuran dan tentang pengorbanan. Embun itu selalu bening dan mneyegarkan, meskipun tidak selalu berasal dari air bersih nan segar. Dari embun itu, aku belajar tentang kesetiaan, tentang pengorbanan, tentang kerendahatian dan tentang kekuatan..

“Mlampah-mlampah pak…” Suara itu mengagetkanku dan kemudian menyadarkanku, bahwa hari semakin terang.  Suaran burung-burung semakin  lengkap, sebagai penanda kehidupan kembali akan berputar sesuai “orbitnya”.
“Inggih pakde..pun tindak ta?” Jawabku sekaligus aku menanya pakde petani yang sudah berkarya di waktu sepagi dan sedingin ini. Kudengar jawaban senderhana lalu pakde itu bergegas melanjutkan perjalanan menuju sawahnya, yang aku tahu ada di dekat sungat, di bawah jalan Tol sebelah barat dusun kami. 

Bekerja adalah “ruh” yang menghidupi kehidupan ini, demikian juga dengan pakde petani itu, dan aku yakin banyak model pakde-pakde petani yang lain, yang tekun bekerja, yang setia dengan pekerjaannya, yang selalu bersemangat berkarya. Sering mereka tidak begitu memperhatikan hasil karena bagi mereka hasil adalah anugerah dan yang paling utama adalah bekerja seiklas dan sepenuh hati. Sering orang bekerja bukan karena mencintai pekerjaan itu dan ketidakcintaan itu sering berhubungan dengan uang. Belajar dari pakde petani itu, semestinya banyak yang malu ketika bekerja hanya sekedar rutinitas, hanya sekedar karena akan mendapatkan uang, bahkan untuk pekerjaan ryang semestinya dikerjakan secara tulus karena itu adalah cara bersyukur.

Pagi ini aku diajari Sang Khalik tentang alam semesta dan tentang bekerja, bahwa hidup ini akan berarti jika dibaktikan untuk bekerja. Tak soal apakah bakti itu akan dihargai atau tidak. Bekerja adalah kehidupan dan mencintai pekerjaan adalah sebuah kemestian alam semesta, maka akan sangat lucu kalau ada yang mengerjakan sesuatu dalam jangka waktu tertentu namun tanpa cinta di dalamnya..
Aku berpikir sembari berjalan dan saat sampai di rumah tempat aku beserta anak dan istri tinggal, dua bidadari semestaku menyambut dengan keriangan purbakala yang begitu menyegarkan jiwa..

Salam

BRAYAT


Selasa Legi 21Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 53 :1-12
Jabur 40:6-17
Markus 3:31-35
Kacarita ingkang ibu lan para sadhereke padha teka, ngadeg ana ing jaba kongkonan ngaturi Panjenengane. Panjenengane lagi lenggah dikupengi wong akeh. Wong-wong iku padha matur: “Lah punika ingkang ibu sarta para sadherek paduka wonten ing jawi, sami badhe pinanggih kaliyan Paduka.”Paring wangsulane Gusti Yesus, “Sapa ibuKu lan sadulur-dulurKu?” Panjenengane mirsani wong-wong kang padha linggih ngupengi Panjenengane, banjur ngandika: “Iki ibuKu lan sadulur-sadulurKu! Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”

Sing diarani BRAYAT kuwi sapa wae sing ana sesambungan, lan biasane sesambungane bab trah utawa sesambungan getih utawa “Trah”, Turun Sing Pada Rah. Mulane pokok BRAYAT kuwi ana bapak,ibu lan anak-anak. Kuwi isa babar tumangkar, isa dadi putu,ponakan,simbah,pakde bude paklik lan bulik,lan kabeh kuwi dadi BRAYAT merga ana sing nyambungke utawa ana pangiket, yakuwi “Trah” utawa sesambungan getih. Amarga “perkembangan jaman” mula BRAYAT utawa isa uga diarani sedulur, kuwi ora mung merga sinambung rah utawa getih, uga isa merga ana sing  padha. Padha senengane,padha kapercayane mula njur ana istilah sedurung ing patunggilan, ana uga sedulur utawa BRAYAT kuwi merga tangga cedak,mula dadi sedulur lan sakbanjure.

Crita bab sedulur utawa BRAYAT nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus. Cethane ana ing Injil Markus ban 3, neng kana dicritakne nalika ana wong sing padha matur yen kanjeng ibu lan para sedereke Gusti Yesus (kayane adine), pada teka. Sakwise teka njur ngadeg lan njaluk tulung pawongan dikon matur marang Gusti Yesus. Ana ing pikirane sing matur mesti sing bakalan klakon Gusti enggal-enggal ngrespon lan methuki ibu lan sederek’e. Ananging sing klakon beda, merga Gusti Yesus malah ngendika yen sing dadi BRAYATE kuwi ora sing mung kaiket dening Rah utawa Getih, ananging sing sapa nglakoni apa wae Dhawuh Pangandikane Gusti
“Sing sapa nindakake karsaning Allah, iya iku sadulurKu lanang, yaiku sadulurKu wadon, yaiku ibuKu.”
Cetha wela-wela yen Gusti ora mung ngakoni BRAYAT marang sing ana sesambungan Getih utawa Rah, ananging SAPA WAE sing nglakoni pangandikane,kuwi BRAYAT’e Gusti. Mula saka kuwi, iki becik kanggo kaca pangilon tumrap sapa wae, klebu sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem, ayo pada dieling lan sadhar, menawa sing kinaranan BRAYAT’e Gusti kuwi ora sing ana garis trah,  ora sing kalunge salib, ora mung sing ketok sregep neng nggreja, sing sithik-sithik Puji Tuhan,sithik-sithik Syaloom lan sakpanunggalane, lan kuwi mung winates ing tembung, dene tumindak’e babar blas ora jumbuh karo dhawuhe Gusti. Sregep neng nggreja ananging jik nesunan lan pelite ngeram, sregep ngomong puji Tuhan lan saben kepethuk kanca muni syalooom serune ngeram, ananging ora gelem tetulung liyan, kuwi kabeh isa diarani dudu BRAYAT’e Gusti Yesus.

“Jo, apik endi antarane sregep neng nggreja ananging ora tahu tumindak apik karo ora tahu neng nggreja ananging sregep tumindak apik?” Sinambi nglepus Lik Ndoleng mbukak rembukan.
“Halllahhh, padune nggolek pembenaran wae, ndadak nakoni kang Dalijo..”Nduk I’in kaya padatan, njedul njur nyoal-nyael bab rembugan.
“Duss..aku ki tekok Dalijo, ora tekon dapuranmu In..!!!!!” Sajak nesu Lik Ndoleng marang I’in.
“Wangsulanku padha I’in Lik, kuwi padune sampeyan ben diarani bener ta? Wegah peduli liyan merga wis rumangsa sregep mangkat ngibadah, raketan teka ya mung turu. Yen manut penemuku, kabeh kudu dilakoni bebarengan, ngibadah minggu kuwi minangka “Perayaan Iman”, merga ngibadah kuwi ya urip padinan,ya nyambut gawe, momong brayat, urip nang masyarakat,kuwi kabeh ngibadah,lan minggu kuwi dipahargya..mula ora ana sing bener antarane ngibadah thok lan tumindak becik thok..” Wangsulane Dalijo cetha lan Lik Ndoleng manthuk-manthuk, mbuh dong apa malah keturon, lha wong udud’e nganti meh nylongot drijine..

Mbah’e..



Senin, 20 Januari 2020

CEMPE

BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 12:1-13
Jabur 40:6-17
Markus 3:22-30
Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Nabi Musa lan Rama Harun ana ing tanah Mesir: “Sasi iki tumrap sira bakal dadi wiwitane sakehing sasi; iku bakal dadi sasi kapisan saben taun tumrap sira. Sira ndhawuhana marang pasamuwane Israel kabeh mangkene: Ing tanggal sapuluh sasi iki, saben wong nyepakna cempe siji, iku saben brayat; saben omah siji cempe siji.
”Pangentasan 12:1-3

CEMPE kuwi anak wedus, utawa wedus junior. Yen diaji, ajine CEMPE kuwi mesti luwih murah tinimbang Wedus. Ananging sanadyan mengkono, ana crita neng Kitab Suci sing mapanke CEMPE kuwi luwih nduweni pengaji tinimbang Wedus. Kuwi crita ana ing Kitab Pangentasan, nalika Gusti Allah nimbali nabi Musa lan Harun kanggo netepi ayahan pakaryan ngluwari bangsa ngisrael saka panindes ing Mesir. Neng Kitab Pangentasan kuwi dicritakne kudu kepiye pagawean sing kudu dilakoni nabi Musa lan Imam harun, supaya ndawuhi para wong ngisrael nyawiske CEMPE siji, kanggo srana manembah.

Anggone Gusti ndawuhi nabi Musa lan Imam Harun supaya nyawisake CEMPE kuwi nduweni ancas utawa tujuan, supaya ngenerake urip mung marang Gusti Allah. CEMPE kuwi  isa dadi gegambaran “bandha”, lan nalika para wong ngisrael dinawuhan nyawiske CEMPE lan kuwi supaya didadekne pisungsung, kuwi dadi gegambaran kaya ngapa patrape urip para wong ngisrael. Nalika gelem nyawiske CEMPE lan dikorbanake, kuwi tegese ora mung manut karo dhawuhe Gusti, ananging uga percaya yen ajine dhawuhe Gusti luih gede tinimbang ajine CEMPE. Bab iki sing isa dadi kaca benggalaning urip ing jaman saiki, apa ya isa kaya wong ngisrael ing jamane nabi Musa lan Imam Harus, isa mapanake Gusti luwih aji tinimbang badha kadonyan.

Yen disawang lan dirasakne, ing jaman saiki akeh wong sing luwih gemati lan tresna karo bandha tinimbang karo Gusti lan dhawuh-dhawuhe. Ing jaman saiki akeh sing mung pada lamis, owel masrahkke “CEMPE”ne kanggo srana manembah. Yen bab rembugan, kayane iyak-iyak’a, ananging yen bab tumandhang gawe, biyuh angele ngeram, luwih gampang njabut jenggote singo neng alas aprika.

“Lik, wis nulis kesanggupan iman kanggo ndandani ruang sekolah minggu?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
Sik Jo, tak nunggu wangsit. Nunggu pambisik’e Sang Roh Suci sik..”Semaure Lik Ndoleng nalika ditakoni Dalijo bab kesanggeman melu ngrenovasi ruang sekolah minggu.
“Mumpung iki bendaharane Yu Wasti Lik, ndang buktekne iman sampeyan..”Dalijo sajak njarag Lik Ndoleng.
“Iyo Lik,saiki bendaharane Yu Wasti lho, pora isin yen mung ringpuluhewu..kang Markun wae rongyuta..”Nduk I’in melu manas-manasi Lik Ndoleng.
“Dusss..iki malah pada mancing-mancing aku cahhh…” Lik Ndoleng mbesengut lan kayane nggedumel.
“Paribasan iki kaya critane mbahe, iki kaya dhawuhe Gusti marang nabi Musa, supaya wong ngisrael nyawisi CEMPE kanggo srana manembah, mula ndang urun Lik..”Jlentrehe Dalijo, dene Lik Ndoleng mung kethop-kethop sajak mikir sing jeruuu banget..

Simbah’e..

Minggu, 19 Januari 2020

MADHANGI

Minggu Wage 19 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 49:1-7
Jabur 40:1-11
1 Korintus 1:1-9
Yokanan 1:29-42
“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.” Yesaya 49:6

Tembung MADHANGI kuwi isa ngemu ronga arti nalika rinungu, ananging yen tembung kuwi diwaca, isa luwih jelas apa arti utawa tegese. MADHANGI kuwi yen rinungu isa nduweni arti “marakne madhang” wong liya. Sakliyane luwi isa nduweni arti ndadekne kahanan isa padhang. Lha ing dina iki, minggu tanggal 19 Januari 2020, BENINGE EMBU ESUK arep crita bab timbalan kanggo dadi pepadhang utawa MADHANGI liyan,utawa bangsa liya, ora mung kanggo sing cedak wae.

Pangandikane Gusti ana ing Kitab Yesaya menehi piwulang marang sapa wae, klebu sing pada maca tulisan iki, sanadyan papan panggonane ya neng ngendi-endi papan. Dene piwulange kuwi nyadharake sapa wae, supaya  eling yen sejatine timbalan kuwi ora mung kanggo MADHANGI sing cedak utawa sing disenengi, ananging kanggo MADHANGI sapa wae ing sakindenge jagad iki. Kuwi manut apa sing tinulis neng Kitab Yesaya bab 49 ayat 6, yen Gusti nimbali sapa wae sing gelem ditimbali kanggo MADHANGI para bangsa kabeh.

Iki isa dadi pepeling tumrap sapa wae sing jik nduweni pengerten yen timbalane kuwi mung kanggo kelompoke dewe, grejane dewe lan golongane dewe. Pangandikane Gusti kuwi cetha wela-wela, tinimbalan supaya dadi pepadhang tumrap para bangsa. Pancen ora gampang,ananging kuwi kersa lan dhawuhe Gusti. Yesaya ngrespon timbalan kuwi kanthi legawa, dene tumrap wong ing jaman saiki, sumangga dirasakne lan diakoni, apa yawis nuladha nabi Yesaya, makarya kanggo para bangsa, ora mung kanggo kelompoke dewe-dewe.

“Jo, aku kok ora patio mathug yen greja nganaake program kanggo nyambangi panti asuhan lan panti wredha..ngentek-entekne anggaran wae..” Sore kuwi Lik Ndoleng nguda rasa bab rencana greja ngembangake luasan pelayanane.
“Lha kuwi kan malah apik ta Lik, kuwi nandakne yen greja ora mung MADHANGI pasamuan, ananging uga tumrap liyan..”Semaure Dalijo.
“Lha sampeyan kuwi kok ya aneh ta Lik…wong ya urun pisungsung wae ora, iyo’a ya mung sithik, lha kok ndadak nggaya melu ngreridu programe greja..” Nduk I’in kaya padatan, njedul lan nyemes Lik Ndoleng.
“Asem kowe kui In..kok kabeh kridhaku mbok ngerteni…ya olehku ngene iki kan ben diarani aku peduli greja..hehe” Wangsulane Lik Ndoleng, sinambi klepas-klepus karo udud klobote.

Mbah’e

Sabtu, 18 Januari 2020

NGETUTAKE

Setu Pon 18 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK
NGETUTAKE

1 Para Raja 19:19-21
Jabur 40:1-11
Markus 16:15-18
“Elisa nuli bali saka ing ngarsane Nabi Elia, banjur njupuk sapi rakitane mau, kasembeleh lan daginge kaolah nganggo kayu abah-abahane sapi mau; daging iku tumuli kaedum-edum marang para wonge, sawuse mangkono nuli padha mangan. Salebare mangan Elisa tata-tata sarta banjur ndherek Nabi Elia dadi abdine.” 1 Para Raja 19:21

NGETUTAKE kuwi rinasa mayar nalika mung sinebut, annaging yen nglakoni sing sakmestine, angele ngeram. Yen ora percaya, njajal wae takon marang sing nate melu acarane bocah-bocah sekolah minggu, nalika ana permainan, njur dikon ngetutake utawa nirokake apa sing dadi polah tingkahe pemimpin. Mesti ora sithik sing njur ora padha karo gerakan-gerakane sing dadi panutuan. Ananging sanadyan angel NGETUTAKE, ya ora sithik wong sing senengane mung ngetutake wae, wegah kreatif nduwe ide dewe.

Bab NGETUTAKE kuwi nate dicritakne dening Kitab Suci, pernahe ana ing Kitab 1 Para Raja 19 ayat 19-21. Neng crita kuwi dijlentrehake kepriye larah-larahe Elisa isa NGETUTAKE nabi Elia. Nalika kuwi eelisa nembe nyambut gawe, yakuwi mluku. Ing saktengahe makarya (mluku) kuwi njur liwat nabi Elia, njur nguncalake jubahe ana neng cedak’e Elisa. Bab nguncalake jubbah kuwi dipahami dening Elisa minangka pralambang pangajak, mula ya Elisa njur cekat-ceket arep NGETUTAKE nabi Elia. Sakdurunge NGETUTAKE nabi Elia, Elisa matur merga arep “pamit” marang wongtuwane lan kuwi kapirsan apik dening nabi Elia. Sakwise entuk ijin saka nabi Elia, Elisa njur mlayu mulih, mbeleh sapi sing kanggo mluku, didum-dum karo tangga teparone lan banjur NGETUTAKE nabi Elia.

Saka crita kuwi ana pasinaon apik bab urip lan nderek Gusti. Sepisan, kudu isa maca pasemone Gusti sing saben wayah tansah wira-wiri ana ing uripe dewe, kaya dene nabi Elia nguncalke jubbah marang Elisa. Sing nomer lorone, kudu taren lan antuk ijin saka brayat. Iki penting banget, lan merga penting mula greja ya nggunakne mekanisme iki sakdurunge NGETUTAKE Gusti. Dene kaping telune, apa wae sing nate dilakoni sakdurunge NGETUTAKE Gusti, didadekne pisungsung lan diedum kanggo liyan. Iki sing kayane ing jaman saiki rada angel ,merga ora okeh sing gelem “ngedol” barang darbekne, njur diedum marang liyan. Saiki akeh-akehe yen arep NGETUTAKE Gusti, mikir untung lan rugine, kabeh dietung kaya blantik neng pasar.

“In, kok tumben-tumbenan, paklik gelem didadekne ketua panitia sidang Klasis?” Takone Dalijo neng dulure wedok, I’in.
“Weh, aja sidaksingkoro Jo, kuwi merga aku wis “lahir Baru”, ora kaya sliramu sing jik medit bin pelit bab pelayanan” semaure Lik Ndoleng, sing ujug-ujug njedul seka pawon karo klepas-klepus udud klobot, merga tanggal tuwek.
“Haiyahh…sok-sok’an alesan lahir baru, wong kuwi ya mergane Yu Wasti dadi sekretaris we..
sugal Nduk I’in olehe menehi katrangan marang Dalijo.
“Badalaaa..jebule ana urang neng njero glepung…kiraku tulus iklas Lik…hmmm..raedak ya merga Yu Wasti. Mikirku sampeyan siyap NGETUTAKE Gusti, makarya leladi,jebule kabeh mung merga Yu Wasti…”Dalijo nyemprot Lik Ndoleng ora karuwan, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Pitak wareg nyedot getihe Sapi.

Mbahe..

Jumat, 17 Januari 2020

WONGROLAS


Jemuah Pahing 17 Januari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Purwaning Dumadi 27:30-38
Jabur 40:1-11
Markus 3:13-19
“Sawise iku Gusti Yesus tumuli minggah ing gunung sarta nimbali sapa wong kang dikarsakake lan iya banjur padha sowan ing ngarsane. Ana rolas kang ditetepake dadi kanthine, kang kautus nggelarake Injil” Markus 3:13-14

Ana WONGROLAS kang tinimbalan dening Gusti Yesus, kanggo ngrewangi Gusti Yesus ngayahi pakaryane. Bab kenganpa mung WONGROLAS , kok ora ditambahi apa disuda,kuwi satuspersen dadi “otoritase” Gusti Yesus. Sing baku, critane Kitab Suci bab sapa sing katimbalan kanggo makarya mirunggan karo Gusti Yesus kuwi mung WONGROLAS. Dene WONGROLAS kuwi wae, karo kabeh kitab Injil ora dicritakne apa wae kang ditindakne, sanadyan ana neng Injil Markus, kabeh tinimbalan kanggo makarya, sing salah sijine nundungi demit.

Saka WONGROLAS sing ditimbali dening Gusti Yesus, ana pasinaon-pasinaon apik sing isa dadi obor tumrap urip ing jaman saiki. Nalika ing jaman saiki akeh sing seneng dialem, ana sing pamer bab apa wae, seneng tampil lan disubya-subya, seneng pada “poto selpi”, njur dipajang neng hape, crita WONGROLAS sing ditimbali Gusti isa dadi kaca benggalaning urip. Saka WONGROLAS kang ditimbali kuwi ora kabeh pakaryane ditampilke, dicritakne dening Kitab suci. Sing dicritakake dening Kitab Suci paling ya mung Petrus, Andreas, Yakobus, Yohanes, Filipus, Natanael lan Thomas, kuwi wae mung sakcuil. Ananging sanadyan ora dipopulerke dening Kitab Suci, sanyatane mung Yudas saka Iskaryot wae sing mbalela,sing bedigasan uripe. Dene liyane tetp mempeng makarya, sanadyan ora dialem lan ditampilake.

Mbalik ing jaman saiki. Ing jaman saiki akeh sing gelemm,malah kepara seneng jenenge disebutake ana neng daftar panitia lan apa wae, ananging ora gelem makarya babarblas. Akeh sing mung senenge ditampilake bab pakaryane. Akeh sing senenge dialem,disubya-subya. Ketok’e mono iklas lan murwat apa sing dilakoni, ananging akeh sing kuwi mung merga ben terkenal, ben katon sing makarya. Lho, apa luput kuwi kabeh? Hora, ananging nuladha para murid’e Gusti Yesus sing WONGROLAS, ananging hora kabeh pakaryane dicathet neng Kitab Suci kuwi ya apik. Mulane, sing penting aja bab dialem lan dadi terkenal utawa populer, ananging ayo makarya jumbuh karo apa kang dadi peparinge Gusti Yesus, kaya para murid sing tetep makarya sanadyan ora cinathet neng Kitab Suci.

“Lho, Jo, jare dirimu melu dadi panitia bakti sosial, lha kok arang jenengmu disebut? Kamangka saben nyambut gawe ya ora nate leren..” Lik Ndoleng esuk kuwi sinambi ngopi, nakokne kridhane Dalijo neng panitia Baksos, sing kayane arang di-aplot potone.
“Niatku makarya kok Lik, ora arep nggolek populer..”Semuare Dalijo sinambi nyumet djarumsupere.
“Weh, lha penakmen sing mung pota-poto wae, ananging ora mbutgawe?” Lik Ndoleng sajak esmosi.
“Haiyahh..sampeyan kuwi maido sampeyan dewe ya Lik?Lha wong kereb dadi panitia, seneng jenenge disebut nalika acara-acara, nanging babarblas ratahu makarya..”Nduk I’in nyoal-nyael, sinambi metu nggawa kumbahan sing meh dipepe, mumpung ana panas.
“Lha kuwi bener kandane I’in Lik, sampeyan yen didapuk makarya,ya makarya, ajamung seneng jenenge tinulis ananging blas gah makarya.  Nuladha’a WONGROLAS sing dadi murid’e Gusti Yesus kae, ora kabeh dicritakne, ananging tetep makarya.” Dalijo njlentrehne critane Kitab Suci, dene Lik Ndoleng mung ngukuri sirah’e sing rambute mung kari 13 ler..

Mbah’e..


FIKSI Di Malam PASKAH