Selasa, 23 Juli 2019

LUPUT


Selasa Wage 23 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK     

ORA LUPUT


Amos 8:13-9:4
Jabur 119:17-32
Mateus 6:7-15
“Yèn kowé ngapura wong sing keluputan marang kowé, Ramamu ing swarga iya bakal ngapura keluputanmu. Nanging menawa kowé ora ngapura keluputané wong liya, Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura keluputanmu.”

Tegese tembung LUPUT kuwi pirang-pirang, isa ateges salah, isa ateges ucul utawa wal saka ing kahanan tartemtu, isa nandhang cilaka lan uga isa ateges disalahke. Merga saka akehe arti utawa tegese tembung LUPUT, mula ing tulisan iki mung arep ndak jupuk siji wae, yakuwi LUPUT sing tegese sabarang kang ora pas utawa ora pener. LUPUT kuwi wis dadi “jati diri” menungsa sakwise tumiba ing dosa, ora ana siji-sijia menungsa sing ora LUPUT, sakliyane Gusti Yesus. Merga saka kahanan kaya mengkene iki, ana ing piwulange bab “Ndonga” , Gusti Yesus kanthi gambling nglebokake bab LUPUT ana ing sakjroning “pola doa “ sing diwulangke.

“…yen kowe ngapura wong sing keLUPUTan marang kowe, Ramamu ya ngapura kaLUPUTanmu.. Nanging  menawa kowe ora ngapura kaLUPUTane wong liya…Ramamu ing swarga iya ora bakal ngapura kaLUPUTanmu” Seka tembung ing formula Donga Rama Kawula kuwi jelas, cetha wela-wela yen menungsa (klebu sing nulis lan sing maca tulisan iki) kuwi winengku ing dosa, mula lumrah yen tumindak klora-kleru,salah lan LUPUT. Sing didadekne prioritas piwulange Gusti ing donga kuwi ora bab kasampurnane urip, ning bab ngapura LUPUTing liyan. Ngapura LUPUT’e liyan kuwi dadi syarat mutlak kanggo Sang Rama ya ngapura LUPUT’e dewe. Yen dirasakne unine piwulange Gusti iki kaya pengancem, merga yen ORA NGAPURA LUPUT’E Liyan, LUPUT’e dewe ya ora arep diapura Gusti.

Urip bebarengan karo liyan kuwi mesti wae kereb ana klera-klerune, Lupat-LUPUTe, kuwi wis lumrah utawa wajar. Mula saka kuwi, piwulange Gusti Yesus lumantar pandonga Rama Kawula nandesake, pada ngapura-ingapura’a LUPUT, merga kabeh kuwi ora ana sing sampurna. Yen ana wong sing ora gelem ngapura LUPUT’e liyan, ya ora apa-apa, kuwi pilihane uripe, ananging yen sakmengko kabeh LUPUT ing uripe ora diapura dening Sang Rama, ya aja nggresula,aja getun lan kudu ditampani, kamangka yen ora diapura Gusti kuwi papane wis jelas, ORA BAKALAN KARO GUSTI YESUS SELAWASE!


“Jo, yen ketemu pak erte omongna. Aku ra arep ertenan nganti kukut jagad’e!” Sore kuwi Lik Ndoleng nesu lan duka yayah sinipi.
“Weh, sik Lik..lha iki ketemu pirang perkara kok ujug-ujug nesu kaya mengkene, lha erte kene nduwe salah apa karo sampeyan?Lan uga apa sampeyan bener dewe terus kok gampang temen lehmu nesu, sanadyan ya ora sah kulak’an?” Dalijo nyauri sareh kaya banyu tlogo wayah tengah wengi.
“Pokok’e..iki urip-uripke dewe, hakku dewe, aku arep ngapa-ngapa ya hakku dewe! Rumangsane aku ki babu apa, sithik-sithik dikon, sithik-sithik dikon, aku ki sapa apa pada ora ngerti !! Trahe Raden Mas Ki Gede Kandane!” Lik Ndoleng sansaya ndadi nesune.
“Kang, kuwi lak mergane olok-olok’an neng grup WA para bapak-bapak, lha ana sing nylemong, yen nyambut gawe ya kudu adil, aja mung dudang-duding wae, tur tekane keri dewe lan mulihe disik dewe, yen wedangan okeh dewe,lan pacitan njaluk diistimewakne. Kuwi kabeh kan paklik sing nglakoni, mula njur nesu!” Nduk I’in njlentrehake mula-bukane Lik Ndoleng nesu.
“Oalah Lik, jebul kaya mengkono sejarahe. Aja gampang nesu Lik, sing amba kaya samodra ati lan rasamu, apuranen LUPUTe liya, merga kuwi sing ndadekne LUPUTe awake dewe ya diapura Gusti” Dalijo kaya padatan, sesorah kaya kotbah.


Mbahe

Senin, 22 Juli 2019

PAMERAN


Senen Pon 22 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

RASAH PAMER!!!


Amos 7:1-6
Jabur 119:17-32
Mateus 6:1-6,16-18
“Padha élinga! Aja padha nglakoni pangibadahmu kanggo paméran ana ing sangareping wong. Yèn kowé tumindak mengkono, kowé ora bakal nampani ganjaran saka Ramamu ing swarga.”

PAMERAN kuwi durung mesti salah lho ya, sanadyan ana neng critane Kitab Suci, nate didadekne ukara saka Gusti Yesus, nalika mulang para sekabate. Kaya sing tinulis ing ayat nats nduwur kuwi, sing nyebutake bab PAMERAN. Bab tembung PAMERAN sing apik kuwi nalika majang sabarang kang disengaja, kanthi tujuan supaya liyan isa ngerti. Yen ing urusan iki, PAMERAN dadi perkara sing malah apik, merga lumantar pakaryan kuwi, sansaya akeh wong sing tepung karo sabarang apik kang bakal/nembe dipamerake. Malah ing bab iki, PAMERAN malah kudu ngetokake ragat, murih isane klakon apa sing dadi kekarepane. Njur PAMERAN sing kaya piye sing ora dikersakne Gusti?

Manut crita ing Kitab Suci, mirunggan in Mateus 6 ayat 1, cetha yen tembung PAMERAN, sing dikersakne Gusti kuwi bab mamerake apa sing dilakoni, ananging ora kanthi tulus utawa salah sasaran. Lho kok salah sasaran, nalare piye? Iya, merga sing dikersakne  kuwi bab Ngibadah lan sakubarampene. Sing kudu dieling, NGIBADAH kuwi dudu kanggo menungsa, ananging kagem sing nitahake menungsa. Mulae, aja pisan-pisan mung njaluk dialem, mula njur apa wae tumindak bab ngibadah njur dipamerake, diumbar lan diler neng ngendi-endi papan. Lha iki kan ngabarake, utawa andum pengalaman, apa ya luput? Yen tujuane kanggo andum pengalaman, kuwi apik, ananging yen tujuane mung njaluk dialem kuwi sing luput.

PATCHOULI


Carane niteni PAMERAN apa ora, nalika sing nembe nindakne pakaryan apik kuwi ora nate mutungan, ora nesunan, ora emosinan lan tansah tatag,teteg nganti tutug, apa wae sing ditindakne, sanadyan yen dietung cara “bisnis” rugi lan yen dirasa ing pangrasa kamanungsan, ya lara lan perih. Yen durung kuwat ngrasakne perihe tumindak apik, isa wae kuwi nindakne pakaryaning kapercayan mung karan PAMERAN, pamer marang liyan. Dene yen wis kuwat ngadepi apa wae sing isa ndadekne larane ati kamanungsan, kuwi  sing bener tur ya pener.

“Jo, kok rongndina ranjedul, nengndi?” Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, nalika sore kuwi bubar kerjabakti.
“Merenung Lik, ngresiki racuning pikiran lan ati Lik, ben apa wae sing tak tumindakne apik lan mung kagem Gusti. Ora gampang nesunan, lan ora nduweni niat pamer tumindak apik” Dalijo semaur, kanthi sareh.
“Lha apa jik sok njaluk dialem kang Dal?” Takone nduk I’in.
“Weh, iya, njaluk dialem terus, wegah dikritik. Nggere ana sing ngritik mesti taknesoni, takamuk, takdongakne elek nduk..”SEmaure Dalijo.
“Wah, mulyamen niatmu Jo, mbok aku ajarana..takmelu wis” Lik Ndoleng ajak tertarik.
“Ayo Lik, syarate mung mayar, ora nesu yen dikapak-kapakne, kuwi sing diarani tumindak tulus, ora mung PAMERAN”, Dalijo njlentrehake..

Mbahe..

Jumat, 19 Juli 2019

NYEBRANG


Jemuah Kliwon 19 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NYEBRANGA!


Amos 5:18-27
Jabur 52
Mateus 5:43-48
“Awit yèn kowé mung nresnani marang wong sing tresna marang kowé, apa preluné Gusti Allah males penggawému kuwi? Apa wong sing karem bandha uga ora tumindak mengkono? Lan yèn kowé awèh salam mung marang kanca-kancamu waé, kaluwihanmu apa? Wong sing ora wanuh marang Gusti Allah rak iya padha tumindak mengkono!” Mateus 5:46-47

NYEBRANG utawa ana uga sing ngarani Nyabrang, kuwi mujudake tumindak kanggo alihan utawa pindah, ananging ora kaya alihan marang papan liya sing lumrah, sebab NYEBRANG kuwi mesti wani ngliwati sing ora lumrah. Bab NYEBRANG kuwi bisa ngliwati segara,kali,jurang lan uga dalan. Mula saka kuwi, tembung NYEBRANG luwih nduweni “spirit” mbebayani tinimbang tembung ngliwati. Sapa wae yen wis isa NYEBRANG kuwi wis isa nelukake sawernane kahanan sing racak’e medeni utawa nggegirisi, kayata yen wis wani NYEBRANG dalan rame lan wilujeng, kuwi tegese wis isa nelukake apa wae sing dadi pengancem sing neng ndalan kuwi. Yen NYEBRANG jurang sing jeru tur ya jarak’e adoh, sapa wae sing wani lan isa tumeka ing sebrang, tegese wis wani lan bisa nelukake sawernane rasa kuwi mau.

Tembung NYEBRANG ora mung nduweni teges “denotatif”, utawa teges sing asli, merga tembung NYEBRANG isa uga digunakne neng ukara lan kahanan sing beda. Kaya piwulange Gusti Yesus neng Injil Mateus, sing dadi wacan Injil neng dina iki. Neng kana ana piwulang sing isa diarani “nglawan arus”, lha penere kepiye kok isa diarani nglawan arus kuwi? Lha yen piwulangt sing biasa kan menawa diantemi ya kudu mbales ngantemi, menawa didugang ya kudu males ndugang, yen mbiyen disumbang ya kudu nyumbang nalika ngulemi lan sakbanjure, pokok’e ukume mung wales-winalesan. Ing kahanan kaya mengkono iku Gusti Yesus maringi piwulang sing nglawan arus. Yen mung tumindak apik karo sing nate tumindak apik wae, kabeh wong isa, yen mung nyumbang marang sing nate nyumbang wae, mayar,kabeh menungsa isa, yen mung ngadiahi wong sing dadi kesenengane, kabeh menus isa,mayar kuwi! Ananging sapa sing wani lan gelem, menehi hadiah marang wong sing nglarani atine, mbayari mangan marang wong sing nggethingi lan sakpanunggalane?Hayo, sapa sing maos tulisan iki tansah tumindak kaya sing dikersakne Gusti Yesus, isa nulis neng kolom komentar, mengko ana hadiahe!Hehehe..

LUDIRA INGGIL


Piwulange Gusti Yesus mesti nglawan arus, mbedani karo kahanan sing klakon, ananging ancas utawa tujuane mesti marang bab sing luwih apik. Dieling marang  bab sing luwih apik, dudu sing luwih ndadekne marem! Yen mung marahi marem wae, kabeh menungsa isa, lan kuwi isa diarani watak sing “mbocahi” dudu watak bocah lho ya..hehe
Mula saka kuwi, ayo saiki pada nindakne apa wae sing dadi kersane Gusti, dudu sing dadi kekarepane dewe. Titikane mung mayar lho, kersane Gusti kuwi mesti neng sebrange kekarepan kamanungsan, mula saben tumindak sing “nglawan”  utawa NYEBRANG kekarepan kamanungsan utawa kadagingan, kuwi tegese nindakne kersane Gusti.

“Apa kuwi In?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi nembe lungguhan neng Lincak Sor Talok, nyawang mbulan sing bundere kaya duwit mangatus repes.
“Mbungkus kado Lik, kanca kenthelku sesuk ultah” Semaure Nduk I’in sajak ora patia nggagas Lik Ndoleng.
“Wah, hebat kowe In, perhatian!” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Manut aku ora Lik, ora hebat. Kabeh isa yen mung ngek’I hadiah marang sing disenengi. Njajal, kowe gelem ora In, ngadiahi sapa wae sing sengit karo kowe?” Dalijo melu urun pitakonan.
“Horaaaa sudiii!! Ngapa ngaturi hadiah marang sing gething lan sengit karo aku, mbahu temen!! “Karo congal-cangil, I’in wangsulan.
“Apik In, kowe jik lumrahe menungsa jaman saiki, geleme menehi marang sapa sing disenengi, rung wani NYEBRANG!Menehei hadiah sing sengit karo sliramu” Dalijo  ngomong sajak kaya Begawan Kawanan. Dene Lik Ndoleng malah merem-merem, mbuh bablas turu, lan Nduk I’in ngowoh sajak ora percaya!

Mbahe!


Kamis, 18 Juli 2019

NGEMBAN


Kemis Wage 18 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Amos 5:10-17
Jabur 52
Mateus 5:38-42
“Angger-anggeré Nabi Musa nyebutaké mengkéné: Sapa sing ngrusak mripat, kudu genti dirusak mripaté lan sing ngrusak untu, kudu genti dirusak untuné. Nanging saiki kowé Dakkandhani: Aja males marang wong sing gawé piala marang kowé. Malah yèn ana wong napuk pipimu tengen, karebèn napuk pipimu kiwa pisan.” Mateus 5:38-39

Piwulang Kitab suci sing dadi ayat nats ing dina iki, Kemis Wage 18 Juli 2019, klebu ayat populer lan merga saka kuwi, kereb dadi ayat “andalan”. Merga dadi ayat andalan, mula ora sithik wong sing seneng lan apal karo ayat nats kuwi, sanadyan bab nindakne utawa nglakoni durung tembu manut kersane sing paring piwulang. Neng nats kuwi diwulangake kudu kepiye tumindak sing bener nalika ngadepi kahanan sing ora dadi kekarepane. Yen mung disawang saka siish netepi angger-anggering nabi Musa, kayane apa sing dadi piwulange Gusti Yesus kuwi klebu nglawan. Isa diarani nglawa, merga kudu tumindak beda kaya sing diwulangke nabi Musa.

Nglakoni urip mbales tumindak sing pada kuwi yen dirasakne penak utawa mayar, annaging kuwi yen bab apik. Yen kuwi bab sing ora apik, njur pada wales-winalesan, sing bakalan klakon yakuwi ora isa ana rampunge. Mirsani kahanan kaya mengkene iki, Gusti Yesus maringi piwulang sing jian nyleneh, yakuwi aja mbales sawernaning tumindak ala sing dilakoni liyan. Ora mung tekan semono, malah yen ana sing njaluk siji dikon menehi loro, ana sing ngeplak pipi sisih kiwa, pipi sisih tengen kon menehake. Saka piwulang iki isa dijupuk pasinaon, supaya sabarang tumindak ala isa dindegne, merga yen manut angger-anggere nabi Musa, kudu dibales, ora bakal ana rampunge.

Sanadyan iki piwulang luhur an lumantar netepi piwulang iki kahanan urip bebarengan isa luwih rukun lan nyenengake, ananging bab nindakne ora gampang. ora sithik wong sing jik abot ninggal kesempatan marem isa mbales tumindak ala liyan ana ing uripe. Ananging, abota kaya ngapa, kudu dicoba dilakoni, supaya urip bebarengan iki sansaya kepenak kahanane.

“Jo, iki kok BENINGE EMBUN ESUK ora nyinggung babar blas temane ya?”Lik Ndoleng sajak bingung,njur nakoni Dalijo.
“Yen tema la nisi langsung gathuk, ora ndadekne pinter Lik, iki kayane dijak mikir karo mbah’e?” Wangsulane Dalijo.
“Badalah, aku ya bingung Kang..iki kok blas ora ana gandengane tema karo isine?”Nduk I’in ngetokne yen ora gelem mikir, geleme mung ngecakne duit blanjan.
“Jale, kowe ngerti ora Jo, karepe tulisan dina iki?” Lik Ndoleng takon.
“Iki kuwi karepe, awake dewe kudu siap asikep kaya wong tuwa sing nembe NGEMBAN cah cilik,utawa bayi kae. Arepa polah kaya ngapa, tetep diemban, ngompol, nggrawus lan njerit, tetep diemban, tujuane apik, sinartan diemban njur dituturi. Iki apik tumrap uripe dewe bebarengan iki, dilaranana kaya ngapa, aja mbales, dipaido kaya ngapa aja mbales, pokok’e persis patrape wong NGEMBAN kaw” Dalijo aweh wangsulan.
“Jian, wasismen kowe Jo…kalut aku, eh salut aku..hehe” Lik Ndoleng ngelem Dalijo karo pelngah-plengeh kaya Orong-orong ketekan udan.


Mbahe..

Rabu, 17 Juli 2019

NGGOLEKI


Rebo Pon 17 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI GOLEKANA


Amos 5:1-9
Jabur 7
Mateus 25:31-46
“Padha nggolèkana Pangéran, temah kowé bakal urip. Yèn kowé ora nggolèki Panjenengané, Panjenengané bakal ngrawuhi kowé kaya geni sing ngebyuki umat Israèl. Geni mau bakal ngobong wong-wong ing Bètèl, lan ora ana wong sing bakal bisa nyirep.” Amos 5;6

NGGOLEKI, seka tembung Golek, sing tegese ngupadi apa wae sing durung ana ing uripe. Mulane, NGGOLEKI kuwi isa diartekne, sabarang tumindak kang dilakoni murih apa sing durung ana (uga merga ilang) dadi ana utawa ketemu maneh. Dene jejere wong NGGOLEKI kuwi mesti wae mbutuhake prabea, isa awujud wektu,tenaga,pikiran lan uga banda. Dene jangkane wektu pakaryan NGGOLEKI kuwi mung diwatesi dening sakperkara, yakuwi apa sing digoleki ketemu, mbuh pira wektu lan ragad  sing dibutuhake.

Ana piwulang apik neng Kitab Suci, bab NGOLEKI, yakuwi neng Kitab Amos. Neng kana disebutake yen sapa wae sing NGGOLEKI (kanthi bener lan pener) Pangeran Yehuwah, mesti bakal urip. Manut sejarah Kitab iki, sing diarani urip kuwi ya urip sing sakbenere, merga wektu kuwi kahanane bangsa ngisrael nembe kinepung ing mungsuh yakuwi bangsa-bangsa liyane. NGGOLEKI Panjengane tegese nglakoni samubarang kanthi tulus lan iklas, ora mung minangka lelamisan. Merga ing wektu kuwi akeh wong sing tumindak lamis, nglakoni pranatane agam ya merga lamis, ben diarani wong sing saleh, nindakne kwajiban agama mung supaya diarani liyan kapir lan sing paling akeh, nindakne pranatane agama mung kanggo nutupi tumindake sing ala lan ora manut karo pranatane Pengeran. Mirsa kahanan kaya mengkono, nabi Amos mrikitik,mula njur ngelikae, lan carane ngelikake jian pol, mandes lan isa diarani nylekit.

IKI AJAIB


Patrap urip lamis kuwi ora mung ana ing jamane nabi Amos, ing jaman saiki ya ijik nggladeg. Saiki ya jik akeh wong sing tumindak (katone) apik, ananging sejatine mung kanggo tutup tumindake sing ora bener lan pener. Saiki ya ijik akeh sing ketok’e tumindak lan nindakne pranatane agama, ananging ati lan rasane babarblas ora netepi tumindak kuwi mau, merga mung ora gelem diarani wong sing ora ngaBEKTI marang Panjengane. Saiki ya ijik akeh wong sing mung seneng dialem dening liyan, yen tumindak (sing katone) apik, njur ora dialem utawa diapresiasi, njur besengat-besengut, jian persis Coro naksir ditampik…hehe. Mula saka kuwi, nulada nabi Amos, ayo pada NGGOLEKI Pengeran sing saktemene, aja mung ethok-ethok,ayo sing tulus iklas, lan titikane ora gampang nesu,loma,iklas lan tansah kebak ing esem.

“In, kok Paklik ora ketok, ngandi?” Pitakonane Dalijo marang Nduk I’in, nalika sore kuwi nembe lungguh santai ana ing Lincak sor Talok, kulon omah.
“Aku ya ora dong Kang, kawit sore mau ora njedul” Semaure Nduk I’in.
“Weh, aja-aja tuku rokok neng warunge Yu Wasti mau bengi alesane tuku rokok njur digrebeg warga In?” Dalijo nyoba nebak kira-kira apa sing klakon.
“Mbok sing nduweni pikiran positif cah..aku cen jik rada kesel, sedina melu kerja bakti neng nggreja, cecawis nggo tanggal 20. Njur sore mau mulih, rada kesel, njur turu lan iki lagi tangi. Iki caraku NGGOLEKI Gusti, ora mung ngomong thok, aku serius. Yen mung omong ndremimil thok wae okeh sing isa, ning akeh-akehe mung kokean omong, tumindak ya nolll!” Semaure Lik Ndoleng.
“Weh, yen iklas rasah erosi Lik, lakoni wae” Semaure Dalijo.
“Emosi kang, dudu  erosi” Nduk I’in mbenerke.
“Oiya ding..hehe” Semaure Dalijo.



Mbahe..

Selasa, 16 Juli 2019

SEMBRANA


Selasa Pahing 16 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

JASEMBRANA


Amos 4:6-13
Jabur 7
Mateus 5:33-37
Mulané hé wong Israèl, kowé bakal Dakukum, lan sarèhné mengkono, kowé tata-tataa nampani paukuman-Ku!”Allah kang yasa gunung-gunung sarta nitahaké angin. Panjenengané nyumurupaké marang manungsa apa sing digalih. Panjenengané sing nitahaké rina lan wengi. Panjenengané tindak ana ing sandhuwuré punthuk-punthuking bumi. Asmané kasebut: Pangéran Allah Kang Mahakwasa! Amos 4:12-13
SEMBRANA kuwi tumindak sing tanpa petungan mateng, mung nuruti kekarepaning ati, kamangka durung mesti apa sing dadi kekarepaning ati kuwi apik, bener tur ya pener. SEMBRANA kuwi tumindak sing mung lumaku merga naluri, mula saka kuwi isa nekakne kacilakan, mbuh kuwi tumrap liyan semono uga tumrap awak’e dewe.
IKI MARAKNE IYES!!

Ana crita Kitab Suci  bab tumindak SEMBRANA sing dilakoni menungsa, yakuwi polah tingkahe wong ngisrael nalika jamane nabi Amos. Sejatine ora mung wong ngisrael wae sing tumindak sembrana, ananging sing dadi ancas tujuane nabi Amos ngelikae kuwi bangsa ngisrael, bangsa-bangsa liyane sing ya kena piwulange mung kanggo srana supayane wong ngisrael enggal eling tur ya waspada, ora kebacut tumindak SEMBRANA. Lho lha sejatine apa ta sing dadi tumindak SEMBRANA sing dilakoni para bangsa, mirunggan bangsa ngisrael ing jamane nabi Amos?
Bangsa ngisrael ing jamane nabi Amos tansah tumindak sing nyingkur karo patrap apik babagan urip. Neng jaman kuwi, mirunggan para pejabat negara lan pedaleman suci” mung nggugu karepe dewe, nguyak marem lan sugige dewe, babarblas ora mikir liyan. Malah sanadyan wis dielikake dening Gusti, lumantar nabi, tetep wae ora maelu, malah sajak ngece, tetep SEMBRANA marang urip. Para pemimpin bangsa lan Pedaleman Suci ora nate nindakne kersane Gusti manut angger-angger sing tinulis ing Kitab Suci, mung blegere wae tumindak ngibadah, ananging babarblas ora ana katresnan. Para wong miskin babarblas ora dietung, apameneh ditulung, malah senenge tansah poya-poya, mbokmenawa yen jaman saiki gaeane mung jajan,dolan,blanja lan pikenik. Saking kerepe pesta, mula para bojon pejabat ing jamane nabi Amos nganti diarani kaya sapi Basan, merga lemune ngeram.
Ananging sanadyan dielikake, disindir, malah kepara diwelehke langsung dening nabi Amos, tetep wae mapanke uripe kanthi SEMBRANA, mula bab paukuman saka Gusti mung kari nunggu wektu. Lan temenan, ing pungkasane, merga saka mbanggele, bangsa ngisrael digecak dening mungsuh nganti tumeka ing remuk’e, kuwi kabeh merga pada SEMBRANA karo piwulang lan pepemut saka Gusti.
Bab SEMBRANA karo urip kan kapercayan mono, ora mung ana ing jamane nabi Amos, tekan saiki, panjengan maos seratan niki lho, sing pada SEMBRANA karo uriping kapercayane ya nggladeg. Akeh sing SEMBRANA karo tata manembah, ora rutin, teka karangkading, kuwi wae kerep telat. Ana sing SEMBRANA bab cawe-cawe marang pakaryane Gusti, mirunggan bab pisungsung, mosok pisungsung kok dipadakne mabayar toilet nalika nguyuh apadene ngising? Iki jian sembrana sing ora tinemu nalar, alesane jare sing penting iklas..Jabangbayikkk..Oiya ding, wis tekan semene disik andharane BENINGE EMBUN ESUK dina iki, muga-muga dadi piwulang apik.
ANTI DARTING!!

“Lik, seka ngendi Lik?” Takone Dalijo nyang Lik Ndoleng.
“Pasar” Semaure Lik Ndoleng cekak.
“Mipik apa Lik, kok nyalawadimen, nyang Pasar dewe, biasane titip” Nduk I’in melu nakoni bapakne cilik sing baguse ngromyong jagad kuwi.
“Aku tuku iki lho, kango kenang-kenangan suk tanggal rongpuluh. Aku tuku cacah papat, merga labeh meh takaturi” Semaure Lik Ndoleng.
“Lho, kan isa nitip ta Lik, tur yaw is dicawisi pasamuan,ngapa ndadak repot-repot nggolek  dewe?” Takone Dalijo.
“Jo, In..aja SEMBRANA marang urip, aku nggolek dewe merga aku ngajeni awakku dwe, lan uga ngajeni pakaryane Gusti. Yen pikiranmu kaya mengkono, kuwi tuwuh seka nalarmu sing uthil,pelit..mula ora nate mikirke liyan” Lik Ndoleng kojah ora karuan.
“Weh, entuk roh apa Lik sampeyan kok apikmen mikire?”Nduk I’in malah takon sajak ngece.
“Lambemu In..diwarahi sing apik malah ngarani aku kencok’an!!” Muni ngono karo ngelungke amplop papat, kon nulisi.

Mbahe..


Senin, 15 Juli 2019

KUDHUNG


Senen Legi 15 Juli 2019
BENINGE EMBUN ESUK

KUDHUNGE LIK NDOLENG


Amos 3:9-4:5
Jabur 7
Mateus 5:27-32
“Pangandikané Pangéran Kang Mahaluhur mengkéné, “Hé wong Israèl, lungaa menyang pasucènmu ing Bètèl lan terus-terusna enggonmu gawé dosa! Lungaa menyang Gilgal lan gawéa dosa sakatogmu! Terus-terusna lan gawéa kurban sembelèhan, saben ésuk sarta saosna prasepuluhanmu pendhak telung dina sepisan.” Amos 4:4

KUDHUNG kuwi sabarang sing bisa digunakne kanggo njaga kahanan. Tembung iki sejatine njedul seka kahanan panas apa dene udan, merga ing kahanan kuwi mbutuhake KUDHUNG supaya ora kena panas lan uga kena banyu udan. Ananging ing sakbanjure, tembung KUDHUNG kuwi isa dipapanake ana ing panggonan utawa kahanan liyane. Wong sing nyolong ananging reka-reka apik, kuwi tumindak apik merga kanggo KUDHUNG supaya sakparipolahe sing ora apik ora bakalan konangan, ana uga wegah ngayahi pagawean kanggo kebutuhan bebarengan, njur alesan yen kudu momong anak lan sakpanunggalane, kahanan momong anak iki isa  diarani KUDHUNG cikben ora dikon ngayahi ayahane bebarengan.

Ana crita neng Kitab Suci, pernahe neng Kitab Amos, ing kana ya ana wong sing ketok ngibadhah, ananging ana ing pamawase nabi Amos, kuwi mung dinggo KUDHUNG supaya tumindake sing ala lan ora patut cinonto kuwi ora konangan, malah kosokbaline, sanadyan sejatine ala ananging malah oleh pangalembana. Critane kuwi mengkene, para brayate pejabat sing korub kuwi pada nggaya, kereb ngayahi kewajibaning agama, ananging kuwi mung lamis misss..merga tumindak sejatine ora kaya mengkono. Para brayat pejabat kuwi (ssstt..jan-jane iki bojon pejabat, sing saking sugihe nganti lemune kaya sapi seka Basan..)senengane  mung pesta,seneng disawang nalika ibadah, seneng ditengenke bab apa wae. Lha tumindak kaya mengkono kuwi sing dikritik entek amek kurang amek dening nabi Amos. Nabi Amos ora merduli yen sakbubare ngritik njur disengiti para “sapi Basan”, merga tumrape nabi Amos, sing  bener lan pener kuwi kudu dadi sing utama.

Jan-jane bab tumindak lamis lan migunakne ngibadah minangka KUDHUNG kuwi tekan saiki ya ijik uakuihhh..mung wae saiki arang sing gelem maido utawa ngritik, merga wedi yak’e..apa malah ya pada-pada nglakoni?Mangga para maos sing pirsa. Ananging, sing kudu dieling, tumindak ora apik kuwi kudu dilereni, begja jamane Amos, sing ngelikake nabi, mula jik nduweni kesempatan ngowahi sing luput, coba yen Gusti dewe, pora geten setaun? Mula saka , payo pada tumindak sing bener lan pener, ngibadah, pisungsung lan uga atif neng kegiatan kuwi aja mung kanggo KUDHUNG tumindak sing hora apik.
“ Kae kok pada repot ropat-ropat wae ki janjane meh arep ngapa ta Jo?” Takone Lik Ndoleng, nalika sore kuwi nonton Upin-Ipin.

OBATE PARA WANITA


“Arep pikenik Lik, pora diulemi,dijak pikenik?” Wangsulane Dalijo sarehm sinambi nyumet djarumsupere sing mung kari setugel, merga wis tanggal limolas.
“Weh, yen pikenik aku kudu melu, tur tulung ya Jo, pesenke lungguhku ngarep dewe!” Lik Ndoleng gragapan lan njur semrawut ngakon Dalijo mesenke kekarepane.
“Anggere bab pikenik wae Lik, njaluk nomer siji, linggih ngarep dewe, ananging yen bab makarya, alesane ana wae, ngko urun segelo wae gayamu kaya Kinjeng kasmaran! “ Nduk I’in sajak sewot, mbuh kena apa,merga pee m es yak’e.
“Mulane ta Lik, ayo tumindak apik sing tulus iklas, aja mung tumindak apik merga kanggo KUDHUNG tumindak sing ora apik” Dalijo semanta sinambi liyer-liyer, dene Lik Ndoleng plengah-plengeh persis sing nembe maca tulisan iki..


"Yen dirasa apik, ndumen ya..ben akeh sing nampa perkara sing apik, yen ra apik, ya tokna wae.."



FIKSI Di Malam PASKAH