Jumat, 04 Juni 2021

SEMBRANA

 

Jemuah Legi 4 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK



1 Samuel 5 : 1-12

Jabur 138

2 Korinta 5 :1-5

Awit saka iku wong-wong banjur padha ngaturi nglempak sakehe ratu kuthane wong Filisti sarta padha matur: “Pethining Gusti Allahipun Israel punika kaaterna, kajengipun wangsul dhateng ing panggenanipun, supados kita saha bangsa kita sampun ngantos dipun pejahi.” Amarga ing sawratane kutha kono ana gegering pepati; astane Sang Yehuwah anteb banget pameteke marang wong ing kono. Wong kang ora mati, diganjar lara wudunen temah pasambate wong ing kutha kono sumengka tekan ing langit.1 Samuel 5 : 11-12

 

SEMBRANA, mbokmenawa meh kabeh sing kober maca tulisan iki wis dong apa tegese, yakuwi  tumindak kang ora dipenake. Utawa ana ing basa padinan, tumindak kang ora serius, dene anane ora serius kuwi merga ora mangerti sejatine kang dipikir lan dilakoni. SEMBRANA kuwi racak’e ngemu tegese negative, sanadyan nalika tembung SEMBRANA kuwi dadi Sembranan isa ngemu teges positif amarga kanggo kembanging rembugan. Nalika SEMBRANA kuwi ana ing papan pikiran,tembung lan tumindak, isa ora apik lelakon kang bakalan lumaku. Cikben luwih cetha, payo nyinau bab tumindak SEMBRANA kang nate dicritakne neng Kitab Suci.

 

Neng kitab 1 Samuel bab 5, neng kana ana crita bab perange bangsa ngisrael mungsuh bangsa Filisti. Jenenge wae perang, mesti ngupadi kepiye carane cikben isa menang, mbuh kepiye srana lan carane. Kaya crita BENINGE EMBUN ESUK ndek wingi, merga percaya nalika Pethi Prajanjiane Gusti digawa perang isa meneng, mula bangsa ngisrael njur nggawa  Pethi Prajanjian kuwi,njur menang. Ananging merga SEMBRANA anggone mapanake, njur lena ing pangendha lan sakbanjure Pethi Prajanjian kuwi dirayah mungsuh. Pungkasane bangsa ngisrael kasoran lan Pethi Prajanjian kuwi digondol mungsuh, njur didelehake kanthi SEMBRANA neng kuil’e bangsa Filisti, dijejerake karo reca sesembahane bangsa kuwi. Merga sawab’e ngedab-edabi,mula Pethi Prajanjian kuwi marakne reca sesambahane bangsa Filisti kasoran, njungkel lan tumeka tugel dadi loro. Sakliyane kuwi ya nekakake lelara marang sakaheing menungsa kang manggon ana ing sacedake Pethi Prajanjian kuwi dipapanake. Kabeh kuwi amarga SEMBRANA mapanake Pethi Prajanjian ana ing uripe, amarga kuwi pralambang rawuhe Gusti Allah.

 

Aja SEMBRANA, sanadyan kala-kala Sembranan kuwi isa kanggo mbukak jejagongan. Amarga ora ngerti, bangsa Filisti njur tumindak SEMBRANA karo Pethi Prajanjian, lan kuwi ndadekne bebendu. Mula, ing jaman saiki ya aja SEMBRANA marang samubarang, apa meneh marang Gusti Allah. Aja SEMBRANA nalika manembah, aja SEMBRANA nalika netepi timbalan, aja SEMBRANA nalika atur pisungsung, aja SEMBRANA nalika ngrembug liyan,dicek ndisik cikben ora marakake ghibah. Sepisan maneh, aja SEMBRANA marang kahanan kang ora isa disembranani.

 

“Lha mau kayane Wasti seka kene ya Jo, ana urusan apa jan-jane?” Takone Siwo Solebo neng Dalijo, nalika sore ngundhuri bengi kaya padatan, jejagongan neng Cakruk Sor Talok.

“Aku dewe ora patio dong gek Wo, Iin sing luwih dong..” Dalijo semaur, sinambi nyumet MLDne.

“Lha mbok takon Ndoleng, kae wonge lagi njedul, mbuh seka ngendi kae..” Pakde Kento melu urun rembug.

“Ko ngendi Leng? Porangerti mau Wasti seka kene?” Takone Siwo Solebo.

“Weh, aku sedina ora neng ngomah Bo, ana urusan wigati.Bisenis…”Semaure Lik Ndoleng, sajak tenenan kae.

“Halaaahhh..bisnis mbelgedes. Sampeyan njanjeni apa karo Yu Wasti Lik? Mau dewekne mrene, nggagase serius..lha sampeyan malah nglungani..” Iin njedul nggawa kopi la pacitan, sinambi nggebyur rembug marang Lik Ndoleng.

“W..wuaduh..” Grenenge Lik Ndoleng, lan durung kober semaur, Iin kadung muni meneh.

“Muane aja SEMBRANA rembugan. durung ngerti kahanan sakbenere ora usah rembugan, mala hora apik klakone Lik..Yu Wasti mrene merga mbok janjeni ana bibit Porang gratis saka kang Dalijo kan?” Unine Iin cempreng kaya lodong Kong Guan ditabuhi cah tuwek putus cinta kae.

“Oalah Lik, pantesan mau Yu Wasti nakoni aku, njur aku ya bingung,ora ngerti. Sampeyan sing nyembranani ya?” Unine Dalijo.

“Sepurane In, Jo..aku luput, karepku SEMBRANA lan sembranan, malah kaya ngene kedadeyane..” swarane Lik ndoleng lirih.

“Eh, saiki Wasti pojik esip Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Jindul..dengkulmu mlocot kuwi Boooo!!”Semaure Lik Ndoleng, sinambi njupuk jisamsune Siwo Solebo.

 

Mbah’e..

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH