Rabu, 18 September 2019

MBINGUNGI


Rebo Legi 18 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia  14:1-10,17-22
Jabur 94
Lukas 7: 31-35
Marga saka tekane Nabi Yokanan Pambaptis iku ora mangan roti sarta ngombe anggur, kowe banjur calathu: Iku wong kepanjingan dhemit. Sawise iku Putraning Manungsa rawuh, Panjenengane dhahar lan ngunjuk. Kowe banjur calathu: Delengen, Iku rak wong grangsangan lan karem anggur, kancane para juru-mupu-beya lan wong dosa. Nanging kawicaksananing Allah iku kabenerake dening sakehing wong kang padha nampani.” Lukas 7:33-35

MBINGUNGI kuwi tembung linggane Bingung, sing tegese ora isa nyepadakne utawa nyipati kahanan. Dene bingung kuwi isa merga kahanan alami, ananging uga isa merga wegah nampa kasunyatan sing beda karo kekarepane dewe. Mula saka kuwi MBINGUNGI isa diparingi arti, ora isa nampa kahanan utawa kasunyatan merga beda karo kekarepan kamanungsane. Yen Bingung kuwi jik klebu “stadium” cilik utawa endek, ananging yen MBINGUNGI Kuwi wis klebu parah, stadium akut lan dhuwur bangitt..hehe

Bab MBINGUNGI kuwi nate klakon nalika jamane Gusti mulang wong akeh. Nalika akeh wong biasa pada gumun lan akhire mertobat, golongan Parisi lan Saduki ora isa nampa kahanan sing klakon. Lho,lha nalare piye? Nalika nabi Yokanan miwiti pakaryane lan ora mangan roti kaya biasane wong ing jaman kuwi, jare ora lumrahe wong urip lan malah diarani  kepanjingan dhemit. Dene nalika Gusti Yesus tumindak sing sebrangan karo sing dilakoni Yokanan, eee..malah diarani malah cedak lan kekancan karo wong dosa, lha sing kaya mengkene iki kan ya njelehi lan marakne umup getihe sapa wae sing ngonangi. Aja eneh awake dewe sing maca tulisan iki, lha wong Gusti Yesus sing sabare ngeram wae keduga (rada) esmosi..hehe
Lelakon kaya sing dipanggihi Gusti Yesus kuwi jik langgeng tekan saiki.  Akeh sing isa didadekne conto. Saumpama bingung randuwe kerjaan, ditawani kerjaan sing sederhana lan isa ndadekne sejahtera, mung mergadurung popular langsung ditampik, dijak investasi wedi, dijak pelayanan jare rungwancine lan sakpiturute. Kabeh wegah, nanging penegn sukses, lha pora njelehi ngene iki?

Njur bareng ana sing sukses lan makmur, klesak-klesik kana kene lan rana rene. Mbiyen dijak plinthat-plinthut bareng ana sing ndisiki kepenak njur mbebeki. Kuwi sing diarani MBINGUNGI. Mbokmenawa sing pada maca tulisan iki ya klebu “katetewel” eh, kategori bangsane sing MBINGUNGI, merga apa-apa wegah ananging pengen apa-apa. Ya pora?hehe..Sakdurunge didukani Gusti Yesus, ayo pada obah, aja mung maido wae, aja mung MBINGUNGI wae, ananging ayo obah lan tumindak.

“Jo, kok saiki kancamu esde kae sukses temen, apa resepe ya?” Takone Lik Ndoleng sajak MBINGUNGI nalika krungu kabar bab Maruta sing saiki sukses.
“Aja mung nyawang saiki Lik, mbiyen nalika miwiti usahane, meh kabeh ngguyu MAruta, ngece barang malahan” Dalijo sajak nyemes Lik Ndoleng.
“Lha ora sampeyan ya melu-melu ngece lan moyoki ta Lik?” Nduk I’in melu-melu nyemes pakne cilik.
“Ya iya jane..lha mbiyen kayane nyambut gawe renek hasile..lha bareng saiki kok kepenak temenan..mbok tak melu..”Lirih Lik Ndoleng olehe semaur..
“Gampang kuwi Lik, kana njaprio kyaine Tu Pong Ji..”Semaure Dalijo.

Selasa, 17 September 2019

ADIL


Selasa Kliwon 17 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 5:18-31
Jabur 94
Lukas 7:11-17
Gusti Yesus banjur nyelaki bandhosa, lan didemek. Kang padha mikul mandheg. Gusti ngandika: “He, bocah anom, Aku dhawuh marang kowe: Tangia!” Kang mati tumuli njenggelek, linggih lan wiwit guneman, banjur dipasrahake marang embokne. Lukas 7:14-15

ADIL Sanadyan mung sak tembung, lan ya mung patang huruf, ananging yen bab nindakne angele ngeram. Kuwi kabeh yen nggagas bab ADIL, sebab ana pirang-pirang penemu yen ngreken bab ADIL kuwi. Ana sing ngomong yen ADIL kuwi ngendum samubarang padha, mbuh butuhe pira ora masalah, sing penting padha. Ana meneh sing nduweni penemu, yen ADIL kuwi maringi utawa ngaturi jumbuh karo sing dibutuhake. Lan ing tulisan iki, ora arep nyinau bab tegese ADIL, ananging  arep nunjukne conto bab ADIL kuwi.

Seka Kitab Suci ana crita bab kaya ngapa anggone Gusti Yesus nindakne tumindak ADIL, nalika ing sawijining dina ketemu rombongan sripah. Ana sing mati, anake ontang-anting mbok randha. Sepira sedihe simbok sing kelangan anak kuwi. Nalika wong akeh mung “Nyengkuyung” ing kasedihan, Gusti Yesus tumindak beda. Gusti Yesus kagungan arah ngangkat kahanane sapa wae sing sedih tumuju marang kabungahan. Mulane, nalika papas an karo rombongan kang nggotong “kasedihan” ing sakjroning bandhosa, Gusti nimbali sing mati, dikon tangi (urip) meneh, lan akhire ya klakon. Saka crita iki isa dijupuk pasinaon, Gusti Yesus ora milah-milih sapa sing kudu ditulungi, ananging nulungi sapa sing butuh lan cedak kudu ditulungi. Gusti Yesus ora ndadak takon, apa agamane sing butuh pitulungan, ora ndadak takon seka trahe sapa lan suku bangsa ngendi, kabeh sing butuh ditulungi ya ditulungi. Kuwi kabeh sing diarani ADIL.

Tumindak ADIL ing jaman saiki wis arang banget. Arep tetulung wae ijik milah-milih, arep sapa-aruh wae ijik inggrang-inggring, arep atur pambiyantu wae ijik angele ngeram. Ana kalamangsane tatu-tatu jaman mbiyen dadi alesan wegah tumindak tetulung marang liyan. Gelem nulungi nalika sing butuh ditulungi mbiyen ora nate nyilakani. Utawa ana meneh, gelem nulungi menawa isa antuk keuntungan ing tembe mburine. Patrap sing kaya mengkono kuwi sing urip subur ing jaman saiki. Mula saka kuwi, tumrap sing maca tulisan iki, nengngendi wae parane, ayo pada ngilo lan njur isa nyawang awake dewe, apa wis nindakke pakaryan sing ADIL?

“In, kok paklik meneng wae ki kena apa?” Dalijo esuk kuwi nakoni dulure wedok.
“Mbuh kang ora dong aku..wong kawit wingi tak takoni mung meneng wae..sariawan mbokmenawa..”Wangsulane Nduk I’in sinambi nyapu jogan.
“O..kiraku ngerti alesane paklik Ndoleng  pasa ngomong..”Dalijo semaur sinambi  nyumet djarumsuper, lan njur ketungka Lik Ndoleng ujug-ujug ngomong sing wujudw pitakonan.
“Iki dinane apa cah?Lali aku, ora apal dina lan tanggal…”Lik Ndoleng takon sajak mbingungi, ananging Dalijo lan I’in ya mung meneng wae, sajak males Lik Ndoleng.
“Dusss..ditakoni ora ana sing mangsuli…!! Lha salahku apa cah??” Lik Ndoleng sajak nesu tenan..dene Dalijo lan nduk I’in mung mesam-mesem njero ati, merga sanadyan meneng wae, jebule WAnan, dene isine WA..”Ben ngrasakne ADIL LIk Ndoleng, wingi-wingi ngenegke,saiki genti dinengke..”

Kyai Tu Pong Ji

Senin, 16 September 2019

DIKROYOK


Senen Wage 16 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 5:1-17
Jabur 94
Lukas 7:1-10
“Bareng Gusti Yesus midhanget atur mangkono iku, Panjenengane eram, nuli minger mirsani wong akeh kang padha ndherek lan ngandika: “Aku pitutur marang kowe, pangandel kang samene gedhene iki Aku durung tau tumon, sanadyan ing antarane wong Israel!” Bareng kongkonan mau wis padha bali lan wis tekan ing ngomah, bature wis ketemu waras.” Lukas 7:9-10

DIKROYOK kuwi tembung linggane Kroyok, sing tegese ngupengi bebarengan. Dene anggone ngupengi kuwi mesti wae nduweni tujuan mirunggan, lan tujuan kuwi ana loro, tujuan sing apik lan sing ora apik. Saka tembung Kroyok kuwi ana pirang-pirang  pengembangan tembung, salah sijine DIKROYOK, sing tegese ngumpengi utawa  ngrubung samubarang kanthi ancas mirunggan. Ananging ana ing tata basal an panguripane wong Jawa, mirunggan ing budayane wong Jawa, tembung DIKROYOK kuwi luwih ngemu teges negative tinimbang positif, sanadyan sejatine kabeh tembung kuwi netral.

Ana crita Kitab Suci sing nyritakne bab DIKROYOK, ananging kang ngemu tegese positif. Crita kuwi ana ing Injil Lukas bab 7 ayat 1-10. Ing kana dicritakne nalika tindake Gusti Yesus tumeka ming laladan Kapernaum. Ing kana ana opsir prajurit sing nduweni rewang, dene rewange lara banget, nagnti meh mati. Krungu kabar bab Gusti Yesus rawuh ana neng kuthane, njur opsir kuwi njaluk tulung para pinitua agama Yahudi,  supaya sowan Gusti, cikben nulungi rewange. Temenan, nalika isa sowan Gusti lan matur apa sing dadi kebutuhane lan kuwi dirung wong akeh, sakbanjure wong akeh pada NGROYOK Gusti Yesus, supaya nulungi rewange opsir kuwi mau. Mirsa kahanan sing kaya mengkono kuwi, Gusti njur tumindak tumuju omahe si opsir. Nalika nyedaki omahe, opsir kuwi matur murih Gusti paring dhawuh wae, ora usah tindak ing omahe. Kuwi tata kapercayane opsir, sing manut karo dhawuhe atasan. Imane opsir kuwi jare para winasis teologi diarani iman sing kontekstual..hehe Gusti “gumun” mirsani kahanan sing kaya mengkono kuwi lan sakbanjure ngendika yen rewange wis mari.


Saka crita ing nduwur, ana sing isa dijupuk minangka piwulange urip. Sepisan, ana kalamangsane sambarang kuwi DIKROYOK, mirunggane sing abot, supayane enggal rampung. Aja malah padha minggir nalika ana gawean lan ayahan sing abot, kaya sing pada maca tulisan iki. Kapingpindhone, aja milah-milih gawean, apa wae sing mbutuhake nampa pambiyantu, ya ayo dibantu. Kaya opsir ing crita kuwi sanadyan mung rewang, ya tetep ditulungi. Uga kaya Gusti Yesus, ana wong butuh pitulungan temenan, ya ditulungi lan kuwi dijumbuhake karo tata iman utawa kapercayane. Yen rong perkara kuwi isa klakon ing urip jaman saiki, mesti kabeh lumaku apik.
“Jo, kok wingi ana wara-wara, arep kerjabakti kanggo nggreja kuwi, jan-jane gawean apa ta?Kawit mbiyen kok ora bar-bar?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo, nakika esuk kuwi wedagan neng pawon.
“Lha ya kae ta Lik, mernah-mernahke lingkungan Greja..” Semaure Dalijo sareh, sinambi nyruput kopi paite.
“Lha mung gawean kaya mengkono wae kok suwene ngeream!!?” Lik Ndoleng sajak gumun.
“Lha suwe ta Lik, wong sing akeh kaya sampeyan kuwi, kokean rembug rakagag (iki basa khas daerah  kidulan) cawe-cawe!” Nduk I’in melu nimbrung rembugane Dalijo karo Lik Ndoleng.
“Iya Lik, bener I’in, kudune gawean kuwi DIKROYOK, ben ndang rampung. Ora mung pada maido lan moyoki thok!” Dalijo melu mbedhil polahe Lik Ndoleng sing arang tumadhang,ananging akeh nyaruwe. Raine Lik Ndoleng sajak isin, ananging ya tetep njupuk djarumsuper Dalijo, sanadyan mung sakler..


Kyai Tu Pong Ji


Sabtu, 14 September 2019

NGRESIKI


Setu Pahing 14 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Yeremia 4:13-21
Jabur 14
Yokanan 3:13-17
“He Yerusalem, atinira resikana pialane, supaya sira oleh kaslametan! Isih pira suwene pangrantamira kang ala anggone andhok ana ing atinira?” Yeremia 4:14

Tembung NGRESIKI kuwi linggane Resik, sing tegese kahanan kang ora ana reregete babar pisan. Lan menawa ana sing tuwuh pitakonan, kok ora nganggo jejer Resik, kuwi merga jejer Resik wis nate dingo jejer renungan BENINGE EMBUN ESUK nalika tanggal siji nopember rongewu wolulas, lan ukume grup dalijondoleng, ora pareng saktembung dadi jejer kaping pindho..hehe.. Mbalik marang gegautan ing antarane tembung NGRESIKI lan Resik. Menawa resik kuwi kahanan, mula NGRESIKI kuwi pagawean kanga mbudidaya suaya tumeka ing kahanan, lha kahanan apa sing diupayakne lumantar pakaryan NGRESIKI? Ya cetha, supaya kahanane dadi Resik. Iki iya ngemu  teges, yen samubarang kang diresiki lumantar pakaryan NGRESIKI kuwi mesti ora resik utawa reget. Lan kahana kang reget kuwi ora apik, mulakudu diresiki.




Dene gawean NGRESIKI kuwi ya isa diarani mayar, isa uga diarani angel, tegese ana gawean NGRESIKI sing angele ngeram, la nana uga gawean NGRESIKI sing mayar. Lan sejatine bab mayar lan ora kuwi gumantung karo kekaprepan. Menawa pawongan kuwi seneng kahanan kan resik, ngerti rereget sithik wae mesti enggal-enggal diresiki, iki beda karo pawongan (mbuh sapa iku, mbokmenawa sing maca tulisa iki ya klebu) sing kemproh utawa jorok, nalika ngerti utawa weruh kahanan sing ora resik, ya mung ditokne wae, ora tumandang NGRESIKI babar pisan.

Bab RESIK’ing kahanan kuwi nate dadi pepeling saka Gusti Allah lumantar nabi Yeremia. Nalika semana umat ngisrael ngeyele ngeram, polahe ora karu-karuan, mblangsar ora nggenah. Kabeh polah tingkah kuwi ana ing pamirsane Gusti Allah minangka rereget. Mula saka kuwi, supaya aman lan slamet, manut kersane Gusti, kabeh rereget kuwi kudu diresiki. Dhawuhe neng Kitab Yeremia bab 4 ayat 14 cetha baget, “…Atinira RESIKANA..” Iki negmu teges, supaya manungsa enggal tumindak NGRESIKI atine, NGRESIKI uripe, NGRESIKI pikirane, NGRESIKI pemahaman sing ora pener lan bener, supay kabeh resik lan merga saka kuwi olih nugraha sing awujug wilujeng raharja. Sepisan meneh, bab abot lan enthenge gawean NGRESIKI kuwi gumantung karo kahanane, isa entheng lan uga isa abot. Ananging, aboata kaya ngapa, yen nduweni karep kanggo NGRESIKI, mesti ditandangi, dene enthenga kaya ngapa, menawa ora nduwe karep nandhangi, ya isa dadi abote ora ukur.

“Ngapa Jo kok awakmu gluprut kaya seka nduduk kendhang?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika sore kuwimeh jagongan kaya biasane.
“Karepku arep nggoleki buku awas, jebul lemari regeete ngeram, mula ya kudu tak RESIKI Lik..”Semaure Dalijo.
“Weh, ya mathuk kridhamu Jo, aja kaya I’in, weruh regetan sak thekruk mung disawang wae..” Lik Ndoleng semaur, sinambi ngenyek Nduk I’in sing durung njedul.
“Ben Lik, kuwi ora masala hora karep, mung durung kumanan wektu, sedina rung leren..tinimbang sampeyan, kalamangsane atine jik kebek regetan, ngupaya nyedak’I Yu Wasti..hehe..ya pora Lik?” Semaure Nduk I’in mak cengkrang merga langsung ndulek pikirane Lik Ndoleng.
“Dusss..isa wae bocah iki ngenyek aku..”Batine Lik Ndoleng.
“Iya Jo, setuju au bab gawean reresik, ben resik..ning ya pikiranmu bab Tarsi pow is resik?”Ujug-ujug Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab Tarsi, dene Dalijo mung mesem kecute ngeram, kaya blimbing wuluh, mbuh apa sing dadi pikirane Dalijo..


Kyai Tu Pong Ji

Jumat, 13 September 2019

PICAK


Jumat Legi 13 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 4:1-10
Jabur 14
Lukas 6:39-42
“Gusti Yesus banjur ngandika maneh marang wong-wong mau kalawan pasemon mangkene: “Wong picak apa bisa nuntun wong picak? Apa karone ora bakal kecemplung ing luwangan?” Lukas 6:39

Tembung PICAK kuwi arang dikandakne, merga ana neng pranatan ora tinulise wong  Jawa, ana tembung-tembung sing rada mesakne. Lho kok mesakne?Merga arang sing gelem ngomongke, kayata: Asu, sanadyan kuwi wis jenenge, ananging arang sing wani blaka suta ngomongne Asu, sanadyana kuwi ya jujur ngarani kewan sing jenenge Asu. Semono uga bab tembung PICAK, iki sejatine arep njlentrehne kahanane titah sing ora isa nyawang, organ awak sing jenenge mata ora isa digunakake kaya lumrahe. PICAK kuwi isa merga pirang-pirang perkara, sakperangan isa takaturne. Siji,merga pancen kawit lahir mula organ mata ora isa nduweni pungsi sing pas nomer loro organ mata ana, ananging merga ora kerumat kanthi apik mula dadi rusak, nomer telu sejatine nduweni mata lan normal, ananging wegah nggunakne kanth sakmestine. Sing kaya mengkene iki ya klebu sing diarani PICAK, utawa luwih pas’e micak’e.



Bab PICAK kuwi nate dadi pokok piwulange Gusti Yesus, yakuwi nalika pada diwulang malah maneni sing mulang. Sing diwulang rumangsa luwih ngerti tinimbang sing mulang, kamangka sejatine babarblas ora ngerti, utawa sejatine mung ngerti saklas ananging ngakune sepikul. Rumangsa ngerti akeh kuwi mbebayani, ananging luwih mbebayani nalika wegah ditambahi pangerten, wegah dijak sinau, ananging yen dikritik alesane “kula nika namun tiyang bodho, sagete naming mekaten”. Wis ngaku bodo ananging dijak sinau bareng wegah, sakisane bareng ora pener, dipenerke nesu. Kuwi kabeh klakon nalika Gusti Yesus memulang. Mirsani kahanan kaya mengkono kuwi, Gusti njur maringi pasemon, yen mokal yen wong PICAK isa nuntun liyane, sing pada-pada PICAK.

Wosing piwulange Gusti Yesus kuwi sejatine, aja mandeg olehmu sinau,aja nutup pangerten-pangerten anyar sing akehe ora umum iki. Sepisan wae nutup marang perkara-perkara sing anyar sejatine kuwi wis isa diarani lumebu ing kahanan PICAK, ora gelem ngerteni samubarang kang ana. Mula saka kuwi, aja mandeg olehe sing pada sinau, lumantar apa wae lan uga neng ngendi wae, merga sinau kuwi sejatine mujudake yen menungsa kuwi URIP. Yen ora (gelem) sinau, tegese ya ora urip, ora sinau tegese ora ngerti lan ora ngerti kuwi ya isa diarani PICAK.

“Jo, kok saiki nggrejane dewe nggaya temen, nganggo anggaran literature, kuwi apa tegese donator ta?” Lik Ndoleng nakoni Dalijo baba pa sing ndadekne bingung.
“Yungalah Lik, literature wae ora ngerti, kuwi lak sing dingo ngecet saka lan gebyok” Sajak ngerti Nduk I’in nyoal-nyael.
“Kuwi Plitur In..dudu literature. Literatur kuwi buku, anggaran literature kuwi kanggo nyawis wacan-wacan sing apik lan berbobot tumrap greja, ben pinter” Dalijo  njlentrehke.
“Weh..apik kuwi Jo, anaging kok mung sithik?”Lik Ndoleng sajak kurang marem.
“Ssstt..ana alokasi wae wis esipp..rasah protes ndisik..sesuk-sesuk ditambahi…”Dalijo mangsuli, sinambi nyumet djarumsupere, ora wedi karo kape’a’i..

Kyai Tu Pong Ji

Kamis, 12 September 2019

SATRU


Kemis Kliwon 12 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 13:20-27
Jabur 14
Lukas 6:27-38
“Nanging kowe, padha tresnaa marang satrumu, padha becikana sarta silihana tanpa pangarep-arep piwelase, temah bakal gedhe ganjaranmu, apamaneh kowe bakal padha dadi putraning Allah Kang Mahaluhur, amarga Panjenengane nindakake kasaenan marang wong kang padha ora weruh ing kabecikan lan para wong ala.” Lukas 6:35

Tembung SATRU kuwi tegese samubarang kang ora dadi kekarepane, samubarang kang diendani utawa dimungsuhi. SATRU kuwi ora kudu sing ala utawa ora apik, malah ing jaman saiki, isa wae malah babagan sing apik. Yen ora percaya, hayo pada nakoni marang awak’e dewe-dewe, apa ngapura kuwi bab sing ala?Ananging jik akeh sing emoh utawa wegah nglakoni tumindak ngapura, merga rumangsa ora lega menawa kekarepane ora klakon. Uga ing bab pakaryan apik, leladi ana neng saktengahing paguyupan utawa pasamua kuwi apa bab kang ala?Kang kuwi bab sing apik ta?Ananging ya ora sithik sing ngendani ,malah kepara nggething , bab sing kaya mengkono kuwi.

Isine piwulange Gusti Yesus ana ing Lukas 6 ayat 27 tekan 38 kuwi bab nresnani SATRU. Ing bab iki pancen sing diarani SATRU kuwi cetha, yakuwi pawongan sing disengit utawa digething. Lho, lha kana ngapa kok isa digething? Isa wae merga tumindake ora jumbuh karo kekarepane, lan ing bab iki durung mesti sing ora dadi kekarepane kuwi bab sing ala. Mula saka kuwi, Gusti paring dhawuh, tresnanana samubarang kang ora dadi klangenanmu, klebu sing sengit marang awakmu lan uga bab (sing apik lho ya) sing nembe mbok sengiti.
Lumrah ana ing uripe menungsa kuwi yen dauber utawa diburu bab sing ndadekne mareme atine, arang mburu sing dadi ayem tentreme liyan. Uga akeh sing mburu mareming atine lan kuwi malah dadi kapitunane liyan. Ing kahanan kang kaya mengkene iki, Gusti paring pangandika supaya samubarang sing dadi sengiting uripe, kudu ditresnani. Lumantar ukara iki, isa uga diparingi arti, sanadyan kuwi jian ala temenan, sapa ngerti sakwise ditresnani, ing tembe mburine dadi apik.

Mula saka kuwi, tulisan BENINGE EMBUN ESUK ing Kemis Kliwon iki, ngajak sapa wae sing maca kanggo nyadhari, yen samubarang sing disengiti kuwi durung mesti babagan sing ala utawa elek, isa wae kuwi malah sing apik lan manut kersane Gusti. Mulane, ayo kabeh dipapanke ing katresnan, kanthi pangajab ing tembe dadi apik kabeh.

“Lik, apa jik sengit karo kang Markun?Apa kang Markun kuwi dadi SATRU ing uripmu?” Sore kuwi Dalijo ujug-ujug nakoni pakne cilik Ndoleng.
“Weh, entuk pirang perkara Jo, kok makbenduduk takon bab kaya kuwi?” Lik Ndoleng sajak kagete poll..
“Kari mangsuli wae kok kokean alesan Lik..padune rawani blaka wae..yen sejatine gething, sengit laro Kang Markun” Mak ceplos Nduk I’in menehi katrangan.
“Dus…asemb kecut!! Kok ngerti obah mosiking atiku kowe In!!?” Semaure Lik Ndoleng.
“Wis, ora apa-apa Lik, bab sengit lan SATRU kuwi lurmrah ing uriping menungsa, ananging ayo manut kersane Gusti, ditresnani” Kotbahe Dalijo.
“Siappp…uga kowe In..gelema bojomu dadi ketua majelis..yen kuwi dadi SATRU tumrap bojomu, konen nresnani” Lik Ndoleng entuk gaman kanggo mbedhil Nduk I’in, dene I’in mang klakeb ora isa wangsulan..

Kyai Tu Pong Ji

Selasa, 10 September 2019

WATAK


Selasa Pon 10 September 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 19:1-15
Jabur 2
Lukas 6:12-19
Kacarita ing nalika samana Gusti Yesus minggah ing gunung ndedonga; nganti sawengi natas anggone ndedonga. Bareng wis raina para sakabate padha ditimbali, banjur dipilih rolas, kang padha dijenengake rasul, yaiku: Simon, kang uga diparingi jeneng Petrus, lan Andreas sadulure Simon, Yakobus lan Yokanan, Filipus lan Bartolomeus, Mateus lan Tomas, Yakobus anake Alfeus, lan Simon kang karan wong Zelot, Yudas anake Yakobus lan Yudas Iskariot kang ing tembe laku cidra. Lukas 6:12-16

WATAK kuwi kahanan, yakuwi kahanan batin sing kuwat banget lan iki sing isa nduweni pengaruh sing kuwat marang sawernaning tumindak lan uga sikepe menungsa. WATAK kuwi (jarene) gawan bayi, lan isa tuwuh lan urip ngrembaga merga akeh factor, salah sijine brayat lan lingkungan. Merga saka pangerten yen WATAK kuwi gawan bayi, mula njur ana unen-unen, “Yen Watuk isa dimareni,ananging yen WATAK ora bisa dimareni”. Kuwi ngemu teges, yen wis WATAK ya pancen angel diowahi,merga kuwi gawan bayi. Ananging sanadyan ora isa diowahi, tetep wae isa dikendaleni, supaya mung ngener marang bab sing apik lan uga isa mbangun lan mangun urip bebarengan sing luwih nyenengake.

Merga gawan bayi, mulane WATAK’e menungsa kuwi siji lan sijine mesti beda, malah kepara sing jarene kembar tunggal sak adah wae ya meksa beda WATAK lan Wantune.  Iki nggambarake kepiye maha kwasane Gusti Allah, sing isa ngripta mayuta-yuta menungsa kanthi kahanan kang beda ing antarane siji lan sijine. Beda kuwi ora kleru, malah apik, sing ora apik yakuwi nalika pada ora isa nampa kahanan kang beda lan mbudidaya madakne siji lan sijine,utawa nyragamke. Bedane WATAK ing antarane titah, klebu ing bab iki menungsa, sejatine ngemu teges, supaya isa jangkep lan ndadekne kahanan luwih endah merga ana maneka werna kahanan, ora mung siji thok thil.



Bab WATAK sing beda iki cetha banget nalika Gusti nimbali sekabat rolas. Ing kana ana sing aktif lan kreatuf, ana sing kemaki, ana sing menengan, ana sing mutungan, ana sing seneng unggul, ana sing enthengan, ana sing (rada) males..hehe..Ananging Gusti ora nate nalika memulang meksa kon dadi pada. Kuwi kabeh sejatine ngemu piwulang, uga tumrap sing maca tekan saiki, yen kahanan sing beda kuwi lumrah. Mbaleni bab WATAK kang seje utawa beda saka crita para sekabat rolas sing ditimbali Gusti. Sejatine lumantar  pangwasane, Gusti isa madakne dadi  WATAK siji, ananging apa pikolehe?Malahan kahanane ora jangkeb, mung monoton..hehe. Mula saka kuwi, yen bubar nemu lan maca tulisan iki, ayo pada sadhar, yen bedane WATAK kuwi sejatine wus dirancang dening Gusti, dadi dudu kacilakan. Merga wis dirancang,mula ya mesti apik tujuane. Tugase menungsa kuwi ora ngowahi WATAK, yen Watuk ya kudu diowahi, ananging nyelaraske WATAK ben supaya isa mlaku bareng kanthi rukun.

“Kopine adem Lik, kok ora diobe-ombe?” Dalijo sore kuwi bubar nonton pilem animasi Sopo lan Jarwo nakoni Lik Ndoleng.
“Jik ngontor aku Jo, wong kok karepe menang dewe. Ditakoni apik-apik wangsulane cekak lan kecut kaya blimbing Wuluh” Rada mbethatut Lik Ndoleng mangsuli takone Dalijo.
“Kuwi dudu salahe sing mbok takoni Lik..”Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Kok isa In?” Lik Ndoleng sajak kaget.
“Yen wis WATAK’e ngono ya kudune  sampeyan sing maklum, aja meksa dekne kaya kekarepan sampeyan Lik..”Nduk I’in njentrehne karepe.
“Bener I’in Lik..urip kuwi sing mandiri,aja gumantung karo sikepe Liyan. Arepa mbesengut kaya ngapa, esemana wae, kuwi tegese merdika Lik..” Dalijo kaya padatan, ngotbahi..




Kyai Tu Pong Ji

FIKSI Di Malam PASKAH