Sabtu, 30 Maret 2024
Rabu, 24 Januari 2024
Senin, 22 Januari 2024
Jumat, 20 Oktober 2023
RONG PILIHAN
Jemuah Wage 20 Oktober 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan Kitab Suci Padinan
Pangandharing
Toret 17:14-20
Jabur
96:1-9
1
Petrus 5:1-5
“Besuk samangsa kowe wus lumebu ing
nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe,
sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep
ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing
saubengku,kang kokadegake dadi ratu ngamungna kang kapilih dening Pangeran
Yehuwah, Gusti Allahmu; kang kokadegake dadi ratumu iku kudu saka ing satengahe
para sadulurmu, ora kena wong bangsa liya kang dudu sadulurmu, kang kokadegake
dadi ratu mengku kowe.” Pangandharing Toret 17:14-15
Jarene
para winasis, urip iki pindha lelaku lan lelaku kuwi ya kudu obah-mosik seka
papan siji menyang papan liyane. Jenenge wae lelaku, mesti ana kala mangsane
dalan kang dilewati munggah-mundhunlan uga menggak-menggok,merga dalane ora
lempeng.Uga sing kudu diwling lan aspada nalika dalane nyawang, ana pilihan,
inga antarane mengiwa utawa menengen. Yen ora mangerti entering dalan,isa-isa salah
dalan lan keblasuk ora tumeka marang ancasing ngaurip. Mulane, ing sakjroning
lelaku, kudu tansah sinau cikben ngerti entering dalan kang bakalan dilewati,
merga mesti bakalan ketemu kahanan dalan kang kinaranan RONG PILIHAN.
Babagan
RONG PILIHAN kuwi nate kelakon ing jamane bangsa ngisrael, yakuwi nalika
kapimpin dening nabi Musa. Cetha banget ana ing kitab Pangandharing Toret
pitulas ayat patbelas lan limalas. Ing kana dicritakake babagan welinge
Pangeran Yehuwah menyang bangsa ngisrael lumantar nabi Musa, yakuwi babagan
milih ratu. Oiya, kanggo pangerten wae, ratu kuwi asale saka tembung RAT kang
tegese dalan, dadi ratu kuwi wong sing wis ngerti dalan mula kapiji dadi
pemimpin bangsa kanggo lumaku. Anane Pengeran Yehuwah meling lumantar nabi Musa
merga menungsa kuwi senenge mburu kemaremaning kadonyan lan kuwi cengkah
karo kersane Gusti. Pirsa kahanan kang
kaya mengkene iki, Sang Yehuwah meling, cikben mbesuk nalika milih ratu kudu
manut angger-angger utawa prananate Sang Yehuwah. Okeh pepakon sing dicethakae
dening nabi Musa, kabeh menehi gambaran babagan kersane Gusti.
Sing
sesisih mesti menungsa anggone arp miji ratu uga nduweni gegambaran kang manut karo “idealismene”.
Babagan kaya ngapa idealismene, gumantung kahanan, ananging ing kene mesti ana
cengkahing pilihan, antarane PILIHAN manut kersane Gusti utawa PILIHAN manut
karep kamanungsan. Njur carane mbedakake piye? Mayar wae, merga wis diwenehi “kisi-kisi”
dening Gusti. Kudu seka sabangsa, merga mesti luwih ngerti kahanane, kudu sing
permana lakune uripe, ora malah numpuk raja-brana kadonyan sing sawra mewah,
ora oleh nduweni bojo okeh lan sakpanunggalane, kuwi tinulis neng ayat-ayat
bacute.Tegese, anggone bangsa ngisrael arep milih ratu kuwi mesti ngadepi RONG
PILIHAN, lan aja luput.
Semono
uga menungsa ing jaman saiki, anggone arep milih pemimpin utawa ratuning
panguripan (eling ratu kuwi seka tembung rat..), ana RONG PILHAN, manut dhawuhe
Gusti Allah apa nguja kemaremanng kamanungsan? Ndang ditaliti, sing cetha iki
dudu perkara sederhana.
Salam
Rahayu
Kyai
Toe Pong Jie
Kamis, 19 Oktober 2023
PROPOKATOR
Kemis Pon 19 Oktober 2023
BENNGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Para
Hakim 17:1-6
Jabur
96:1-9
3
Yokanan 1:9-12
“Aku wus nulis sathithik ana ing
layangku marang pasamuwan, nanging Dhiotrefes, kang ngarah dadi pangarep ana
ing antarane, iku ora maelu marang aku.Mulane besuk satekaku bakal dakwelehake
kang dadi panggawene, anggone crewet ngala-ala kanthi tembung-tembung kang
kasar marang aku kabeh, lan ora trima mangkono bae, malah nganti dheweke dhewe
ora mung ora gelem nampani marang para sadulur kang teka bae, nanging sapa kang
arep nampani wong-wong mau padha dicegah, sarta disebratake saka ing pasamuwan.”
1 Yokanan 1:9-10
Sing
kinaranan PROPOKATOR, yakuwi pawongan kang tembung-tembung lan tumindake
nduweni tujuan ajak-ajak. Sejatine yen manut tegese tembung, ora ana sing apik
lan ala, mbalik marang ancas utawa tujuanne. Ananging yen ing jaman saiki, yen
krungu tembung PROPOKATOR mesti sing njedul neng pikiran bab sing ala, sing ora
becik,paling ora ngener marang tembung lan tmindake paawongan kang ngajak
tumindak ala. Yen ana sing ajak-ajak tumindak apik,arang kinaranan PROPOKATOR.
Crita
bab PROPOKATOR kang nduwni arti negatip ya ana neng kitab suci,malah kayane ya
okehe ngeram. Kaya kang tinulis ana ing layange rasul Yokanan kang kaping telu
bab siji ayat sanga tekan sepuluh. Neng kana dicritakake bab pawongan kang
jenenge Dhiotrefes, sing panggaweane ngojok-ojoki liyan, malah pasamuan cikben
melu kang dadi kekarepane. Lha apa kang dadi kekarepane? Ngala-ala pakaryane
rasul Yokanan lan kanca-kancane, pokoke kabeh sing diayahi rasul Yokanan lan
kanca-kancane ora ana sing apik, lan ora mung ngelek-elek malah luwih ngeri,
ngojok-ojoki pasamuan cikben nampik kanca-kancane rasul Yokanan. Kayane sengite
Dhiotrefes marang rasul Yokanan lan dibarengi kekarepan ngwasani pasamuan
ndadekake deweke milih dalan dadi PROPOKATOR kang ala ana ing sakjroning uripe.
Lha
apa ing jaman saiki ya jik ana kang nduweni penemu lan tumindak kaya
Dhiotrefes? Hehe, kayane gen DNA ne Dhiotrefes ora sansaya suda, malah sansaya
ngrembaka. Ing kana-kene okeh sing dadi PROPOKATOR ala, ora mung neng donyaning
pulitik, ananging ing donyane kasukman utawa keagamaan ya sansaya okehe ngeram.
Pokoke yen wis ora seneng utawa sengit karo pawongan, dadia banyu wegah nyawuk,
dadia godong wedah nyuwek, sakabehe ala lan ajak-ajak liyan nyengit lan nampik,
dadi PROPOKATOR. Njur piye sikepe marang para PROPOKATOR kuwi? Dielikake yen
gelem, yen ora gelem yaw is, ora usah diwales nganggo perkara sing padha,
didongakake cikben ketemu dalane cikben eling.
Para
sedulur, urip neng ngalam-donya iki kalodangan kanggo tumindak becik, dudu
kalodangan kanggo tumindak maremake klangenan kamanungsan. Apa wae kang ancase
nguja kekarepan kamanungsan ,kuwi mesti natoni liyan, mbuh kuwi tumindak utawa
tetembungan, mulane dieling lan waspada, apa tumindake awake dewe kuwi wis
pener apa durung, kinaranan PROPOKATOR kan becik apa malah PROPOKATOR kang ala?
Kabeh sing isa mbiji dudu liyan, ananging diri-pribadine dewe-dewe.
Salam
Rahayu
Kyai
Toe Pong Jie
Kamis, 12 Oktober 2023
Selasa, 03 Oktober 2023
Senin, 02 Oktober 2023
MBACUTAKE PAKARYAN BECIK
Senen
Legi 2 Oktober 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
MBACUTAKE PAKARYAN BECIK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Para
Hakim 14:1-20
Jabur
28:1-9
Filipi
1:3-14
“Tumraping iku aku yakin banget, manawa
Panjenengane, kang miwiti pakaryan becik ana ing antaramu, iku bakal mbacutake
nganti tumeka ing wekasane ing dinane Sang Kristus Yesus.” Filipi 1:6
Yen
ana sing ijik nyepadakake neng “panggung dramane politik” Indonesia wektu-wektu
kawuri, mirunggane gegeyutan karo nyedaki “pesta politik”, mesti ana sing jik
eling babagan iki, yakuwi bab unen-unen “koalisi perubahan” , sing ngrasa ora
marem karo koalisi inkamben, mula kudu ana sing diowahi. Kanggo nanggepi
babagan iki njur ora sithik sing ngungelake penemu, kanthi erah-erahan “MBACUTAKE
PAKARYAN BECIK”, amarga apa sing wis diayahi, sing wis dilakoni dening koalisi
inkamben kabeh apik, merga ana bates masa jabatan presiden sing mung paling
suwe rongperiode utawa sepuluh tahun, mula apa kang dirasakake becik kudu
dibacutake.
Para sedulur, ana
Sabtu, 30 September 2023
NGUNDURI
NGUNDURI
kuwi linggane mundur, sing tegese lumaku
ngedohi saka sawijining papan. Mulane tembung NGUNDURI artine tumindak utawa
lumaku kanthi sadhar lan sengaja kanggo ngedohi saka sawijining papan. Dene
anane tumindak NGUNDURI kuwi bisa merga maneka werna sebab utawa kahanan, isa
amarga papan sing kawitan katuju ora becik utawa mbebayani. Sing cetha,
NGUNDURI kuwi tumindak ngedohi kanthi sadar.
Ana crita babagan piwulange kitab suci babagan tumindak NGUNDURI, kuwi tinulis ana ing kitab Yehezkhiel bab wolulas ayate selikur tekan rolikur.
Jumat, 29 September 2023
NGREMEHAKE
Jemuah
Pon 29 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Yehezkhiel
18:5-18
Jabur
25:1-9
Para
Rasul 13:32-41
“Dieling, heh wong kang padha watek
seneng ngremehake, padha erama lan sirnaa, sabab Ingsun nindakake pakaryan ing
jamanira, sawijining pakaryan, kang ora bakal sira andel, saupama dicaritakake
marang sira.” Para Rasul 13:41
Tembung
NGREMEHAKE kuwi linggane remeh, kang kosokbaline aji, dene artine remeh yakuwi
sabarang utawa kahanan kang ora ana utawa kurang aji utama nilaine. Dadi
NGREMEHAKE kuwi isa ndakwenehi arti, sakabehing tumindak kang disengaja kanggo
mapanake sadengah kahanan ana ing papan kang asor. Racake sing “berbakat”
tumindak NGREMEHAKE kuwi wong kang awatak sombong, kumenthus utawa gumunggung.
Saben pawongan kang rumangsa paling pinter,paling soleh, paling suci, paling
ayu,paling bagus, paling sugih lan paling-paling liyane, kuwi sing kulina
NGREMEHAKE.
Pangandikane
Gusti lumantar rasul Paulus babagan tumindak NGREMEHAKE cetha neng Para Rasul
telulas ayat patangpuluh siji, “ Dieling, Heh wong kang padha watek seneng
NGREMEHAKE…padha erama lan sirnaa…” Gusti Allah teges banget marang pokal
polahe wong sing seneng NGREMEHAKE liyan, amarga yen ana wong sing tumindak
NGREMEHAKE, mbuh sapa wonge kuwi, mbuh kuwi pendito, aktipis, donatur mesti ora
dadi kersane Gusti. Lho kok isa kaya mengkono kepriye larah-larahe? Cetha
banget, amarga Gusti lumantar rasul Paulus ngersakake para wong matrapi
patraping urip kang andhap-asor, ora malah sombuuuong poll, dupeh rumangsa
aktipis karohane wae, rumangsa liyan remeh kabeh, mulane njur tumindhak NGREMEHAKE.
Ing
jaman saiki babagan NGREMEHAKE kuwi jik okehe ngeram, beda sekolah padha
ngremeh-iNGREMEHAKE, beda lepel ekonomi, njur NGREMEHAKE sing luwih asor, beda
komisi neng pasamuan ya NGREMEHAKE, beda penemu ya NGREMEHAKE, beda trah utawa
tedhak-turun ya NGREMEHAKE, sing rumangsa priyayi njur ndaksiya marang sing
mung pidak pedaraan. Lan sing nglakoni tumindak NGREMEHAKE mau malah kayane
banggane ngeram. Mulane, muga-muga lumantar tulisan lan pidio yutup BENINGE
EMBUN ESUK lumantar Kyai Toe Pong Jie, padha eling kabeh, njur uripe padha
rukun, ajen-ingajenan ora malah padha NGREMEHAKE, amarga sing sapa NGREMEHAKE titah, ateges NGREMEHAKE
sing nitahake.
Wis
ya Lur, emene ndisik, Kyaine arep ngetrake anake bojone sekolah..
Salam
Rahayu
Kyai
Toe Pong Jie
Kamis, 28 September 2023
KEBLASUK
Kemis
Pahing 28 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Yehezkhiel
12:17-28
Jabur
Jabur 25: 1-9
Yakobus
4:11-17
“Sang Yehuwah iku becik lan
adil, mulane wong kang kesasar padha ditedahi dalan. Wong kang lembah manah
padha dituntun lakune ana ing kabeneran, wong kang lembah manah padha ditedahi
margine.” Jabur 25:8-9
KEBLASUK
kuwi kahanan nalika wong utawa titah apa wae ora mlaku ana ing dalan kang
sakbenere, kudune ngener mengulon malah ngidul,ngalor utawa malah ngetan. Arane
wae KEBLASUK, mesti ora bakalan tumeka ing papan kang katuju. Ing jaman saiki,
mbokmenawa babagan KEBLASUK kuwi wis sansaya suda, amarga ana aplikasi gugelmep
(google map), sing bakalan nuntun tekan panggonan kang dituju, sauger alamate
pas. Ananging sakdurunge ana gugelmep, lan durung ngerti panggonan kang dituju,
njur takon wong, sok-sok ana sing usil, diarahake ben KEBLASUK.
Urip
iki dalane okehe ngeram, mula yen ora ana tuntunan lan sing nuntun, ora sithik
menungsa sing KEBLASUK. Begja dene kitab suci menehi paseksi babagan Gusti
Allah kang wus dadi Panuntun, cikben ora KEBLASUK lakuning menungsa iki,klebu
aku lan sampeyan lho lur. Neng kitab Jabur bab selawe ayat wolu lan sanga
dicethakake, “Sang Yehuwah iku becik lan
adil, mulane wong kang kesasar (KEBLASUK) padha ditedahi dalan. Wong kang
lembah manah padha dituntun lakune ing kabenenran, wong kang lembah manah padha
ditedahi lakune..”
Wis
cetha banget, kaya ngapa katresnane Gusti marang menungsa, apa meneh sing
lembah manah, mesti lakune urip ora bakalan kesasar utawa KEBLASUK.
Njur
lakuning urip kaya ngapa sing kinaranan KEBLASUK kuwi? Ya pokoke sing ora
matrapi urip kaya kang wus dadi Kersane Gusti, yakuwi urip ing sakjroning
kahanan tresna-tinresnan cikben jagad iki kebak ing katentreman lan karahayon.
Yen ing jagad iki durung ana katentreman lan karahayon, lambok kabeh wong ngaku
beragama, papan pangibadah okehe ngeram, unine wong yen ketemu padha muni
basa-basa karohanen, kayata:” sholam-salom angger ketemu, salamualakikum lan
sakliyane, kuwi babarblas durung mlaku neng dalaning kabeneran, durung dituntun
dening Gusti, merga jik seneng nyengsarakne liyan, seneng nggawe pasulayan lan
liya-liyane.
Semene
ndisik ya Lur, yen kokean mengko malah KEBLASUK, sakliyane kuwi aku ya meh
nggawe omben kang bahan dasare seka kopi.
Salam
Rahayu
Kyai
Toe Pong Jie
Rabu, 27 September 2023
KINANTHI
Rebo
Legi 27 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Yesaya
41:1-13
Jabur
106:1-12
Matius
18:1-5
“..sira aja wedi, sabab Ingsun
nganthi marang sira, sira aja melang-melang, awit Ingsun iki Allahira. Ingsun
bakal nyantosakake, malah bakal mitulungi sira; Ingsun bakal nganthi sira
kalawan astaningSun tengen kang njalari menang.” Yesaya 41:10
KINANTHI
kuwi tegese tansah diamping-ampingi, dikancani,direwangi ing sakparipolahe.
Dene sing Nganthi kuwi messtine wae sing nduweni daya kang luwih tininbang sing
dikanthi. Ana ing tembung KINANTHI sejatine ana rong pawongan kang nglakoni
lakuning urip, ana sing dikanthi la nana sing nganthi. Tembung KINANTHI kuwi
racake dienggo ana ing perangan-peranganing urip kang apik utawa positip, arang
kahanan kang ora apik utawa ala migunakake tembung KINANTHI. Lan siji maneh,
racake ora sithik sing seneng nampani kahanan KINANTHI, apa meneh yen sing
nganthi kuwi Gusti, lha wong kerep yen Ndonga we njaluk dikanthi dening Gusri,
hayo iya apa ora? Sing maca iki sinambi mesam-mesem mesti seneng mbek
KINANTHI..opss,sineng yen tansah KINANTHI Gusti, ya pora? Hayo ngakuuu!!
Neng
kitab suci mbladher paseksi babagan KINANTHI, lan sing cetha meh kabeh ngarah
bab KINANTHI dening Gusti, isa kuwi awujud pandonga lan uga awujud prasetyane
Gusti, yen bakalan nganthi marang menungsa, tekan ing saklawase. Neng kitab
Yesaya bab patangpuluhsiji ayat sepuluh babagan KINANTHI kuwi cetha banget. Ing
kono manut paseksine nabi Yesaya, Gusti Allah menehi pengayem-ayem marang bangsa
ngisrael yen ora oleh wedi, merga Gusti NGANTHI , aja melang-melangsabab Gusti
Allah bakalan nyantosakake, malah bakalane nulungi, Gusti bakalan NGANTHI
kalawan asta tengene kang mesti ndadekake menang. Yen maca lan mahami nats sing kaya mengkene iki,kudune
rasa wedi,melang-melang, kuwatir lan gigrig marang kahanan apa wae kudune
ilang, utawa isa ditelukake, ananging kerepe menungsa jik urung eling lan
sadhar yen dayane Gusti Allah sing ana ing uripe kuwi luwih kwasa tinimbang
daya apa wae.
Mula
saka kuwi para sedulur, payo dimangerteni maneh, njur dadi pangeling-eling yen
Gusti Allah kuwi nunggil sejati ana ing uripe awake dewe, kabeh wong, uga sing
maca tulisan iki. Mulane, ora usah gigrig ngadepi urip iki, amarga urip iki
kinersakake dening Gusti,merga dadi kersane Gusti mula ya mesti Gusti tansah
cawe-cawe. Sepisan meneh, urip iki wis KINANTHI dening Gusti, kaya pangandikane
neng kitab Yesaya ing ndhuwur, ora usah wedi, ora usah melang-melang, ora usah
kawatir babagan apa wae, mesti kabeh wis tinata dening Gusti. Gusti ora nate
luput, ana sing kautus nulungi, ana kang kautus ditulungi. Dadi,padha macake
peran jumbuh karo kahanane urip, sing kuwat mbiyantua marang sing sekeng, sing
sekeng ndongakna sing sengkut cikben kahanane urip dadi kebak ing tentrem lan
rahayu.
Wis
ya Lur, semene ndisik andharan babagan
KINANTHI, pekewuh aku karombak-mbak sing huayune ngeram sing jenenge
KINANTHI..Hehe
Salam
ya mbakyu…
Mbah’e
Salam
Rahayu
Selasa, 26 September 2023
ELING
Selasa
Kliwon 26 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Purwaning
Dumadi 28:10-19
Jabur
106:1-12
Rum
16:17-20
“Bareng Yakub tangi saka anggone turu,
banjur ngucap: “Satemene Sang Yehuwah ana ing panggonan kene, aku ora ngreti.”Yakub
wedi lan ngucap: “Saiba angkere panggonan iki, iki ora liya padalemane Gusti
Allah lan iki gapurane swarga.”Esuke umun-umun Yakub njupuk watu kang kanggo
bantal mau lan diedegake dadi tugu lan ing dhuwure diesoki lenga.Panggonan kono
mau diarani: Betel; maune kutha iku aran: Lus.” Purwaning dumadi 28:16-19
ELING
kuwi tembung kang tegese mangerti kanthi sadhar kahanan ing sakia tengene, dene
kosokbaline tembung ELING kuwi lali, sing tegese babarblas ora mangerti kahanan
sakiwa tengene. Lali kuwi beda karo nglali, merga yen lali kuwi pancen ora
disengaja, dene yen nglali kuwi sejatine ngerti ananging ethok-ethok ora
ngerti. ELING, kuwi kahanan kang ndadekake uripe menungsa tinuntun lan tumeka
marang kahanan kang sejati, amarga lumantar ELING manungsa dadi mangerti jati
lan sejatining urip.
Ana
critaning kitab suci babagan ELING, kang tinulis ana ing Purwaning Dumadi bab
wolulikur ayat sepuluh tekan sangalas.
Ing kana dicritakake bab lakuning rama Yakub sakwise ngalami pengalaman urip
karo kangmase, Pakde Esap. Ing sawijining papan,merga wis kesel Rama Yakub arep
sare, nggolek watu dingo batal..(Biyuh, mendah atose..) Ing sakjroning turu
kuwi rama Yakub ngimpi, weruh ana andha dhuwure ngeram tekan langit la nana para
malaekat munggah mudun lan Sang Yehuwah jumeneng cedak rama Yakub. Sang Yehuwah
ngaku yen Panjenengane kuwi Gusti Allah eyang Abraham lan Iskak. Mangerti kang
kaya mangkono kuwi, rama Yakub njondil lan tangi, ngucek-ucek mripat njur njupuk
HP arep nyetatus WA…opsss, lali aku,rama Yakub durung kagungan androit
fing..hehe. Rama Yakub banjur ELING, yen papan kuwi gapuraning Swarga, mula
njur menehi tandha lan ngganti jeneng daerah kuwi Betel, “Omahe Gusti Allah”.
Rama
Yakub ELING yen sadengah papan lan kahanan kuwi Gusti Allah ana, ing sadengan
pengalamaning urip Gusti Allah dumunung. Pancatan pangerten kang kaya mengekene
iki kudune isa dadi sarana tumrap sapa wae, klebu sing maca tumisan iki cikben
tansah ELING, yen ora ana papan sing dudu kagungane Gusti Allah, ora ana
tumindak kang tanpinirsan dening Gusti Allah, sanadyan kuwi ijik ana ing
sakjroning batin. Mula saka kuwi, payo tansah ELING, yen ngendi wae papan kuwi
Gusti dumunung, ing kahanan kang kaya ngapa wae, Gusti nunggil.
Lumantar
ELING iki, muga-muga wae okeh para sedulur sing njur seneng nuladha rama Yakub,
seneng menehi monument utawa tanda saben lakuning uripe, yen Gusti ora nate
ninggal, yen Gusti tansah ngreksa lan nganti ing saklawe.
Salam
Rahayu
Mbah’e..
Senin, 25 September 2023
PITULUNGAN
Senen
Wage 25 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Purwaning
Dumadi 27”1-29
Jabur
106:1=12
Rum
16:1-16
“Aku nglantarake marang kowe sadulur
kita Febe, sadulur wanita kang leladi ana pasamuwan Kengkrea,supaya koktampani
ana ing patunggilane Gusti, kanthi patrap kang samesthine tumrap para suci, sarta
wenehana, pitulungan samangsa dibutuhake. Sabab dheweke wus aweh pitulungan
marang wong akeh, klebu aku dhewe.” Rum 16:1-2
Tembung
PITULUNGAN (isa ditulis 7 lungan) kuwi linggane Tulung..(sssttt…ana kanca
sepuhku sing jenenge nganggo Tulung, muga-muga wae maca tulisan iki sinambi
mesam-mesem, lan sing padha kenal dewekne yam aca kanthi gluwah-gluweh merga
seneng..hehe), sing tegese menehi samubarang kang marakake kahanane urip luwih
kepenak. Mula, tembung PITULUNGAN kuwi tegese sawernane tumindak kang nduweni
acas ngentheng-enthengi sanggan tumrap liyan. Dene wujude PITULUNGAN kuwi
kaperang dadi loro,ana sing awujud pisik, kayata menehi mangan, menehi ngombe,
menehi udud lan liya-liyane, pokoke sing awujud benda material. Dene PITULUNGAN
kang awujud non pisik kuwi kayata pandonga, panglipur lan liya-liyane.
Kitab
Suci nate memulang babagan PITULUNGAN, lumantar rasul Paulus lumantar layange
marang pasamuan ing kutha Rum. Neng Rum bab nembelas ayat siji lan loro
diandharake cikben pasamuan nampa lan menehi PITULUNGAN maran sedulur nunggal
peladosan sing jenenge Febe. Rasul Paulus kepengen pasamuan Rum nampane mbakyu
Febe kang leladi ing pasamuan Kengkrea, cikben ditampani.Ora mung ditampani
wae, ananging yakuwi dikon menehi PITULUNGAN jumbuh karo apa kang dibutuhake
dening mbakyu Febe. Anane rasul Paulus ngakon pasamuan Rum nampa kuwi cikben
patunggilane para kagungane Gusti tuwuh
ngrembaka.
Rasul
Paulus uga kepengen pasamuan Rum dadi patuladan kepriye anggone padha nampa
para sedulur nunggal percaya, apa meneh sing mirunggan leladi.Pasamuan Rum ora
dikeparengake nyawang kahanane urip mbakyu Febe sing kawuri, merga kuwi wis
klebe “masa lalu”, amarga urip kuwi ora
neng masa lalu, ananging ana ing mangsa kanga rep kapapag.
Yen
ing jamane rasul Paulus pasamuan dikon nampani lan menehi PITULUNGAN marang
sapa wae kang makarya mirunggan ana ing pakaryane Gusti, semono uga ing jaman
saiki. Aja nganthi nampi para suci sing wus masrahake uripe kanggo pakaryan
mirunggane Gusti. Padha tampanen lan wenehana PITULUNGAN, aja mbok golek-goleki
salah lupute, amarga ora ana
menungsasing sampurna, kabeh wis kena sawabe dosa, mula lumrah yen ana sing
luput lan kleru.
Mulane,
payo saiki padha lomba menehi PITULUNGAN marang sapa wae, apa meneh marang para
wong sing wus masrahake sakabehing uripe kanggo pakaryan mirunggane Gusti.
Sepisan meneh aja pisan-pisan nampik para utusane Gusti, eleka kaya ngapa kuwi
utusan mirungganne Gusti, yen wani nampik lan milara mesti bakalane nampa
bilai.
Wis
ya, semen ndisik, aku arep nggawe kopi lan ngaso, merga sedina mumuput anggonku
mider-mider ngayahi ayahaning urip.
Salam
Rahayu
Mbah’e
Sabtu, 23 September 2023
LOSDOL
Setu
Pahing 23 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Zefanya
2:13-15
Jabur
145:1-7
Mateus
19:23-30
“Pangeran bakal ngagagake
astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing
kaya pasamunan.Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku
sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing
krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana
ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan. Iku kaanane kutha
kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing
atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Mulane iya banjur wus dadi
ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal
padha ngeses lan kipat-kipat tangan.” Zefanya 2:13-15
Tembung
LOSDOL kuwi pancen dudu tembung baku, tegse ora ana paugeran tata-basa kang
ngatur pigunane tembung kuwi, ananging tembung iki kulina digunakne dening sapa
wae. Lha apa ta tegese tembung LOSDOL kuwi? Manut sakpangertenku,, merga ora
ana kamus sing baku, ttembung LOSDOL kuwi tegese kahananing tumindak sing wis
ora patia nggagas kahanan ing sakiwa tengene lan uga ora nggagas apa resiko
nalika mateg “Aji LOSDOL”. Sapa sing ngempakake Aji LOSDOL iki babarblas ora
nggagas liyan, focusing urip mung awake dewe, ananging iki babagan positif,
dudu perangan negative. Cikben mayar mangertine, payo sinau saka kitab suci.
Ana
piwulang adiluhung neng kitab suci kang dadi pepeling babagan kepiye kahanane
urip nalika Gusti Allah wis klakon makarya sing sakmestine. Neng kitab Zefanya
bab 2 ayat telulas tekan limalas dicritakake, neng kana ana pangandikan kang
mangkene,..
”
Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Kuwi pangungel nalika menungsa ngrasakake
pakaryane Gusti sing ngedab-edabi. Critane kepriye kok nganti ana penemu kang
mangkene? Kuwi pamecane nabi Zefanya bab bangsa ngisrael kang bakalan ucul saka
penggecake bangsa Asyur. Nalika jamane nabi Zefanya pancen bangsa ngisrael
katindes utawa kajajah dening bagsa asyur, mula kahanane rekasane ngeram, blas
ora kepenak, ngapa-ngapa salah. Banjur Gusti Allah makarya, Ngagagake Astane
mengalor, penere bangsa asyur, banjur bangsa sing nindhes bangsa ngisrael ajur
mumur ora karuan, lan merga ajur mumur mulane bangsa ngisrael rumangsa bebas,
ora ana sing nindhes lan ngawat-awati maneh, wis ngrasakne kahanan LOSDOL!!
Babagan
panindhes kuwi ora mung ing jamane nabi Zefanya, ing jaman saiki ya jik lumaku.
Ana panindhesing ekonomi, panindhesing keamanan, panindhesing sosial lan
sakbanjure. Nalika ngrasakne kahanan iki, urip krasa abote ngeram, apa-apa
rinasa luput lan babarblas ora kepenak. Mula sinau saka pengalamane bangsa
ngisrael ing jamanne nabi Zefanya, payo ngaturake sakabehing momotaning urip
lan kabeh panindhesing urip iki marang Gusti sinartan ngayahi ayahan kang
dikersakne dening Gusti, mesti mengko bakalan ngalami kahanan LOSDOL, kahanan
sing mardika saka sakabehing panindhes.
Mulane
para sedulurku kabeh, payo naliti urip iki dewe-dewe, njur yen ngrasa ora nate
mardika merga ginubet ing sakabehing panindhes, ndang cekat-ceket matur Gusti,
cikben nguculi sakabehing panindhes lan mateg Aji LOSDOL, cikben urip iki bener
mardika, rinasa urip dewe tanpa pangancem saka apa lan sapa wae. Semene ndisik
ya lur, arep nundhus momotaning urip ing saben wayah esuk, cikben uripku jian
LOSDOL.
Salam
Rahayu
Mbah’e
Jumat, 22 September 2023
NGILO
Jemuah
Legi 22 September 2023
BENINGE EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Nahum
2:3-13
Jabur
145:1-7
2
Korinta 13:5-10
“Dadaren awakmu dhewe, apa
kowe padha lestari dumunung ing pracaya. Titinen awakmu! Apa kowe ora yakin
tumraping awakmu, manawa Sang Kristus Yesus dumunung ana ing kowe? Awit yen ora
mangkono, kowe dadi tampikan.” 2 Korinta 13:5
NGILO
ing andharan iki dudu babagan ukuran abot lan entheng, dudu nimbang sepira
abote barang, ananging babagan madeb ngadepi diri pribadi ana ing sakngarepe
kaca paNGILOn. ayahan NGILO iki racake dilakoni dening para wong wadon nalika
arep lelungan, cikben katon luwih ayu merga nganggo wedak lan sakliyane
minangka perangat “kecantikan”. Dene menawa wong lanang arang anggone ngayahi
ayahan NGILO, merga racake ora patio perduli karo babagan bagus lan orane..
Salah
sawijining wacan kitab suci ing dina iki,manut wacan leksionari, yakuwi ing
jemuah pahing rolikur September rongewu telulikur saka layange rasul Paulus
marang pasamuan Korinta kang kapindho,pernahe neng loro korinta telulas ayat
lima. Ing layange kuwi rasul Paulus ajak neglingake marang pasamuan babagan
NGILO bab diri pribadine, apa ijik lestari anggone percaya marang Gusti Yesus,
lan uga babagan kahanan Gusti Yesus ijik dumunung ana ing uripe apa ora!
Pepelinge rasul Paulus cetha banget, yakuwi pasamuan Korinta cikben ndadar
kapercayane marang Gusti Yesus lan uga apa kapercayan kuwi gegayutan karo
dumununge Gusti ana ing uripe, amarga ora sithik wong sing ngakune percaya
marang Gusti mung winates neng lambe, ing tumindak durung nelakake.
Anane
rasul Paulus nulis layang kaya kang mangkono kuwi amarga pasamuan ing Korinta
okeh sing laku percayne ora becik, mula ndadekake pasamuan ora babr tumangkar.
Ora sithik sing uripe mung lamis, ragelem NGILO neng ngarp kaca paNGILOn yakuwi
pangandikane Guti, amarga iya ing sakngarepe pagandikane Gusti kuwi isa niti
priksa kaya ngapa adeging urip ing sakjroning percaya, aja NGILO marang liyan,
apa meneh njaluk dibiji menungsa liyane, merga yen seneng mesti diarani apik
sanadyan elek, lan kosokbaline, yen sengit apika kaya ngapa mesti diarani elek.
Babagan
NGILO kuwi ora mung neng jamane rasul Paulus lan pasamuan Korinta, ing jaman
saiki ijik “relepan”, jik cocok yen dilakoni, amarga patraping uriping percaya
pasmuan ya kurang luwih kaya jamane rasul Paulus, okeh sing lamis,ora gelem
NGILO karo pangandikane Gusti. Urip mung saka rumangsane dewe, rumangsane wis
apik, rumangsane wis nglakoni “pelayanan”, rumangsanewis pisungsung, rumangsane
wis…..
Hehe,
mangga dibacutake dewe-dewe, sing jujur lho nggih…Kula tak NGILO….lan ngopi rumiyin…
Salam
Rahayu
Kamis, 21 September 2023
KAAPESSAN
Kemis
Kliwon 21 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Nahum
1:1,14-2:2
Jabur
145:1-7
2
Korinta 13:1-4
“Sabab sanadyan Panjenengane wus kasalib
marga saka kaapesan, nanging gesang awit saka panguwaose Gusti Allah. Pancen
aku kabeh iki apes ana ing Panjenengane, nanging bakal padha urip bebarengan
karo Panjenengane marga saka panguwaose Gusti Allah kanggo kowe.” 2 Korinta
13:4
Tebung
KAAPESAN kuwi linggane Apes,kang tegese kahanane urip kang ora nyenengake.
Tembung Apes kuwi kosokbaline tembung begja. Yen tembung begja isa dadi tembung
kabegjan, semono uga tembung Apes,isa dadi tembung KAAPESAN. Ana ing basa
ngindonesa kitab suci nulis “kelemahan”. Mula saka kuwi,ana ing BENINGE EMBUN
ESUK dina iki, kemis kliwon selikur September rongewutelulikur, tembung
KAAPESAN ndakwenehi arti kahanan kang cengkah karo pepinginan,merga meh kabeh
menungsa (sing waras lho nggih), mesti seneng nemahi kahanan begja.
Ana
piwulang kitab suci lumantar rasul
Paulus kang tinulis ing 2 Kornta 2 ayat 4 kang njlentrehake babagan Apes lan
KAAPESAN.Ing layange kuwi rasul Paulus ngelingake maneh bab kepriye Gusti Yesus
kasalib merga KAAPESAN, ananging sakbanjure ngalami kamulyaning urip kang awujug urip langgeng amarga pangwasane
Gusti Allah Sang Rama. Rasul Paulus eling yen kahanan APES sing dialami dening
deweke kuwi pancen pepesten amarga napak tilas “dalaning urip” kang wus nate
diliwati dening Gusti Yesus, napak tilas dalaning urip kang nate dirasakake
dening Gusti. Saka paseksen lumantar laying iki, rasul Paulus menehi pepeling,
ora mung kanggo pasamuan ing Korinta, ananging kanggo kabeh wong (klebu sing
maca tulisan iki), cikben ora kokean sambat menawa ngalami KAAPESAN lan uga aja
marakake liyan ngalami kahanan Apes.
Ing
jaman saiki, ing sadengah kahanan, sanadyan meungsa wis padha nduweni agama lan
(jarene) wis percaya marang Gusti Yesus, ananging uripe wegah ngalami kahanan
kag mbiyen dialami dening Gusti Yesus, wegah nampa kanthi lila-legawa babagan
KAAPESAN,malah sing okeh seneng nyilakani utawa
nekakake KAAPESAN marang liyan.
Hayo,
sing rumangsa ngapesake liyan utawa ndadekake liyan nampa KAAPESAN ing uripe,
ora usah prengat-prengut, ora usah sok-sokan suci ngalkitabiyah, sanadyan isa
ngapusi liyan, mosok isa ngapusi Gusti?Hehe.. mula ndang mertobat, aja
ndadekake liyan APES, ananging yen kudu ngayahi ayahane Gusti ing urip iki njur
ngrasakake kahanan apes utawa ngalami KAAEPESAN, malah sing padha bungah,merga
wis nindakake tuladhae Gusti Yesus. Wis semene ndisik ya, aku arep nggawe omben
kopi, ben makpyarrr neng pandulu.. Ketemu sesuk maning ya, neng dina jemuah
legi…
Salam
Rahayu
Rabu, 20 September 2023
BABAGAN NGANDEL
Rebo
Wage 20 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan Kitab Suci Padinan
Purwaning
Dumadi 50:22-26
Jabur
133:1-3
Markus
11:20-26
“Mulane Aku pitutur marang kowe: Apa bae
kang koksuwun lan kokdongakake, padha ngandela yen kowe wus kaparingan, dadi
iku mesthi iya bakal kaparingake marang kowe.lan yen kowe padha ngadeg
ndedonga, mangka ana panggresahmu marang wong ing sajroning atimu, iku apuranen
dhisik, supaya Ramamu kang ana ing swarga iya ngapura sakabehing kaluputanmu.”
markus 11:24-25
Ora
sithik wong sing maca andharan BENINGE EMBEN ESUK kang wus bola-bali ndedonga,
bola-bali nyenyuwun ananging njur apa kong disuwun raklakon utawa (rumangsa)
ora nampa apa kang kasuwun. Lan nalika ora nampa apa kang disuwun, njur
ndakig-ndakig anggone nggawe alesan “teologi”, ana sing merang dadi
pirang-pirang kahanan, sepisan apa kang mbok jaluk durung tekan wektune, kapindho
dongane sing luput lank aping telu apa kang mbok jaluk lumantar pandonga ora
bakalan diwenehne. Jian ketok yen teologis alkitabiyah…. Njur kepriye piwulange
Gusti Yesus ana ing kitab suci?
“Mulane
Aku pitutur marang kowe: Apa bae kang KOKSUWUN lan KOKDONGAKAKE, padha NGANDELA
yen kowe wus kaparingan…” Kudu diwaca temenan, diwaca kanthi eling, Gusti
ngendika APA BAE KANG KOK SUWUN…padha NGANDELA yen wus nampa! Dadi sejatine
dudu masalah wektune durung tekan, dongane salah apa meneh panyuwunmu ora
dikersakne Gusti, ananging kabeh mung BABAGAN NGANDEL. Sepira anggone sing
padha Ndonga kuwi NGANDEL yen sing wis disuwun kuwi wus tinampa.Lho lha nyatane
cen durung nampa, mosok kon apus-apus wus nampa? Lha ing kene manut penemu lan
pengalamanku, menungsa kuwi jinaret karo “ilusi wektu”, kamangka kanggone
Gusti, wektu kuwi ora ana, ora ana saiki lan mbesuk, anane mung siji. Babagan “ilusi
wektu” ing tulisan lya takjlentrehake, iki tetep pokus neng NGANDEL yen wus
NAMPA nalika Ndonga!!
Dieling
meneh, babagan pandonga kuwi dudu masalah dikeparengke Gusti apa ora, ananging
Gusti dewe sing ngendika, apa wae kang koksuwun, ngandela yen WUS NAMPA! Kabeh
iki mung BABAGAN NGANDEL, ngandel yen sing disuwun lumantar donga kuwi wus
tinampa, njur ngrasakne bungah merga kang disuwun wus ditampa lan dirasakake.
Njur ana sing protes, kompain..lha nyatane pancen durung nampa. durung antuk
apa kang takjaluk ing sakjroning donga! Eling piwulange kitab suci, sepisan
pracaya kuwi padha karo iman, dene iman kuwi ngugemi sabarang kang durung utawa
ora katon, kapindhone ing andharan dina iki, apa wae kaong koksuwun lan
kokdongakake, NGANDELA yen WUS
KAPARINGAN. Dadi mayar wae, kabeh kang disuwun menungsa marang Sang Rama, mesti
diparingi, sauger ngandel, siji thokthil syarate, NGANDEL!!
Mulane,
ora usah regejegan babagan pengalaman iman, ora usah nekoneko nyawang lan
mbanding-mbandingke liyan, payo dialami dewe pangandikane Gusti iki. Payo
NGANDEL yen apa wae kang awake dewe suwun ing pandonga WUS KAPARINGAKE dening
Gusti. Wis ora usah dipikir, orausah dianalisa ndakig-ndakig, ayo bareng-bareng
dialami! Weh, malah ana sing maca sinambi mrengut, ora usah mrengut..ayo
dialami yen apa kang wus mbokdongakne wus diwenehane dening Gusti! Taktunggu
kesaksiane lho ya..rasah ngajak nyate utawa nongseng, mengko malah wedi karo Om
Kolesterol..haha
Salam
Rahayu
Selasa, 19 September 2023
MBIJEKAKE
Selasa
Pon 19 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
Wacan
Kitab Suci Padinan
Purwaning
Dumadi 49:29-50:14
Jabur
133:1-3
Rum
14:13-15:2
“Mulane kita aja padha adil-ingadilan
maneh! Nanging luwih becik kowe padha manuta wawasan iki: Kita aja gawe
sesandhungan utawa serike sadulur kita.” Rum 14:13
Tembung
MBIJEKAKE kuwi linggane Biji, utawa winih,isa uga ana ing basa ngindonesa
nilai.Tembung MBIJEKAKE kuwi racake dienggo neng donyaning bangku pasinaon,
mirunggan neng teka utawa esde, yakuwii nalika guru maringi tugas, lan sakwise
rampung diaturake marang guru cikben dibiji. Lha ayahan nagurake tugas menyang
guru cikben dibiji kuwi kang kinaranan MBIJEKAKE, yen ayahane apik utawa manut
kersane guru, mesti bijine apik. Kosokbaline, yen ayahane ora manut karo
gurune, mesti bijine elek. Sing luwih mbebayani meneh nalika anggone siswa
utawa murid mau anggone MBIJEkAKE ora menyang guru kang menehi tugas utawa
ayahan, ananging menyang wong liya, mesti anggone mbiji ora tansah gumantung pakaryane
ananging gumantung seneng lan ora seneng, iki gaswat lho lur….hehe
Babagan
MBIJEKAKE kuwi nate dadi iwulange Gusti lumantar rasul Paulus, cethane neng
layange marang pasamuan ing Rum. Neng Rum bab patbelas ayat telulas dicethakne,
“Mulane kita aja padh adil-ingadilan maneh…..” Cetha banget piwelinge rasul
Paulus, aja adil-ingadilan, utawa aja mbiji liyan, cikben sing ngadili kuwi
Gusti,cikben sing MBIJI kuwi Gusti dewe, ora usah kemaki melu-melu mbiji utawa
menilai, merga kuwi dudu hak utawa tanggungjawabe menungsa. Tugase mung sederhana,
yen ana sing luput utawa salah aja diadili njur diukum, ananging benerna!
Pancen menungsa kuwi sok-sok ngluwihi Gusti Allah, kaya duwe kwasa ngadili
(MBIJI), njur nalika (saka rumangsane )salah utawa luput, njur dikukum.
Ayahan
urip iki mung merga saka dhauh lan kersane Gusti, iki isa digambarake yen
menungsa (klebu sing maca iki sing
sidhar lho nggih) paribasan murid lan Gusti Allah kuwi gurune. Apa wae ayahan
urip iki peparinge Gusti,mula sing kwasa ngadili utawa MBIJI ya Gusti, menungsa
mung nduweni hak ngayahi ayahan, ora nduweni hak ngadili. Yen rumangsa,
rumangsa lho ya, ana sing luput utawa ora bener, aja diukum apa meneh
diadili,ananging ewangana cikben bener, yen isa ngayahi urip sing kaya mengkene
iki, jagad iki kebek ing tentrem lan rahayu.
Emane
okeh wong sing rumangsa suci,ruamngsa pinter, rumangsa dadi wakile Gusti kanggo
MBIJI lan NGADILI liyan, malah ana kalamangsane anggone ngadili sakwise mbiji
kuwi lumantar ukuman sing babarblas ora manusiawi.
Mulane,
payo saiki eling yen menungsa kuwi ora nduweni hak babrblas kanggo MBIJI njur
ngadili, merga sing pirsa salah bener kuwi mung Gusti. Lho lha yen ana sing
salah njur kepiye? Ya dibenerake, wis kuwi wae , ora usah melu ngadili. Sapa
wae wonge, mbuh kuwi menungsa biasa tekan aktipis greja, ora nduwenihak ngadili
liyan, yen nganti ngadili berarti wis nggeser Guti Allah. Hayo, sapa sing sok
wani nggeser Gusti? Mulane, aja salah MBIJEKAKE, ayahan iki saka Gusti,mula
cikben Gusti sing MBIJI.
Sik,
semen ndisik, arep ngopi ndisik..hehe
Salam
Rahayu
Senin, 18 September 2023
ANDHAP ASOR
Senen Pahing 18 September 2023
BENINGE
EMBUN ESUK
ANDHAP ASOR
Wacan
Kitab Suci Padinan
Purwaning
dumadi 48:8-22
Jabur
133:1-3
Ibrani
11:23-29
“Nalika Rama Israel mirsani para putrane
Sang Yusuf, tumuli ndangu: “Iku sapa?”Ature Sang Yusuf marang kang rama:
“Punika anak kula peparingipun Gusti Allah wonten ing ngriki.” Pangandikane
Rama Yakub: “Cedhakna ing ngarepku kene, arep dakwenehi berkah.” Purwaning
Dumadi 48:8-9
Tembung
ANDHAP ASOR kuwi tegese mapan ana ing panggonan ngisor dewe. ANDHAP kuwi tegese
ngisor utawa kosok-baline dhuwur, dene ASOR kuwi ya meh pada, panggonan utawa
kahanan kang sejatine kosok-baline nginggil utawa ndhuwur. Mula sakbanjure ana
ing andharan BENINGE EMBUN ESUK senen wolulas September rongewu telulikur iki,
ANDHAP ASOR takwenehi arti mapanake urip ana ing panggonan kang ana ing ngisor,
utawa nglakoni urip tanpa sombong utawa kumlungkung.
Wacan
kitab suci saka Purwaning Dumadi bab patangpuluh wolu ayat wolu tekan
rolikur ngandharake babagan “reuni” ing
antarane rama Yakub lan putrane kang wus kaanggep ilang, yakuwi Yusuf. Kahanane
wis bedha, rama Yakub wis lamur merga
wis tua, dene Yusuf wis omah-omah,nduwe anak lan saiki sukses. Nalika pethukan,
amarga wis rada lamur, njur rama Yakub takon gegayutan karo pawongan-pawongan
sing ana ing sakceake, njur diwangsuli dening Yususf yen kuwi anake lan sing
dadi piwulang ing dina iki yakuwi babagan ANDHAP ASOR sing dilakoni dening
Yusuf. Lho nengndi ANDHAP ASOR’e? Nalika ngakoni yen anak-anake kuwi peparinge
Gusti Allah.
Ing
wektu kuwi Yusuf wis sukses, apa wae isa kagayuh lan apa wae diduweni, ananging
kabeh kang klakon kuwi dudu duweke, kabeh kagungan lan merga diparingi dening
Gusti Allah. Yusuf orarumangsa yen apa kang dadi darbeke kuwi duweke, Yusuf ora
rumangsa yen kabeh amarga kapinteran lan kaprigelanne, kabeh mung PEPARINGE
Gusti Allah.
Spirituaitas
ANDHAP ASOR sing diduweni Yusuf kuwi apik banget ing sakuruting jaman, klebu
ing jaman saiki. Ananging saiki spiritualitas ANDHAP ASOR kuwi wis sansaya
ilang utawa kejepit kahanane jaman sing nyuburake spirituaitas kumlungkung,
kemaki, gumunggung lan sakpanunggalane. Ing sadengah papan lan panggonan, oa
nyawang kuwi papan sekuler apa spiritual, kabeh wus koncatan ANDHAP ASOR,
anane mung ethok-ethok, anane mung
nggolek aleman, mula okeh sing senengane padha pamer lumantar media-media
sosial. Ing pasamuan utawa rgreja ya semono uga, ANDHAP ASOR kuwi wis
ditinggalake, wus ora payu meneh, mula yen ora ngati-ati, isa bubar merga ora
sithik sing benthic merga rebutan nomer siji, kabeh merga wis lali karo ANDHAP
ASOR.
Payo
nguripi tata caraning urip kang kebak ing kahanan ANDHAP ASOR… Salam Rahayu
-
Senen Wage 3 Juni 2019 BENINGE EMBUN ESUK dalijo in eksen Pangentasan 40:16-38 Jabur 29 Yokanan 15:26-16:4a “Nanging...
-
Selasa Legi 20 April 2021 BENINGE EMBUN ESUK Hosea 5 : 15- 6:6 Jabur 150 2 Yokanan 1 : 1-6 Mulane payo padha tetepungan lan mb...








