Sabtu, 26 Juni 2021

KEKANCAN

 

Setu Pon 26 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 20 : 27-42

Jabur 130

Lukas 4: 31-37

Pangeran Yonatan ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan tindak kanthi wilujeng, kula rak sampun sami supaos wonten ing ngarsanipun Sang Yehuwah makaten: Sang Yehuwah wontena ing antawis kula lan panjenengan sarta ing antawisipun turun kula lan turun panjenengan ngantos ing salami-laminipun.” Sawuse iku Sang Dawud jumeneng lan banjur tindak, lan Pangeran Yonatan uga kondur menyang ing kutha. 1 Samuel 20 : 42

 

KEKANCAN kuwi linggane kanca, sing artine sesrawungan ing antarane wong loro utawa luwih sing gathuk lan isa marakake kahanan dadi seneng. Amarga seneng, mulane ing sakjroning KEKANCAN mesti nuwuhake semangat kanggo ngayahi lan ngadepi kahananing urip. Lho, yen KEKANCAN kuwi mung nuwuhake seneng, njur nalika ana wong luwih seka loro tansah bebarengan lan ya ana kalamangsane mesam-mesem kae dudu klebu KEKANCAN? Hambuh, sing cetha, KEKANCAN kuwi wani nempuh kahanan apa wae kanggo nglabuhi kancane. Yen mung geleme nalika seneng, enak lan kepenak wae, kuwi dudu KEKANCAN, mbuh apa jenenge, kono diarani dewe-dewe..

 

Ana crita neng Kitab Suci bab KEKANCAN, yakuwi ing antarane Dawud lan Yonatan. Lelorone jian akrabe ngeram, kamangka Dawud kuwi dimungsuhi dening raja Saul, yakuwi ramane Yonatan. Amarga ngerti yen Dawud dadi ancaman kanggo kratone, mula raja Saul ngangkah patine Dawud, mbuh piye carane. Ngerti kang kaya mengkono kuwi, Yonathan ora trima, njur nggolek cara kanggo nylametake Dawud, kancane kang setya ing sabarang kahanan. Kabeh rencanane bapakne kanggo mateni Dawud, Yonathan ngeri mula ndang menehi kabar,cikben Dawud enggal sumingkir. Ngerti kang kaya mengkono kuwi, raja Saul nesu, duka yayah sinipi lan meh mateni Yonathan, anake. Pangwasa lan banda kuwi isa marakne menungsa lali karo kahanan, malah nyawane anake wae kala haji tinimbang banda lan dhampar. Merga ora iklas karo kahanane Dawud, mulane raja Saul ngangkah patine. Ananging Yonathan nyawang sakasisih beda kan luwih wicaksana, yakuwi meh lingsire kratine ramane merga pambalelane, lan kuwi dudu salahe Dawud, mulane Dawud kudu diayomi. Tumrap Yonathan, kekancan kang sejati kuwi nelukake samubarang kabeh,malah kepara brayat.

 

Ing jaman saiki KEKANCAN kaya Dawud lan Yonathan, kayane wis angele ngeram nggolekine. Kuwi kabeh amarga menungsa wis kadunungan penemu yen kabeh kuwi kudu diajeni lumantar duwit. KEKANCAN isa apik nalika ana duwite, seduluran dadi apik nalika ana duwite lan kosokbaline. KEKANCAN lan seduluran ya isa ajur mumur amarga duwit. Mula saka kuwi, payo sinau bab KEKANCAN kaya Dawud lan Yonatan, yakuwi mung ngener marang begja lan bungahing liyan.

 

“Jo, suwe ora njedul kuwi lungan nengndi?” Takone Siwo Solebo.

“Ndelik nyang ngalas Wo, semedi, nggolek sisik melik kanggo nundung sing topiksongolas iki” Semuare Dalijo.

“Karo sapa mrana?” Takone Lik Ndoleng.

“Sing genah ora karo Yu Wasti Lik, aman, tenangna pikirmu..” Semuare Dalijo clelekan.

“Dengkulmu amoh kuwi Jo, ditakoni tenanan malah sauranmu bab Wasti, marakne aku tersandera rindu..” Lik Ndoleng sajak piye ngono, njur njupuk MLDne Dalijo, disumet, sajak mat kae.

“Yan gene iki lur sing kinaranan KEKANCAN, mbok’a olok-olokan kaya ngapa ananging ora dadi nesu lan padu..ayo dirumati,ayo dijaga..” Ngendikane Pakde Kento.

“Kuwi Lik, jare Pakde Kento, yu Wasti yak on njaga..rungokne..” Iin njedul seka pwon, nggawa wedang lan pacitan.

“Jindullll…kupingmu korokono  nganggo sapu In, iki bab KEKANCAN sing kon njaga, dudu njaga Wasri…Duss!” Semaure Lik ndokeng, sinambi ngisep MLDne, ajak nikmate ngeram.

 

Mbah’e..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH