Sabtu, 14 Januari 2023

DIUNCALI

 

Setu Kliwon 14 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

1 Para Raja 19:19-21

Jabur 40 : 1-11

Lukas 5 : 1-11

Sawuse Nabi Elia tindak saka ing kono, banjur ketemu karo Elisa anake Safat, kang lagi mluku kalawan sapi rolas rakit, Elisa dhewe nglakokake kang karolas. Nalika Nabi Elia tindak ana ing sacedhake nuli nguncalake ageme jubah marang dheweke.” 1 Para Raja 19:19

 

Nalika mbiyen ijik okeh pentas tayub, saben ana pentasan tayub mesti okeh banget sing nonton, amarga pancen jaman mbiyen  arang ana hiburan. Kesenian Tayub dewe sejatine seni kang diduweni dening warga masyarakat ing karang padesan, merga yen ana ing kutha kayane kesenian Tayub kalah pamor karo kesenian-kesenian liyane. Nalika ana pentas Tayub, mesti salah siji sing ditunggu-tunggu yakuwi nalika penari tayub njoget lan sakbanjure Nguncali Sampur.Lha sing kebegjan antuk uncalan sampur mau sing kudu melu njoget mirunggan karo si penarine.

 

Biasane sing dadi penari Tayub kuwi wedok lan sing njoget okeh-okehe wong lanang,mula nalika nari bebarengan ana neng panggung, sing ditunggu-tunggu entuk uncalan sampur, merga bakalan njoget karo penarine. Lha kabeh sing padha melu njoget nunggu utawa ngenteni DIUNCALI sampur dening penarine, lan racake ana syarat, yakuwi nduwe duwit . Ing kahanan kang kaya mengkene iki, DIUNCALI Sampur dadi kahanan kang dienteni temenan dening para penari lanang, kabeh sing  melu njoget tansah nunggu entuk uncalan sampur. Ora sithik sing golek gaya cikben entuk perhatian saka penari, lan sakbanjure DIUNCALI Sampur. Sing sapa entuk uncalan Sampur mesti senenge ora karuan, lan mbokmneawa iklas ora adus sepasar cikben gandane sampure penari ora ndang ilang.

 

Babagan DIUNCALI “Sampur” kuwi ya nate klakon ana ing crita kitab suci, yakuwi nalika nabi Elia nembe nggolek pawongan kang diangkah minangka sing bakalan mbacutake pakaryane minangka nabi. Nalika sawijining ndina tindak, nabi Elia pirsa ana pawongan kang sengkut makarya, pawongan kuwi jenenge Elisa. Pirsa kang kaya mengkono kuwi, nabi Elia njur nyedaki lan Nguncalake jubah  agemane dienerake marang Elisa. Krasa yen dewekne DIUNCALI sampur, opss, jubahe nabi, Elisa njur paham yen dewekne piniji minangka wong sing kudu mbacutake ayahane nabi Elia. Mula sakdurunge nderek nabi Elia, Elisa nembung arep pamit wongtuane ndisik. Nabi Elia menehi ijin, lan sakwise antuk ijin saka wong tuane, Elisa banjur ngetutake nabi Elia, lan makarya mbacutake ayahane nabi Elia sakwise disinaoni sawetara wektu.

 

Sejatine kabeh wong kuwi “Ketban Sampur” utawa luwih cethane “Diuncali Jubah” dening Gusti lumantar wong liya, kanggo mbacutake ayahane Gusti ing njagad kang durung rampung. Nabi Elia kagungan ayahan memulang lan momong umat kagungane Gusti Allah, lan nalika dewekne sadhar yen yuswane ora suwe meneh, mula kudu golek pawongan kang bakal nerusake ayahane,lan ketemu Elisa. Ing jaman saiki, Gusti Allah ya ngagem para kagungane kanggo makarya, ana sing wis jatahe jubahe lukar mula kudu Dincalake liyan lan sing liyane kudu sumaya ing gati nalika DIUNCALI Jubah saka Gusti lumantar samubarang kahanan.

 

Intine, kabeh wong kuwi sejatine DIUNCAL jubah dening Gusti,ananging okeh sing ora dong, mula ya mung meneng wae. Mula saka kuwi, saiki payo padha eling  yen awake dewe iki kinuncalan jubah’e Gusti, kanggo mmbacutake ayahane Gusti. Ora usah suwala lan selak, payo ditampani lan sing kudu dimangerteni, “ujuding jubah” kang diuncalake kuwi siji lan sijine mesti beda lan aja nganti sing beda kuwi malah dadi sumbering dredhah, payo sing beda sayuk-rukun mbangun pakaryane Gusti Allah.

 

Sepisan meneh, kabeh titah kuwi sejatine “DIUNCALI” Jubah, kabeh menungsa kuwi “ketiban sampur” pakaryan kaswargan saka Gusti Allah.  Mula ayo ndang tumandang, ora usah plinthat-plinthut, payo ndang makarya, merga awake dewe wus Ketiban Sampur, wis DIUNCALI Jubahe para nabi.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH