Jumat, 13 Januari 2023

EYANG ESAP

 

Jemuah Wage 13 Januari 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Purwaning Dumadi 27:30-40

Jabur 40 : 1-11

Para Rasul 1 : 1-5

Ing kono kang Rama Iskak mangsuli pangandikane: “Satemene pamanggonmu bakal adoh saka lemah kang loh ana ing bumi lan ora oleh ebun kang saka langit ing ndhuwur. Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.” Purwaning Dumadi 27:39-40

 

Sanadyan ora kecethet  neng kitab suci nindakne ayahan ala utawa ora apik, arang sing menehi jeneng marang anake Esap, sanadyan ya ana raketan siji-loro. Sing luwih kawentar malah adike Eyang Esap, yakuwi Eyang Yakub, sakloron para putrane Eyang Iskhak karo Eyang Ribka. Kamangka manut crita kitab suci, malah Eyang Yakub sing tumindak ala lan culika, lha kepriye larah-larahe? Yakae lho, manut crita kitab suci, kepiye anggone Eyang Ribka kong-kalingkong karo Eyang Yakub,kanggo ngrayah jatah kasulungan kang sejatine dadi jatahe Eyang ESAP. Njur kepriye pungkasane nasipe Eyang ESAP?

 

Manut paseksine kitab suci, sakwise hak kasulungan dirayah dening Eyang Yakub, Eyang ESAP njur nangis ngglolo ana ing ngarsane Kanjeng Rama, Eyang Iskhak, ya njaluk jatah raketan mung sekithik.ananging manut  critane kitab suci,warisan kuwi wis entek blas, jare sedulur banyumasan wis entong. Sanadyan Eyang ESAP wus ngrengek-rengek, ananging merga cen wis babar-blas ora ana, ya ora diwenehi dening ramane. Lan ing pungkasan crita, Eyang ESAP ora nampa berkah warisan kasulungan, malah entuk Sabda mangkene, “Satemene pamanggonmu bakal adoh saka lemah kang loh ana ing bumi lan ora oleh ebun kang saka langit ing ndhuwur.Pedhangmu kang bakal dadi saranane panguripanmu lan kowe bakal ngawula marang adhimu. Ewadene besuk bakal kelakon, yen kowe mbudi-daya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githokmu.” Sanadyan ketone medeni, ananging ana secuil panglipur saka wedariing Sabdane Eyang Iskhak, Yen mbudidaya kanthi temen-temen, pasangane bakal uwal saka ing githok..”

Kacarita, sakwise pirang-pirang taun pisah karo adine, Eyang ESAP entuk pawarta yen adine mlaku nyedaki papan dununge. Sanadyan lara ati ora pinukur, ananging jenenge sedulur nunggal kandung, mula dendame sirna kalah karo kangen. Eyang ESAP ora “Jaim” nunggu adine sing kurang ajar ngrayah apa kang dadi hake, ananging malah Eyang ESAP sing nggoeki adine lan ngrangkul. Uripe Eyang ESAP wis luih makmur merga mbudidaya kanthi temen lan sanadyan kahanane Eyang Yakub luwih sugih, ananging Eyang ESAP ora arep njaluk adine, apa sing dadi asile pambudidayane wis luwih karo cukup kanggo urip.

Eyang ESAP isa kanggo patuladan kepiyen ngrumati lara ati,kepriye ngrumati lan nggulawenthah tatu-tatuning urip. Ora kudu males babagan ala nganggo sing ala, ananging nambani sing ala nganggo kabecikan. Sanadyan Eyang ESAP nduweni hak males tumindak ala saka adine, ananging kuwi ora dilakoni, malah menehi conto adine, sing pinilih dening Gusti, kepiye matrapi urip kang apik, ora mbangun memungsuhan ananging ngupaya rukun. Sanadyan nate ditatoni ora karuwan jero lan larane, Eyang ESAP wis isa nambani tatu kuwi lan wus mari,mula ngarahe urip ya mung kanggo tentrem rahayu. ora malah mbudidaya natoni liyan,ora malah kaya wong judi, nggolek pulihan..hehe

“Lik, kira-kira isa ra njenengan ngapura Kang Markun? Takone Iin nalika nyuguhake  kopi neng Lincak Sor Talok.

“Mung gawean ngono wae mbok takokne ta In..aku  isa ngapura Markun…” Semaure Lik Ndoleng sinambi mbesengut kae.

“Iya, ngapura neng lambe, tenane ya bukk..klepukk..”Kang Solebo menewi wangsulan.

“Aku kok mathuk karo penemune Kang Solebo,jan-jane angel pol yen Paklik kon ngapura Kang Markun, lha cinta sejatine dirayah ..hehe” Dalijo teka-teka nimbrung.

“Kae Leng, sinamu saka Eyang ESAP, sanadyan hake dirayah adine, ananging tetep ngapura kanthi tulus-iklas…” Unine Kang Solebo meneh.

“Paling paklik gelem ngapura yen Yu Wasti dipasrahke meneh..haha” Dalijo saya ndodro anggone njarak.

“Dusss…mesti aku nggo garapan cahhh!!” Muni ngono Lik Ndoleng sinambi nyumet pituneme.

 

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH