Jumat, 11 Juni 2021

PRACAYA

 

Jemuah Pon 11 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Katak Bibit Porang


1 Samuel 10 : 1-8

Jabur 20

Ibrani 11 : 4-7

Marga saka pracaya Rama Nuh -- kalawan pitedahing Allah bab prakara kang durung kauningan -- kanthi setya damel prau kanggo nylametake kulawargane; lan marga saka pracaya iku panjenengane ngadili jagad lan kapesthekake tampi kabeneran, laras kalawan pracayane.” Ibrani 11 : 7

 

PRACAYA, tembung iki saben sin maca tulisan iki mesti wis pasih ngomongake lan uga wis kerep krungu. Sanadyan kaya mengkono, durung mesti wani nglakoni jumbuh karo kang diomongake. PRACAYA kuwi kahananing urip sakwutuhe, kahanan kang nyawiji ing antarane pikiran,rasa lan tumindak.  Nalika mung ana ing tembung, kuwi durung isa kinaranan PRACAYA, uga nalika kuwi mung ana ing pangertene pikiran. Isa klebu PRACAYA nalika dilakoni, sanadyan rumpil dalane.

 

Ana crita Kitab Suci kang isa dadi patuladan lan piwulang bab PRACAYA, yakuwi critane nabi Nuh kang dinawuhan nggawe prau. Bab nggawe prau kuwi ora patio nggumunake nalika mapan ana ing sakcedake segara utawa tasik, lha iki nabi Nuh manggon ana ing nggunung kang adoh saka  kali, tasik apa meneh segara. Ananging amarga nabi Nuh PRACAYA yen kuwi dhawuh saka Gusti Kang Akarya Jagad (bab kepiye klakone dhawuh kuwi, liya wektu dirembug nggih..), mula ya tetep dilakoni. Sakjrone nglakoni nggawe prau mau, nabi Nuh nampa pamoyok saka wong akeh, merga ya apa kang diayahi ora tinemu nalar. Nampa pamoyok kang mili kaya banjir bandhang kuwi, nabi Nu hora ewah gingsir, tetep “cengkir”, ngencengake pikir, yen kang dilakoni kuwi mesti maedahi. Temenan, bareng wis rampung anggone nggawe prau, udan gede lan suwe teka lan saking suwene mulane dadi banjir lan kabeh klelep. Nabi Nuh lan brayate slamet merga PRACAYA marang Gusti, lan manut nalika dikongkon nggawe prau.

 

Apa kang dialami dening nabi Nuh isa klakon ing jaman saiki, sanadyan “modele” seje. Ananging kang dadi undheraning rembug yakuwi bab PRACAYA. Manut kitab Ibrani, PRACAYA kuwi nglakoni samubarang kanthi golong-gilig sanadyan durung ketok apa kang bakalane klakon. Ing jaman saiki ora sithik sing nembe PRACAYA nalika ana bukti, yen durung ana buktine, dikon PRACAYA kuwi angele ngeram. Mulane, payo sinau saka critane nabi Nuh. Sepisan, payo PRACAYA marang Gusti lumantar ayahan kang okeh-okehe ora tinemu nalar, kapindhone yakuwi bab pamoyok dalah pamaido. Nabi Nuh dipaido lan dipoyoki nalika nggawe prau, kamangka ora ana sing dirugekake nalika nggawe prau kuwi. Saiki yen ngayahi ayahan kang sejatine ora ngrugekake liyan, ananging liyan usrek moyoki,maido lan ngrasani, payo dipapanake yen kuwi minangka pratandha nembe nglakoni kersane Gusti. Dene kang kaping telune,samangsa kang dilakoni kuwi isa tetulung marang liyan, sanadyan dipaido,dirasani lan dipoyoki, aja gigrik,aja mundhur..maju terus,amarga kuwi salah siji tandha yen ngayahi kersane Gusti. tetep lakoni kabeh gawean kang linambaran PRACAYA.

 

“Jo, ngandi seminggu muput rangetok kuwi?” Takone Siwo Solebo, nalika sore kuwi wedangan neng Cakruk Sor Talok.

“Ndina, nginep neng tegal prampalan Wo. Nyawisake lahan kanggo nandhur Porang labuh mengko..” Semaure Dalijo.

“Weh, lha apa tanduran wing iwis mbok panen?” Takone Pakde Kento.

“Dereng dhe, niki nambah lahan. Cedake Kluwih lan nangka kidul lepen, kula garap, nambah lahan lan taneman dhe..” Semaure Dalijo.

“Jian pol-polan kowe kuwi Jo…salut aku..” Gunemane Pakde Kento.

“Niki amargi kula PRACAYA, bilih lumantar Porang, sedayane saget langkung sae..” Wangsulane Dalijo.

“Tak kiro ilang dipangan butha Jo, sesasi ranjedul..” Lik Ndoleng njedul saka pojokan omah, mbuh saka ngendi, ananging nyekethem 76 sakbungkus, palinga seka warung.

“Sajak bungah temen Lik, apa bar njawil Yu Wasti?” Takone Dalijo.

“Jindul, aja seru-seruu…: Ngendikane Lik Ndoleng sinambi nggolek papan lungguh.

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH