Selasa, 13 Agustus 2019

DEREP


Selasa Kliwon 13 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

DEREP NGGON IKI WAE


Yesaya 24:1-13
Jabur 11
Mateus 9:32-38
“Gusti Yésus banjur ngandika marang para muridé: “Sing kudu dienèni akèh, nanging wong sing derep mung sethithik Mulané padha nyuwuna marang sing kagungan panèn, supaya kersa nambahi cacahé wong sing derep.” MAteus 9:38

Mbiyen sing jenenge pegawean DEREP kuwi lumrah ana ing uripe para sedulur ing karang padesan. DEREP kuwi  nyambut gawe utawa makarya kanggo ngrewangi liyan kanthi bebulih apa sing dilakoni, dene etungane manut “kesepakatan” sing lumaku utawa manut adat kebiasaan sing ana ing kono. Tumrab sapa wae sing ora nduweni lemah sing ditanduri, DEREB kuwi mingaka pengarep-arep  supaya urip ing tembe isa ana jaden, mulane menawa ora ana DEREPAN, mesti dadi sanggan kanga bot tumrab wong sing ora nduwe tanduran. Merga saka kahanan sing kaya mengkene iki, mulane sapa wae sing DEREB kuwi mesti nyambut gawene sregepe ora umum, esuk umun-umun wis mangkat lan sakdurunge sing nduwe tanduran tekan ing sawah apa tegale, sing DEREB wis oleh ayahan utawa gawean sing akeh lan malah ana kala mangsane gaweane meh rampung.
Sing ndadekne para “pendereb” kuwi makarya kanthi sregep lan semangat merga nduweni pengarep-arep, yakuwi entuk “bawon” sakwise nyambut gawe ing dina kuwi, lan sesuke menawa mangkat DEREB meneh, ya bakalan nampa bebuli jumbuh karo gawean sing dilakoni. Lumantar Bawon sing ditampa, kuwi isa dinggo nyukupi kebutuhan pangan uripe lan uga brayate. Mula saka kuwi, ora ana wong sing DEREB sing mung leda-lede, klolat-klelet  lan molas-malesan, merga yen nglakoni kuwi kabeh, mesti ora bakalan entuk bawon sing cukup kanggo kebutuhane urip.
Bab DEREP kuwi nate dadi pasemon piwulange Gusti Yesus. Nalika Gusti mirsani wong akeh sing lara lan rinungket ing dayane iblis, Gusti trenyuh la nana ing kawicaksanane Gusti, merga ora akeh sing gelem kautus kanggo makarya. Mula saka kuwi, Gusti sakbanjure  ngendika, yen sing kudu dieneni utawa dipanen akeh ananging sing DEREP mung sithik, mula dinawuhan nyuwun Sing Kagungan Panenan, nimbali para tukang DEREP meneh.
Apa sing tinulisan kuwi sejatine gegambaran urip iki lan uga timbalan leladi. Akeh warga pasamuan,ananging pada wegah diajak DEREP ana ing tegal lan sawahe Gusti. Dene alesane meneka werna, kamangka kanggo sanguning urip ing klanggengan mung ana siji syarate: BAWON sing saka Gusti! Mula yen pada wegah DEREP neng sawah-tegale Gusti, ya mokal yen mbesuk’e isa urip karo Gusti neng klanggengan, iki rega mati!
“Jo, yen taksawang lan takrasakne, kok sliramu kuwi ora tahu nampik apa wae gawean neng pasamuan? Jan-jane apa sing dadi alesanmu?” Sore kuwi nalika wedangan neng Lincak ngarepan sisih kulon, Lik Ndoleng nakoni Dalijo saking gumune marang sregepe Dalijo bab pakaryan greja.
“Kuwi apik Lik, tinimbang kaya sampeyan, kokean alesan..”Nduk I’in nyoal-nyael kaya padatan.
“Rabutuh rembugmu In, aku nakoni Dalijo!” Semaure Lik Ndoleng rinasa rada sugal.
“Aku kuwi rumangsa ora nduwe sangu kanggo sowing Gusti ing mbesuk’e Lik, kamangka sanguine kudu kaya kersane Gusti. Mula sing taklakoni iki kaya dene DEREPku marang pakaryane Gusti, ben entuk Bawon kanggo sanguku sowan Gusti” Semaure Dalijo sinambi nyumet djarumsupere..
“O…o..kaya ngono ta alesanmu…”Semaure Lik Ndoleng lirih, sajak isin..dene Nduk I’in mung mlengeh kaya Jaran kasmaran.

Mbahe..


Senin, 12 Agustus 2019

NGREMEHAKE


Senen Wage 12 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI AJA DIREMEHNE!!


Yesaya 2:1-4
Jabur 11
Mateus 9:18-26
Gusti Yésus banjur ngandika: “Padha metua; bocah kuwi ora mati, mung lagi turu.” Wong-wong mau padha nggeguyu Panjenengané. Bareng wong akèh mau wis padha metu, Gusti Yésus nuli mlebu ing kamaré bocah wadon mau, sarta ngasta tangané. Bocahé banjur gumrégah ngadeg. Kabar bab lelakon kuwi banjur sumebar ing setanah kono kabèh. Mateus 9:24-26

NGREMEHAKE kuwi asalae seka tembung Remeh, sing tegese kurang ana ajine utawa malah babarblas ora ana ajine. Dene sing kurang aji utawa malah babarblas ora ana ajine kuwi isa barang,isa kahanan lan uga isa kahanan. Mula saka kuwi tembung NGREMEHAKE ngemu teges sikap ngasorake utawa mapanake samubarang tanpa aji babar las utawa ajine mung sithik, lan merga saka kuwi njur ora dianggep penting. Biasane sikpe NGREMEHAKE kuwi isa dititeni lumantar pirang-pirang cara utawa tanda, kayata: Wegah nyawang, ngguyu sinambi mlengos, wegah ngrungokake lan ora gelem nggawa, ora gelem nyekel utawa nyenggol lan akeh cara kanggo nelakake yen pawongan kuwi NGREMEHAKE kahanan.

Ana crita neng Kitab Suci sing isa dadi kaca benggala sing apik kanggo ngerti luwih pas bab NGREMEHAKE. Crita kuwi bab pakaryane Gusti Yesus sing nguripake bocah sing sejatine wis mati. Nalika disambati bapakne bocah sing wis mati mau, Gusti njur paring dhawuh supaya sing manggon neng kamar (nunggoni jisime bocah sing amti) pada metu, lan ngendika yen bocah kuwi ora mati, ananging mung turu. Kahanan iki sing ndadekne wong akeh nggeguyu, sing mratandakne yen wong-wong kuwi NGREMEHAKE Gusti Yesus. Bareng wis pada metu lan Gusti mirsa kahanane bocah, njur ngasta tangane jisime bcah kuwi, banjur si bocah gumbregah ngadeg.  Kahanan kuwi sing ndadekne wong akeh sing maune nggeguyu sing tegese NGREMEHAKE dadi ngowoh gumun merga lelakon sing mentas ana. Elok’e, sakwise lelakon kuwi, Gusti Yesus ora mirang0mirangke sing maune NGREMEHAKE Panjengane, iki sing uga pantes dituladani dening sing sapa wae maca tulisan iki. Menawa nate diremehke lan banjur isa ngliwati bab sing diremehake mau, aja njur kumlungkung utawa gumunggung,ananging  tetep kudu andhap asor lan lembah manah.

KOLESTEROL AJA DIREMEHKE!


Bab NGREMEHAKE lan uga DIREMEHKE kuwi perkara lumrah ana ing njagad iki. Sing pada maca tulisan iki ya nate ngalami lelorone, DIREMEHAKE lan uga (malah luwih kerep kayane..hehe) NGREMEHAKE. Mula saka kuwi, sinau seka pakaryane Gusti Yesus lan uga andharan cekak ing BENINGE EMBU ESUK iki, ayo pada nglakoni apa wae lumantar percaya. Merga yakin utawa percaya kan manteb kuwi sing ndadekne Gusti Yesus tetep bakoh nindakne apa sing kudu ditindakne, ora merduli sanadyan digeguyu utawa diremehake dening liyan.

“Jo, apa usahamu kuwi isa lumaku lan lancar? Ya bener saiki jaman dijital, ananging apa ya mungkin idemu kuwi isa klakon. Aja ngayawara Jo…”Sore kuwi Lik Ndoleng nakoni Dalijo bab apa sing ditelateni minangka garane urip.
“Iyo lho kang, okeh sing cluluk, mosok jaman saiki mung arep urip dadi wong tani, kuwi wae ora digelar neng pasar, malah mung liwat hape” Nduk I’in ndilalah sarujuk karo Lik Ndoleng, merga nate krungu sing pada NGREMEHAKE Dalijo.
“Ben wae, aku malah seneng yen DIREMEHAKE, merga kuwi pitamine usahaku Lik..In, nanging aku tetep yakin, yen iki dalaning urip sing diparingake Gusti kanggo aku” Semaure Dalijo manteb..
“Ya muga-muga sing pada NGREMEHAKE pada ngowoh ing mengkone..” Lik Ndoleng mangsuli kanthi esem.

Mbahe..

Minggu, 11 Agustus 2019

NGENTENI


Minggu Pon 11 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI CEMILAN NGGO NGENTENI


Purwaning Dumadi 15:1-6
Jabur 33:12-22
Ibrani 11:1-3,8-16
Lukas 12:32-40
““Kowé kudu tansah siyaga ngadhepi samubarang prekara. Klambimu cancutna lan diyanmu panjeren. Ora béda kaya abdi sing ngentèni konduré bendarané saka péstané wong mantu. Yèn bendarané rawuh lan thothok-thothok lawang, abdi mau énggal-énggal mbukakaké.” Lukas 12:35-36

NGENTENI kuwi pada karo nunggu, yakuwi tumindak utawa pagawean jinaga marang apa sing wis jinajekake. Jenenge wae pagawean, ya mestine wae mbutuhake ubarampe. Dene pagawean NGENTENI kuwi ubarampene ya akeh, kudu nduweni sabar, nduweni rasa telaten, kudu nduweni energi utawa tenaga sing linuwih merga kudu tansah siap nganti tumekaning sing dienteni, kudu nduweni kreatifitas utawa kaprigelan kanggo ngisi wektu ing sakjroning nunggu utawa NGENTENI kuwi maul an sing baku kudu yakin yen sing dienteni kuwi bakal teka lan ora goroh.

Piwulange Kitab Suci ing dina iki, minggupon sewelas agustus rongewu songolas, ngajak sapa wae kanggo sadhar yen urip iki sejatine mung wektu kanggo NGENTENI. Lho lha NGENTENI apa lan sapa?Ya NGENTENI rawuhe Gusti sing akalan nimbali sakabehing wong minangka titah kanggo “mulih” marang omahe sing langgeng. Bab urip kuwi NGENTENI ora isa diselaki,ananging sing kudu dirasa lan dipikirake, njur ing sakroning wektu NGENTENI kuwi kudu ngapa. Rama Abraham, ing sakjroning wektu NGENTENI marang janjine Gusti ya tetep sengkut makarya kaya apa sing dadi tugas tetimbalane. Dene ancas utawa tujuan ngapa kok ndadak makarya, merga Rama Abraham percaya, yen ing sakjroning makarya kuwi sejatine kahanan sing ndadekake dewek’e tansah waspada lane ling. Iki sing penting, ing sakjroning NGENTENI aja pada nganggur lan mung leda-lede,ananging pada makarya’a jumbuh karo tetimbalanne Gusti. Lha apa sing dadi tetimbalane Gusti marang uripe dewe? Kuwi gampang, sawangen apa sing kurang ing sakiwa tengenmu! Kuwi wae, lan nalika ana sing kurang, ya ndang jangkepana.


OBAT LARA UNTU


“Lik, aku arep mangkat gasik,mruput.”Pamite Dalijo marang Lik Ndoleng ing dina minggu esuk,naika jamsetengah enem wis klimis meh mangkat neng nggreja.
“Badalaaa…iki jam pira Jo, jik esuk,lagi jam papat kok wis mangkat,po arep ngepel greja?” Kaget Lik Ndoleng njur semanta.
“Jam duwekmu wektu ngendi Lik, apa wektu planet merkurius?Lha genah iki wis jam enem kok jare jam papat,apa malah mripate sing slewah Lik?” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael.
“Iki jik jam setengah enem Lik, aku mung pengen melu cecawis neng papan pangibadah, supaya mengko nalika kebaktian, kabeh lancar lan dadi karahayon tumrap kabeh sing sing rawuh. Iki caraku ngajeni wektu peparinge Gusti Lik, In..iki caraku NGENTENI rawuhe Gusti,merga aku babar blas ora ngerti kapan rawuhe. Mula aku kudu cecawis kanthi pakaryan sing becik” Wangsulane Dalijo sinambi mangkat, merga wektu sansaya awan…

Mbah’e..

Sabtu, 10 Agustus 2019

NGLUMPUKAKE


Setu Pahing 10 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NGLUMPUKAKE


Yesaya  1:2-9,21-23
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 6:19-24
“Nanging padha nglumpukna bandha ana ing swarga. Awit ing swarga ora ana rayap lan renget sing bisa ngrusak bandha mau, lan maling iya ora bisa mbabah lan nyolong.” Mateus 6: 210

NGLUMPUKAKE, kuwi linggane Nglumpuk, sing tegese dadi siji. Merga dadi siji, mula sejatine ora mung siji,nanging akeh. Sing akeh dadi siji kuwi diarani Nglumpuk, dene NGLUMPUKAKE kuwi tegese tumindak kanggo ndadekne siji sabarang sing akeh ana ing papan kang winates. Gawean NGLUMPUKAKE kuwi dudu gawean sing mirunggan, merga saben wong isa nglakoni gawean iki. Dene sing diklumpukake kuwi biasane barang sing manut penemune nduweni pengaji, merga yen kuwi ora nduweni pengaji, mokal diklumpukake.

Ing donya iki, sing kerep diklumpukake dening menungsa –merga dianggep nduweni aji- yakuwi banda donya. Dene sakliyane banda donya sing katon, angel sing mirunggan ngupayakne. Magepokan karo bab NGLUPUKAKE kuwi, ana piwulang apik banget saka Gusti Yesus, yakuwi supaya saben wong oramung fokus NGLUMPUKAKE banda sing katon merga kuwi bakalane sirna, ananging dinawuhan NGLUMPUKAKE banda kaswargam sing ora bakal ilang merga dipangan ngenget lan Rayap. Ananging merga nduweni lan NGLUMPUKAKE banda kaswargan kuwi kayane ora nduweni daya linuwih ana ing pamawase menungsa, ya racake pada wegah ngayahi, aluwung NGLUMPUKAKE bandane kadonyan, sing pancen kahanane nyenengake temenan.

Aja Dibuka Ya!!!  IKI GAMBAR PORNO!!

Saiki njajal, ayo ngilo uripe dwe-dewe, akeh endi wektu kanggo manembah karo Gusti yen ditandingake karo wektu ngupayakne banda kadonyan? Pira wektu sing dicawiske kanggo maca kitab suci, ndendonga khusus ndongakne liyan, mangkat kebaktian lan uga nderek leladi?Mesti yen gelem jujur, wektu kanggo nglumpukake banda kadonyan luwih akih. Yen sarujuk menawa kabeh tumindak ritusal agama kuwi srana kanggo NGLUMPUKAKE bandane kaswargan, coba tandingna karo wektu nguyak malah kepara mbledik banda kadonyan?Mulane, sinau seka piwulange Gusti, ayo pada miwitii focusing urip kanggo NGLUMPUKAKE banda kaswargan.

“Lik, sesuk bar neng nggreja arep nengndi?” Takone Nduk I’in marang Lik Ndoleng.
“Hmm..a..anu In, aku ijin ora neng nggreja, aku ana ayahan mirunggan…” Semaure Lik Ndoleng.
“Haiyahhh..acara mirunggan apa, wong mung meh mancing wae kok diarani acara mirunggan” Dalijo melu cawe-cawe.
“Mbok dieling Lik, wektumu mancing karo ngibadah sejam yen dina minggu kuwi akeh endi? Mbok mikir, ngibadah kuwi isa diarani NGLUMPUKAKE bandane kaswargan. Aja sembrana Lik, eling wis tuwa,wis ompong kuwi lho,…”Pangolok’e Dalijo.

BEN SEHAT


“Weladalah, aku pancen ora isa enda karo sliramu Jo, tapi mbok ya aja ngelokake bab umur, pekewuh aku iki” Lik Ndoleng sajak ora jenjem ing ati merga bab umur kuwi mau.
“Sing penting Lik, ayo NGLUMPUKAKE bandane kaswargan wae, denee bandane donya iki cikban dadi wuwuhe berkah saka ayahan peparinge Gusti iki” Dalijo kaya biasane, kojah sakrasane.

Mbah’e..

Jumat, 09 Agustus 2019

PASA


Jumat Legi 9 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI DALANE PASA


Yesaya 9:18-10:4
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 9:14-17
Pangandikané Gusti Yésus: “Kepriyé penemumu? Endi ana tamu ing pésta pengantèn kokprihatin, yèn pengantèné lanang isih ana ing kono? Mesthi ora! Nanging bakal ana mangsané pengantèn lanang lunga saka ing kono. Ing wektu iku para tamu mau bakal padha pasa.”Mateus 9:15

PASA kuwi dudu bab sing asing ana ing tata panguripaning menungsa, seka ing jaman kuna tumeka ing jaman saiki. Saben “peradaban” kayane ngerti lan malah kepara nglakoni apa sing diarani PASA,mbuh apa tujuan lan kepiye carane. Ing jaman saiki bab PASA ya isih dadi “perdebatan” sanadyan ora gandhang keprungu, merga mung ana ing sawetara wong, mirunggan seka kelompok “minoritas”. Sing dadi bahan pitakonan ya tetep wae bab wektu lan tata carane. Mirunggan tumrap warga greja, bab PASA kuwi jik wedi-wedi wani, lan kabeh ya nduweni argumentasi sing (sajak’e) kuwat. Merga kabeh kepingin mangerteni bab PASA sing pas, mula ya ayo bali marang sumbering piwulang, yakuwi Kitab Suci, merga saka ing kana isa dipethik pasinaon apik kanggo pancataning urip.

RAHASIA HIDUP SEJAHTERA


Saka piwulange Gusti Yesus neng Injil Mateus 9, mirunggan ayat 15, neng kana diwulangake kepiye PASA kang pas. PASA kang pas kuwi sejatine ora babagan cara, ananging babagan rasa, yakuwi rasa Prihatin. Keprihatinan ing kene tegese nalika kahanan nembe ora jumbuh karo kekarepan, dene ora jumbuh karo kekarepan kuwi merga Gusti ora diajak cawe-cawe utawa nglirwakne Gusti.  Mula saka kuwi, pangandikae Gusti Cetha banget, yen nembe sesarengan karo Gusti, ngapa ndadak PASA utawa prihatin? Ananging nalika nemahi kahanan sing nrenyuhake (merga ora Gusti), ya wektu kuwi sing pas kanggo PASA. Dene kahanan sing isa diarani ora an Gusti ing kono, kayata: pasulayan, lelara sing ora mari-mari,tukar-padu,korupsi,tuminda nyleweng lan sakpanunggalane. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi sejatine bab PASA dibutuhake. Dadi, PASA kuwi sejatine ora babagan wajib lan gumantung wektu, ananging kabutuhan lan gumantung kahanan dalah krenteging ati.

Yen ngepasi nemahi kahanan sing mrihatinake njur meneng wae, ora nduweni krenteg prihatin lan sakbanjure nindakne PASA, isa diarani yen wong kuwi wis kelangan rasa prihatin lan “empatine” marang kahanan sakiwatengen lan babar blas ora ngupayakne sabarang sing ora apik dadi apik meneh. Mula saka kuwi, lumantar BENINGE EMBUNESUK ing Jemuah Legi 9 Agustus 2019 iki, ayo pasa ngasah rasa prihatin tumrap sabarang ing sakiwa tengene dewe. Aja mung prihatin mung nalika kabutuhane dewe rumangsa ora dituruti,lan protese marang media sosial,PASA kuwi protes marang kahanan sing rinasa ora adil tumrap liyan.
“Saiki paklik kok asyik dolanan HP ta In?” Dalijo sore kuwi ngrasani pakne Cilik Ndoleng karo dulure wedok, Nduk I’in.
“Iyo kok kang, lan saiki sakbare takwuruki nggawe setatus, apa-apa digawe setatus” Semaure nduk I’in.

AJA PASA


“Ora apa-apa, nggere statuse sing mbangun marang apik’e urip bebarengan,ora mung nesa-nesu protes nalika rumangsa dijolimi” Dalijo mangsuli semaure I’in, lan ketungka njedule Lik Ndoleng,sinambi takon.
“Jo..In, carane mbusak setatur Wea ki piye?”
“Yungalah, lha kok meh dibusak ana apa Lik?”Dalijo takon.
“Diprotes wong akeh Jooo” Semaure Lik Ndoleng sajak keweden.
“Mulane kuwi, yen nyetatus mbok sing mbangun bab kasaenan urip bebarengan, ora nggere ana masalah njur protese karo WA, protes kuwi kaya PASA lik, ya marang Gusti. Yen protes marang media sosial, apa kuwi pas?” Takone Dalijo, dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya manuk tengkek kelangan precil.

Mbahe

Kamis, 08 Agustus 2019

TUMINDAK


Kemis Kliwon 8 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 9:8-17
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 9:9-13
“Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab Suci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakaké dudu kurban, nanging tumindaké katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo wong sing sampurna, nanging kanggo wong sing rumangsa dosa.”

TUMINDAK kuwi tembung kang linggane Tindak, sing tegese mlaku, mula TUMINDAK kuwi tegese Nglakoni. Wong sing TUMINDAK mesti mangerti baba pa kang kudu ditindakne, lan sakliyane mangerti wong sing TUMINDAK kuwi ya nduweni rasa sing ndadekake dewek’e nglakoni apa kang dimangerteni lan uga dirasakne. Supayane bisa mangerteni wong kudu sinau, lan sakjroning sinau kuwi mbutuhake ragad sing ora sithik, sakwise sinau lan mangerteni, ya kudu ngasah rasa pangrasane supaya landhep lan isa awas marang samubarang kahanan.

Ana crita ing Kitab Suci sing ngandarake bab TUMINDAK, yakuwi Tumindak’e Gusti Yesus. Nalika kuwi Gusti Yesus pinanggih Mateus sing tukang pajek, lan meh mampir. Sakbanjure ya mampir lan disuguhi mangan, ing kono ya banjur akeh wong sing melu mangan bebarengan. Ngerti kahanan kaya mangkono kuwi, para wong parisi sing rumangsa dadi polisining sosial alok-alok lumantar para murid’e Gusti Yesus. Merga sekti, mula Gusti Yesus ya mirsa apa kang dirasa lan diklesak-klesikake dening wong parisi kuwi. Merga nguningani apa sing dirasa dening wong parisi, mula Gusti njur mulang wong kabeh yen sing paling utama dikersakne dening Gusti kuwi TUMINDAK’E Katresnan, ora mung winates nglakoni adating agama utawa hukum-hukume agama. Ana ing pamawase Gusti,TUMINDAK katresanan kuwi luwih adi nilaine tinimbang mung nglakoni lakuning hukum agama.

Ana ing urip jaman saiki, apa sing kalakon nalika jamane Gusti Yesus ya isih uakehe pol. Sing TUMINDAK mung  merga pranatan, lan ora ana roh sing ngegohake. Sing diarani TUMINDAK’E Katresnan kuwi tumindak sing tanpa wates apa wae, apa kuwi wates adat,sosial lan uga pranatan. TUMINDAK’E Katresnan kuwi tumindak sing ancase mulihake sabarang dadi apik lan mbalik marang titahe Gusti sing wiwit mula,

“In, ngandi paklik, kok yahmene durung ngetok kaya biasane?” Dalijo sore kuwi nakoni Nduk I’in bab Lik Ndoleng sing durung njedul kaya biasane.
“Mau jarene arep nyang warung ik kang..kok ya suwe temen ya” Semaure Nduk I’in.
“Apa cah..pada crigis, aku mau rada suwe merga dikon ngrewangi Wasti ngudunke blanjane, mesakne wong akehe pol” Semaure Lik Ndoleng, sing njedul seka kamar .
“Wah, kesempatan dalam kesempitan ya Lik..mumpung ana kesempatan suwi karo Yu Wasti, mesti bungahe ngayang kuwi” Dalijo semaur sajak ngece.
“Iki merga aku tetulung cah, jare Pangandikan Gusti kon TUMINDAK Katresnan..” Semuare Lik Ndoleng.
“Kuwi merga sing ditulungi Yu Wasti lik, coba wong liya, mesti alesane ana wae..njur wegah” Dalijo jik isa nguyak pangolok’e.
“Bajindul,konangan tenan aku iki..rasia selak mbek cah siji iki” Batine Lik Ndoleng.

Mbahe..

Rabu, 07 Agustus 2019

TANGI


Rebo Wage 7 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI MARAKNE TANGI


Hosea 14 : 1-9
Jabur 60
Mateus 9 :1-8
“Aku arep awèh bukti yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa.” Gusti banjur ngandika marang wong sing lumpuh mau: “Tangia, peturonmu angkaten lan muliha!”

TANGI kuwi kahanan, yakuwi kahanane wong sing wis isa mangerteni abang ijone kiwa tengen. TANGI kuwi kosokbaline karo TURU, yen turu kuwi menungsa lan titah liyane ora isa sadar lan ngendaleni awak lan uripe, TANGI kuwi kahanane menungsa lan titah liyane sing (kudune) isa ngendaleni urip lan apa wae kahanane. Ananging ya tetep wae ana wong sing sejatine TANGI utawa ora turu, ananging ora isa ngendaleni urip lan kahanane.

Piwulange Kitab Suci ing Injil Mateus bab 9 ayat 1-9 ngajak sapa wae sing maca supaya sadar, yen saben menungsa sing dikuwasani dening kekuatan liya ndadekne dewekne ora isa ngendaleni urip lan awak’e. wong sing lara Lumpuh kuwi uripe dikuwasani dening penyakit, lan merga kekautan penyakit kuwi mau, dewekne ora isa ngendaleni  uripe. Nalika ngerti Gusti Yesus mirsani kahanan kuwi lan sing lumpuh ya nduweni krenteg kepengin mari saka larane, mula banjur dikandani yen dosane diapura lan dikon TANGI. Lho kok urusane tekan dosa?Kuwi merga ana ing pemahamane wong Yahudi, kabeh lelara kuwi ana gandeng cenenge karo dosa, mula yen ana wong sing lara, sakdurunge diwaraske kudu diapura dosane sik. Lha sakwise diapura dosane, sakbanjure sing lara banjur dikon TANGI.

TANGI TENAN


Mula saka kuwi, TANGI sa diparingi arti utawa ditegesi, ungguling menungsa saka bebenduning apa wae sing ngrangkeng kahanane urip. Saiki mbokmenawa sing lara lumpuh ora akeh, ananging sing ora isa obah merga kahanan ya akeh banget. Ora isa obab bab tata kapercayane, ora isa obah bab pengandele, ora isa obah bab katresnane, ora isa obah bab usahane lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi mesti ana sebab’e, mula manut patuladane Gusti Yesus, kudu dimangerteni “sebab utamane”. Sakwise dimangerteni sebab utamane, banjur didandani lan mesti bubar kuwi isa TANGI.
“Lik, sida ora, jare meh mbakeni usaha ternak iwak?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Niat jik ana Jo, ananging yakuwi, jik wedi bubrah kaya sing wingi-wingi” Semaure Lik Ndoleng.
“Disinaoni Lik, dianalisa, ben ngerti sebab’e kenapa wingi gagal total” Nduk I’in melu cawe-cawe bab rencanane Lik Ndoleng ngingu iwak meneh.
“Aku setuju karo idene I’in Lik, aja wedi gagal, kudu wani TANGI saka kahanan sing wingi. Yakin wae mesti binerkahan” Dalijo, kaya padatan, kojah, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Sapi meh dibeleh.

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH