Jumat, 07 Mei 2021

SRENGENGE

 

Jemuah Pon 7 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 42 : 5-9

Jabur 98

Lelakone Para Rasul 10 : 34-43

Rasul Petrus banjur medhar pangandika mangkene: “Kula sampun saestu mangretos, bilih Gusti Allah boten mbedak-mbedakaken tiyang. Saben tiyang ingkang kagolong bangsa punapa kemawon, ingkang ngabekti dhateng Pangeran saha ingkang nindakaken kaleresan, punika ndadosaken ing keparengipun Gusti Allah.” Lelakone Para Rasul 10 : 34-35

 

SRENGENGE, saben wong ngerti lan malah meh saben ndina ngrasakne sumloroting cahyane. SRENGENGE, dibutuhake kabeh titahe Gusti Allah, malah isa uga kinaranan “wakile” Gusti Allah kanggo menehi panguripan marang jagad lan isine kabeh. Sanadyan kaya mengkono, ora sithik titah (klebu menungsa) sing ora ngrumangsani sepira gedene manpaat utawa pungsine kanggo panguripane donya iki. SRENGENGE kuwi menehi cahyane ora pilih kasih, ora mbedak-mbedak’ake. Uga ora ana sak-ler titahe Gusti Allah sing rumangsa ngehak’i SRENGENGE, amarga kabeh pancen nduweni hak nampa manpaate SRENGENGE ananging ora isa nduweni.

 

Apa kang diwulangake dening rasul Petrus bab kapercayane marang Gusti Allah kuwi meh kaya pungsine SRENGENGE, ora mbedak-mbedakake, kabeh isa ngrasa lan nampa ni, ananging ora ana sing isa ngehak’i. Cahyaning SRENGENGE kuwi kanggo apa lan sapa wae, cahyane SRENGENGE kuwi jujur lan ora nyawang drajad lan uga pangkat. Menawa ana wong kang ora butuh cahyane SRENGENGE, isa ngeyup, sanadyan jik butuh sawab padang saka cahyane SRENGENGE kuwi. Yen ana sing rumangsa ora tahu nampani berkah saka SRENGENGE kuwi amarga polahe dewe, dudu salahe SRENGENGE. Semono uga bab katresnan dalah berkahe Gusti Allah, kuwi ya kanggo apa lan sapa wae. Tur meneh, Gusti Allah ora bakalan njaluk pamaturnuwun nalika ana sing nampani Sih Katresnane, amarga titah arep maturnuwun lan ora maturnuwun, Gusti Allah tetep Gustine Sarwa Dumadi. Kayadene bab SRENGENGE lan cahya dalah sawabe, semana uga bab Gusti Allah. Yen ana sing rumangsa ora nampa Sih Katresnane Gusti Allah, kuwi amarga saka cubluk lan wangkote si titah, klebu menungsa.

 

Menungsa sakdawane jaman iki sing marakne samubarang dadi beda, lan malah kasingget-singget. Apa wae arep diduweki dewe lan liyan yen isa aja nganti isa melu ngrasakne, kuwi sing kinaranan srakah. Dene srakahe menungsa kuwi meh nyrambahi kahanan kabeh, malah kepara katresnane Gusti Allah wae arep dipek dewe dalah golongane, kamangka Gusti Allah kuwi bebas arep diduweki apa lan sapa wae. Ora sithik menungsa sing gelut amarga rebutan (panyangkane bab) Gusti Allah. Piwulange rasul Petrus iki isa dadi kaca pengilon, yen Katresnane Gusti Allah kuwi kaya cahya lan sawab padange SRENGENGE, katujokake marang sapa lan apa wae. Dadi, sing jik rumangsa nduwek’i katresnan (nggone Gust lho ya), ndang mertobata…

“Jo, manut awakmu piye bab katresnan kuwi?” Siwo Solebo, sore kuwi ujug-ujug ngajak rembugan sing serius.

“Yen aku ngaca saka kitab suci Wo, menawa katresnan kuwi barang merdika, bebas manggon lan ngener marang sapa wae. Katresnan kang sejati kuwi ora isa dibatesi sapa lan apa wae..” Dalijo mangsuli, sinambi mbenerake rek’e sing sajak kentekan gas.

“Wah, wangsulanmu jian pilosopis temenan…”Kalut aku, eh salut aku.

“Kuwi kaya sawab lan cahyane SRENGENE Wo, isa diduweki apa lan sapa wae…” Dalijo mbacutake wangsulane, sinambi ngisep MLDne sing lagi wae mbukak.

“Wah, brarti bar maca tulisane mbah’e BENINGE EMBUN ESUK mau ya Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Lagi kober kok Wo” Semaure Dalijo.

“Ndoleng porung mulih Jo?” Takone Siwo Solebo.

“Mulih ngandi wo, lhawong turu kawit awan durung tangi. Iin lagi neng supermarken mbek bojone, Pakde Kento jare arep niliki Jago Bangkok nggone mbah Rakijo, lor Lor Nggayam..” wangsulane Dalijo.

 

 

Mbah’e..

Kamis, 06 Mei 2021

KEREMEHEN

 

Kemis Pahing 6 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK


Bibit Porang


Yesaya 49 : 5-6

Jabur 98

Lelakone Para Rasul 10 : 1-34

“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku keremehen manawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub lan mbalekake para wong Israel kang isih padha kareksa bae. Sira Sundadekake pepadhang tumrap para bangsa supaya karahayon kang saka Ingsun iku tekana ing pungkasaning bumi.” Yesaya 49 : 6

 

Tembung KEREMEHEN kuwi linggane Remeh, sing tegese kurang nduweni pangaji utawa arti. Mula menawa krungu tembung Karemehake utawa Diremehake, kuwi tegese dianggep asor lan ora nduweni pangaji. KEREMEHEN kuwi tegese meh pada karo keciliken, kesithiken lan uga kerindhiken. Isa uga diwenehi arti kudune luwih, amarga isa, ananging mung ngayahi kang sithik banget.

 

Tembung KEREMEHEN kuwi nate dadi piwulange Kitab Suci, cethane neng Kitab Yesaya bab patangpuluh sanga ayat enem. Neng kana Gusti Allah menehi pangandika minangka pepemut, menawa ayahane bangsa ngisrael kuwi mung mbalekake lan madangi sakbangsa wae, kuwi isa kinaranan KEREMEHEN. Kang dadi kersane Gusti yakuwi, bangsa ngisarel kuwi isa makarya lan madangi sabangsa ing sakindenge jagad, ora mung winates. Kuwi dipangandikake dening Gusti Allah lumantar nabi Yesaya supaya ing atine bangsa ngisrael tuwuh grengseng kang gede. Ing jamane nabi Yesaya, ana grengseng kang anjlok saka ing uripe bangsa ngisrael, mulane kudu digedekake meneh. Kaya dene dimar kang murupe mung cilik, mula kudune diganti lampu mercuri, semono uga bangsa ngisrael, ora mung didadekne abdi tumrap sabangsa wae, ananging saknjagad.

 

“Nanging anggonira dadi AbdiningSun iku KEREMEHEN menawa mung Sunkarsakake nangekake para talere Yakub…” Kuwi ngemu teges, menawa sejatine bangsa ngsirael kuwi pinaringan kakuwatan kang ngedab-edabi,kang gedene ngeram. Amarga pinaringan berkah kakuwatan gede, isa ngangkat sakintal ananging mung dikon nggawa selawe kilo, kuwi isa kinaranan KEREMEHEN, kesithiken. Mula saka kuwi, menawa nampa timbalan apa wae saka Gusti, aja nampik. Nampik timbalan kuwi tegese ngremehake, nyepelekake Gusti Allah, ora bain-bain. Uga, aja nganti ana sing nduweni penemu yen ora kuat ngayahi gawean peparinge Gusti Allah,  kuwi tegese ya ngremehake, amarga kawean kang saiki wis awake dewe lakoni wae isa kinaranan KEREMEHEN. Sepsian meneh, aja sembrana, aja pisan-pisan nampik timbalan kanthi alesan apa wae, Gusti Allah luwi pirsa, amarga nampik timbalan kuwi isa kinaranan ngremehake Gusti Allah.

 

“Leng, aku krungu kabar jare Gigut meh nandur Porang neng Prampalan, po tenan?” Takone Siwo Solebo, marang Lik Ndoleng, nalika sore kuwi wis berdua neng Cakruk Sor Talok.

“Weh, aku mala hora dong Bo,kara iya..jare grup prampalanan arep ditanduri Porang kabeh, lha wong kadohan, njur tenagane wis krepo kabeh, ditanduri liyane mung makane Kethek..” Semaure Lik Ndoleng.

“Wuih, sajak apal temen inpormasi bab Prampalan Lik, apa klebu tegale Mbah Wario?” Takone Iin, sinambi nyuguhake wedang kopi lan pacitane.

“Crigis In, mesti arahe mrono..” Semaure Lik Ndoleng.

“Tapi jare sampeyan sing meh nguruni Bibit Porang kanggo tegale Mbah Wario Lik, serius iki? Yen mung nguruni sekilo, kuwi KEREMEHEN Lik, kudune kabeh mbok tukokne..Buktikan dikau masih punya perhatian..” Swarane Dalijo, seru sajak ngenyek pakne Cilik.

“Dengkulmu mlocot kuwi Jo,,,,kok malah aku sing mbok enyek, iki mau lak mangsuli takone Solebo, bab rencanane Gigut meh nandur Porang neng Prampalan..Dusss..” Semaure Lik Ndoleng.

“Lha kabare Wasti piye Leng, jik iyes ya saiki?” Takone Siwo Solebo.

“Mbuhhh raruhhhh….!” Unine Lik Ndoleng

 

 

Mbah’e..

Rabu, 05 Mei 2021

TENTREM

 

Rebo Legi 5 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 65 : 17-25

Jabur 80

Yokanan 14 : 18-31

“Asu ajag lan cempe bakal nyenggut bebarengan, singa bakal mangan dami kaya sapi sarta ula uripe bakal saka lebu. Ora ana kang nglakoni piala utawa tumindak ora becik ana ing sawratane gunungingSun kang suci,” mangkono pangandikane Pangeran Yehuwah.” Yesaya 65 : 25

 

TENTREM, tembung iki sepele lan meh kabeh menungsa (sing lumrah) seneng marang kahanan iki. Sanadyan mung nem hurup lan ya mayar nalika ngomongake, ananging TENTREM kuwi kudu diusahakne, amarga ora ujug-ujug tiba saka langit. TENTREM kuwi kahanan, ing kono anane mung sarwa kepenak. Ora ana memungsuhan, ora ana paidon, ora ana pasulayan, ora ana wong nyenyolong, pokoke kahanane paling kepenak. Uga ing sajroning kahanan TENTREM kuwi ana rukun, ora mung rukun karo liyan, uga rukun karo awake dewe lan uga rukun karo kahanan.

 

Neng Kitab Yesaya bab pungkasan, Gusti maringi piwulang kang awujug gegambaran kahanan TENTREM, yakuwi nalika Asu ajg lan Cempe nyenggut panganan bebarengan, Singo mangan dami kaya  Sapi lan Ula isa urip merga mangan lebu. Ora ana kang tumindak piala, kabeh tumindak apik. Gegambaran Asu Ajag lan Cembe kuwi isa diwenehi arti watak, menungsa kuwi nduweni watak kang okehe ngeram, ana sing awatak  Asu Ajag. Menungsa kang awatak Asu Ajag kuwi apa-apa kudu dipunthes, dipangan kanthi wengis, dene Awatak Cempe kuwi kang sabar, loma, pasrah lan tansah makarya kanggo nyukupi butuhe. Beda karo Asu Ajag, makaryane mung nalika luwe, kuwi wae njur meksa marang kahanan. Menungsa kang awatak Singa kuwi ya okeh, apa-apaanane mung nesu lan ngamuk. Singa kuwi gegambaran bab kejem, sanadyan katnone anteng, dene Sapi, sanadyan gede, ananging gampang diapusi. Watak Singa kang meneng lan wengis isa urip bebarenga, kuwi tandane TENTREM.

 

Ing jaman saiki, jaman kang jarene angel, okeh watak-watak Asu Ajak, Singa, Ula, lan uga Sapi, Cempe. Ana sing kejem lan wengise ngeram, malah marang sing menengan lan andhap-asor, ana sing srakahe ngeram, kaya Ula, kabeh dipangan sakeneke lan liyane babarblas ora diturahi. Samangsa watak-watak kuwi sing nguwasani menungsa, ora bakalan tinemu kahanan kang kinaranan TENTREM. Njur carane piye? Mayar wae, payo watak-watak wengis, kejem, brangasan lan uga srakah kuwi diselehake, ditinggal ana ing pojoking ati lan urip. Tetep dirumati, amarga kuwi peparinge Gusti, ananging aja dikwasani dening watak-watak kuwi.  Payo ngupaya supaya malah ngwasani watak-watak kuwi, matemah kahanane urip isa ngrasakne TENTREM.

 

“Wo, wingi aku entuk WA, saka mitrane BENINGE EMBUN ESUK, jare mesakake Paklik Ndoleng, saben kahanan mung dadi lumbunging pamoyok..” Dalijo miwiti rembugan neng Cakruk Sor Talok, nalika kuwi kahanane jik sepi, nembe wong loro.

“Weh, malah apik Jo, malah merga kuwi, Ndoleng digatekake lan dimesakake liyan..kudune Ndoleng bersyukur..” Semaure Siwo Solebo, sajak enheng banget.

“Lha ngandi bocahe mang, kok bajekna durung njedul?” Siwo Solebo mbacutake pitakonane.

“Mbuh Wo, Jaren arep mincing neng kali, wingi  entuk WA saka Nanu, kuwi lho, sing rabi entuk cah mbahrawa..” Semaure Dalijo.

“Iyo Wo, Paklik mau awan pamit, arep mincing karo Nanu..sore arep mbalik, sakentuk-entuke arep digawa mulih jare..” Iin menehi katrangan, sinambi nyuguhake kopi lan gedang kapok goreng, durung rampung anggone nyelehake pacitan, ketungka tekane Paklik Ndoleng lan kancane.

“Mesti dongrasani aku ya?” Ujug-ujug Lik Ndoleng nyosor rembugan.

“Rasah “Ge’eR” Leng, tapi pancen ya ngrasani sliramu. Jarene Dalijo, okeh sing simpati mbek sliramu, merga mesti dadi sasaran pamotok neng brayate BENINGE EMBUN ESUK” Ngendikan Pakde Kento.

“Yen aku mono santai, eslow..woles..sing penting damai, TENTREM lan marakne liyan bungah ASUkarena..” Muni ngono, Lik Ndoleng sajak menehi tekanan neng tembung Asu..

“Sip Lik, aku ya iyes…wong kabeh kuwi nduweni watak kang ora padha, sing penting rukun, damai TENTREM. Mbuh kuwi awatak Asu Ajak, Singa, Ula, Cempe, Sapi lan liya-liyane..penting isa ngendaleni watak’e siji lan sijine..” Unine Dalijo, sajak wicaksana kae.

“Jo, kok padhang temen penemumu, apa bar nyawang Tarsi?” Takone Lik Ndoleng.

“Asemb…kok tekan Tarsi Lik?Dusss!!”Dalijo nirokne pisuhane Lik Ndoleng, ben sansaya popular, sing penting TENTREM.

 

 

Mbah’e..

Selasa, 04 Mei 2021

KEMAKI

 

Selasa Kliwon 4 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK





Yesaya 32 : 9-30

Jabur 80

Yakobus 3 : 17-18

“Balik kawicaksanan kang saka ing ngaluhur, iku kang dhisik dhewe murni, sabanjure dhemen rukun, sumlondhoh, mbangun turut, sugih kawelasan sarta woh-woh kang becik, ora ilon-ilonen sarta ora lamis. Sarta mungguh wohing kayekten iku kasebarake sajrone tata rukun tumrap wong-wong kang olah tata rukun.” Yakobus 3 : 17-18

 

Tembung KEMAKI kuwi ana ing tata basa jawa ndesa, klebu “bergender” maskulin, amarga biasane mung kanggo ngarani sing lanang, dene kanggo sing peminin biasane nganggo tembung Kemayu. Ananging sejatine tembung KEMAKI utawa Kemayu kuwi nduweni arti sing padha, yakuwi tumindak (kang tinalesan pikiran lan penemu) kang ngremehake liyan, rumangsa paling dewe. Isa paling ngerti,paling pengalaman, paling pinter, paling sugih, paling terkenal lan sakpanunggalane. Racake wong KEMAKI (lan uga kemayu) kuwi dilakoni kanthi sadhar, kanthi eling, amarga nduweni ancas utawa tujuan tertentu. Yen ana sing maca tulisan iki, njur tersinggung, senengku ngeram..amarga kasil tekan tujuan tulisan iki..hehe

 

Piwulange Gusti lumantar Kitab Suci, cethane neng surat Yakobus bab 3 nyethakake kepiye patraping urip kang kudu dilakoni menungsa kang wus pinaringan lan nampa pangwasane Sang Roh Suci. Lho, mosok sawab pangwasane Sang Roh Suci marakne menungsa KEMAKI lan Kemayu? Apa ora kleru, ora luput? Sik ta, sing sabar, aja kemrungsung, apameneh keSUSU, mbebayani. Ngene jlentrehe, manut paseksine Yakobus, sing sapa kadunungan Sang Roh Suci, kuwi nduweni patraping urip kang asli utawa murni,uga nduweni watak dhemen rukun, sumlondhoh (iki kosokbaline KEMAKI lan uga Kemayu), mbangun turut lan ora nylekuthis lan mbejujal lan uga sugih kawlasan . Mula saka kuwi, sing sapa uripe ora kaya kang tinulis ing ndhuwur,kuwi klebu KEMAKI, sanadyan sregep  ngibadhah, sanadyan sekolahe dhuwure sundul langit. Apa meneh menawa nduweni sipat ilon-ilonen utawa randuwe perinsip lan uga lamis, neng ngarep mesam-mesem jebul neng mburi misuh-misuh. Oiya, ana siji meneh sing klebu KEMAKI, yakuwi nalika seneng ngatonake sipat andhap-asore, kuwi mala hora andhap-asor, kuwi KEMAKI sing luwih mbebayani.

 

Ing jaman saiki, okeh sing sejatine KEMAKI (uga Kemayu), ananging dikemas ing kemasan sing rapi tur ya aluse ngeram. Mung ing tembe wae isa tinitenan bab tulus lan orane, endi sing iklas lan endi sing KEMAKI. Lha njur sapa sing isa menggak supaya ora padha tumindak KEMAKI? Tokne wae, sakmareme, amarga menehi kalodhangan liyan “njoget KEMAKI” neng panggunging panguripan iki ya klebu uwohing katresnan.

 

“Leng, wis entuk kabar? Jare Markun meh nandur Porang rong hektar lho?” Takone Siwo Solebo marang Lik Ndoleng, lan durung kober Lik Ndoleng semaur, Dalijo malah sing wangsulan.

“Wah esip kuwi Wo, piye Lik, kobong ra sliramu?” Takone Dalijo.

“Crigis Jo, apa urusane Markun nandhur Porang rong hektar karo aku? Ranyambung Jooo..Duss..” Lik Ndoleng olehe mangsuli ya sajak erosi.

“Wah, tahun garep Yu Wasti klakon ngganti kobile, ore sing lawas, mesti ganti Inopa..kuwi cita-citane kang Markun..” Iin, sajak melu nimbrung, uga ngece Lik  Ndoleng.

“Terus-terusna Cahh…” Grenengane Lik Ndoleng.

“Ben wae Markun kemaki, arep nandur Porang rongewu hektar..ben wae..ora pengen..” Swarane Lik Ndoleng.

“Ora rongewu hektar Leng, ronghektar. Ora usah nesu, kuwi malah dadi senenge ponak-ponakanmu, njur njaragi kowe terus.” Ngendikane Pakde Kento.

“Lha kuwi lho To, Markun kok sajak KEMAKI, pamer arep nandur Porang rong hektar..” Unine Lik Ndoleng.

“Ora KEMAKI, wong sing crita dudu Markun, sing crita wong liya. Kuwi prestasi Leng..mula orausah nesu..eslow wae..woles..wong ya Wasti wis milih Markun..” Ngendikane Pakde Kento, sing pungkasan sajak ketularan liyane, njarak Lik Ndoleng.

“Trondolooooo..saiki kowe melu njarag aku To!??” Lik Ndoleng nesu, ananging sing diamuk dudu sapa-sapa, sing diamuk MLDne Dalijo, merga bar njupuk Jisamsune Siwo Solebo.

 

Mbah’e

 

Senin, 03 Mei 2021

PENGAREP-AREP

 

Senen Wage 3 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Yesaya 5 : 1-7

Jabur 80

Galati 5 : 16-26

“Apa maneh ta kang kudu katindakake tumrap pakebonaningSun anggur iku, kang durung Sunlakoni? Ingsun ngajeng-ajeng supaya metokna woh anggur kang becik, yagene dene mung metokake woh anggur kang kecut?” Yesaya 5 : 4

 

Jarene para winasis, salah siji kang marakne menungsa isa “urip”, kuwi amarga nduweni PENGAREP-AREP. Ukara iki isa diwalik, menungsa sing ora nduweni PENGAREP-AREP isa kinaranan “ora urip”, amarga wis ora nduweni arah utawa entering urip. PENGAREP-AREP kuwi dudu barang larang, ora usah nggolek menyang “luar-negri”, ora usah sekolah dhuwur-dhuwur, mayar nggolekine, amarga wis manjing ana ing uripe menungsa sing lumrah (yen sing ora lumrahe menungsa mbuh, aku blas ora weruh). Njur apa ta kang kinaranan PENGAREP-AREP kuwi? Manut pangertenku sing cekak iki, PENGAREP-AREP kuwi kahanan kang tuwuh ana ing sakjroning ati,isa ug diwetokake, kang dadi srana anggone menungsa nduweni grengseng makarya. Isa dingo conto, amarga nduweni PENGAREP-AREP isa makmur lumantar nandur Porang, mula sanadyan bibit regane larang ya tetep dituku, dene sing ora nduweni PENGAREP-AREP, sanadyan bibit murah, ya pancet wegah nandur.

 

Bab PENGAREP-AREP kuwi nate diwulangake Kitab Suci, okeh banget, salah sijine neng Kitab Yesaya bab lima. Ing Yesaya 5, ing kono Gusti Allah kagungan PENGAREP-AREP marang bangsa ngisrael lan Yehuda (Jamane Yesaya wis pecah dadi rong negara), supaya dadi bangsa lan umat sing ngrembaka lan nyenengake. Kahanane umat ngisrael lan Yehuda kuwi digambarake kaya kahanane kebun Porang, opsss..Anggur ding lan Gusti Allah minangka kang kagungan pakebonan kuwi. Awit kang kagungan Kebon Anggur, mula Gust iwis nyukupi sumubarang kang dibutuhake,kabueh wis dijangkepi. Merga saka kabeh wis dijangkebi mulane Gusti kagungan PENGAREP-AREP marang pakebonan kuwi bakalane metokake uwoh sing nyenengake. Anggur legi lan pating plenus, kuwi mbokmenawa isa dingo gambaran. Ananging nalika tumeka titimangsae panen kok anggure kecut kabeh, kuwi mesti ana sebab-musababe, lha apa kuwi?Isa wae amarga sukete ora diresiki, isa kuwi amarga ora pas anggone ngrabuk, isa kuwi amarga kokean nutrisi lan sakpanunggalane. Intine,sanadyan wis kabeh kabutuhan pakebonan wis dicukupi, ananging menawa carane ngrumati ora pener, mesti asile ora kaya kang dadi PENGAREP-AREP sing kagungan.

 

Kabeh andharan ing ndhuwur kuwi gegambaran, lan kuwi ya isa dipatrapake kanggo uripe menungsa ing saben jaman, klebu ing jaman saiki. Kabeh butuhe menungsa wis dicukupi Gusti Allah. Ambegan gratis, cahyaning srengene ora usah mbayar, lan okeh sing sarwa gratis. Kaya ing jamane Yesaya, ing jaman saiki Gusti Allah ya kagungan PENGAREP-AREP marang menungsa, supaya isa metokake uwoh sing “legi”, dudu kecut.Legi amarga kebak ing kerukunan, tentrem lan rahayu, gemah-riah lohjinawi, dudu Kecut amarga pasulayan, srei-drengki lan sakpanunggalane. Mulane, payo padha ninggalake kabeh patraping urip kang “Kecut”, digenti patrap urip kang rinasa “Legi”. Carane? Biyuhh, jik njaluk dijarwakake..jiann..Yawislah, tak NYUSUl neng Cakruk Sor Talok sik..

 

“Jo, apa panenanmuPorang  musim iki apik?” Takone Siwo Solebo.

“Sae Wo, esip..ejoosss”Semaure Dalijo, sinambi nyumet MLDne, sing sajak jik kebak.

“Brarti meh nandur meneh neng musim ngarep iki Jo?” Takone Lik Ndoleng.

“Iyo Lik, meh nambah lahan, ngambakne lahan sing arep tak tanduri..” Dalijo menehi wangsulan marang Lik Ndoleng.

“Wuehh..jian poll kuwi Jo…apikk..top..markotop..”Ngendikane Pakde Kento.

“Inggih dhe, kula nggadhahi PENGAREP-AREP, kathah ingkang sami nandur lan pikantuk asil kang sae..ananging angele Poll je..Alesane jare larang regane bibit. Lha asil sae kan nggih kedah sebanding kalih ragatte…” Dalijo nyauri komentare Pakde Kento, ananging malah kaya ngomong dewe.

“Kowe nanbah lahan ra Leng?” Takone Siwo Solebo.

“Hmm, anu Bo..anu..hmm”

“Haiyahhh..paklik paling wegah nambah lahan, wedi wektune entek neng tegal lank ebon, wedi kelangan wektu wira-wiri nyang warunge Yu Wasti, amarga kuwi kang jik dadi PEGAREP-AREP ing atine paklik, ya pora Lik?” Iin sinambi nyuguhi kopi, njarag paklike, jian jeruuu temenan.

“Jindullll..isa wae kowe kuwi In..Duss!!” Grenengane Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e..

 

Minggu, 02 Mei 2021

ASLI

 

Minggu Pon 2 Mei 2021

BENINGE EMBUN ESUK



Lelakone Para Rasul 8 : 26-40

Jabur 22 : 25-31

1 Yokanan 4 : 7-21

Yokanan 15 : 1-8

“Aku iki wite anggur lan kowe pang-pange. Sing sapa tetep dumunung ana ing Aku, lan Aku ana ing dheweke, iku kang metu wohe akeh, awit manawa tanpa Aku, kowe padha ora bisa tumindak apa-apa. “ Yokanan 15 : 5

 

Meh kabeh sing maca tulisan iki mesti wis nate krungu bab tembung ASLI, kang nduweni tembung ksok-balen Palsu. ASLI kuwi tegese kahanan kang ana saka wiwit mula, lan sing ana ananging amarga mung niru kang wus ana, kuwi isa kinaranan palsu. Pancen angel kanggo mbedakne endi sing ASLI lan endi sing palsu. Sanadyan angel, ananging ana cara kanggo niteni endi kang ASLI lan palsu kuwi srana kang wis cinawis. Sakumpamane arep ngetes endi kang ASLI lan endi kang palsu tumrap tetanduran, carane mayar wae. Sepisan, ditunggu wae kuwi ASLI utawa palsu menawa kuwat ngadepi kahanan, lank aping pindone nalika tanduran kuwi metokae Woh.

 

Gusti Yesus nate memulang bab sesambungan utawa relasi katresnan ing antarane Panjengane lan para sekabat, sing nudweni sesambungan apik lan ASLI utawa alami, mesti isa awet lan uga metokake Woh, dene kang Palsu lan ora alamiah, mesti gampang mati utawa alum lan uga angel metokake Woh. Tanduran Anggur kang diagem dening Gusti minangka srana memulang pancen pas ing wektu kuwi, lan ing jaman saiki mbokmenawa ya ijik pas utawa relepan.

Ing jaman saiki kang samubarang sarwa cepet lan uga sansaya “individual”, pancen angel kanggo nduweni wekru niteni endi sing ASLI lan endi kang ora ASLI. Ananging sanadyan angel, tetep wae isa digolekake piranti kanggo niteni. Yen sesambungan kuwi ASLI, lan uga alami,mesti kuwat ngadepi tantangan apa wae, ananging menawa Palsu mesti mayar tugel,alum lan ilang. Dene kang ASLI mesti subur, ijo,bakoh lan isa metokake Woh.

 

Sesambungan Palsu kuwi okeh carane niteni. Menawa katon apik lan rajin ngibadah ananging jik hobine ngamuk lan nesu, mesti kuwi ora nduweni relasi kang ASLI. Sing isane mung maido lan maido, kuwi ya mestine nduweni sesambungan marang Gusti kang ora ASLI. Mula saka kuwi, saiki payo niteni lan nyipati kahanane hubungan pribadi dewe-dewe karo Gusti, ASLI utawa palsu. Carane? Ya ayo ngeling-eling, sepisan: Apa wis nate ngetokake  woh, kapindone apa ya jik gampang mutung, nesu lan ngamuk? Yen ijik, artine kuwi sesambungane karo Gusti mung imitasi, ora ASLI laias Palsu.

 

“Sesuk meneh, aku wegah dadi panitia, mbuh kuwi acara apa wae…” Lik Ndoleng nggedumel kaya Kinjeng nalika kasmaaran.

“Weh, lha ngapa Lik?” Takone Dalijo.

“Lha kepiye ora mutung Jo, saben aku nduweni ide utawa pendapat, mesti radirungokne. Sing dirungokake mesti pendapate Markun..” Semaure Lik Ndoleng.

“Kuwi tegese kowe rung diwasa Leng” Siwo Solebo menehi wangsulan.

“Lho, kok isa? Nalare piye?” Takone Lik Ndoleng.

“Usul pribadi kuwi durung mesti gathuk karo kabutuhane masyarakat, lan menawa kowe nesu nalika usule Markun sing ditampa, kuwi merga kowe jik lara ati amarga Wasti. Kuwi sebabe sesambunganmu karo Gusti ora ASLI, imitasi” Kotbahe Siwo Solebo.

“Duss, wasis temen jebule kowe kuwi Bo? Kalut aku, opss Salut aku..
Semaure Lik Ndoleng.

“Jajal wae, sing maca tulisan iki kira-kira jik nduweni hoby nesu lan mutungan ora? Yen ijik kuwi tegese sesambungane karo Gusti ora alami, ora ASLI alias Palsu”Pakde Kento nambahi penemune Lik Ndoleng.

 

Mbah’e..

Sabtu, 01 Mei 2021

NGADEGAKE

 

Setu Pahing 1 Mei 2021

BENINGE EBUN ESUK



Amos 9 : 7-15

Jabur 22 : 25-31

Markus 4 : 30-32

“Ing dina iku Ingsun bakal ngadegake maneh gubuge Dawud kang wus rubuh; lan pecah-pecahing temboke bakal Suntambali, sarta jugrugane bakal Sunadegake maneh; bakal Sunbangun maneh kaya ing jaman biyen;..” Amos 9 : 11

 

NGADEGAKE kuwi linggane adeg, kang tegese kahanan kang ora doyong apameneh ambruk. Saka tembung adeg mau, njur isa dadi tembung NGADEGAKE, kang tegese samubarang pambudidaya murih kahanan kang sakdurunge ndoyong apameneh ambruk kuwi dadi ngadeg maneh. Pancen gawean NGADEGAKE kuwi ora mayar, kudu wani ngetohake tenaga,pikiran lan isa uga prabeya. Dadi sanadyan sawangane bab NGADEGAKE kuwi mung sepele, ananging menawa kang kudu “didegne: kuwi perkara sing wigati, ya isa wae dadi abot lan rekasa.

 

Neng Kitab Amos bab limolas, ana crita bab janjine Gusti Allah kang bakal NGADEGAKE maneh bab kahanan kang nembe kelakon. Ing jamane Amos, kahanane umate Gusti kang kinaranan ngisrael nembe ambruk. Kuwi kabeh amarga polah-tingkahe bangsa kuwi kang ora manut marang dhawuh lan kersane Gusti, mung manut karepe dewe. Amarga mung uri sakkarepe dewe, Gusti ngelingake lumantar bangsa liya kang kauutus nggecak bangsa ngisrael. Sakwise digecak njur dadi ajur mumur ora karuwan, dadi ambruk. Bangsa ngisrael didadekne babu karo bangsa liya, mulane kahanane jian nrenyuhake temenan. Mirsani kahanan lan uga miring sambat saka bangsa ngisrael kuwi Gusti njur kagungan sedya arep NGADEGAKE maneh kahanan lan adeg’e bangsa kuwi.

 

Sakdurunge diadegake dening Gusti, ana syarat-syarat kang kudu dilakoni dening bangsa ngisrael, kayata : Kudu mertobat, kudu apura-ingapuran, kudu wani tumandang gawe, kudu lung-tinulung lan kudu manembah marang Gusti Allah manut pranatan kang ditata dening para pengareping agama, ora manut karepe dewe-dewe. Sakwise kabeh syarat dicukupi, Gusti Allah banjur makarya, NGADEGAKE kahanane bangsa ngisrael.

 


Bibit Porang
Minat Kontak WA 085870480039

Babagan uri rekasa, kahanan kang ora ngepenakake lan masalah-masalah panguripan liyane, kuwi ora mung kalkon nalika jamane Amos, ing jaman saiki ya jik klakon. Kahanan saiki mbkmenawa isa kinaranan ambruk-mbruk, merga mawerna-werna lelakone jagad kang wis horeg lan uga sing paling penting, amarga polah-tingkahe menungsa, si menus-menus kebak dosa iki. Kaya ing jamane Amos, nalika ngadepi kahanan kang ora kepenak, njur sambat marang Gusti Allah,lali marang kabeh klakuane kang babar-blas ora bener lan pener karo kersane Gusti. Sambate ngaru-ara, saben ndedonga anane mung njauk,njaluk lan njaluk ananging lali karo bab kang wigati, yakuwi mertobat. Syarate supaya Gusti NGADEGAKE kahanan kang saiki kelakon iki, ya kudu mertobat. Ing kene mertobat dudu omongan thok-thil, ananging sinartan owahing lakuning urip. Supaya kahanan urip iki bisa ngadeg meneh, kudu diedegake lan sing isa NGADEGAKE ya mung Gusti. Njur apa mung menungsa kuwi meneng wae, pasip? Hora, yakudu tumandhang gawe, penak temen nggawe rusaking kahanan bareng ambruk njur ngakon Gusti NGADEGAKE. Menungsa kudu wani ngowahi patraping urip kang lawas, nganyari urip kanthi nurut lan manut kersane Gusti. Menusa kudu wani urun wektu, tenaga, pikiran, prabea lan liya-liyane ben kahanane isa Ngadeg meneh.

 

“Wis takputuske kanthi golong-gilig saiki..aku meh melu Dalijo nandur Porang Leng…Kuwi sing takyakini minangka sranaku NGADEGAKE kahanane uripku lan brayatke..” Siwo Solebo, sore kuwi sinambi nyumet jisamsune miwiti rembugan karo Lik Ndoleng, liyane durung ketok, mbuh padha lunga nengndi.

“Apa jik isa nyekel pacul Bo awakmu kuwi? Kok nggaya arep niru Dalijo sing sregepe ngeram..” Takone Lik Ndoleng.

“Sithik-sithik jik eling Leng, lan umpamane iki mengko kudu rekasa ndisik ya ora apa-apa, merga iki takyakini minangka pisungsungku cikben kahanane uripku isa ngadeg meneh..” Sajak serius Siwo Solebo olehe nanggepi.

“Aku setuju Dhe, lan siyap atur pambiyantu menawa pun betahaken..”Ujug-ujug Dalijo njedul saka sisah kulon Cakruk Sor Talok.

“Maturnuwun ya Jo..” Ngendikane Siwo Solebo.

“Kahanan braytmu ya kudu didegne Lik, Mbok Cilik Trinil, aja mung mbok bulpus wae, aja kokean alesan sregep nggolek rokok dewe, merga kuwi modus supaya isa njowal-njawil Yu Wasti..” Iin njedul seka pawon, nggawa the pait lan gorengan kimpul, sinambi njarag pane cilik.

“Dussss!!!, cah siji iki kreatipe poll yen kon ngece pakne cilik..” Lik Ndoleng nggedumel memper cecak putus cinta.

 

 

Mbah’e.. 

FIKSI Di Malam PASKAH