Setu
Pon 26 Juni 2021
BENINGE
EMBUN ESUK
1
Samuel 20 : 27-42
Jabur
130
Lukas
4: 31-37
Pangeran Yonatan ngandika marang Sang Dawud: “Panjenengan tindak
kanthi wilujeng, kula rak sampun sami supaos wonten ing ngarsanipun Sang
Yehuwah makaten: Sang Yehuwah wontena ing antawis kula lan panjenengan sarta
ing antawisipun turun kula lan turun panjenengan ngantos ing salami-laminipun.”
Sawuse iku Sang Dawud jumeneng lan banjur tindak, lan Pangeran Yonatan uga
kondur menyang ing kutha. 1 Samuel 20 : 42
KEKANCAN
kuwi linggane kanca, sing artine sesrawungan ing antarane wong loro utawa luwih
sing gathuk lan isa marakake kahanan dadi seneng. Amarga seneng, mulane ing
sakjroning KEKANCAN mesti nuwuhake semangat kanggo ngayahi lan ngadepi
kahananing urip. Lho, yen KEKANCAN kuwi mung nuwuhake seneng, njur nalika ana
wong luwih seka loro tansah bebarengan lan ya ana kalamangsane mesam-mesem kae
dudu klebu KEKANCAN? Hambuh, sing cetha, KEKANCAN kuwi wani nempuh kahanan apa
wae kanggo nglabuhi kancane. Yen mung geleme nalika seneng, enak lan kepenak
wae, kuwi dudu KEKANCAN, mbuh apa jenenge, kono diarani dewe-dewe..
Ana
crita neng Kitab Suci bab KEKANCAN, yakuwi ing antarane Dawud lan Yonatan.
Lelorone jian akrabe ngeram, kamangka Dawud kuwi dimungsuhi dening raja Saul,
yakuwi ramane Yonatan. Amarga ngerti yen Dawud dadi ancaman kanggo kratone,
mula raja Saul ngangkah patine Dawud, mbuh piye carane. Ngerti kang kaya
mengkono kuwi, Yonathan ora trima, njur nggolek cara kanggo nylametake Dawud,
kancane kang setya ing sabarang kahanan. Kabeh rencanane bapakne kanggo mateni
Dawud, Yonathan ngeri mula ndang menehi kabar,cikben Dawud enggal sumingkir.
Ngerti kang kaya mengkono kuwi, raja Saul nesu, duka yayah sinipi lan meh
mateni Yonathan, anake. Pangwasa lan banda kuwi isa marakne menungsa lali karo
kahanan, malah nyawane anake wae kala haji tinimbang banda lan dhampar. Merga
ora iklas karo kahanane Dawud, mulane raja Saul ngangkah patine. Ananging
Yonathan nyawang sakasisih beda kan luwih wicaksana, yakuwi meh lingsire
kratine ramane merga pambalelane, lan kuwi dudu salahe Dawud, mulane Dawud kudu
diayomi. Tumrap Yonathan, kekancan kang sejati kuwi nelukake samubarang kabeh,malah
kepara brayat.
Ing
jaman saiki KEKANCAN kaya Dawud lan Yonathan, kayane wis angele ngeram
nggolekine. Kuwi kabeh amarga menungsa wis kadunungan penemu yen kabeh kuwi
kudu diajeni lumantar duwit. KEKANCAN isa apik nalika ana duwite, seduluran dadi
apik nalika ana duwite lan kosokbaline. KEKANCAN lan seduluran ya isa ajur
mumur amarga duwit. Mula saka kuwi, payo sinau bab KEKANCAN kaya Dawud lan
Yonatan, yakuwi mung ngener marang begja lan bungahing liyan.
“Jo,
suwe ora njedul kuwi lungan nengndi?” Takone Siwo Solebo.
“Ndelik
nyang ngalas Wo, semedi, nggolek sisik melik kanggo nundung sing topiksongolas
iki” Semuare Dalijo.
“Karo
sapa mrana?” Takone Lik Ndoleng.
“Sing
genah ora karo Yu Wasti Lik, aman, tenangna pikirmu..” Semuare Dalijo clelekan.
“Dengkulmu
amoh kuwi Jo, ditakoni tenanan malah sauranmu bab Wasti, marakne aku tersandera
rindu..” Lik Ndoleng sajak piye ngono, njur njupuk MLDne Dalijo, disumet, sajak
mat kae.
“Yan
gene iki lur sing kinaranan KEKANCAN, mbok’a olok-olokan kaya ngapa ananging
ora dadi nesu lan padu..ayo dirumati,ayo dijaga..” Ngendikane Pakde Kento.
“Kuwi
Lik, jare Pakde Kento, yu Wasti yak on njaga..rungokne..” Iin njedul seka pwon,
nggawa wedang lan pacitan.
“Jindullll…kupingmu
korokono nganggo sapu In, iki bab
KEKANCAN sing kon njaga, dudu njaga Wasri…Duss!” Semaure Lik ndokeng, sinambi
ngisep MLDne, ajak nikmate ngeram.
Mbah’e..