Jumat, 09 Agustus 2019

PASA


Jumat Legi 9 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI DALANE PASA


Yesaya 9:18-10:4
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 9:14-17
Pangandikané Gusti Yésus: “Kepriyé penemumu? Endi ana tamu ing pésta pengantèn kokprihatin, yèn pengantèné lanang isih ana ing kono? Mesthi ora! Nanging bakal ana mangsané pengantèn lanang lunga saka ing kono. Ing wektu iku para tamu mau bakal padha pasa.”Mateus 9:15

PASA kuwi dudu bab sing asing ana ing tata panguripaning menungsa, seka ing jaman kuna tumeka ing jaman saiki. Saben “peradaban” kayane ngerti lan malah kepara nglakoni apa sing diarani PASA,mbuh apa tujuan lan kepiye carane. Ing jaman saiki bab PASA ya isih dadi “perdebatan” sanadyan ora gandhang keprungu, merga mung ana ing sawetara wong, mirunggan seka kelompok “minoritas”. Sing dadi bahan pitakonan ya tetep wae bab wektu lan tata carane. Mirunggan tumrap warga greja, bab PASA kuwi jik wedi-wedi wani, lan kabeh ya nduweni argumentasi sing (sajak’e) kuwat. Merga kabeh kepingin mangerteni bab PASA sing pas, mula ya ayo bali marang sumbering piwulang, yakuwi Kitab Suci, merga saka ing kana isa dipethik pasinaon apik kanggo pancataning urip.

RAHASIA HIDUP SEJAHTERA


Saka piwulange Gusti Yesus neng Injil Mateus 9, mirunggan ayat 15, neng kana diwulangake kepiye PASA kang pas. PASA kang pas kuwi sejatine ora babagan cara, ananging babagan rasa, yakuwi rasa Prihatin. Keprihatinan ing kene tegese nalika kahanan nembe ora jumbuh karo kekarepan, dene ora jumbuh karo kekarepan kuwi merga Gusti ora diajak cawe-cawe utawa nglirwakne Gusti.  Mula saka kuwi, pangandikae Gusti Cetha banget, yen nembe sesarengan karo Gusti, ngapa ndadak PASA utawa prihatin? Ananging nalika nemahi kahanan sing nrenyuhake (merga ora Gusti), ya wektu kuwi sing pas kanggo PASA. Dene kahanan sing isa diarani ora an Gusti ing kono, kayata: pasulayan, lelara sing ora mari-mari,tukar-padu,korupsi,tuminda nyleweng lan sakpanunggalane. Ing kahanan kang kaya mengkono kuwi sejatine bab PASA dibutuhake. Dadi, PASA kuwi sejatine ora babagan wajib lan gumantung wektu, ananging kabutuhan lan gumantung kahanan dalah krenteging ati.

Yen ngepasi nemahi kahanan sing mrihatinake njur meneng wae, ora nduweni krenteg prihatin lan sakbanjure nindakne PASA, isa diarani yen wong kuwi wis kelangan rasa prihatin lan “empatine” marang kahanan sakiwatengen lan babar blas ora ngupayakne sabarang sing ora apik dadi apik meneh. Mula saka kuwi, lumantar BENINGE EMBUNESUK ing Jemuah Legi 9 Agustus 2019 iki, ayo pasa ngasah rasa prihatin tumrap sabarang ing sakiwa tengene dewe. Aja mung prihatin mung nalika kabutuhane dewe rumangsa ora dituruti,lan protese marang media sosial,PASA kuwi protes marang kahanan sing rinasa ora adil tumrap liyan.
“Saiki paklik kok asyik dolanan HP ta In?” Dalijo sore kuwi ngrasani pakne Cilik Ndoleng karo dulure wedok, Nduk I’in.
“Iyo kok kang, lan saiki sakbare takwuruki nggawe setatus, apa-apa digawe setatus” Semaure nduk I’in.

AJA PASA


“Ora apa-apa, nggere statuse sing mbangun marang apik’e urip bebarengan,ora mung nesa-nesu protes nalika rumangsa dijolimi” Dalijo mangsuli semaure I’in, lan ketungka njedule Lik Ndoleng,sinambi takon.
“Jo..In, carane mbusak setatur Wea ki piye?”
“Yungalah, lha kok meh dibusak ana apa Lik?”Dalijo takon.
“Diprotes wong akeh Jooo” Semaure Lik Ndoleng sajak keweden.
“Mulane kuwi, yen nyetatus mbok sing mbangun bab kasaenan urip bebarengan, ora nggere ana masalah njur protese karo WA, protes kuwi kaya PASA lik, ya marang Gusti. Yen protes marang media sosial, apa kuwi pas?” Takone Dalijo, dene Lik Ndoleng mung klecam-klecom kaya manuk tengkek kelangan precil.

Mbahe

Kamis, 08 Agustus 2019

TUMINDAK


Kemis Kliwon 8 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 9:8-17
Jabur 50:1-8,22-23
Mateus 9:9-13
“Surasanen, apa tegesé ayat ing Kitab Suci, sing uniné: ‘Kang Dakkersakaké dudu kurban, nanging tumindaké katresnan.’ Sebab teka-Ku iki ora kanggo wong sing sampurna, nanging kanggo wong sing rumangsa dosa.”

TUMINDAK kuwi tembung kang linggane Tindak, sing tegese mlaku, mula TUMINDAK kuwi tegese Nglakoni. Wong sing TUMINDAK mesti mangerti baba pa kang kudu ditindakne, lan sakliyane mangerti wong sing TUMINDAK kuwi ya nduweni rasa sing ndadekake dewek’e nglakoni apa kang dimangerteni lan uga dirasakne. Supayane bisa mangerteni wong kudu sinau, lan sakjroning sinau kuwi mbutuhake ragad sing ora sithik, sakwise sinau lan mangerteni, ya kudu ngasah rasa pangrasane supaya landhep lan isa awas marang samubarang kahanan.

Ana crita ing Kitab Suci sing ngandarake bab TUMINDAK, yakuwi Tumindak’e Gusti Yesus. Nalika kuwi Gusti Yesus pinanggih Mateus sing tukang pajek, lan meh mampir. Sakbanjure ya mampir lan disuguhi mangan, ing kono ya banjur akeh wong sing melu mangan bebarengan. Ngerti kahanan kaya mangkono kuwi, para wong parisi sing rumangsa dadi polisining sosial alok-alok lumantar para murid’e Gusti Yesus. Merga sekti, mula Gusti Yesus ya mirsa apa kang dirasa lan diklesak-klesikake dening wong parisi kuwi. Merga nguningani apa sing dirasa dening wong parisi, mula Gusti njur mulang wong kabeh yen sing paling utama dikersakne dening Gusti kuwi TUMINDAK’E Katresnan, ora mung winates nglakoni adating agama utawa hukum-hukume agama. Ana ing pamawase Gusti,TUMINDAK katresanan kuwi luwih adi nilaine tinimbang mung nglakoni lakuning hukum agama.

Ana ing urip jaman saiki, apa sing kalakon nalika jamane Gusti Yesus ya isih uakehe pol. Sing TUMINDAK mung  merga pranatan, lan ora ana roh sing ngegohake. Sing diarani TUMINDAK’E Katresnan kuwi tumindak sing tanpa wates apa wae, apa kuwi wates adat,sosial lan uga pranatan. TUMINDAK’E Katresnan kuwi tumindak sing ancase mulihake sabarang dadi apik lan mbalik marang titahe Gusti sing wiwit mula,

“In, ngandi paklik, kok yahmene durung ngetok kaya biasane?” Dalijo sore kuwi nakoni Nduk I’in bab Lik Ndoleng sing durung njedul kaya biasane.
“Mau jarene arep nyang warung ik kang..kok ya suwe temen ya” Semaure Nduk I’in.
“Apa cah..pada crigis, aku mau rada suwe merga dikon ngrewangi Wasti ngudunke blanjane, mesakne wong akehe pol” Semaure Lik Ndoleng, sing njedul seka kamar .
“Wah, kesempatan dalam kesempitan ya Lik..mumpung ana kesempatan suwi karo Yu Wasti, mesti bungahe ngayang kuwi” Dalijo semaur sajak ngece.
“Iki merga aku tetulung cah, jare Pangandikan Gusti kon TUMINDAK Katresnan..” Semuare Lik Ndoleng.
“Kuwi merga sing ditulungi Yu Wasti lik, coba wong liya, mesti alesane ana wae..njur wegah” Dalijo jik isa nguyak pangolok’e.
“Bajindul,konangan tenan aku iki..rasia selak mbek cah siji iki” Batine Lik Ndoleng.

Mbahe..

Rabu, 07 Agustus 2019

TANGI


Rebo Wage 7 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI MARAKNE TANGI


Hosea 14 : 1-9
Jabur 60
Mateus 9 :1-8
“Aku arep awèh bukti yèn Putraning Manungsa duwé pangwasa ngapura dosa.” Gusti banjur ngandika marang wong sing lumpuh mau: “Tangia, peturonmu angkaten lan muliha!”

TANGI kuwi kahanan, yakuwi kahanane wong sing wis isa mangerteni abang ijone kiwa tengen. TANGI kuwi kosokbaline karo TURU, yen turu kuwi menungsa lan titah liyane ora isa sadar lan ngendaleni awak lan uripe, TANGI kuwi kahanane menungsa lan titah liyane sing (kudune) isa ngendaleni urip lan apa wae kahanane. Ananging ya tetep wae ana wong sing sejatine TANGI utawa ora turu, ananging ora isa ngendaleni urip lan kahanane.

Piwulange Kitab Suci ing Injil Mateus bab 9 ayat 1-9 ngajak sapa wae sing maca supaya sadar, yen saben menungsa sing dikuwasani dening kekuatan liya ndadekne dewekne ora isa ngendaleni urip lan awak’e. wong sing lara Lumpuh kuwi uripe dikuwasani dening penyakit, lan merga kekautan penyakit kuwi mau, dewekne ora isa ngendaleni  uripe. Nalika ngerti Gusti Yesus mirsani kahanan kuwi lan sing lumpuh ya nduweni krenteg kepengin mari saka larane, mula banjur dikandani yen dosane diapura lan dikon TANGI. Lho kok urusane tekan dosa?Kuwi merga ana ing pemahamane wong Yahudi, kabeh lelara kuwi ana gandeng cenenge karo dosa, mula yen ana wong sing lara, sakdurunge diwaraske kudu diapura dosane sik. Lha sakwise diapura dosane, sakbanjure sing lara banjur dikon TANGI.

TANGI TENAN


Mula saka kuwi, TANGI sa diparingi arti utawa ditegesi, ungguling menungsa saka bebenduning apa wae sing ngrangkeng kahanane urip. Saiki mbokmenawa sing lara lumpuh ora akeh, ananging sing ora isa obah merga kahanan ya akeh banget. Ora isa obab bab tata kapercayane, ora isa obah bab pengandele, ora isa obah bab katresnane, ora isa obah bab usahane lan sakpanunggalane. Kabeh kuwi mesti ana sebab’e, mula manut patuladane Gusti Yesus, kudu dimangerteni “sebab utamane”. Sakwise dimangerteni sebab utamane, banjur didandani lan mesti bubar kuwi isa TANGI.
“Lik, sida ora, jare meh mbakeni usaha ternak iwak?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng.
“Niat jik ana Jo, ananging yakuwi, jik wedi bubrah kaya sing wingi-wingi” Semaure Lik Ndoleng.
“Disinaoni Lik, dianalisa, ben ngerti sebab’e kenapa wingi gagal total” Nduk I’in melu cawe-cawe bab rencanane Lik Ndoleng ngingu iwak meneh.
“Aku setuju karo idene I’in Lik, aja wedi gagal, kudu wani TANGI saka kahanan sing wingi. Yakin wae mesti binerkahan” Dalijo, kaya padatan, kojah, dene Lik Ndoleng mung plengah-plengeh kaya Sapi meh dibeleh.

Mbah’e..

Senin, 05 Agustus 2019

SAMBAT


Senen Pahing 5 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI SING ORA MARAKNE SAMBAT


Hosea 11:12-12:14
Jabur 60
Mateus 8:18-22
“Gusti Yésus ngandika: “Asu ajag padha duwé rong, lan manuk padha duwé susuh, nanging Aku, Putraning Manungsa, ora duwé papan kanggo nggléthak lan ngaso.” Mateus 8:20

SAMBAT kuwi sabarang kang mrentul saka telenging ati amarga nemahi kahanan sing ora jumbuh karo kekarepaning ati. Sakumpama nduweni kekarepan tekan ngomah dimasakne Sop Buntut, lha kok bareng tekan ngomah anane mung Jangan Bening, kuwi sing ndadekne SAMBA, kamangka wis dikandani sakdurunge karo wong ngomah, yen meh dimasakne Jangan Bening lan yaw is sarujuk. Sakliyane conto kuwi, jik akeh kahanan sing sejatine sederhana utawa lumrah wae, ananging merga kahanan atine nembe ora beres, mula ya apa wae isa dadi srana njedule SAMBAT kuwi mau. Mula sejatine sakdurunge nglakoni apa wae, kudu mangerteni kahanane kanthi padhang-njingglang.

Ana piwulange Kitab Suci sing isa dadi kaca benggalaning urip supaya ora gampang SAMBAT. Crita kuwi ana neng Injil Mateus, bab 8 ayat 20. Neng ayat kuwi dicritakne nalika ana pawongan kang kepengen nderek Gusti. Mirsa kahanan kaya mengkono kuwi, Gusti ora mbungahi,ananging malah maringi “rambu-rambu” bab kaya ngapa kahanane Panjenengane, yakuwi kudu siap nduweni spirit urip UGHAHARI, sederhana, sanadyan sugihe pol. Lho kok isa sugihe pol?Lha kan Gusti Yesus kuwi sugihe pol-polan,ananging tetep sumadya matrap gesang sederhana, malah kepara berspiritualitas mlarat. Mbalik ing crita bab pawongan sing meh nderek Panjenengane, kuwi dituturi bab “Asu  ajag nduweni rong lan manuk nduweni susuh, ananging Putraning manungsa ora nduweni papan kanggo ngglethak lan ngaso”. Ancase Gusti Yesus jelas, supaya aja pada SAMBAT,nalika methuki kahanan sing ngrekasa utawa beda karo kekarepane.

Obat SAMBAT Lara Untu


Mula saka kuwi, tumrap sapa wae, sing maca tulisan iki, pada dieling yen nemoni kahanan sing abot lan rekasa, lha Gusti Yesus wae sing kagungan sakabehe tetep nandang sangsara, lan ora nate protes nalika ana sing ngremehake Panjenengane, mosok awake dewe njur SAMBAT ngaru-ara, nalika nemahi kahanan sing beda karo kekarepane.

“Jo, aku jian kuciwa karo Markun, mosok wis takrewangi nalika nduwe gawean ndandani kandange kae, bareng aku mung njaluk tulung kon njurung kendaraanku pas bane nggembos babarblas ora gelem,alesane kesusu”, Lik Ndoleng sambat, nalika nembe wedangan neng sor talok.
“Lha mbokmenawa meh ana acara sing penting ta Lik..”” Semaure Nduk I’in.
“Pentinga kaya ngapa,kudune kan ya ngerti kahananku ta In” Lik Ndoleng jik wegah kalah.
“Kuwi sing kleru kekarepanmu Lik, dudu Kang Markun. Sampeyan nduweni kekarepan ditulungi dening Kang Markun, merga nale nulungi. Lha bareng butuh pambiyantu lan kang Markun hora gelem, sampeyan nesu,ngamuk-ngamuk..kan sing luput dudu kang Markun?Kuwi sampeyan Lik” Dalijo njlentrehake kanthi cetha, ananging mbuh Lik Ndoleng dong apa ora, merga kala-kala Lik Ndoleng Kuwi DDR, Daya Dong Rendah.
“Ssst..kang Dal, kok paklik mung mbesengut wae, ngerti pora karepmu mau ya?Jojogek DDR?” Nduk I’in klesak-klesik.
“Husst..aja seru-seru, krungu  sing maca BENINGE MEBUN ESUK, merga sing awatak kaya Lik Ndoleng kuwi akih, klebu sing nembe maca iki In..lha kuwi,mesam-mesem dewe..” Dalijo semaur  sinambi nyumet djarumsupere.

Mbahe..


Yen migunani, dumen karo sapa wae, yen ora ya nengna wae..

Minggu, 04 Agustus 2019

KAREM


Minggu Legi 4 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK        

AWAS KLELEP


Kohelet 1:2,12-14;2:18-23
Jabur 49:1-13
Kolose 3:1-11
Lukas 12:13-21
“Gusti Yésus nuli ngandika marang wong kabèh sing ana ing kono: “Padha sing awas lan dingati-ati bab watak karem bandha. Sebab senajan wong duwé bandha akèh, éwasemono uripé wong mau ora gumantung ing bandha kuwi.” Lukas 12:15

KAREM kuwi watak sing ndadekne menungsa mung mikir utawa nggagas bandha,ora nggagas liyane. Mulane sing sapa nduweni watak KAREM bandha, mesti ora nate mikirke liyan,umpama ana sing mikir liyan,kuwi mung supaya isa njupuk kauntungan saka liyan kuwi. KAREM bandha isa digambarake kaya wong klelep,merga KAREM kuwi tegese ya pada kaya klelep. Yen klelep kuwi kahanane awak wis neng sakngisori pucuking banyu,mulane ora isa ambegan an suwening-suwe, kelangan ambegan lan isa dadi patine.

Piwulange Gusti Yesus neng Injil Lukas 12 ayat 13-21, mirunggan ayat 15 menehi gambarang sing padang njingglang bab urip,banda lan kautaman. Urip kuwi luwih utama tinimbang bandha. Sing sapa mung nengenake bandha, mesti nglalekne liyan, mulane nalika ana wong sing pengen nderek Gusti, njur dikon ngedol kabeh bandhane, kaget lan sakbanjure ora gelem. Kena ngapa ora gelem?Merga uripe wis KAREM karo bandhane,uripe wis dikuwasani dening bandhane. Kudune sing pas ana ing ngarsane Gusti, bandha kuwi sing dikuwasani,ora urip dikuwasani karo bandha. Sing sapa nguwasani bandha, mesti isa ngegohake bandha lan isa ngatur apa wae bab bandha, ananging yen uripe wong kuwi wis diatur karo bandha, tegese wis KAREM,wis kalah karo bandha,lan ora isa ngendaleni bandha, klakone malah dikendaleni dening bandha, kahanan kaya mengkene iki sing diarani KAREM karo bandha.

Ora mung jaman Gusti Yesus, sing jenenge KAREM bandha kuwi tekan saiki,malah kayane sansaya ndadra. Saiki akeh wong sing mung mikirake bandha, ana ing tata lahir kayane ngibadah, ananging yen karo bandha, biyuh pelite ora njamak. Katon rajin utawa sregep ngibadah,ananging yen dikon andum-inganduman marang liyan, angele kaya mbrengakal watu neng poking gunung. Kuwi kabeh klakon merga wong wis KAREM dening daya kekuatane bandha sing pancene ngedab-edabi. Wong luwih tresna marang bandhane tinimbang karo nyawane liyan, wong luwih ngeboti bandhane tinimbang manembah karo Gusti, mala ana sing mapanake Gusti mung kaya toilet, mung sepangaji rongewunan, ning ya jik glelang-gleleng sok suci.  Mula saka kuwi, nduweni bandha kuwi apik, lan sugih kuwi wajib, ananging aja nduweni watak pelti medit, nduwenana sipat trena marang liyan. Kuwasanana bandhamu, aja dikuwasani dening bandhamu, nalika uripmu mung gumantung karo bandhamu, wektu kuwi uripmu wis KAREM dening bandha,lan sakbanjure, isa kelangan urip.

RAHASIA URIP MULYA


“Jo, prosepuluhan kuwi wajib pora sih?” Takone Lik Ndoleng, sajak nggaya.nganggo basa sah-sih kaya cah enom kae.
“Wajib lan ora kuwi gumantung uripmu Lik, lan uga gumantung lehmu mapanke urip-bandha-kapercayan. Yen urip iki mung gumantung Gusti, bandha kuwi srananing urip, ananging yen uripmu mung gumantung bandha, Gusti ora ana ajine ana ing uripmu” Kojahe Dalijo,persis bakul kratoning swarga.
“Lha, sampeyan ki arep pisungsung prosepuluhan apa mung arep takon to Lik?”: Nduk I’in kaya padatan, takon sing aneh-aneh.
“Hmm..anu..hmm…ya mung arep takon wae..jik eman In meh prosepuluhan..”Wangsulane Lik Ndoleng.
“Badala…jebule jik KAREM bandha sliramu Lik..”Unine Dalijo sajak jengkel..

Mbahe..

Sabtu, 03 Agustus 2019

NGEDOL


Setu Kliwon 3 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

NGEDOL IKI WAE


Hosea 10:1-5
Jabur 107:1-9,43
Markus 10:17-22
“Gusti Yésus mirsani wong mau kanthi kebak ing katresnan, tumuli ngandika: “Isih saprakara sing durung koklakoni, yakuwi: Bandhamu kabèh edolen. Banjur dhuwit pepayoné edum-edumna marang para wong miskin, temah kowé bakal olèh bandha ana ing swarga. Yèn wis, kowé banjur balia mréné menèh, mèlua Aku.” Bareng krungu dhawuhé Gusti Yésus mengkono kuwi, wong mau gela banget. Mula banjur mundur saka ngarsané Gusti Yésus klawan ati sedhih, sebab bandhané akèh banget.” Markus 10:20-21

NGEDOL kuwi saka tembung adol, sing tegese mindahke apa wae, isa awujud barang lan uga liyane, lan merga saka kuwi entuk bebulih, biasane awujud duwit. Mula saka kuwi, NGEDOL tegese tumindak mindahake apa wae barang darbek’e kanthi tujuan entuk bebulih. Lakuning dodolan mung isa klakon nalika ana kesepakatan ing antarane sing NGEDOL lan sing bakalan tuku, tanpa pasarujukan utawa kesepakatan, tangeh lamun klakon “transaksi”. Wong sing wis NGEDOL darbek’e, mesti bakalan kelangan, sanadyan  bakalan entuk bebulih. Wong sing NGEDOL utawa nglakoni tumindak dodolan, mesti nembe nduweni kebutuhan sing luwih wigati tinimbang ajining barang sing didol.

Crita bab Adol lan NGEDOL kuwi nate dadi piwulange Gusti Yesus, nalika ana wong sing pengen nduweni urip langgeng. Manut piwulange Gusti, wong kuwi dinawuhan NGEDOL kabeh barang darbek’e lan sakbanjure diddum-dumke marang wong sing mbutuhake (miskin). Krungu piwulang sing kaya mengkono kuwi, pawongan sing takon langsung mundur teratur, wegah meneh nderek utawa ngetutake Gusti, merga tinimbang entuk urip langgeng lan kelangan bandane sing sakndayak abuh kuwi, aluwung ora usah nduweni urip langgeng wae. Mbokmenawa ing pikirane wong sugih kuwi tuwuh penemu mangkene, “Lha ngapa olehku kerja esuk-sore-awan-wengi  kanti rekasa, lan sakwise nglumpuk bada sing akeh iki kok ndadak didumke wong liya?Enak temen sing pada didumi kuwi!”

Saka crita ing Kitab Suci kuwi, ana piwulang apik, yakuwi kelet marang bada kuwi wis dadi kalngenane menungsa, sapa wae, klebu sing maca tulisan iki…,hehe. Merga kelet karo bandane, mulakna akeh wong sing luwih tresna marang bandane tinimbang karo sing maringi banda kuwi. Merga saka kuwi kabeh, mulane nalika dikon NGEDOL apa wae barang darbek’e, aluwung ninggalke Gusti.

ESIPPP


“Jo, manut kowe, kenapa wong sing dikon NGEDOL bandane karo Gusti kuwi mundur, wegah nglakoni?” Lik Ndoleng, sore kuwi wedangan sinambi ngobrol ngetan-ngulon, lan ujug-ujug nakoni bab piwulange agama.
“Merga wegah kelangan bandane Lik..merga tresnane karo bandane luwih gede tinimbang karo uripe Lik..” Nduk I’in kaya padatan, nyoal-nyael kaya manuk Prenjak jatuh cinta.
“Aku sarujuk I’in Lik..ora trena uripe,ananging luwih tresna bandane.” Semaure Dalijo.
“Lha, ye aku ya abot Jo, lha mosok kon NGEDOL kabeh, njur kon ngedum wong liya…hadewhh..tidakkk!!!” Gayane Lik Ndoleng.
“Kuwi sejatine ngemu teges, uripmu aja gumantung bandamu, ananging gumantunga marang Gustimu” Dalijo semaur kaya tukang kotbah kae.
“Mulane mbiyen Yu WAsti wegah..jebul pelit sampeyan Lik..hehe” Nduk I’in ngece Lik Ndoleng..
“Dusss..malah tekan Wasti maning..”Batine Lik Ndoleng.

Kamis, 01 Agustus 2019

BUKTI


Kemis Pon 1 Agustus 2019
BENINGE EMBUN ESUK

IKI BUKTI


Hosea 8:1-14
Jabur 107:1-9,43
Mateus 8:1-4
“Gusti Yésus banjur ngandika marang wong mau: “Poma, bab iki aja kokkandhakaké marang sapa waé. Sowana marang imam, aturana mriksa awakmu. Sawisé kuwi saosna kurban miturut préntahé Nabi Musa, kanggo mbuktèkaké marang wong-wong, yèn kowé wis waras tenan!” Mateus 8:4

BUKTI kuwi kahanan sing bisa kanggo pathokan kang luwih kuwat tinimbang mung janji. Mula saka kuwi, ana ing urip padinan, kereb tinemu unen-unen, “Aja mung jonja-janji wae, ning ya kudu ana BUKTI”. Saka ukara iki isa didudut pangerten yen BUKTI kuwi kahanan sing isa ndadekne liyan utawa wong liya luwih percaya, tinimbang yen mung karo janji. Yen janji kuwi akeh-akehe mung awujud tetembungan, yen BUKTI akeh-akehe ya awujud tumindak sing nyata utawa awujud barang sing bisa disawang lan digepok senggol. Yen bab kapercayan, BUKTI kuwi mung isa klakon nalika ana “Laku” dene menawa mung rembug utawa celathu, angel bisane tumeka ing BUKTI.

Bab BUKTI kuwi ya nate dadi pokok piwulange Sang Juru Pangon Sejati. Nalika kuwi ngepasi pethuk wong sing nandang lara kusta. Bareng cedak njur sambat.nyuwun tulung supaya didadekne waras,mari saka lelarane. Yen mung bab marasake wong lara wae, tumrap Sang Juru Pangon Sejati, mung barang sing mayar tenan,mulane ya njur diparingi kewarasan. Sakwise didadekne waras, sakbanjure diweling (disuwelke njur ben dadi eling..hehe), supaya aja crita mrana-mrene marang wong akeh. Lho kenapa ora oleh crita? Merga yen crita isa wae ora digugu,sabab dewek’e kuwi ora klebu wong terkenal, sejene kuwi yen mung crita marang wong sing dipethuk’I ora efektif. Mula saka kuwi, sing nembe waras seka lara kusta mau dikon crita ora nganggo tutuk, ananging lumantar tumindak. Dene tumindak’e ya ora abot, merga mung dikon  sowing marang para imam, tujuanne ben para imam sing “sok” suci mau njur kaget lan percaya.

KLIK IKI


Lumantar tumindak sowan marang para imam, wong sing mentas waras saka lara mau wis wani nglakoni apa sing dikersakne Sang Guru Agung, ora mung lumantar crita sakarepe dewe,ananging wani nglakoni sowan para imam sing saksuwene iki gethinge ora njamak karo sing pada lara kusta. Lan sakbare kuwi, jik ana weling meneh, bubar sowan para imam,kudu nindakne pranatane agama, atur panuwun. Iki sing sok dilirwakne, yen lagi butuh lan njaluk wae sregepe ngeram, bareng wis entuk njur lali. Mbuh jik pada ngrumati isin apa ora wong tumindak kaya mengkono kuwi..

“In, jik nduwe amplop kosong, yen nduwe mbok aku njaluk. Nggonku entong..” Dalijo sore kuwi nakoni dulure wedok bab amplop.
“Ijik kang, lha kapan butuhe?Yen saiki ya takgolekne sik”Semaure Nduk I’in.
“Aturngono’a, kok ibutt nggolek amplop kuwi meh nggo ngapa ta Jo?”Lik Ndoleng melu takon lan kuwi njur diunekne I’in kepo!
“Iki lho Lik, mbiyen pas arep nandur kacang brol kae, aku lak nate janji, arep atur panuwun prosepuluhan kagem Gusti. Gandeng wis panen, tur ya panene akehe pol, mula iki aku ora mung prosepuluh, seprapat panenaku takaturke Gusti. Ora awujud kacang, ananging wis dadi kertas kang aji iki. Iki minangka BUKTI yen Gusti kuwi ngrumati aku pol tenan Lik..”Semaure Dalijo sinartan kojah kaya tukang kotbah!
“Wah, aku isin Jo, wingenane bar adol pedet lanang kae, babar blas ora eling kaya sliramu..”Lik Ndoleng sajak trenyuh seka swarane. Dene I’in njur njedul karo ngekekne amplop marang Dalijo..


Mbah’e..

Catetan: Yen ngrasa migunani, pada ndumen marang sapa wae..


FIKSI Di Malam PASKAH