Senin, 09 Januari 2023

MANGKAT

 

Senen Kliwon, 9 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK


MANGKAT Mulih


Purwaning Dumadi 35 : 1-15

Yakub banjur celathu marang brayate lan sakalerehane kabeh: “Padha singkirna sakehe brahala kang ana ing tengahmu, sesucia lan salina sandhangan! Payo padha tata-tata lan mangkat menyang Betel, ana ing kono aku arep gawe misbyah konjuk marang Gusti Allah, kang wus nyembadani marang aku ing dina karubedanku, lan wus nunggil karo aku ana ing dalan kang dakambah.” Purwaning Dumadi 35 : 2-3

 

MANGKAT, kuwi tegese mingkat lan mengker saka panggonan siji menyang panggonan liyane. Dene anane ngayahi ayahan MANGKAT kuwi merga ana wigati kang kudu dilakoni tumeka purna utawa rampung. Nalika wus manteb MANGKAT, kudu eling yen ana kang kudu ditinggal, merga kudu pindah menyang papan liyane. Ayahan MANGKAT kuwi ora sembarangan, merga kudu ngerti  tujuanne, ngerti dalan utawa cara kang kudu dilakoni lan uga paham sepira wektu lan ragad kang kudu digunakake. Aku yakin, yen sing maca tulisan iki wus paham banget babagan MANGKAT, ananging lumantar tulisan  iki, ancasku cikben kabeh eling yen babagan MANGKAT kuwi pancen ayahan kang kudu dilakoni.

 

Ana crita kitab suci babagan MANGKAT, kang tinulis neng Purwaning Dumadi 35 ayat 2-3, ing kana dicritakake babagan rama Yakub kang antuk dhawuh lumantar wangsit yen kudu MANGKAt saka papan kang nembe dilenggahi tumuju marang papan  kang kinersakake dening Gusti Allah. Sakwise yakin yen kuwi dhawuhe Gusti,rama  Yakub banjur ajak-ajak marang brayate MANGKAT, menyat saka papan dununge tumuju papan kang kinersakake dening Gusti Allah. Sakdurune MANGKAT, rama Yakub uga meling mrang brayate cikben reresik saka  sakabehe rereget kang manjing ana ing uripe. Dene papan kang katuju yakuwi Betel (beth-El) utawa Pedalemane Gusti Allah.Ing papan pedalemane Gusti mengko, rama Yakub dalah brayat dinawuhan nggawe mysbah kanggo memuji marang Gusti Allah.

 

Ora mung ing jamanne rama Yakub, ing jaman saiki uga Gusti paing dhawuh cikben saben menungsa wani MANGKAT, ninggal sawernaning kahanan kang ora jumbuh karo kersane Gusti, tumuju  marang Pedalemane Gusti lan sakbanjure mbangun lan mangun Misbyah. Babagan nalika lelaku seka papan dunung wiwitan nganti tekan ing papan kang kinersakake Gusti mengko okeh bebaya lan pepalang, Gusti uga wis paring janji yen meh nunggil kanggo nulungi.

 

Saka crita iki isa dijupuk pasinaon apik,yakuwi sing sapa gelem MANGKAT tumuju  papan kang dikersakake dening Gusti, mesti bakalan dijangkepi apa wae kang dadi butuhe. Mula saka kuwi, sing sapa arep MANGKAT menyang papan kang kinersakake dening Gusti,ora usah ginubedan was sumelang lan kwatir, merga  kabeh kang dadi butuhe lalaku MANGKAT mau mesti dijangkepi dening Gysti. Kosokbaline, sing sapa ora gelem MANGKAT ngayahi kersane Gusti, mesti ora bakalan dijangkepi apa kang dadi  butuhing urip.

 

“Lik, ngapa ramangkat neng acara andhum karya mae kang Solebo?” Takone Dalijo menyang Lik Ndoleng nalika sore kuwi jejagongan neng Lincak Sor Talok.

“Lagi ora mood gek Jo, mula ya ora mangkat” Semaure Lik Ndoleng, sinambi nyumet pituneme.

“Oalah, lha uurip kudu lung-tinulung Lik, aja mung pathokan mood lan ora mood, Iki titipan saka Kang Solebo”  Muni ngono Dalijo masrahake buntelan, titipan seka sing due gawe, kanggo ulem-ulem.

“Tak tampa ya ongkose lan uleme..” Unine Lik Ndoleng.

“Iya, ananging ndang gek MANGKAT, aja nglali..Wong wis nampa sanguine mosok ora MANGKAT” Unine Dalijo.

“MANGKAT-MANGKAT Jo, tenangno pikirmu. Aku dudu wong sing muna Jo,kaya sing maca tulisan iki, gelem nampa Berkahe ananging emoh ngayahi ayahane” Semaure Lik Ndoleng.

“Ngajako Yu Wasti Lik lehmu ulem-ulem, ngko mesti entuk pengalaman asyikk..”Unine Iin sinambi nyuguh kopi lan kimpul bakar.

“Ora Iyik In, aku ora kaya ngono kuwi, niatku MANGKAT ya kudu MANGKAT, sanadyan abot sanggane” Semaure Lik Ndoleng.

 

 

Mbah’e

 

 

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH