Jumat, 22 Maret 2019

NUNTUN


Jemuah Legi 22 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK



Dhaniel 12:1-4
Jabur 63:1-8
Mateus 21:33-43,45-46
“Para wong wicaksana bakal padha mencorong kaya padhanging langit. Lan sing wis padha nuntun wong akèh ing dalan sing becik, bakal padha mengkilat kaya lintang-lintang ing selawasé.” Dhaniel 12:3

NUNTUN kuwi pagawean, yakuwi nggandeng tangan’e liyan  kanthi tujuan supaya liyan isa lumaku. Dene anane pagawean NUNTUN kuwi ora mung merga sak  perkara, ning ya merga seka pirang-pirang perkara. Ana sing makarya NUNTUN merga lagi betah utawa jik latian mlaku, ana sing NUNTUN merga lakune sing dituntun wis sempoyoran merga sepuh, lan uga ana NUNTUN merga manja lan ben mesra. Sing bab pungkasan iki takon wae marang sing nembe pacaran pomanten anyar, mesti nglakoni pakaryan NUNTUN ora merga raisa mlaku, ananging merga butuh mesra…sing maca mesam-mesem mesti lagi ngalami, yen ora pasangan kawak-lekak sing babar blas ora nate tuntun-tuntunan..hihi.


Bab NUNTUN iki ya nate diwulangk’ake Gusti lumantar Kitab Dhaniel, yakuwi gegayutan karo patrap uripe Dhaniel. Manut kitab Dhaniel, sapa wae sing urip manut pepakon utawa pranatane Gusti Allah, sanadyan angel lan abote ngeram, mesti uripe bakal mencorong lan dadi pepadhang kanggo sapa wae. Merga dadi pepadhang, mula isa NUNTUN lakune sapa wae. Dadi NUNTUN kuwi jebul oramung nggandeng tangan, ning sapa wae sing isa ngener’ake uripe liyan marang dalan kang bener lan pener, kuwi bisa diarani NUNTUN. Lan sing jenenge NUNTUN bab urip kuwi ora mung alus kahanane, isa uga kala-kala kasar,atos,lan rinasa larane ngeram, ning yen isa negesi kuwi tuntunan, kabeh lumaku apik. Mula saka kuwi, yen artine NUNTUN kuwi ngener’ake nyang dalan kang luwih apik, sapa wae isa NUNTUN liyan. Seka bayi nangis wae isa dadi tuntunaning urip, seka anak marang wong tua ya isa dadi sranane tuntunan urip saka Gusti kuwi kelakon, ning ya ana kalane seka wong tuwa neng anak..

“Jo, ududmu jik ra?”, Lik Ndoleng ngepasi tengah wengi, mulih seka seminar sambat kentek’an udud karo Dalijo.
“Jik lik, po doyan karo wek’ke?”, Wangsulane Dalijo enteng..
“Sak’anane Jo, wong klalen..mau seminar entek, arep tuku warunge pada tutup”, Lik Ndoleng mangsuli  pitakonane Dalijo.
“Lha mesti sing mbok golek’i mung neng warunge Yu Wasti lik, mula ya tutup. Warung pirang-pirang kok jare tutup kabeh, mokal kuwi lik, rasah nggawe gara-gara. Sampeyan kuwi wegah tuku lan mung njagagakne wek’e kang Dal apa mung merga kudu tuku neng warunge Yu wasti?”, Ndremimil Nduk I’in ngomongi lik Ndoleng, kabeh mung merga rokok entek.


“Mathuk penemumu In, warung sakndayak abuh kok jare tutup kabeh. Wong karepe tuku kudu warunge Yu wasti wae ndadak kokean alesan. Tapi tetep iki Lik djarumsuper enek’e, dudu jisamsu lho”, Dalijo melu nyangarke Lik Ndoleng.
“Waduh..lha kok jebul kowe kabeh ki ngerti sakparipolahku ta cah?Hmmm..ya wis, matur nuwun wis ngelik’ake aku, wis NUNTUN lakuning uripku sing luput. Yen ana klera-klerune diapura ya Nduk, Jo…” Lik Ndoleng sajak keduwung, ning ya tetep sumeh merga rumangsa ditresnani ponak-ponak’ane…

Ayo NUNTUN siji lan sijine lur..

Mbah’e..

Kamis, 21 Maret 2019

GUMUN


Kemis Kliwon 21 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK




Dhaniel 3 :19-30
Jabur  63:1-8
Lukas 16:19-31
“Nanging aku weruh wong papat padha mlaku ngénak-énak ana ing satengahé geni? Ora padha kabanda, lan ora apa-apa. Malah wong sing nomer papat kuwi rupané kaya putraning déwa.”

Sanadyan ana unen-unen “Aja Gumunan”, ananging sejatine GUMUN kuwi ora luput, ora kleru utawa ora salah. GUMUN kuwi kahanan lumrah tumrap menungsa. Lha sejatine apa ta GUMUN kuwi? GUMUN kuwi kahanan sing dialami menungsa lan kuwi ndadekne jagad pikire ora nyandak karo sing klakon. Dadi cekak aose, iki bab nalar utawa pikirane menungsa sing ora gaduk karo kahanan sing klakon. GUMUN dewe isa merga rong perkara, sing nyenengake lan sing nyusah’ake. Loro-lorone isa ndadekne GUMUN.

Bab GUMUN kuwi ya akeh sinebar pateng tlecek neng ngendi-endi papan, klebu ana neng Kitab Suci. Salah siji crita bab GUMUN kuwi katulis neng kitab Dhaniel, mirunggan neng Dhaniel 3. Kuwi nyritakna kahanane wong-wong sing ditahan dening raja Nebukadnesar. Nalika kabeh kon nyembah raja, wong-wong seka Ibrani wegah, aluwung mati tinimbang kok nyembah sakiyane Gusti Allah. Kuwi ndadekne raja Nebukadnesar nesu banget, poll nesune, kaya Jingklong putus cinta..kabeh dicakoti..hehe..mula sing nulis BENINGE EMBUN ESUK ya nganti nesu poll karo sing diarani Jingklong kuwi…hehe..malah nggladrah…
Bali neng nesune Nebukadnesar, kuwi ndadekne sapa wae sing ora nyembeh dewekne kudu diukum pati. Ora baen-baen carane ngukum, diobong neng tobongan lan panase ditikel-tekuk’ke nganti kaping pitu..Wong 3 saka Ibrani, Sadrah,Mesakh lan Abednego ora gelem nyembah raja, mung wani nyembah Gusti lan dibelani nganti tumeka ing pati. Mula merga ngeyel, ya njur diuncalke neng tobongan panas. Elok’e…ora mai kobong malah njoged. Sing luwih ngGUMUN’ake, sing njoged ora mung telu ning malah tambah siji, dadine papat. Kuwi kabeh sing marakne nebukadnesar GUMUN, diobong ora kobong njur ko’it, malah njiget, ketambahan tau meneh..

Merga saka percayane Sadrah, Meskah lan Abednego, mula wong  liya, wong Babel pada nganti percaya, nganti GUMUN. Ora mung mandeg neng rasa GUMUN, malah Nebukadnesar ndawuhi kabeh bangsane ngormati Sadrah, Meskah lan Abednego, klebu ngurmati Gusti Allahe.
Saiki, ing wanci esuk iki, apa sing arep awak’e dewe lakoni?Setya tuhukaya Sadrah, Mesakh lan Abednego, sanadyan rekasa apa malah mbalik grembyang njur “ngungkurake “ Gusti., apa malah arep setya tuhu saklawase?Kabeh gumantung diri pribadi, ning sing  baku, aja wedi tumindak aneh, sing penting manut kersane Gusti, ben jagad isa GUMUN karo tumindak’e awak dewe.

“Mau bengi mulih jam pira Jo?”, Takone Lik Ndoleng neng Dalijo, bab mulih’e seka sawah.
“Jam ro Lik…”Dalino semaur cekak.
“Aku mulih jam ji”
“Lha seka ngendi Lik?”
“Halahhh..paklik mbok tinggal nilik’I banyu mau bengi, alesan rokok’e entek njur nggeblas nyang warunge Yu Wasti kang..wong jare tuku rokok kok malah patang jam…” Nduk I’in wadul dulure lanang, Dalijo.
“Iki sing marakne aku GUMUN In, lha dijak neng sawah wegah, alesane adem…ee bareng tuku rokok nyang  warunge Yu Wasti, ingklik..jian GUMUN aku lik..”Unine Dalijo sajak kemropok.
“Peluang Jo, mumpung  Markun piknik…”Lik Ndoleng wangsulan karo gluwah-gluweh kaya  Gatutkaca mlotrok gapite..
“Dus..cah tuwek siji iki, marakne GUMUN ning kok ya Gumun sing negatip..” Batine Dalijo…

Ayo tumindak ben liyan GUMUN, ning tumindak’e sing psoitip lho ya..

Mbahe..

Rabu, 20 Maret 2019

WANI


Rebo Wage 20 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

2 Babad 20:1-22
Jabur 105:1-42
Mateus 20:17-28
“Ésuké umun-umun, rakyat budhal menyang ara-ara samun sacedhaké Tekoa. Sadurungé mangkat Yosafat ngandika mengkéné marang rakyat, “Wong Yéhuda lan Yérusalèm! Padha precayaa marang Pangéran Allahmu, kowé mesthi bakal olèh gawé!” 2 Babad 20:20




Ana unen-unen Jawa sing kaya mengkene, “Yen WANI aja wedi-wedi, lan yen Wedi aja wani-wani”, sing tegese, lakonana sing Teteg wae. Yen WANI ya lakoni, rasah mangu-mangu, ananging yen Wedi ya mundura, rasah kemaki mbok adepi. Njur saiki apa sing dadi pengandel supaya WANI?Kudune ya akeh, lan kari meh ngadepi apa neng urip iki. Yen sakumpamane wong tani, meh ngadepi mangsa tandur, sanadyan apa wae pepalange ya kudu WANI. WANI kesel,rekasa, luwe lan sakpanunggalane. Jejeg’e wong tani njur wedi ngadepi mangsa nenandur merga rekasa kuwi kan ya lucu…hehe


Oiya, iki malah nggedabyah. Esuk iki aku mung meh ngajak ngrenungake bab urip lan masalahe. Iki sinau seka Kitab suci, bab critane bangsa ngisrael pas dipimpin karo prabu Yosapat. Crita iki ngepasi nalika wong ngisrael kudu perang ngadepi mungsuh sing kuat lan medeni. Nemahi kahanan kaya mengkono kuwi prabu Yosapat njur nyadari kahanane, yen tata kamanungsan ora isa unggul, mula njur Wadul utawa sambat karo sing Mbaureksa urip, yakuwi Gusti Allah. Lumantar nabine, njur Gusti paring dhawuh, supaya wani maju ngadepi mungsuh, orasah gigrig,orasah wedi, orasah semplah, .kudu WANI (2babad 20 ayat 15). Lha entuk kabar kaya mengkono kuwi ndadekne prabu Yosapat teteg lan WANI, mula  njur ngajak rakyate maju ngadepi mungsuh.

WANI’ne bangsa ngisrael sing dipimpin prabu Yosapat ora merga nekad, ning merga entuk daya kekuatan saka Gusti. Kuwi kabeh klakon merga sesambat utawa wadul marang Gusti bab masalah sing diadepi. Amarga entuk pangerten sing bener lan pener, mula bangsa ngisrael njur WANI ngadepi masalah sing memalangi uripe. WANI merga percaya kinanthi dening Gusti, oramung WANI-waninan, nggaya-nggaya’an, ananging WANI sing kadasaran bab sing bener lan pener.

Urip iki sejatine ya kaya bangsa ngisrael, tansah ngadepi “mungsuh” sing nggegirisi. Mula kari awak’e dewe, WANI apa wedi. Yen WANI ya aja wedi-wedi, yen wedi ya aja WANI-wani. Ananging ngilo saka critane prabu Yosapat, ayo orasah wedi ngadepi apa wae, merga yakin yen urip sing dipilih kuwi manut kersane Gusti. Iki ya mratandani bab pola iman’e awak’e dewe, yakin iki kersane Gusti apa ora. Yen yakin, ngapa ndadak wedi? Kudune ya WANI merga Gusti mesti bakal mandegani, ananging yen wedi, kuwi ora yakin karo pangreh-pangreksane Gusti.


“Udan kaya mengkene arep ngandi Jo, wis bengi kaya mengkene lho…”Alok’e Lik Ndoleng, nalika bengi kuwi pas udan deres weruh Dalijo macak klambi telesan.
“Arep nilik’i sawah Lik, udan kaya mengkene, yen ora di’ilekne sing pas, klakon rasida panen pari Lik…klepan kabeh”, Wangsulane Dalijo sareh.
“Tapi wengi lho kang…..peteng…ademmm…”Ndremimil nduk I’in nyumelangke kahanane dulure lanang.
“Aku yakin Gusti nganthi aku kok In, paklik..iki kudu ndak lakoni, mratelakne bab percayaku yen ditulungi Gusti”, Dalijo semaur karo nggeblas nrabas udan lan peteng.
“Nggere bar entuk kabar bab tarsi, Dalijo mesti semangat ya In?”, Alok’e Lik Ndoleng. Dalijo sing lamat-lamat krungu njur misuh neng ati, merga meh muni wedi karo sing ada maca BENINGE MEBUN ESUK..

Mbah’e

Selasa, 19 Maret 2019

ENTAHLAH



Sisa  hujan sepanjang malam masih Nampak terasa dengan tanah yang basah. Kabut tipis dini hari bergerak pelan, namun pasti, sepasti nasipnya yang segera akan terhempas manakala siang menyergap kehidupannya. Masih sepi, bahkan bolehlah dbilang senyap. Dan dingin masih memanjakan semesta.


Aku berjalan menyibak dingin, menerobos kabut, yang entah protes atau tidak, aku tidak tahu. Bukankah kabut memang terhadirkan hanya sebagai pelengkap, meski kehdadirannya adalah bagian dari proses semesta menghadirkan hujan?Adakah yang pernah berterimakasih kepada kebut?Adakah manusia yang  meluangkan waktu untuk sekedar berterimakasih terhadap kabut?Ah…nasipmu Kabut, meski hadirmu adalah keindahan, terimalah nasip naasmu yang takpernah terhargai dan terlukiskan namamu dalam sejarah manusia.

Seekor kelelawar bergegas mengejar seekor nyamuk yang mungkin bisa mengganjal lapar perutnya sampai siang berujung. Kuperhatikan sekilas, perjuangan si kelelawar dan juga si nyamuk. Entah siapa yang akan menjadi pemenang, yang pasti aku bisa belajar dari mereka, baha hidup adalah perjuangan, soal menang dan kalah, biarlah itu urusan yang berkuasa.


Deru kendaraan di jalan tol masih nyaring, pertanda bahwa sepi masih menguasahi semesta. Dan jalanan yang basah ini semakin meyakinkanku, betapa terkadang memang kehidupan ini ada kesepian purbakala yang abadi. Langkahku tetap menuju ujung, meski aku sendiri taktahu, ujung mana yang hendak aku tuju..namun biarlah kaki ini melangkah demi merangkul pagi..

Gemerisik dedaunan terbuai embun pagi yang luruh menghiasi suasana. Cericit unggas liar juga ikut menyanyikan zimfoni semesta, dan di sana ada keindahan,ada kedamaian, meski kesendirian harus terjalani. Suara ayam hutan jantan mulai riuh jauh di atas sebuah bukit, penanda siang akan segera hadir. Kokok ayam hutan  jantan adalah bahasa isyarat, bahwa hari segera berganti. Isyarat yang selalu terlahir secara naluriah, tanpa pernah mengenyam bangku kuliah..

Masih sepi, namun ketika tiba-tiba semilir angina menyentuh tengkukku, spontan aku menoleh dan di ufuk timur, semburat jingga mulai merekah. Semburat harapan bahwa hari memang harus berganti..Kuberbalik arah, kembali untuk melakukan sesuatu yang sejtinya juga takkutahu…

190319

DILAJUKNE

Selasa Pon 19 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Wilangan 14: 10b-24
Jabur 105:1-42
Matius 23:1-12
“Gusti Allah banjur ngandika, “Ya wis, Aku bakal ngapura dosané umat iki, kaya panyuwunmu.” Wilangan 14:20

Ora kabeh paham karo tembung sing minangka jejer tulisan iki, merga beda desa beda cara. kuwi basa khas daerah kidulan, ndesa cilik neng saktengahing “gugusan gunung sewu’ sisih kidul pulo jawa iki. DILAJUKNE, kuwi meh pada karo tembung “dilulu”, sing artine dijarke nglakoni apa sing luput ning malah semune dialembana. Ben gampang paham, contone ngene, yen lagi arep ana tamu, njur suguhane malah dipangani anak’e, wong tuwa ngendika “Biyuh baguse anakku, gekndang ngger dientekne sisan suguhane..” Kuwi kira-kira tegese tembung DILAJUKNE kuwi, mula saka kuwi yen wong ora paham budaya Jawa, mesti kerep digeguyu merga paripolahe cen ngguyok’ake.

Neng Kitab suci ya nate ana crita bangsa ngisrael sing DILAJUKNE dening Gusti. Kahanan kuwi klakon ana neng Kitab wilangan. Neng Kitab kuwi dicritak’ake kepiye  ngeyele wong Ngisrael, bola-bali ditulungi, diberkahi lan diayomi ning jik ngeyele ora umum. Nalika Gusti duka meh numpes wong-wong kuwi, njur Musa komplen, supaya aja ditumpes lan supaya diapura dosane. Gusti pisan meneh nuruti kekarepane wong ngisrael, lan aprajanji meh ngapura meneh. Ning yakuwi, apa sing ditindakne Gusti kuwi sejatine NGLAJUKNE wong ngisrael. Ingatase bola-bali ditulungi, kokya jik ngeyele ngeram. Saka rumangsane wong ngisrael, ora diukum kuwi berkah, kamangka sejatine diparingi wektu pungkasan ben mertobat,merga kabeh ora diijini mlebu neng Kenaan, mung om Kaleb sing apik’e ngeram wae sing diijini mlebu Kenaan.

Saka crita iki sejatine awak’e dewe sing rumangsa menungsa, kudu nyadar, yen wektu sing diparingake awake dewe iki aja-aja gek malah nembe DILAJUKNE Gusti? Lha kok isa?Lha merga ngeyele ngeram. Kon manembah wegah, kon makarya enda,kon ndonga kakean alesan, pomeneh kon persembahan…alesane entek amek kurang golek. Kuwi durung yen kon nggatekne liyan, biyuh angele ngeram, geleme mung digatekne lan dialem, diladeni lan jigang kaya juragan mbako panen kangkung kae..Mula saka kuwi, apik yen esuk iki sakdurunge ngayahi apa wae pagawean, pada ngilo sik, lan nyadar, wektu sing diparingake neng awak’e dewe iki durung tentu merga awak’e dewe ki apik, ning malah merga saka elek’e mula diparingi wektu kon mertobat. Wektu iki sejatine sranane Gusti NGLAJUKNE awak’e dewe kabeh..

“Tumben sumeh terus Lik?”, Dalijo nakoni Lik Ndoleng, nalika sore kuwi siap-siap arep PA.
“Ngko aku mimpin PA, Wasti sing ngemsi”, Wangsulane Lik Ndoleng sumringah.
“Yu Wasti gelem kuwi merga maringi wektu sampeyan nata urip Lik, rasah bungah-bungah sik..”Nduk I’in melu cawe-cawe kaya biasane.
“Mbuh apa tujuanne wasti, sing penting aku isa bungah…diparingi wektu kanggo leladi..”Lik Ndoleng wangsulan sajak ora maelu alesane apa..

Esem kuwi kalane ya dadi srane NGALJUKNE lho lur….

Mbahe…

Senin, 18 Maret 2019

LAWARAN


Senen PAhing 18 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Pangentasan 33:1-6
Jabur 105:1-42
Lukas 6:36-38
“Anggon-anggonmu mas copoten lan Aku bakal menggalih apa kang bakal Daktindakaké marang kowé.” Dadi, wiwit saka ing Gunung Sinai, bangsa Israèl ora nganggo rerenggan mas menèh.” Pangentasan 33:5

Neng jagad’ng “wedang galak”, ukara LAWARAN kuwi ukara sing lumrah. Dene tembung LAWARAN dewe nduweni teges polos utawa dewe tanpa kanca. Iki babagan omben, yakuwi nalika ngombe sabarang omben wedang galak sing tanpa cinampur apa-apa. Rasah gupuh ndisik nalika maos iki, ora sah sok semuci-suci, bab ngombe lan wedang galak kuwi babagan sing lumrah, sinaosa ora isa diarani bener lan pener. Mbalik neng bab LAWARAN kuwi mau, sing sapa wani ngombe omben LAWARAN kuwi mratandani sepira daya digdayane wong kuwi, merga wani ngombe sing tanpa campuran babarpisan, kamangka dayane omben kuwi jian nggegirisi tenen. Ning yakuwi, kabeh resiko ya kudu siyap dipikul merga apa sing wus dilakoni, dadi ya rasah sok-sok’an semuci-suci, ben wae sing ngombe ya nanggung dewe. Rasah dilapurne pulisi, dongakne wae, suk yen wis tekan titi mangsane lakya nyadar dewe.


Oiya, malah klalen bab LAWARAN iki mau. Sepisan meneh rasah gumunan bab istilah, merga bab LAWARAN iki ya nate didhawuhke Gusti, kacetha ana ing Kitab Suci. Pernahe neng Pangentasan 33, Gusti nate ndawuhi wong ngisrael sing dipimpin Musa supaya lumaku tanpa rerenggan utawa penganggo sing wujug’e mas picis rajabrana babar blas. Kersane Gusti, mlakuwa klawan iman, rasah mercakyakne urip marang emas lan sakabehe banda donya, mlaku’a LAWARAN, mung percaya thok thill karo Gusti. Iki sing abot, merga menungsa jik okeh sing luwih percaya karo bandane tinimbang baro pengreh-pangreksane Gusti. Rapercaya?Jajal wae kon pisungsung prasepuluhan, alesane entek amek kurang golek.

Saka Kitab Pengentasan 33 iki kabeh diajak sinau urip ing sakjroning percaya, oramung cangkeman thok,  ning ya ditindakne. Yen mung muni percaya wae kabeh isa, ning tumindak sing mratandakne yen kuwi mercayakne urip marang Gusti sing angel. Kersane Gusti supaya urip LAWARAN iki jian nandes temenan, mung kari sing nglakoni, arep urip ana ing lamising kapercayan apa urip ana ing kasunyataning percaya. Yen mung lamis, ya sumangga, tansah dibengesi ben katon apik ananging babar blas ora ana isine, ning yen wani LAWARAN ya ayo pada dibuktekne, kaya ngapa lan kepriye carane Gusti ngrumati lakuning urip iki.

“Lik, jik wani senggelan karo aku ra?Yen wani ngko bengi ya, nyang dul gerdu”, Ujug-ujug Dalijo nantang Lik Ndoleng.
“Badalahhhh….mung banggamu wae sepira Jo…ngombe seprit wae deyek-deyek wae ndadak nantang wong tua..” Lik Ndoleng wegah kalah.
“Aturngono’a..iki pada mbahas apa sehhh?”, Nduk I’in melu cawe-cawe.
“Kuwi lho nduk, bab LAWARAN…lha Dalijo nantang ya taktampa tantangane..”Lik Ndoleng mangsuli.


“Kuwi ki gegambaran Lik..kang…yen urip iki kudu wani LAWARAN, mung kinantenan Iman thokthill…malah tantang-tantangan omben..hmmmm” Nduk I’in njlentrehne kanthi cetha…
“Oalahhh..takira bab omben…..!”Dalijo karo Lik Ndoleng kompak mangsuli, yen bab wedang galak cah loro kuwi cen kompak…

Mbah’e…


Minggu, 17 Maret 2019

JAGAL


Minggu Legi 17 Maret 2019
BENINGE EMBUN ESUK

Purwaning Dumadi 15:1-12,17-18
Jabur 27
Filipi 3:17-4:1
Lukas 13:31-35
“Dadi Aku bakal mbacutaké laku-Ku ing dina iki, sésuk lan sésuk embèn, sebab ora samesthiné nabi dipatèni ora ana ing kutha Yérusalèm.” Lukas 13:34

JAGAL kuwi tugase mateni sato kewan sing meh digunak’ake dening menungsa, sanadyan ya ana JAGAL kang ora kudu memateni  sato kewan. Ananging yen manut karo tegese ukara, JAGAL kuwi tugas sing ora ala, ananging apik merga cen tugase khusus utawa mirunggan kanggo ngrewangi bakul daging ngupakara sato kewan sing meh didadek’ake daging kanggo konsumsi. Jenenge wae JAGAL, mesti wengis, merga yen lemah gemulai kaya putri Solo ya lucu yen diarani JAGAL. Ananging sepisan maneh, wengise kuwi ya mung kanggo pagaweane, ora kena dingo meden-medeni liyan, kuwi ora becik.


Ngrembug bab JAGAL, Gusti Yesus nate ngendika yen piyambak’E kudu disedani ana ing Yerusalem. Iki sing sejatine aneh, merga Yerusalem kuwi pusate uriping karohanen bangsa Ngisrael. Ananging cen sing kudu klakon kaya mengkono, na ing PUSATE urip karohanening menungsa malah ing kana tuwuhing daya memateni sing nggegirisi. Crita ndek wingi kae neng Selandia Baru kurang luwih ya mratitisake bab iki, neng ngendi ana cara beragama sing kliwat panatis, ing kana daya memateni, dayaning JAGAL lahir. Neng Yerusalem kurang apane, Pedaleman Suci magrong-magrong, ritual agama dijaga, ruang-ruang suci dijaga, ananging justru neng Yerusalem Gusti klakon (mengkone) kasedani, kabar seka Selandia Baru ya kurang kepiye, para sedulur lagi pada ngibadah, eee..dibrondong bedil. Apa sing mbedil ora nduwe agama?Mbelgedes yen ngaku ora, kuwi ya beragama, ning utek lan rasa pangrasane kethul, landhep arit gablug.

Seka pretelane Gusti neng Lukas 13 ayat 34, ayo pada sinau yen awatak JAGAL kuwi isa nemahi sapa wae lan ing kahanan kang sejatine katon rohani banget. Mula saka kuwi ayo pada beragama sing bener lan pener. Agama kuwi kanggo njaga jagadraya iki, rasah umyek rebutan swarga lan nraka, kuwi urusane Gusti. Tugase dewe njaga lestarine bumi lan isine iki, rasah dadi JAGAL tumrap liyan, tumrap titahe Gusti liyane.


“Ngko nengi mangkat rapat lho Jo”, Lik Ndoleng ngelikake ponak’ane Dalijo sing bagus dewe sak erte.
“Gah….aku jik ngontor karo  Panggah. Gayane kaya pinter-pintera dewe. Pokok’e aku wegah nek jik ana  Panggah..”Dalijo sajak nesu.
“Jebul kang Dal nesu ta Lik?”Nduk I’in malah ngompori dulure lanang.
“Lha piye ra ngontor ta In, kene lagi usul sareh, eee….dupeh sarjana wae gayane raumum..ben aku mundur pokok’e. kapan-kapan kudu ngrasakne kolak tungkak bocah siji kae!” Dalijo jik sajak ngikit-ikit.
“Jo…sikepmu kuwi kaya JAGAL..mung  nuruti keeping nesumu..kuwi ora apik..enggal gegyuren nganggo banyuning  panguripan..”LIk Ndoleng mbuh esuk kuwi kok wicaksanane ngeram..

Lur..kabeh nduweni watak JAGAL, ning aja diuripi..kendalenana…

Mbah’e..

FIKSI Di Malam PASKAH