Minggu
Kliwon 13 Juni 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 15 : 34-16:13
Jabur
20
2
Korinta 5 :4-17
Markus
4 : 26-34
Nabi Samuel ngandika marang Isai: “Apa iki wis anakmu kabeh?”
Wangsulane Isai: “Ingkang wuragil taksih kantun, nanging saweg angen menda.”
Nabi Samuel dhawuh marang Isai: “Mara undangen amarga aku ora bakal kembul
mangan, sadurunge iku teka mrene.”Tumuli kongkonan methuk anake. Pasemone
sumringah, mripate endah, warnane bagus. Sang Yehuwah banjur ngandika: “Ngadega
jebadana, yaiku wonge!” 1 Samuel 15 : 11-12
SUMRINGAH kuwi kahanan, yakuwi kahanane
titah kang ngrasakne bungah. Dene apa kang dadi sebab bungah kuwi beda-beda,
ana kang bungah nalika entuk samubarang kang dadi butuhe, ana kang bungah tur
ya SUMRINGAH nalika isa menehi liyan lan uga ana kang bungah tur ya SUMRINGAH
nalika ngayahi pakaryan kang isa dilakoni. Kosokbaline SUMRINGAH kuwi
njekathut, suntrut lan babarblas ora ana ekspresi saka urip lan polahe. Racak’e
sing ora SUMRINGAH, sing njekathut utawa suntrut kuwi nalika ora entuk apa kang
dikarepake lan malah dikon menehi apakang dadi klangenane. Uga ana wong kang
njekathut amarga entuk gawean lan nalika ngayahi gawean.
Crita Kitab Suci bab anggone nabi
Samuel njebadi Dawud, isa kanggo gambaran kepiye bedane menungsa sing SUMRINGAH
lan sing mung mencereng lan uga njekathut tur ya mrengut. Nalika nemahi kahanan Saul wis keblinger saka kersane Gusti,
nabi amuel dinawuhan njebadi sing kudu nggenteni ayahane Saul. Yehuwah nuntun
nabi Samuel, supaya methuki Isai ang nduweni anak lanang okehe ngeram, mbuh
mbiyen durung ana program KB yak’e… Nalika siji mboko siji diundang neng papan
manembah, merga ngepasi atur korban obongan, ora ana siji-sijia sing “masuk
kategorine” Sang Yehuwah. Bareng
dikirane wis entek, njur nabi Samuel ndangu Isai, jebul jik ana siji, sing
cilik dewe, tur ya nembe entuk “jatah piket” angon. Nalika diundang , njur
njedul, Sang Yehuwah lumantar nabi Samuel pirsa plageane Ananke ragil Isai,
yakuwi SUMRINGAH lan sakpiturute. Lha jebul kuwi sing “masuk kategorine” Gusti
Allah kanggo nggenteni Saul.
Mbokmenawa wae kakang-kakange Dawud,
nalika diundhang dening nabi Samuel, pasemone njekathut-suntrut tur ya mrengut.
Dene apa sebabe isa njekathut-suntrut tur ya mrengut kuwi, kita suci ora menehi
katrangan, mulane isa diwenehi “tafsiran” yen kapilihe Dawud kuwi amarga sikepe
urip kang tansah SUMRINGAH, sanadyan kudu makarya ngayahi ayahan kang ora
etheng. Mbokmenawa nalika antuk kabar yen nabi Samuel meh rawuh, Isai njur
ndangu anak-anake sing padha angon sowan neng pedaleman suci lan ngakon Dawud
kanggo njaga wedus-weduse ana ing pasamunan. Kabeh anak-anak’e Isai kang
tinimbalan sowan mrengut lan pating jekathut kae, mula ora klebu “petunge” Sang
Yehuwah.
Saka crita lan andharan iki, isa
dipethik pasinaon, yakuwi aja kokean mbesengut utawa mrengut, sing SUMRINGAH
nalika ngayahi apa wae ayahan. Ora usah protes, ora usah melik lan meri, kabeh
wis tinata dening Gusti. Kudu dieling, Gusti Allah kuwi luwih wicaksana
tinimbang menungsa sing paling wicaksana, mula aja mbesengut nalika ngayahi
ayahan peparinge Gusti, kudu tansah SUMRINGAH.
“Leng, ngapa mrengut kanya Coro angrem?”
Takone Siwo Solebo neng Lik Ndoleng.
“Kepiye ora ngontor Bo, lha kancane wis
dipaksin kabeh, kok aku durung dewe. Apa salahku kok dibedak-bedakne, jal?”
Semaure Lik Ndoleng sajak ngontore ngeram.
“Weh, kuwi ora mbedak-mbedakne Lik.
Njenengan yawis oleh ulem, wingi surat sing tak aturne kae, kuwi lak ulem
kanggo Vaksin..” Iin melu nimbrung rembugan neng Cakruk Sor Talok.
“Badalaaa..lha jebule kuwi ulem kanggo
aku ta In? Colonthus ane…jian..aku lali..Jo..Dalijo! Kok ya ora meehi ngerti
aku kuwi kepiye karepmu kuwii!?” Lik Ndoleng
malah genten nguneni Dalijo sing nembe teka saka kebun Porang.
“Weh, lha iki teka-teka entuk kotbah.
Sampeyan wis takelikake bola-balik, ananging ora direken. Ya nggih sampun..”Dalijo
semaur sinambi singsot-singsot, sajak SUMRINGAH.
“Rasah singsot sajak ngece Jo, apa
awakmu wis entuk paksin?” Takone Lik Ndoleng.
“Sumringah kok ngenteni paksin Lik,
abot temen uripe sampeyan. Kon kerjabakti sambat, kon ngisi blangko sambat, kon
ertenan sambat. Urip kok rumit..sing santai lik, woles, selow..sing SUMRINGAH..
Kaya nalika isa njawil Yu Wasti kae lho.. Unine Dalijo.
“Jrett!! Tekan kuwi meneh!!!”Wangsulane
Lik Ndoleng.
Mbah’e..
Tidak ada komentar:
Posting Komentar