Senin, 10 Februari 2020

TOBAT


Senen Legi 10 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 22:3-20
Jabur 119:105-112
Markus 8:11-13
“..sarehne sira wus nalangsa lan wus ngesorake awakira ana ing ngarsaning Sang Yehuwah nalika sira krungu bab paukuman kang Sunpangandikakake tumrap panggonan iki lan kang padha manggon ing kene, yaiku manawa bakal padha dadi pagiris lan dadi ipat-ipat, sarta ing sarehne sira nyuwek-nyuwek panganggonira lan nangis ana ing ngarsaningSun, tuwin Ingsun iya wus midhangetake iku, -- makaten pangandikaning Sang Yehuwah, -- mulane lah sira bakal Suntunggilake kalawan para leluhurira lan sira bakal kapetak ing pakuburanira kalawan tentrem, apadene mripatira ora bakal nyumurupi sakehing kasangsaran kang bakal Sundhatengake ana ing panggonan iki.” Para utusan mau iya banjur padha ngaturake wangsulan iku marang Sang Nata.” 2 Para Raja 22:19-20

TOBAT, kuwi tembung sing cekak lan katon mayar anggone nglakoni, ananging durung mesti mayar temenan nalika kudu nglakoni sing sakmestine. Lho kok isa mengkono? Iya, merga TOBAT kuwi ora mung winates ana ing tembung, ananging kudu kelakon ana ing tumindak. Nalika mung ana ing tembing, mayar banget ngomonge, ananging sing diarani TOBAT kuwi tumindak, sing tegese mbalik saka kahanan sing ora pas lan tumuju marang papan sing sakmestine.

TOBAT sing  pas kuwi nate kalkon lan isa dadi patuladan saka crita neng Kitab Suci. Neng 2 Para Raja 2 22:3-20. Ing kana dicritakne kaya ngapa cara TOBAT (nelangsa) sing sakbenere.  Dene lakuning TOBAT kuwi lumantar adat lan tradisi sing lumrah. Ing jaman Para Raja 2, lakuning TOBAT yakuwi  lumantar nyuwek-nyuwek penganggo lan uga ngeblegi awu ana ing sirahe. Nyuwek-nyuwek penganggo lan uga kalawan nangis kuwi mratandakne getun sing jero banget, lan getun kuwi ora ngelingi marang kahananing awak, merga mung ngener marang Gusti Allah. Getun utawa TOBAT sing jik isin, dudu tumindak kang bene rana ing ngarsane Gusti.

Ing jaman saiki akeh TOBAT sing mung ana neng lambe, mung ngomong thok ananging tumindak’e babarblas ora ana. Akeh sing wasis nalika muni TOBAT, ananging sesuk-sesuk’e njur mbaleni tumindak sing luput lan nate kaapura, kanthi wasis ananging lamis. TOBAT wis ora ana maknene sakliyane mung tembung, merga ora ana tumindak sing nandakne yen kuwi bener-bener TOBAT sing mbalik saka tumindak sing luput tumuju marang tumindak kang apik.

“Lik, wingi sing kotbah sapa?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng bab sing kotbah saja neng nggrejane, merga dewekne nyumbang neng omahe kancane, sisan neng nggreja cedak omahe kancane.
“Aku linggih neng mburi Jo, ora ketok lan ora krungu swarane”, Wangsulane Lik Ndoleng sajak bingung.
“Weh, lha pora maca Warta Greja?” Dalijo jik nguyak.
“Ora kumanan gek Jo.. Lha tekaku rada telat…anu hmm…”Sajak  wiwit kewuhan Lik Ndoleng olehe wangsulan.
“Haiyahh..ndadak kokean alesan Lik..wong wingi ora mangkat neng nggreja wae alesan neka-neka..Jare wis TOBAT ora arep ngapusi, kok malah mbok baleni?” Nduk I’in tanpa tedeng aling-aling mbukak lamise Lik Ndoleng. Dene Lik Ndoleng mung kaya padatan, mesam-mesem tanpa rumangsa salah..

Simbahe..

Sabtu, 08 Februari 2020

NYUWIL


Setu Wage 8 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 29:13-16
Jabur 112:1-9
Markus 8:1-10
“Wong akeh mau banjur padha kadhawuhan linggih ana ing lemah. Sawuse mangkono Gusti yesus banjur mundhut roti pitu mau, lan sawise saos sokur, nuli dicuwil-cuwil sarta diparingake marang para sakabat supaya didum-dum marang wong akeh mau lan iya banjur diwaratakake.”Markus 8:6

NYUWIL, kuwi tegese misahake sawetara bagian saka induk utawa pusate. Nyuwil kuwi sithik, merga yen akeh ora isa diarani NYUWIL. Apa wae sing dicuwil mesti bakalan kalong utawa susut lan malih dadi luwih sithik. Akeh wong sing ora gelem NYUWIL darbek’e yen kuwi barang sing nduweni pangaji kang gede, dene yen ora ana pengajine, gampang olehe NYUWIL malah maro ya oleh. Sanadyan bab sing mayar, merga ora mbutuhake kuliah tekan  sundul langit, ananging bab NYUWIL kuwi ya isa angel tumrap sing nduweni watak pelit,uthil lan ora gelem andum-inganduman.

Bab NYUWIL kuwi nate ditindakne dening Gusti Yesus, nalika ngadepi wong akihe buanget kang keluwen. Nalika ngadepi wong akeh sing keluwen, Gusti Yesus ora ngakon pada lunga, ananging ndawuhi supaya para sekabate nyawisi pangan. Amarga anane mung sithik, mula ya kudu dicuwil-cuwil. Sakwise dicuwil-cuwil banjur diedumake, ora disimpen dewe. Sakwise dicuwil njur diddum-dumke, jebule wong akeh banjur warge lan malah kepara turah akeh. Kamangka rotii sing dicuwil lan diedum ora akeh, mung ana limang rep lan sing butuh wong patangewunan. Kabeh kang ditindakne Gusti Yesus marane wong akeh gumun, lan merga saka gumun kuwi sakbanjure langsung tambah kapercayane. Lumantar NYUWIL roti, nandakne yen Gusti Yesus maringi piwulang supaya urip lan berkah kuwi kudu dindum, ara dipek lan disimpen dewe.

Ing jaman saiki bab NYUWIL “roti” kuwi ya ora gampang, merga akeh sing pada mbledig kasugihan kanggo awake dewe. Merga pengen sugih, mula akeh sing padha korupsi, akeh sing padha ora jujur lan sakpanunggalane. Ing kahanan kang kaya mangkene, kudune sing padha maca tulisan iki sadhar, yen jik kerep wegah NYUWIL rotine, malah kepara ana sing gogrok lan dijupuki liyan wae, diuyak sakecekele. Akeh sing paham bab patuladan lan piwulange Gusti Yesus, ananging sithik sing gelem nindakne tumindak kaya Gusti Yesus. Mula yen akeh sing pada keluwen ya lumrah wae, merga wegah NYUWIL rotining panguripane.

“Lik, ngampil artane nggih, kalih “ewu” mawon..” Dalijo ngomong wuasis merga nduweni karep mirunggan.
“Weladalah, kok mlipir Jo basamu? Hmmm…kuwi merga meh ngutang kan?” Wangsulane Lik Ndoleng.
“Inggih Paklik…” Wangsulane Dalijo.
“Aku lagi sepi, ora nduwe duwit..”Sengol Lik Ndoleng olehe wangsulan.
“Muga-muga klakon sing mbok omongke Lik..”Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Weh, iki merga Dalijo ngowahi adat, ndadak basa nrithil In..”Jawabe Lik Ndoleng.
“Haiyah, sampeyan nggere duwe karep karo Yu Wasti ya mengkono, lan malah kabeh mbok kekne yen urusane karo Yu Wasti..”I’in njawab lan njur ditinggal nyang pawon, dene Lik Ndoleng praupane langsung mbranang sajak nesu.

Simbahe..



Jumat, 07 Februari 2020

MANGAP


Jemuah Pon 7 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Yesaya 29:1-12
Jabur 112:1-9
Markus 7:31-37
Sawise mangkono Gusti Yesus banjur tumenga ing langit lan unjal ambegan, nuli ngandika marang wong mau: “Efata!” tegese: mengaa! Sanalika kupinge padha kabuka, ilate kaudharan, banjur bisa caturan teteh. Markus 7:34-35

MANGAP kuwi tegese mbukak tutug. Dene ancas utawa tujuane mbukak mau ya werna-werna, isa merga reflex kanthi tujuan gerak kesehatan, isa uga merga nembe ngendikan utawa omong-omong, isa uga merga nembe mangan utawa liyane. Sing baku, MANGAP kuwi tumindak lumrah sing isa dilakoni sapa wae. Ananging tembung MANGAP kuwi ia diwenehi arti utawa teges sing :negative”, nalika kanggo ngarani sapa wae sing ngomonge ora ditata lan marakne liyan tatu. Saben tembung sing ndadekne liyan tatu, kuwi njur ana tetembungan sing (rada) saru, “Nggere MANGAP kok  ora ditata..”. Ing kene tembung MANGAP kuwi isa diartekne ngomong sing ora nggenah lan natoni liyan.


Dina iki BENINGE EMBUN ESUK ngajak sapa wae sing (gelem) maca ngrasak-ngrasakne piwulange Gusti Yesus. Dene sing dadi pokok piwulang yakuwi nalika Gusti Yesus nambani wong bisu, sing tegese ora isa ngomong (MANGAP), nganti tumeka ing mari utawa warase. Dene carane Gusti nambani kuwi unik, sing lara diajak sumingkir, banjur “nggawe” ramuan (ramuane aja ditiru lho ya..), lan dioleske lan ilate sing bisu didemek. Kuwi sing ndadekne sing bisu isa MANGAP utawa menga lan kuwi kang ndadekne dewekne (sing maune bisu) isa caturan meneh. Isa caturan tegese isa ngomong, isa ngetokne ide, isa ngetokne uneg-uneg .

Ing jaman saiki sejatine akeh wong sing pada “bisu”, merga padha ora isa (gelem) ngomong. Merga saka kahanan “bisu” kuwi, mulane siji lan sijine ora isa ngerti apa kang dadi kekarepane lan kuwi sing ndadekne “komunitas” utawa pasamuan angel majune. Yen dijak rembugan mung monthag-manthug wae, mbuh kuwi dong apa ora, yen dijak diskusi malah teklag-thekluk wae, ananging bareng metu wedang lan pacitan, banjur teges lan telap-telep katon yen waras-wiris. Lha sing nandhang kaya mengkene iki sing kudu disowanake marang Gusti, ben ditambani. Dene tujuane ditambane ya ben isa pulih, isa MANGAP meneh sing tegese isa caturan, isa rembugan, isa disksi kanggo tujuan sing apik bebarengan.

“Lho, jam yahmene kok wis balik Jo, aja-aja mbolos ora sida satasehan?” Takone Lik Ndoleng sing lungguh neng lincak sor Talok,merga dewekne ora mangkat sarasehan,alesane “M”, males.
“Lha arep suwe piye Lik, arane wae sarasehan, ananging dijak diskusi malah mung meneng wae, dijak ngomong malah pating klesik, bareng ditutup sarasehane, njur metu wedang teges kabeh. Aku njur mulih wae..” Wangsulane Dalijo, sajak mendem rasa kuciwa.
“Weh, jebule pada angel dijak caturan dijak rembugan ta..kuwi kudu takkek’I trik, ben wasis caturan, ben MANGAP..” Lik Ndoleng sajak nduweni trik sing jos.
“Haiyah, sampeyan kuwi gelem mangkat wae kujijat kok Lik, ndadak kokean rembug. Nggere dijak alesane enek wae. Paling gelem mangkat yen neng mae Yu Wasti.” Nduk I’in semaur lan sajak pedes nyemes Lik Ndoleng.
“Weh, bocah iki nggere MANGAP mesti pedese ngeram..Dussss…!” Batine Lik Ndoleng, merga meh muni pekewuh karo para priyayi sing maca tulisan iki sinambi mesam-mesem, merga yen dijak sarasean yan arang gelem MANG…..(opss..mangga dilanjutne nggih..)

Simbahe..


Kamis, 06 Februari 2020

MODIPIKASI


Kemis Paing 6 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Pangandharing Toret 4:1-14
Jabur 112:1-9
Markus 7:24-30
“Pitutur kang dakprentahake marang kowe iki aja padha kokwuwuhi lan iya aja kokkurangi, supaya kowe padha nggatekna pepakene Sang Yehuwah, Gusti Allahmu kang dakprentahake marang kowe.” Pangandharing Toret 4:2

Wis umum dadi sesawangan ing padinan, ana pit motor sing swara knalpote njerit-njerit kaya prawan nyawang dudha mesem, wis umum nalika neng ndalan ya sliwar-sliwe ana pit motor rodane cuilik, setange digawe mingkus kaya pitik angrem, uga sesawangan mobil sing dipasangi ban miring. Mbuh kuwi sejatine tujuane apa, ning ya sing nganggo diswang marem,mongkog lan malah kayane sansaya kemaki. Ban pit motor dipasangi sing cilik, ban mobil dipasang miring, setang pit motor digawe njingkrem kuwi kabeh isa diarani MODIPIKASI. Dene tembung MODIPIKASI kuwi tegese ngowahi  wujud lan isine,  sanadyan ora mbubrah total. Sanadyan dipasangi ban cuilik, ananging pit motor ya tetep isa mlaku,ning ya bab “kenyamanan” ora dong.

Bab MODIPIKASI kuwi ora luput, malah apik sauger tujuane nambahi fungsi, dene MODIPIKASI sing tujuane nyudha utawa ngurangi fungsi, kuwi sing ora apik. Apa meneh ora mung  ngurangi fungsi,malah uga isa marakne nuwuhake bebaya marang kahanan. Kabeh sing wis dadi produk masa, kayata pit motor lan mobil kuwi sakdurunge diuncalke neng pasaran, wis ngliwati “studi kelayakan” sing ketat lan ragate larange raukur, mula yen njur ana sing MODIPIKASI ananging nyudha fungsine, kuwi apa ora ngece marang sing nggawe? Njajal wae para maos BENINGE MEBUN ESUK iki, yen apa sing wis digawe njur digunakne beda karo tujuan wiwitan lan kuwi malah nekakne kapitunan, apa ya ora nesu?

OBAT TURU


Bab MODIPIKASI kuwi jebul wis dadi karaktere menungsa seka jaman mbiyen. Paham karo karaktere menungsa sing kaya mengkono kuwi, nabi Musa mulang lan meling, supaya para umat sing dipimpin tansah setya netepi piwulange Gusti. Setya kanthi netepi kabeh apa kang dingendikakne Gusti, ora olih di MODIPIKASI. Nabi Musa sdhar yen para umat sing dipimpin kuwi “kreatipe” pol lan seneng MODIPIKASI apa wae, klebu dawuhe Gusti. Mbokmenawa sing maca tulisan iki ya ana sing nate (malah kerep??) MODIPIKASI apa kang dadi dhawuh pangandikane Gusti? Kudune ngibadhah malah nyang sawah, kudune sinau malah turu lan sakpanunggalane.

“Jo, kok grejane dewe ora ngalkoni pisungsung “perpuluhan” ya?” Takone Lik Ndoleng neng I’in lan Dalijo sing lagi nyawang androite dewe-dewe.
“Ssst..jare mbahndito, etungan basa jawa sepuluh kuwi sejinah Lik..wedi yen perpuluhan dadi perjinahan..”Dalijo semaur sakenane.
“Apa ya yen ditrapke arep perpuluhan ta Lik? Gaya sampeyan iyak-yak’o! Persembahan mingguan wae raluwih seka mangewu wae kokean iyik.. “ Wangsulane I’in sajak mendem rasa erosi.
“Weh aku kuwi mung takon In, kok malah kok kumbah kaya ngene?” Lik Ndoleng sajak isin lan kaget.
“Kuwi kabeh sing diarani MODIPIKASI. Pasamuan saiki kreatipe poll..pisungsung wulanan dirapel, kaya pajekan kae, kebaktian nyicil ya ana, sedina pas minggu mangkat ping 4 njur sesasi ora mangkat. Pokok’e apa wae yen isa arep di MODIPIKASI, sing penting marem. Kebaktian wae tujuane marem, ora kanggo kamulyane Gusti..” Dalijo kojah sakkemenge, dene Lik Ndoleng theklak-thekluk sajak ngantuk.

Simbahe..



Rabu, 05 Februari 2020

PIKIRAN


Rebo Legi 5 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK



Rut 3:1-`3,4:13-22
Jabur 37:1-17
Markus 7:14-23
Banjur nyambeti pangandika: “Apa sing metu saka ing manungsa, iku sing marakake najis, sabab saka ing jero, saka ing sajroning atine manungsa, thukul sakabehing pikiran sing ala, kang lekoh, kadurjanan, gawe pati, laku bandrek, srakah, piala, akal palsu, hawa-nepsu, meri, panyatur ala, gumedhe, tanpa budi. Sakehe piala iki thukul saka ing jero lan marakake najis marang manungsa.” Markus 7:20-23

Ana sing ngarani yen sakabehing kahanan kuwi ana sumbere, mula kaya ngapa sumbere ya kaya mengkono kahanan sing bakal klakon. Yen sumbere apik ya mestine bakal metu samubarang kang apik. Semono uga kosok baline, yen sumbere ala a mesti kabeh bakalane ala utawa ora apik. Sumbr ing kene isa diarani “undheran” lan uga isadiarani “pusat”, mula ya saka ing undheran utawa pusat kuwi mau kabeh lumaku. Isa nggo gawe conto, anane lampu listrik, isa nyetel tipi, nguripke setrika lan sakpanunggalane kuwi merga ana daya listrik, lan daya listrik kuwi ana pusate. Mula yen pusate mati utawa sudha dayane ya kabeh isa lumaku ora sing sakmestine.

Bab “pusating” samubarang kuwi kasunyatan, lan ora isa diendhani. Semono uga menungsa ya nduweni “pusat” sakabehing obah osik’e. dene sing dadi pusat utawa sumbering polah menungsa kuwi PIKIRAN. Menungsa isa tentrem lan bungah merga nduweni PIKIRAN sing bungah lan tentrem, sanadyan yen disawang tata kadonyan ora nduweni bandha kang akeh.  Menungsa arep mangan, arep ngombe,arep ngapa wae, kabeh dikendaleni utawa diwiwiti seka PIKIRAN. Mula saka kwi, yen PIKIRANe wening lan bening, mesti nyawang samubarang ya bakalane wening lan bening. Beda menawa PIKIRAN’e buthek lan kemrungsung, mesti sing bakal kawetu ing tembung lan tumindak ya buthek lng kemrungsung.

Banjur kepiye anggone isa nduweni PIKIRAN sing wening lan wening kuwi? Mayar wae! Nyuwun marang sing kagungan Urip, bubar kuwi dilatih supaya isa nduweni PIKIRAN sing wening lan bening. Bab PIKIRAN sing dadi undheraning kahanan kuwi ya pernah dadi piwulange Gusti. Gusti mulang yen sing ala utawa najis kuwi dudu sing mlebu menyang ing ragane menungsa, ananging apa kang metu, merga kang metu kuwi asale saka PIKIRAN. Lan PIKIRAN kang ala isa ndadekne kabeh kang metu ya ala, ora mung kanggo awak’e dewe, ananging ya isa marakne rusak liyan. Mula saka kuwi, yen kepengin kahanane urip apik lan tentrem, ditata wae PIKIRAN, lan sakwise PIKIRAN wis apik, mesti kabeh lumaku apik lan becik. Sebab apa wae klakone kawiwitan saka PIKIRAN.

“Jo, kok takrasak-rasakne, awakmu kuwi ora pernah nesu, sanadyan dirasani, dipaido lan sakpanunggalane?” Takone Lik Ndoleng.
“Kuwi merga aku ora tau nganggep ala Lik, pikiranku sareh, wening,anteng lan bening. Mbok’o dipaido, ya takrasakne minangka kritik sing apik, sanadyan ditampik, ya aku mikir menawa pancen ora ana aku yawis mlaku, kuwi sing ndadekne uripku penak, kuwi merga aku wis nata PIKIRANku, lan nyawang samubarang becik lan apik” Wangsulane Dalijo.
“Emange sampeyan Lik, sithik-sithik nesu,ngamuk,nglabrak lan sakbanjure. Wis nesunan, pelit meneh! Kuwi merga sing ana ing PIKIRAN sampeyan mung bab kauntungan kanggo sampeyan Lik, ora nate mikir liyan..” Nduk I’in melu cawe-cawe, sinambi dondom.
“Lha kuwi bener kandane I’in Lik, ditata seka PIKIRAN..ben isa wening..” Dalijo nganjutke omongane I’in.
“Paklik isa kang, nggere direwangi Yu Wasti..hahaha..” Pangedene I’in.
“Kamprett..malah tekan Wasti bocah siji iki….”Batine Lik Ndoleng…


Simbahe..


Selasa, 04 Februari 2020

PANGLIPUR


Selasa Kliwon 4 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Rut 2:1-16
Jabur 37:1-17
Markus 7:1-13
“Rut banjur matur: “Dhuh bendara, kula saestu tampi sihpiwelas wonten ing ngarsa panjenengan, awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi sanadyan kula punika boten sami kaliyan para abdi panjenengan estri.”

Sajake sing padha maca tulisan iki wis paham karo apa sing diarani PANGLIPUR, yakuwi  samubarang, mbuh kuwi awujud barang apa tumindak lan uga penemu, sing isa nglipur sapa wae sing nandhang susah. PANGLIPUR kuwi dudu pawongan, isa dadi pawongan nalika ing tata basa Jawa ditambahi “Juru”, mula isa dadi Juru Panglipur. Kaya sing wis tinulis sakdurunge, PANGLIPUR kuwi isa awujud apa wae, mula isa didudut penemu yen apa wae sing marakne kahanan dadi (luwih) bungah, kuwi isa diarani PANGLIPUR. Mula saka kuwi, nalika ana sing ngalami kasusahaning rasa, kang isa nglipur ya PANGLIPUR, sing wujude isa apa wae.

MUNGSUHE KOLESTROL


Bab PANGLIPUR kuwi tau dadi bab sing dirasakne “luar biasa” dening Rut, pawongan saka Moab, sing ngetutne mbokne mertua menyang tanah leluhure . Dene anggone melu menyang tanah leluhure (mantan) mertuane kuwi merga bojone mati lan uga mertuane lanang ya semono uga. Rut ngerti kaya ngapa “kapercayane” mbokne mertua, Naomi sing ora mingset, sanadyan ngadepi aboting masalahe wong urip lan uga kepiye anggone nduwe semangat “mudik”menyang tanah leluhure. Kuwi kabeh dadi tudha sing ndadekne Rut manteb kekinthil karo (mantan) mbok mertuane.

Satekane ing daerahe Naomi, jebul urip ya ora langsung kepenak kaya sing diarepake, wong arep mangan ya kudu obah lan polah. Nalika gelem obah lan polah, mula isa mamah. Rut kudu ngasag ben entuk “bahan makanan”, lan kuwi ndilalah ya neng tegale Boas, si Bos sing wis rada tua ananging (kayane) hensam aliyas nggantheng. Lan nalika ngasag neng tegale Boas, dititeni sing pada nyambut gawe, merga carane menganggo beda, lan uga carane rembugan beda. Kuwi kabeh malah sing ndadekne Boas “nglirik”, beda karo sing pada ngasag liyane, merga wis kulina.

Liding dongeng, Boas “jatuh cinta pada pandangan pertama”, mula njur nggawe cara ben isa ngistimewakne Rut, lan klakon. Lha apa kang ditindakne Boas kuwi, ana ing rasa pangrasaane Rut, diarani PANGLIPUR. “…awit panjenengan sampun karsa paring panglipur dhateng kula, sarta sampun nentremaken manahipun ingkang abdi…” Kuwi isa dadi gambaran, kaya ngapa bungahe Rut karo apa sing wis ditampa saka Boas.
Critane Rut isa dadi kaca pangilon tumrap sapa wae, yen sing kinaranan PANGLIPUR  apa wae sing marakne bungah, marakne tinampa maneh, marakne tentrem neng ati. Mulane, saiki payo padha mapanke apa wae ana ing urip iki, yen samubarang kang ana ing urip iki jian mung peparing saka Gusti, lan kuwi sejatine PANGLIPUR saka Gusti. Lan meneh, sapa wae isa tumindak kaya Boas lan isa ngalami kahanan kaya Rut.

“Kang, manut penemune sampeyan, kenapa Boas tertarik karo Rut?” Ujug-ujug sore kuwi Nduk I’in  ngajak “diskusi” bab tokoh Kitab Suci.
“Ya kuwi wis ginaris karo Gusti In, lan kudu kaya ngono lumakune crita…”Dalijo sajak krang sreg olehe mangsuli, merga jik asyik njingglengi androite.
“Hmmm, yen wangsulane kaya ngono, kukut kang…ditakoni tenan-tenan kok saurane sakpenake dewe..”I’in sing genti njabrut lan marakne raine rancu ora karuan.
“Yen manut penemuku In, Boas kuwi tertarik karo Rut, merga Rut kuwi ayu, seksi lan semlohai..” Ujug-ujug Lik Ndoleng njedul seka kulon ngomah, mbuh seka ngendi.
“Wah, sampeyan mesti mbayangke Yu Wasti ya Lik..lan ditambahi, Lemu..kaya Yu Wasti..”Dalijo sajak semangat yen urusane karo Lik Ndoleng, lan Lik Ndoleng sing genti njekethut raine, kaya Ayam Alas kepethuk menungsa.
“Hmm..nggere cah loro iki engkel-engkelan, rame tenan, lan iki sing isa dadi PANGLIPUR kanggoku lan mbokmenawa uga sing maca BENINGE EMBUN ESUK..” Batine Nduk I’in..

Simbah’e..

Sabtu, 01 Februari 2020

NGASO


Setu Pahing 1 Februari 2020
BENINGE EMBUN ESUK


Mikha 3:1-4
Jabur 15
Markus 6:30-34
Banjur padha dipangandikani: “Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhewe lan padha ngaso sadhela.” Amarga pancen akeh banget wong kang padha teka lunga, nganti mangan bae padha ora kober. Markus 6:31

NGASO, kuwi tegese sumene ora ngalkoni ayahan. Dene tujuane NGASO kuwi supaya kekuatane isa pulih lan isa ngayahi ayahan sakteruse kanthi luwih apik. Mula saka kuwi NGASO kuwi sejatine kebutuhan tumrap sapa wae sing makarya kanthi lumrah, merga yen ora lumrah isa beda kahanane. Ananging sanadyan perkara lumrah, NGASO isa dadi perkara ring ruwet lan ribet nalika kuwi gawean sing ana sesambungane karo uriping menungsa. Coba wae yen Rumah Sakit kae NGASO, kira-kira kaya ngapa sambate sing pada lara? Esti nggegeri ta? Sakliyane Rumah Sakit, ana uga gawean sing menawa sing nglakoni “NGASO” isa adi rerasanan. Lho apa kuwi? Takon wae neng nggreja njaman biyen, nalika ana pendeta NGASO lumantar cuti, mesti dadi rerasanan.


Bab kesel lan sakbanjure NGASO kuwi nate ditindakne dening Gusti Yesus. Kuwi ditulis ana neng Injil Markus 6. Ing kana dicritakne merga saking sayahe, mula Gusti Yesus ngajak para sekabate sumingkir sediluk, meh “cuti”, meh NGASO. Kuwi merga akahe gawean, akehe pakaryan sing kudu ditindakne Gusti. Lan nalika dirasa ana sing sansaya sudha, Gusti ngersakne NGASO,sumingkir sedela. Saka crita iki sejatine isa dijupuk pasinaon apik kanggo urip. Sepisan, sing jenenge kesel kuwi lumrah, mula ya mbutuhake NGASO. Apa wae gawean ana wektune kesel, mula yen tekan wektune NGASO, aja dipaido,malah yen ora nate NGASO, kudu disujanani, aja-aja gek kuwi malah ora jujur. Hehe.. Kapindho, merga NGASO kuwi kebutuhan, mula yen wis diparingi wektu kanggo NGASO, ya gunakna kanthi pas, aja malah dinggo nyambut gawe liyane. Iki sing kerep dilakoni ake h wong. NGASO saka gawean siji, malah mburu gawean liyane cikben ana”tambahan”, lan dadine ora ana gunane NGASO, merga ya tetep kesel lan pakaryane ora optimal.

Mula saka kuwi, saiki ayo padha nyadhari yen urip neng ndonya kuwi kudu saklumrahe. Yen ngrasakne kesel, ngaku wae supaya isa NGASO. Aja rumangsa kuwat nalika ora kuwat, aja njaluk dialem ananging ngrusak awak. Sakbanjure, ayo padha migunakne wektu NGASO sing sakmestine, cikben kabeh dadi luwih apik. Dieling ya, ingatase Gusti Yesus wae mbutuhake NGASO, mosok menungsa (klebu sing maca tulisan iki..hehe) ora rumangsa kesel lan mbutuhake NGASO? Mula yen lagi ana sing ngaso, aja dipoyoki, kuwi malah nuladha Gusti, ananging yen kokean NGASO ya kudu dipecuti, ben obah lan makaryo meneh.

“In, kok paklik raenek, ngandhi?” Esuk kuwi Dalijo nakoni I’in bab kahanane Lik Ndoleng.
“Mau bengi bar seka warung tuku udud, raine mbranang,kayane ora kepranan, njur pamit arep NGASO kang..” Semaure I’in.
“Hmmm…apa seka warunge Yu Wasti ya In?” Takone Dalijo.
“Palinga kang, wong tuku udud mung nggo alesan, ben isa nyawang lan njowal-njawil Yu wasti..” I’in sajak muni rada seru ben Lik Ndoleng neng kamar krungu.
“Weh, aja-aja gek mang mbengi yu Wasti ditunggoni kang Markun, njur Paklik nesu, rumangsa kesel lan pamit meh NGASO..jiann..” Dalijo mangsuli rembuge I’in.
“Dusss…!!! Esuk-esuk ngrasani wong tuwek..aku NGASO merga kesel cah…”Swarane Lik Ndoleng seka kamar.
“Wong ora nyambut gawe kok sajak kesel Lik? Kesel nggolek wektu njawil Yu Wasti ya? Hehe..wles lik..eslow..” Dalijo sajak sansaya jero olehe njarag.
“Basiyooo…ndladukk….kamprettt..” Batine Lik Ndoleng.

Simbahe..

FIKSI Di Malam PASKAH