Senin, 14 Juni 2021

NYARIRANI

 

Senen Legi 14 Juni 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Katak Bibit Porang


1 Samuel 13 : 23-14:23

Jabur 53

Galati 6 : 11-18

Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.” 1 Samuel 14 :6

 

Tembung NYARIRANI kuwi linggane Sarira, kang tegese ngganti. Ngganti kuwi tembung ngoko, dene sarira kuwi krama. Dadine tembung NYARIRANI kuwi ngokone ya ngganteni. Lha apa lan sapa kang kudu digenteni utawa disarirani kuwi ya gumantung kahanan. NYARIRANI kuwi gawean kang dilakoni kanggo tetulung utawa mbiyantu, nalika kang kudune ngayahi nembe ana alangan utawa malah blas ora isa nglakoni ayahan kuwi.

 

Critane Kitab Suci bab Yonatan, putrane raja Saul, isa dadi pasinaon dalah kaca pangilon kaya ngapa patraping urip percaya lan sumarah dalah sumendhe marang Pangeran Yehuwah. Nalika kuwi kahanane bangsa ngisrael kang ratune Saul, yakuwi bapakne Yonatan, nembe perang mungsuh bangsa Filisti, lan meh kasoran. Ngerti kahanan kang kaya mengkono kuwi, Yonatan kagugah sikep “patriotismene”, njur ngajak rewange, arep nggecak mungsuh kanthi strategi “gerilya”. Nalike wis cedak karo papane prajurit Filisti, Yonatan nduweni keyakinan, menawa mengko tentara Filisti nantang lan ngakon nyedak (munggah) kuwi ndeweni arti Sang Yehuwah nganthi lan bakalane nulungi, malah manut kapercayane Yonatan, NYARIRANI. Lan temenan, nalika wis cedak lan kahanane sinawang prajurit Filisti, Yonatan diundang nyedak, amarga pikire prajurit Filisti, mung cah semono wae pora ya mayar ngglethuke.

 

Sakwise nyedak lan akhire klakon perang, Yonatan lan rewange menang, iki mertandani yen Sang Yehuwah nulungi apa kang dadi panyuwun lan percayane. Kang apik kanggo pasinaon kapercayan menungsa jaman saiki, yakuwi bab ukara NYARIRANI. Sanadyan Yonatan kuwi prajurit, malah kepara senapati lan mungsuh kang bakalane diadepi mung teliksandi, mulane ora akeh, ananging Yonatan tansah nyenyuwun marang Gusti Kang Akrya Jagad, supaya ditulungi. Malah kepara ora mung nulungi, NYARIRANI, kang nduweni arti yen sing perang kuwi Gusti Allah Piyambak, Sang Yehuwah. Iki wujuding percaya lan patrap andhap-asoring urip kang pol temenan apike. Iki cara kanggo nglebur rasa kumlungkung, kumenthus lan uga sombong.

 

Ing jaman saiki, patraping urip kumenthus, sombong, rumangsa penting dewe lan rumangsa paling bab samubarang kuwituwuh subure ngeram. Menungsa siji lan sijine kaya balaban rebutan nomer siji lan njur njedul sombonge. Nyadhari kahanan kaya mengkene iki, payo sinau saka patraping urip Yonatan, yakuwi andhap-asori ing sadengah kahanan. Ngakoni yen kabeh isane klakon amarga berkahe Gusti,amarga malah Gusti piyambak sing NYARIRANI.

 

“Bo, mbiyen kae, nalika awakmu dadi majelis, rumangsa ora yen okeh sing ngrasani?” Takone Lik Ndoleng neng Siwo Solebo.

“Yak rasa Leng, lha wong aku iki jik menungsa lumrah.Ananging kanggoku kuwi lumrah, wong dirasani, dipaido, lan kepara ditampik mbarang. Kuwi merga mokal nuruti kekarepane wong okeh” Semaure Lik Ndoleng.

“Yen aku wis taklabrak Bo…” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Aku ngrumangsani yen aku kuwi sarwa winates Leng, mula kabeh ayahanku taksuwunke berkah saka Gusti..aku tansah njaluk kesabaran lan kekuwatan Leng..” Wangsulane Siwo Solebo.

“Kaya BENINGE EMBUN ESUK dina iki, kabeh  ayahane dewe iki kan saka Gusti, mula nalika ngadepi apa wae, mesti Gusti kang NYARIRANI..lan bakalane antuk tentrem lan rahayu”

“Setuju kula dhe. Kuwi rungokne Lik, aja mung pahame nggolek cara kanggo NYARIRANI Kang Markun,  isa njowal-njawil Yu Wasti” Unine Dalijo, sinambi nyumet MLDne.

“Trondolo amoh….kok tekan kuwiii meneh Joo!! Sanadyan jan-jane aku ya kangen..” Omongane Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH