Rabu, 11 Januari 2023

DIURUBAKE

 

Rebo Pahing 11 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Padinan

Yesaya 51 :1-16

Jabur  89 : 6-38

Matheus 12 : 15b-21

Glagah kang pepes ora bakal dikethok lan uceng-uceng kang urube melik-melik ora dipateni nganti Panjenengane wis ndadekake menange kabeneran.” Matheus 12 : 20

 

DIURUBAKE kuwi asale saka tembung lingga Urub, kang tegese metu genine (merga iki babagan geni) lan isa kanggo gawe. Saka lingga Urub kuwi njur isa dadi pirang-pirang tembung lan sakbanjure isa dadi ukara, ana tembung Murup, ana tembung Murubi lan uga ana tembung DIURUBAKE. Dene tegese tembung DIURUBAKE kuwi digawe dadi murub, merga maune mati utawa ora murup. Anane DIURUPAKE kuwi merga nduweni ancas utawa tujuan, dene tujuan kuwi mestine migunani kanggo sing Ngurubake.

 

Babagn tembung Urup, Murup lan uga DIURUBAKE uwi nate dadi undheraning piwulang ing kitab suci, cethane neng kitab Yesaya lan dibaleni maneh neng Injil Matheus. Ing kitab kuwi dicritakake bab kepiye Anggone Gusti Allah  nresnani para umat Kagungane. tresnane marang menungsa digambarake kaya wit Glagah, sanadyan wis pepes ananging ora dikethok, malah dirumat cikben subur lan miigunani, kaya uceng-uceng dimar kang wis melik-melik meh mati, ora malah didamoni njur mati ananging malah dibudidaya cikben isa murub kanthi apik lan isa madhangi ing sakiwa tengene.

 

Kabeh tulisan ing kitab suci kuwi minangka piwulang kang migunakne gegambaran, cikben luwih gampang ditampa dening menungsa.. Dene intine piwulang kuwi babagan katresnane Gusti marang kabeh KagunganNe, sanadyan kaya ngapa wae kahanane tanseh tetep ditresnani. Gusti Allah ngersakake tumindak nresnani kuwi dituladani dening menungsa, klebu sing maca tulisan iki, yakuwi kudu ngupayakne apik, sing meh mati aja malah dipithes, ananging kudu DIURUBAKE cikben isa madhangi meneh. Apa ana ing jaman saiki menungsa sing jarene nderek Gusti Allah, ananging tumindak ora kaya kersa lan dhawuhe Gusti? Kayane ya jik akeh lho, wong kadang ana sedulure sing kejegur jurang ora malah ditulungi, malah diemblegi lemah. Ana sedulure sing kesrakat, ananging jik okeh sing mangan ora kira-kira lan nalika njupuk ora metung lan ora entek njur diguwang neng tong sampah.

 

Para sedulurku kabeh, payo saiki nuladha tumindhake Gusti minangka patrap yen lakuning urip iki manut dhawuhe Gusti. Payo tetulung, payo NGURUBAKE kang mati lan uga sing meh mati, payo ngrabuk kabecikan, payo nyirani urip iki nganggo banyuning katresnan, cikben kabeh Urip, cikben kabeh MURUP. Sanadyan angel lan rumpil, aja nglokro,payo ndang tumandhang.

“Jo, kowe kuwi kok gelem-geleme ngrewangi Rustam, kamangka dewekne kuwi gethinge pol-polan karo awakmu?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo, naliko bengi kuwi  jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Yen aku mung tumindak apik marang sing ngapiki aku, kabeh isa Lik..aku arep nresnani kabeh wong, mbuh kuwi sing sengit lan sing seneng..” Semaure Dalijo, sinambi nglinthing udude.

“Jare mbahe, wong sing jik ngegem sengit kuwi uripe wis ora murub, mula kudu DIURUBAKE Leng, aja malah mbok genti sengiti,kuwi mateni, kuwi mithes..”Kang Solebo melu urun rembug.

“Jajal kae Lik, Kang Markun nembe ngusungi lemah longsoran sisih kulone kae, gelem ora ngrewangi…ngko isa nyawang lan njawil Yu Wasti lho..”Iin melu nyael nalika nyuguhake kopi lan kacang godog.

“Duss…cah siji iki mesti entuk ide nggarapi aku…Jindullll!!” Unine Lik Ndoleng sajak isin.

 

Mbahe..

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH