Selasa
Pon 17 Januari 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan Kitab Suci Padinan
Yesaya
53 : 1-12
Jabur
40 : 7-18
Ibrani
10 : 1-4
“Panjenengane dianggep asor lan
disingkiri ing wong, sawijining priya kang sugenge kebak kasangsaran sarta
kulina nandhang gerah; banget anggone karemehake, nganti wong padha nutupi raine
ana ing ngarsane tuwin sanadyan tumrap kita Panjenengane iku iya ora klebu
etungan.” Yesaya 53:3
Sajake arang banget ana wong sing gelem
diremehake utawa DIANGGEP ASOR, merga meh kabeh wong seneng disubya-subya,
seneng dialembana, seneng diunggul-unggulake lan seneng tansah dibenerake
sanadyan jan-jane ora utawa durung bener. Kahanan Asor kuwi pancen ora
nyenengake, merga mesti sinawang ala lan babar-blas ora ana pengajine. Mula
saka kuwi, kahanan ana utawa DIANGGEP ASOR kuwi yen isa disingkiri dening
sakehe menungsa, merga pancen kahanane ora ngepenakake. Njur pinangka dalaning
urip kasukman kang jumbuh kersane Gusti Allah, kudu gumungung utawa malah manut
yen DIANGGEP ASOR? Payo sinau saka
piwulange kitab suci.
Ana ing kitab Yesaya 53 dicritakake
babagan pangurbanane Gusti Allah, amarga tresnane marang menungsa mula ya kudu
manjalma dadi menungsa cikben isa nulungi menungsa. Amarka banget angggone
nresnani marang manungsa, Gusti Allah ora sambat nalika kapilara, ora nesu nalika
DIANGGEP ASOR, ora mbela diri nalika tinuding salah utawa luput. Gusti
Allah dadi korban kanggo “Sulih Sarira” menungsa kang kudune nampa paukuman. Amarga
sakabehe kahanan urip wis DIANGGEP ASOR, mula ya ora nggumunake nalika
diremehake, dipoyoki, dirasani, disingkang-singkang, disingkiri, disebratake
sakadoh-adohe. Kuwi kabeh dilabuhi Gusti
Allah amarga tresnane marang menungsa. Sing aneh, menungsa ora isa rumangsa
menawa kabeh kang dilakoni kuwi luput, menungsa jik rumangsa bener terus, jika
ngguya-ngguyu kaya ora nduweni luput.
Ing jaman saiki Gusti memulang uga
cikben para pendereke gelem ngayahi ayahan kang wus katuladhakake, yakuwi siap
nalika DIANGGEP ASOR dening liyan. Kudu siyap nalika diremehake, kudu siyap
nalika disingkang-singkang, kudu siyap nalika disalah-salahake, kudu siyap
ngakoni kahanan ASORING urip. Ora usah sambat nalika dipilara liyan, ora usah
getun nalika disingkirake liyan, ora usah baperan nalika ditundhung liyan,
kabeh kuwi minangka lelakuning urip mecaki dalaning katresnan. Kabeh wis nate
dilakoni dening “Putraning Gusti Allah”, malah tumeka korbaning urip tumeka
pati. Kabeh lelakon DIANGGEP ASOR kuwi minangka pratandha tresna sejati, amarga
ora ana tresna kang tanpa tatu. Malah lumantar tatu kuwi mau katresna kang
sejati nembe lumaku.
“Jo, aku kok krunggu klesak-klesik
padha ngrasani awakmu, kuwi lho babagan pencalonan dadi erte?” Takone Lik
Ndoleng marang Dalijo nalika cangkrukan neng Lincak Sor Talok.
“Mbok ben Lik, ngrasani ya ora marakne
aku masuk angina, wong aku ora krungu, yen pengen cetha ya adep-adepan mbek
aku..” Semaure Dalijo sinambi nyumet uddude.
“Kabeh ngremehake awakmu yen maju dadi
erte..” Kandane Lik Ndoleng meneh.
“Mbok ben, lha aku ya emoh dadi erte, kuwi lak karepe wong-wong, aku
ora nduweni karep. Tur meneh bab diremehake, DIANGGEPASOR kuwi kanggoku wis
kaya “sega-jangan” benndina takrasakne Lik..tapi ora ngaruh..wong jare kitab
suci, Gusti Alla wae wis nate DIANGGEP ASOR, kudune aku seneng yen diasorake,
merga wis napak-tilas tindake Gusti” Kojahe Dalijo.
“Jo, bar mangan apa kok sliramu wasis
temenan?” Takone Kang Solebo.
“Bar nyawang Yu Wasti Kang…” Ngomong
ngono sinambi nglirik Lik Ndoleng.
“Jindullll…kenek meneh..”Gremengane Lik
Ndoleng.
Mbah’e
Tidak ada komentar:
Posting Komentar