Minggu, 09 Januari 2022

KAPITULUNGAN

 

Minggu Pahing 9 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 43 : 1-7

Jabur 29

1 Korinta 8 : 14-17

Lukas 3 : 15-22

Allah kang nitahaké Israèl ngandika mengkéné, “Aja wedi, kowé bakal Dakpitulungi. Kowé wis Daktimbali kanthi nyebut jenengmu. Kowé kuwi kagungan-Ku. Yèn kowé nyabrang banyu sing jero, Aku bakal nunggal karo kowé; kowé bakal ora kleleb lan nemu kasangsaran. Yèn kowé mlaku ngambah geni, bakal ora geseng. Sakèhé kasusahan lan kasangsaran bakal ora gawé laramu. “ Yesaya 43 : 1-2

Okeh sing ngomong yen urip ana ing ngalam ndonya iki okeh panggodha dalah pacoban, mula yen ora eling lan waspada isa kejegur mlebu neng juranging urip. Ana uga kang ngarani yen urip iki kadya sawijining lelaku, kang ing sakdawane dalaning urip kebak kahanan kang nggegirisi lan mbebayani. Merga saka kahanan kang kaya mengkono kui, mula menungsa tansah ngupayakne cikben tansah ngrasa aman ing sadengah kahanan. Salah siji cara ben nduweni rasa aman , yakuwi njaluk tulung marang daya kakuwatan kang tan winates. Lumantar “alur pikir” kang kaya mengkene iki njur njedul kang kinaranan “agama”, sing sejatine mung saderma pepakon tumuju marang urip kang sejati. Nah, neng piwulang agama kang tinulis ing kitab suci akeh petunjuk  sing isa ndadekne menungsa ngrasa lega,aman lan bungah, salah  sijine tinulis neng kita Yesaya bab 43 ayat 1-2. Neng kana Gusti Allah janji arep tansah menehi pitulungan marang menungsa (bangsa ngisrael).

 

Menungsa kang nampa pitulungan saka Gusti kuwi isa diarani ana ing kahanan KAPITULUNGAN, yakuwi kahanan kang sejatine ora isa ngayahi,ora wani ngadepi, ara kwagang mikul utawa ngangkat, ananging merga antuk pitulungan saka Gusti njur isa nglakoni kabeh kang wiwit mulane rumangsa ora isa. Gusti pirsa menawa donya pancen okeh bebaya lan pepalang kanggo menungsa, lan menungsa ora sithik sing ngrumangsani yen lakuning urip pancen mbebayani merga panggodha. Mula saka kuwi nalika menungsa sambat lan Gusti mirengake, kuwi kaya tumbu kang oleh tutup, klop utawa gathuk. Yen ngono pancen menungsa kuwi anane mung kepenak thok-thil ya uripe? Ya durung mesti, merga ora kabeh wong ngrumangsani kahanane kang winates, ora sithik kang rumangsa isa ngadepi kahanane urip dewe lan mengko yen wis njegur juranging masalahnembe eling marang Gusti.

Mulane, payo saiki nyawang menjero ing telenging batine dewe-dewe, Sing sepisan, payo ngrumangsani yen pancen kahanane jaman iki kebak bebaya, mula payo nyuwun tulung marang Gusti cikpen tansah dadi titah kang  winengku KAPITULUNGAN saka  Gusti. Sing kapindho, yen wis  eling lan ngerti yen uripe merga KAPITULUNGAN saka Gusti, ora usah kumlungkung, ora usah kumenthus, ora usah kemaki lan kemayu, ora usah kokean gaya, ora usah sok semuci-suci. Kahanan kang saiki  dilakoni kuwi mung merga Pitulungan saka Gusti, uga bab maca tulisan iki kanthi serius. Hehe.. Sakbanjure, kanggo sing jik ngrasa isin, jirih lan males ngayahi samubarang gawe kang dadi ayahane Gusti, ndang padha dimangerteni yen kabeh  menungsa kuwi wis KAPITULUNGAN dening Gusti. Kuwi jumbuh karo pangandikane Gusti neng kita Yesaya kae, menawa Gusti arep nulungi kabeh lakune menungsa, nalika nyabrang banyu ora klelep, nalika ngidak geni ora kobong lan nalika ngayahi ayahan karohanen mesti isa nglakoni, sing penting gelem.

“Leng aku wingi ngabari mbahe, sing tansah setya-tuhu memulang liwat tulisane neng BENINGE EMBUN ESUK. Cen kaya embun temenan gek, basane sederhana lan basa padinan, mayar dingerteni” Unine Kang Solebo, sing ndek setu legi wingi “njapri” mbahe lumantar WA, maturnuwun merga BEE (BENINGE EMBUN ESUK).

“Haiyah, mung bab kaya ngono war ndadak maturnuwun Bo, kuwi lakya cen dadi gaweane mbahe. Kurang gawean kowe kuwi Bo..” Semaure Lik Ndoleng sinambi ndudud jisamsune Kang Solebo, mbuh nembe kentekan apa pancen hobbyne njalukan.

“Lha kuwi ya pilihanmu Kang Ndoleng, arep maturnuwun apa ora, kang Solebo mung crita. Aku ya kaya mengkono, ngrasa yen nampa berkah merga tulisane. Tansah KAPITULUNGAN ben eling marang Gusti” Unine Kyai Gigut.

“Lha awakmu mbok njajal nulis ta Leng, jale tak melu maca…” Unine Senthot sinambi njajal nyumet malborone.

“Paklik isane nulis surat, neng Yu Wasti” Dalijo cluluk sinambi ngetokne kopi, merga Iin nembe rewang sing nduwe gawe.

“Duss..malah kuwi meneh..” Swarane Lik Ndoleng sajak serak merga pas ngekep jisamsune.

“KAPITULUNGAN kuwi kahanan kang rinasa lur, dudu matematika. Yen menungsa ora ngrumangsani nampa pitulungane Gusti ya ora isa ngrasai KAPITULUNGAN dening Gusti, sanadyan uripe tansah becik. Beda yen wis nduweni rasa percaya, mesti kabeh lakuning uripe merga pitulungan saka Gusti” Ngendikane Kyai Kento sinambi nyumet klobote.

“Ssttt..aja umyek, njo mangkat neng nggreja cah..” Kyai Kelik Supetuh ngelikake.

 

@semesta

Sabtu, 08 Januari 2022

PIRANTI

 

Setu Legi 8 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Daniel 2 : 24-49

Jabur 72

Efesus 5 : 15-20

Atur wangsulané Dhanièl, “Dhuh Sang Prabu, mboten wonten ahli ngèlmu, dhukun, tukang ngramal lan ahli nujum ingkang saged ngaturi uninga dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab prekawis menika. Nanging wonten Allah ing swarga ingkang mbikak prekawis-prekawis ingkang winados. Inggih Allah menika ingkang paring pirsa dhateng Panjenenganipun Sang Prabu bab menapa ingkang mbénjing badhé kelampahan. Samenika keparenga kula ngaturi pirsa supena ingkang Panjenengan pirsani ing salebetipun saré.”

Dhaniel 2: 27-28

 

Kang kinaranan PIRANTI kuwi kayata pacul, arit, ember, sapu lan liya-lyane. Dene tegese tembung PIRANTI, yakuwi samubarang kang nembe ana makna utawa arine nalika digunakne. Ing kahanan lawaran PIRANTI kuwi babarblas ora ana gunani,  yen ta ana ya ora mungguh babarblas. Pokok’e PIRANTI kuwi isane mungguh utawa migunani nalika digunakne, dene sing nggunake ya menungsa. Mula nalika nganggo nalar kang kaya mengkene iki, PIRANTI kuwi ora nduweni kwasa blas kanggo nampa kamulyan apameneh pangalembana. Mosok nalika nyawang sawah ijo royo-royo lan subur dalah aose ngeram njur matur nuwune karo pacul utawa traktore? Hehe..

Neng kitab Dhaniel ana piwulang suci kang apike ngeram kanggo pasinaon sapa wae sing gelem sinau, sing ragelem sinau mesti ora nggagas blas. Piwulang suka kitab Dhaniel kuwi bab PIRANTI. Nalika kuwi raja ing Babel kinaranan Nebukadnezar bubar ngwasani bangsa ngisrael lan okeh sing diboyong neng Babel minangka budak. salah sijine Dhaniel. Nalika semana ndelalah raja Nebikadnezar ngimpi. Jan-jane ya lumrah wae wong kuwi ngimpi, ananging ngimpi iki ndadekne raja ing babel kuwi “galau abis”, njur bingung koming nggolek wong sing isa napsirake artine impen kuwi. Okeh ahli impen sing wis disambati,ananging ing rasane Nebukadnezar blas durung marem.

Ing kahanan bingung koming kaya mengkono kuwi, njur ana sing crita yen ana sawijining budak kang wasis meca bab impen, njur diladekne menyang ngarsane Nebukadnezar. Nalika takon marang Dhaniel, apa isa ngartekne impen, Dhaniel mangsuli yen dewekne ora isa, merga mung titah lumrah. Isane meca bab impen kuwi dening Dhaniel diyakini merga mung pitulungane Gusti Allah, dewekne mung sakderma PIRANTI. Mulane nalika Dhaniel isa ngartekne impene Nebukadnezar, kuwi ora ndadekne kumlungkung, sombong, kemaki,kumenthus lan kabeh patraping urip kang ora dadi kersane Gusti. Dhaniel ngrumangsani mung minangka PIRANTI.

Ing jaman saiki sejatine ora sithik menungsa winasis, mung padha wegah pamer wae. Ananging sing sejatine ora winasis malah sok-sokn winasis, macak kaya wong pinter-pintera wae, ananging ya ben wae, kuwi pilihan uripe. Sing ya ora sithik kuwi bab menungsa sing hora ngrumangsani mung minangka PIRANTI, mula okeh sing mendem alem, mabuk entuk umuk lang kumlungkung nampa dhemung. Yen ana sing maca tulisan iki njur ngayahi sing kaya tinulis ing ndhuwur, ndang eling, merga menungsa iki mung PIRANTI. Yen isa sugih, elinga yen mung PIRANTI lan njajal noleha kiwa-tengen, okeh sing kapiran,okeh sing butuh pitulungan. Aja mung numpuk bandha lan kokean gaya pamer kadonyan, kuwi kabeh mung sampiran amarga pinilih dadi PIRANTI dening Gusti. Wis semene ndisik andharane, meh nYUSUl neng Sor Talok, kayane okeh sing nggabung saiki.

“Yen manut penemuku, sugih kuwi oleh wae lho Lur, mosok wong ora oleh sugih” Lik Ndoleng miwiti rembugan bab piwulange Gusti.

“Pancen oleh lho Leng, sapa sing menggak wong kuwi isa sugih?” Takone Kang Gigut sing saiki gelem kliyeng-kliyeng dolan, ora mung ngempeng neng ngomah wae.

“Mung wae, yen sugih utawa isa nggolek bandha okeh, aja mung dipek dewe, elinga karo liyan sing mbutuhake” Kang Solebo melu urun rembug.

“Weh, yen mengkono kepenak temen Bo, sing ora pethakilan isa entuk dum-duman, kuwi ora adil, ramathuk aku..” Senthot sajak erosi,ratrima karo penemune Kang Solebo.

“Yen aku setuju penemune kang Solebo, wong urip kuwi lakmung mampir ngombe, mula kudu eling sedulure..”Dalijo melu urun rembug sinambi nyumet MLDne, bebarengan karo Lik Ndoleng nyumet pituneme, kang Solebo karo jisamsune. Dene liyane kayane nginang, merga ora ana sing nyumet.

“Ssstt, kuwi ewacanen BENINGE EMBUN ESUk saka mbahe, sejatine awake dewe iki mung PIRANTI lho lur. Amarga mung PIRATI, ya ayo manut karo sing nganggo. Yen isa dadi sugih mbrewu-mblegedhu, aja ditumpuk, ngko malah bubruk, ndumen karo liyan..lan sakwise ndedum, aja njaluk aleman, merga mung PIRANTI..”Ngendikane Kyai Kentho sinambi nyumet klobote.

“Kuwi Lik, elinga. Tresnamu karo yu Wasti kuwi mung PIRANTI, ora kudu nduweki..”Unine Iin sinambi nyuguhake kopi lan gedang kapok godog.

“Tlondoloo.. pethak..tekan iki meneh kowe kuwi In..! Dusss!”Lik Ndoleng muni karo ngekep udud, mula rapatio cetha.

 

@semesta

Kamis, 06 Januari 2022

SUMUNAR

 

Kemis Pahing 6 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 60 : 1-6

Jabur 72 : 1-14

Efesus 3 : 1-12

Mateus 2 : 1-12

“Tangia hé Yérusalèm lan nyunarna pepadhang kaya srengéngé; awit kamulyané Pangéran wis madhangi kowé!

Yesaya 60 : 1

 

Biasane kang kinaranan SUMUNAR kuwi samubarang kang ana gegayutane karo cahya utawa urup, kayata srengenge, lampu, geni , lilin lan liya-liyane. Pokoke kabeh kang isa ana urupe utawa cahyane kuwi isa kinaranan SUMUNAR amarga nduweni “sinar”. Amarga SUMUNAR, mesti isa disawang liyan, mbuh kuwi saka kadohan utawa cedhak. Kabeh kang nduweni kodrat  SUMUNAR ananging ora isa ngetokake cahyane, kuwi mesti ana perangan sing luput. Dene apa kang luput kuwi isa macem-macem, gumantung kahanane.

 

Bab SUMUNAR kuwi nate dadi piwulange kitab suci,cethane neng kitab Yesaya bab 60, neng kana Gusti paring dhawuh marang Yerusalem minangka punjering urip bangsa ngisrael cikben “Tangi” lan sakbanjure nyunarraka cahya kang wis diparingi dening Gusti Allah. Cahya kang bisa SUMUNAR kuwi asale saka Gusti, Yerusalem mung kari mbukak uripe kanthi jujur lan iklas cikben cahya kang asale saka Gusti bisa SUMUNAR lan sinawang liyan.  Dene sakwise cahya kuwi isa SUMUNAR, mesti kabeh kang lumaku ing kahanan peteng dadi entuk padhanging kahanan lan sakbanjure isa mbacutake lakuning urip. Yen lakuning urip nembe neng kahanan kang peteng, mesti rekasane ngeram lan ing kahanan kang peteng kuwi mesti lakuning urip dadi abot lan rekasa, mula kudu ana cahya SUMUNAR kang madhangi.

 

Lho apa menungsa kudu murup kaya lampu merkuri? Ora kudu kaya mengkono, cahyaning urip kuwi isa minangka gegambaran, tegese apa wae bab apik kang isa dadi kabar bungah marang liyan, kuwi isa kinaranan cahya kang SUMUNAR. Sing sapa merduli liyan kuwi cahya kang SUMUNAR, sing sapa ngerti lan paham kahanan liyan kuwi iya kinaranan cahaning uripe SUMUNAR, sing sapa seneng tetulung marang liyan kanthi iklas kuwi kinaranan cahyaning SUMUNAR. Okeh ayahane urip iki kang klebu cahyane urip, mula payo padha dilakoni.

Njur apa ana cahya kang surem lan uripe ora SUMUNAR sanadyan wis binerkahan “cahyaning swarga?” Nggladeg,okehe ngeram. Sing sapa jik seneng mbiji salah  lan bener kuwi tandha durung SUMUNAR uripe. Lho, yen salah kan kudu diarani salah kan? Salah kuwi dibenerake, ora diukum. Uga ana, sanadyan ketok rajin ngibadhah, ananging menawa ora gelem tetulung liyan, kuwi ya kinaranan cahyane burem, ora SUMUNAR. Ora madhangi malah metengi.

Ing jaman kang sansaya maju iki, okehe ngeram patraping urip kang lamis, bab contone kaya ngapa, mestine para pamaos luwih paham. Ananging sing cetha, uripe menungsa (sing rumangsa dudu menungsa orasah ngamuk nggih.,,) kuwi wis dikebaki cahyaning Gusti Allah, Cahya Kaswargan, mung kari nata cikben SUMUNAR lan madhangi uripe liyan.

 

“Leng, BENINGE EMBUN ESUK  dina iki jeruu..aku rumangsa durung SUMUNAR. Aku jik pelit gek..” Sore kuwi Senthot mampir neng Cakruk Sor Talok lan njur jagongan karo Lik Ndoleng lan “genk’e”.

“Lha kowe kuwi kapan SUMUNAR ta Thot…watakmu mung thuk mis..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Kuwi gawan bayi Leng, yen Senthot kuwi thukmis, mung wae wanine saka kadohan, tekan ngomah wedi karo bojone. Dikon mususilan marut klapa wae gelem gek..” Kang Solebo nambahi.

“Duss..suwe ramampir,mampir-mampir digarapi cahh..”Grundelane Senthot.

“Ssst…balik neng gunemanmu Thot. Cen kabeh angel ngetokne Cahyaning Gusti, angel SUMUNAR kanggo liyan…merga mung mikir awake dewe-dewe..” Ngendikane Kyani Kento.

“Jomeneh cucul bandha lur, wong jare mbahe, komentar nggon tulisane wae pelit kabeh. Kamangka jre mbahekuwi minangka andhum pengalaman. Kuwi poraya pelit lan ora SUMUNAR..” Unine Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Weh, brarti aku ora dewe ya lur?” Takone Senthot.

“Okeh bolone Thot..rasah kwatir..” Ngendikane Kyai Kento.

 

@semesta

Rabu, 05 Januari 2022

NYAMBUNG

 

Rebo Legi Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 31 : 7-14

Jabur 72

“Saèstu Panjenenganipun badhé mitulungi tiyang mlarat, ingkang sesambat, mekaten ugi tiyang ingkang kesrakat sarta ingkang kapiran. Panjenenganipun badhé nresnani tiyang sèkèng lan tiyang mlarat, nyawanipun tiyang miskin badhé dipun pitulungi. Sami badhé dipun tebus saking panindhes lan panganiaya, rahipun dipun anggep adi.”

Jabur 72 : 12-14

 

Tembung NYAMBUNG kuwi tegese gathuk utawa kraket ing antarane barang utawa kahanan siji karo liyane. Dene cikben isa NYAMBUNG biasane butuh srana. Isa kena di anggo gegambaran bab NYAMBUNG kuwi kaya dene Tipi lan daya listrik. Cikben isa sansaya tambah manfaate, tipi kuwi kudu disambungake daya listrik lan kuwi mbutuhake srana, yakuwi kabel. Yen wis NYAMBUNG mesti ana paedah sing luwih gede lan apik. Ana meneh gegambaran bab NYAMBUNG, yakuwi bab banyu. Banyu saka tuk utawa sumber kae butuh srana cikben tekan kolah nggon kamar mandi, isa nganggo selang utawa pralon lan ora kleru yen srana NYAMBUNG’ake nganggo tenaga menungsa lumantar dipikuli utawa digendong cikben tekan ngomah.

Ana crita kitab suci kang magepokan karo bab NYAMBUNG, ananging  ing kene babagan sesambungan ing antarane menungsa minangka titah karo Gusti Allah minangka kang nitahake. Neng kitab Jabur bab 72, neng kana dicritakne bab pandongane raja Soleman cikben Gusti Allah maringi berkah marang Raja. Soleman nyenyuwun marang Gusti cikben sang Raja tansah NYAMBUNG karo Gusti Allah, awit mung lumantar kahanan NYAMBUNG kuwi sang Raja isa tumindhak memper Gusti Allah. Yen kahanane urip sang Raja ora ana sesambungan babarblas karo Gusti, tangeh lamun uripe memper Gusti. Soleman ndongakne cikben sang Raja isa  nresnani lan mitulungi sing kesrakat lan kabeh sing nampa kahanan rekasa bakalane isa ditulungi sang Raja. Kabeh ayahan raja kuwi mung isane klakon nalika uripe NYAMBUNG marang Gusti, mula kuwi kang dadi isining dongane Soleman.

Kaya kang dilakoni dening Soleman, semono uga ing jaman saiki ya ora sithik sing ndongakne liyan. Ananging kayane isining donga mung nalika nampa lelara lan nalika arep nggayuh samubarang. Ing jaman saiki ayahan ndongakne liyan mung nalika ana “rekuest” utaw penjaluk, kuwi wae ora adhoh saka lelara lan gegayuhan liyane. Yen ndongakne kaya kang dilakoni Soleman, kayane jik arang. Sakliyane kuwi sajake sing njaluk didongakne cikben isa ngayahi kaya kang didongakne Soleman ya meh mokal. Paling sing lumrah lumaku nalika lara njaluk didongakne lan nalika anake arep ujian wae, sakliyane kuwi jik karang-kading.

Lha njur yen arang sing ndedonga kaya Soleman kuwi tegese uripe wong jaman saiki kuwi ora NYAMBUNG marang Gusti Allah? Wah, yen kuwi sumangga para sedulur sing mbiji. lan sing penting mbiji awake dewe ndisik, apa wis bener-bener NYAMBUNG karo Sang Sumbering Katresnan, Sumbering Sih Rahmat, Sumbering Pitulungan?

 

“Wah Leng, aku krasa tenan karo BENINGE EMBUN ESUK dina iki..” Unine Kang Solebo nalika jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Aku yak rasa gek Bo. Saksuwene iki jebul aku durung NYAMBUNG karo Gusti..mung nggugu karepku dewe, sanadyan aktip olehke ngaBEKTI..”Semaure Lik Ndoleng sinambi nglithing udud, jare tahun 2022 arep berhemat.

“Kula nggih ngaten kok dhe…krasa saestu..jebule urip kula dereng saestu NYAMBUNG kalih Gusti” Iin melu urun rembug sinambi nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Mbok muni Jo! Ora mung meneng wae…melua urun rembug..” Swarane Lik Ndoleng sajak sora sakwise nyruput kopi.

“Haiyah, sing maca tulisan iki yap elite ngeram urun rembug Lik, mosok aku mung ora melu cluluk bab NYAMBUNG karo Gusti wae wis mbok uneni..” Semaure Dalijo sinambi nyumet Tuton, merga MLD nembe mundak regane.

“Cen iya kok Lur. Awake dewe kuwi mung rumangsa sok NYAMBUNG karo Gusti. Mula ya mung rumangsane yawis tumindak apik, ananging ijik rumangsane.. Nyatane ya sumangga dicek dewe-dewe” Ngendikane Kyai Kento Sing Mbaurekso Mbendho.

 

@semesta

Selasa, 04 Januari 2022

OMAH

 

Selasa Kliwon 4 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 6 : 1-5

Jabur 72

Para Rasul 7 : 44-53

Langit kuwi dhampar-Ku, lan bumi iki ancik-anciking pada-Ku. Omah kaya apa sing arep kokgawé kanggo Aku? Ana ing ngendi panggonan-Ku ngaso?”

Para Rasul 7 : 49

 

OMAH, mbokmenawa kabeh wis padha pana utawa dong bab wujude,fungsine,modele lan kabeh ubarampene. Meh kabeh sing maca tulisan iki paham lan butuh karo apa kang kinaranan OMAH lan kabeh mesti  kepengin nduweni. Okeh lan kepara meh kabeh sing maca tulisan iki nduwe OMAH lan kepara ora mung siji, isa nduweni okeh OMAH sanadyan butuhe ya kanggo ngeyup lan ngaso sawetara, merga jejege menungsa kuwi butuh lunga, ora mung neng njero OMAH wae. OMAH kuwi isa dadi wujuding berkah, ananging uga isa dadi srana congkrah lan bubrah, gumantung karo sing menehi arti marang kahanane.

 

Crita bab OMAH ya okeh pating sliwer neng kitab suci, salah sijine neng wacan kitab suci dina iki, neng Para Rasul bab 7. Neng kana Sang Roh Suci memulang wong okeh lumantar Stefanus bab Pedaleman Suci. Nalika bangsa ngisrael mengerti bab sejarahe Pedaleman Suci, saka mung awujud kemah sederhana tumeka binangun apike ngeram.Ananging sarehne sakwise binangun apik njur wong ngisrael lali, yen kuwi mung pralambang. Merga mung pralambang, mula ya kudu mangerti papan sejatine, yakuwi “OMAH’e Gusti”, yakuwi makuwon neng telenging batine menungsa. Gusti Allah lumantar Stefanus ngelingkae bahayane “kleru penemu” bab OMAH kanggo Gusti. Mulane nalika ngelikake laku luput para penggedene agama Yahudi, Stefanus njur disengit lan dipateni. Ora mbiyen-ora saiki, lumaku ing bebener dalah elik-elik  ben tetep lumaku ing dalaning bebener kuwi entuke paukuman.

 

Penemu kaya para penggedhe agama Yahudi ing jamane Stefanus kuwi jebul tekan saiki ora sirna  lha malah ngembaka. Ora sithik greja sing mung mikir OMAH kang ketok blegere utawa OMAH fisik dene OMAH sing sejati, yakuwi telenging ati blas ora dimangerteni. Ing jaman saiki ora sithik sing mung mikir piye nggawe “dalem pamujan” kang megah (sstt..anggere ora megahi lho ya..), ananging OMAH sejatine Gusti, Sang Roh Suci, malah ora binangun. OMAH kang sejati kuwi malah ijik keak rereget kang arupa rasa sengit, rumangsa bener dewe, madeg ngluwihi Gusti Allah,srei lan drengki. Kabeh reregeting OMAH sejatine Gusti kuwi coba ditutup lumantar mbangun gedung-gedung gede lan mewah. Lho apa salah? Ora, ananging sing kudu dimangerteni, Gusti Allah pancen butuh OMAH, yakuwi atine menungsa kang pasrah lan sumarah.

 

Kaya paseksine Stefanus, Gusti Allah isa ndadekake kabeh minangka OMAH, minangka dhampar lan acncik-ancike. Jagad iki kabeh isa dadi OMAH kanggo Gusti lan sejatine Gusti ngersakne “ngaso” lan dedhampar ana neng sakjroning atine para wong kang pasrah dalah sumarah, ora sing kokean polah ora nggenah malah sok rumangsa ngluwihi Gusti Allah.

 

“Jo, yen jare kitab suci Gusti Allah kuwi kersa atine menungsa dadi OMAH, kuwi cak-cak’ane piye ya?” Takone Lik Ndoleng sajak sengrius nalika jagongan neng Lincak Sor Talok, ndelalah sore kuwi kedayohan Kyai Kento sing kawentar piwulange.

“Ya aja mung mikir mbangun OMAH kang waujud pisik wae ta Leng, kuwi penemuku” Unine Kang Solebo, sinambi nyumet jisamsune.

“Aku ya mathuk karo penemu kuwi Lik..” Unine Dalijo.

“Ajeg kowe kuwi Jo,mung ngopi-paste penemune liyan..” Lik Ndoleng sajak ora marem karo penemune Kang Solebo lan Dalijo.

“Lha njajal sliramu To, wis patang windu ora ngetok mung semedi, kene wenehana piwulangmu.” Lik Ndoleng sajak selak kepengin mangerteni.

“Sabar Leng, sareh…sakdurunge tak wenehi wangsulan, tak takon ndisik. Kanggomu, sing kinaranan “wong dosa” lan diarani sampah masyarakat kaya lesbi, gay, psk lan wong sing luput kuwi kira-kira entuk pangapura saka Gusti pora?” Takone Kyai Kento.

“Yen manut aku, ya abot To. Lha wis ngerti kuwi luput kok dilakoni. Contone, blaka wae, PSK.Lha ngerti kuwi luput kok jik dilakoni?” Lik Ndoleng semangat menehi wangsulan.

“Lha yen gawean kuwi merga kepepet kanggo ngrumat anak lan kanggo nyambung urip?” Takone Dalijo.

“Tetep ora mungkin Gusti ngapura..” Lik Ndoleng ngeyel.

“Ngene Lur..sing dadi wigatine BENINGE EMBUN ESUK saka mbah’e bab OMAH kanggo Gusti utawa Sang Roh Suci kuwi nalika uripe migunani tumrap Liyan. Gusti ngapura kabeh salah lan dosa, sing angel lan wegah ngapura kuwi lak greja lan menungsa” Ngendikane Kyai Kento. Kabeh njur mlenggong sajak ora trima, kaya sing maca tulisan iki.

 

@semesta

Senin, 03 Januari 2022

NDONGAKAKE

 

Senen Wage 3 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Ayub 42 : 10-17

Jabur 42

Lukas 8 : 16-21

“Sawisé Ayub ndongakaké para mitrané telu-teluné, Pangéran banjur mangsulaké Ayub dadi sugih menèh, malah diparingi tikel loroné kasugihané sing biyèn.” Ayub 42 : 10

Tembung NDONGAKAKE kuwi linggane donga, kang nduweni teges utawa arti mbangun sesambungan utawa komunikasi ing antarane menungsa minangka titah karo Gusti Allah minangka kang nitahake. Yen mengkono tembung NDONGAKAKE kuwi njur nduweni arti utawa menungsa kang mbangun sesambungan wigati lan mirunggan marang Gusti Allahe ora kanggo butuhe dewe ananging kanggo butuhe liyan. Ing kene tembung NDONGAKAKE ora mung winates ungeling rembug kang tinata apik tur ya edi-peni ananging ora mrenthul saka telenging ati kang wening lan iklas, ananginging NDONGAKAKE liyan kanthi ilasing manah lan babarblas ora ana kepentingan liya sakliyane nyenyuwun marang Gusti murih liyan antuk tentrem lan rahayuing urip.

Bab NDONGAKAKE kanggo liyan kuwi apik menawa sinau saka Ayub, kang kanthi tulus iklas nyenyuwun marang Gusti Allah lumantar donga kanggo liyan (para kancane). Yen kancane nalika Ayub ngadepi sengsaraning urip mbelani lan nulungi wis lumrah menawa Ayub NDONGAKAKE karaharjane kanca-kancane, lha iki nalika Ayub ngrasakne rekasaning urip malah dicucuh yen kabeh kuwi merga lupu lan dosane Ayub. Sanadyan nalika ngrasakne aboting kahanan urip kanca-kancane ora mbelani, ora nyengkuyung malah kepara nyalahake, ananging Ayub tetep NDONGAKAKE kabecikan kanggo para kancanelan kuwi kang dadi keparenge Gusti Allah.

Ing jaman saiki lan uga sing maca tulisan iki ya ora sithik sing nate NDONGAKAKE liyan. Ananging kang dadi punjering “refleksi”, apa yaw is wani nempuh dalaning ercaya Ayub, nwani NDONGAKAKE marang kang natoni, marang kang nyalahake, marang kang mitenah, marang kang nglarani ati? Yen mung NDONGAKAKE kanggo liyan sing nulungi,sing menehi, sing apikan, kabeh isa nglakoni lan mala hora usah sinau abot-abot, ananging nalika isa NDONGAKAKE liyan sing ora apik marang awake dewe, kuwi sing manut kersane Gusti.

Mula saka kuwi para sedulur, payo nulad-nuladha lakuning urip percayaning Ayub, kang sanadyan nyangga aboting momotaning urip tetep setya tuhu ngugemi percayane marang Gusti. Payo nuladha lakuning percaya Ayub, sanadyan kanca-kancane sing cedak nyalahake , tetep NDONGAKAKE kabecikan. Sepisan meneh, yen mung NDONGAKAKE liyan sing tumindak apik marang awake dewe, kuwi mayar lan ora usah ngrekasa-ngrekasa latihan, ananging yen NDONGAKAKE liyan sing sengit lan nglarani ati kuwi butuh latihan rohani kang ora sedelok. Wis, ngono wae, arep NYUSUl jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Leng, sakumpamane teka titi-mangsane ana acara njur awakmu kon NDONGAKAKE brayate Markun, kira-kira gelem ra?” Takone Kang Solebo miwiti jejagongan mbengi kuwi.

“Weh, ya kudu nyawang kahanan ta Bo, bab gelem lan orane kuwi mayar..” Semaure Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

“Yen NDONGAKAKE rekasaning uripe Kang Markun mesti gelem ya Lik?” Unine Iin nalika nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Denggelmu mlengkung kuwi In! Kok ngepal ngono marang aku ta Nduk…” Semaure Lik Ndoleng.

“Mula ndang diwangsuli Lik, pitakone kang Solebo kuwi..” Iin mbacutke rembugake.

“Piye apike Jo?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo sing nembe nyruput kopine.

“Yen aku, sampeyan kudu sinau marang critane Ayub Lik, kaya sing neng BENINGE EMBUN ESUK kae, wani NDONGAKAKE marang sapa wae, malah kepara sing natoni ati..sing nyengit lan ngrekasakne urip..” Semaure Dalijo.

“Lha aku ora lara ati karo Markun..aku mung..” Durung kober mbacutake omongane, kesaut swarane Iin.

“Haiyah, mbok blaka-suta..blak kotang terus….(mangga sing maos sing mbacutake)…”Unine Iin lan durung kober rampung,  Genten Lik Ndoleng munggel omongane Iin.

“Duss..kenek meneh lurr..Asem..!!” Gresahe Lik Ndoleng.

 

@semesta

 

Minggu, 02 Januari 2022

DILUWARI

 

Minggu Pon 2 Januari 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yeremia 31 : 7-14

Jabur 147 : 12-20

Efesus 1 : 3-14

Yokanan 1 : 1-18

“Amarga Sang Yehuwah wus ngluwari Yakub, wus nebus saka ing tangane wong kang luwih rosa. Mulane bakal padha teka karo surak-surak ana ing tenggere Sion, sarta polatane sumringah, marga saka kamirahane Sang Yehuwah, kang arupa gandum, anggur lan lenga, apadene cempe-cempe lan sapi-sapi; uripe bakal kaya taman kang kaoncoran banyu, sarta ora bakal katon nglayung maneh. “ Yeremia 31 : 11-12

 

Sakdurunge mbacutake tulisan iki, nyuwun palilah badhe ngaturaken wilujeng warsa anyar, mugi-mugi ing tahun 2022 BENINGE EMBUN ESUK tansah saget lancar “tampil” lan mugi dados srana kangge kaca pangiloning gesang. Mugi-mugi berkahipun Gusti Ingkang Minangka Sangkan Paraning Dumadi tansah rinaosaken dening sinten kemawon.

 

Tembung DILUWARI kuwi linggane Luwar kang tegese ucul utawa metu saka ing… Dene saka ing kuwi isa saka kahanan kanga bot, saka papan kang medeni, saka pawongan kang ora becik  lan liya-liyane. Saka tembung Luwar mau njur isa dadi pirang-pirang tembung, salah sijine DILUWARi kang nduweni arti utawa makna ditulungi cikben isa metu saka.. Yen DILUWARI saka papan kang medeni tegese ya ditulungi cikben isa luwar saka papan kang medeni kuwi, yen DILUWARI saka cekelane pawongan kang galak tur wengis ya tegese ditulungi cikben isa luwar saka pangwasane sing medeni lan wengis kuwi.

 

Crita kitab  suci Yeremia bab 31 menehi piwulang babagan DILUWARI. Nalika iku bangsa ngisrael nembe dijajah dening bangsa liya. Sing jenenge dijajah kuwi mesti ora kepenak, merga paling kepenak kuwi wong merdika.  Nalika jinajah dening bangsa liya lan ngrasakne abot lan rekasane urip, bangsa ngisrael mesti sambat njaluk pitulungan. Lumantar nabi Yeremia, Gusti Allah njur paring kabar kabungahan yen awit saka katresnane kang gedene ngeram kuwi bakal nulungi bangsa ngisrael. Tegese, kahanane bangsa kuwi arep DILUWARI dening Sang Yehuwah. DILUWARI saka sakabehing rekasane urip, DILUWARI saka aboting momotaning urip lan bakalan diwenehi urip kang mardika ing samubarange.

 

Merga kabar kang mbungahake kuwi, mula lumantar nabi Yeremia njur paring dhawuh cikben bangsa ngisrael abebungah  lan asukarena. Lha kapan anggone kudu abebungah lan sumyak-sumyak asukarena? Apa pas ngibadhah thok apa ing sakabehing uripe? Wangsulane cetha, yakuwi bebungah lan asukarena ing kabeh dalaning uripe, ora mung  mligi nalika ngibadhah utawa pahargyan. Gusti ngersakne bangsa ngisrael tansah bungah nalika makarya, nalika srawung, nalika tetulung lan ing kabeh obah-osiking urip.

Ora mung ing jamanne nabi Yeremia menungsa ngadepi kahanan kanga bot utawa rekasa, ing saben jaman mesti ngadepi kahanan kang kaya mengkono kuwi, klebu isa wektu iki. Mulane sinau saka prajanjiane Gusti Allah marang para  kagungane kang bakal DILUWARI saka kahanan urip kang rekasa lan abot, ing saiki uga janji kuwi jik lumaku. Payo pracaya marang Gusti Allah yen Panjengane bakalan nulungi, pracaya kahanan urip kang abot ikimesti bakal DILUWARI lan isa ngrasakne mardikaning kahanan. Sakwise DILUWARI tegese wus bebas, mula payo makarya kanthi asukarena ing sadengah ayahan pakaryan.

 

“Seka ngendi Jo wingi sore kae,kok sajak wigati temenan?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, nalika mbalik jagongan neng Lincak Sor Talok, merga rong ndina ora ngumpul babar-blas.

“Seka kerjabakti Lik, nata nggreja lan uga mbelek-mbelekake silihan kanggo pahargyan adven, natal lan tahun baru” Semaure Dalijo sinambi nyumet MLDne.

“Lha sliramu ngadi Leng, kok ra njedul?” Takone Kang Solebo.

“Aku repot, lan pikirku gawean mayar wae rabutuh wong okeh. Gawean kaya mengkono kuwi ben diayahi sing enom” Semaure Lik Ndoleng entheng sajak tanpa nggagas blas.

“Yen gawean  wae nggo wong enom Lik, yen jatah sing kepenak njaluk nomer siji. Elinga Lik, awake dewe kuwi wis DILUWARI dening Gusti saka kabeh rekasaning urip, mosok mung kerjabakti wae ndadak kokean alesan?” Takone Iin marang Lik Ndoleng, sing mung klecam-klecom kaya Jangkrik nyawang  menungsa sing ngrayakne tahun barunan.

“Bener Leng, elinga yen merga katresane Gusti awake dewe isa DILUWARI saka pageblug ing tahun 2021 lan isa mlebu tahun 2022, aja mung sakarepmu dewe” Unine Kang Solebo.

“Iya Lur,sepurane luputku..Tak nata uripku minangka menungsa kang wus DILUWARI Gusti” Wangsulane Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

@semesta

FIKSI Di Malam PASKAH