Jumat, 20 Oktober 2023

RONG PILIHAN

 Jemuah Wage 20 Oktober 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci Padinan

Pangandharing Toret 17:14-20

Jabur 96:1-9

1 Petrus 5:1-5

“Besuk samangsa kowe wus lumebu ing nagara kang diparingake dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu, marang kowe, sarta wus kokejegi lan kokenggoni, mangka kowe banjur duwe osik: Aku arep ngadegake raja kang mengku marang aku, kaya sakehe bangsa kang ana ing saubengku,kang kokadegake dadi ratu ngamungna kang kapilih dening Pangeran Yehuwah, Gusti Allahmu; kang kokadegake dadi ratumu iku kudu saka ing satengahe para sadulurmu, ora kena wong bangsa liya kang dudu sadulurmu, kang kokadegake dadi ratu mengku kowe.” Pangandharing Toret 17:14-15

 

Jarene para winasis, urip iki pindha lelaku lan lelaku kuwi ya kudu obah-mosik seka papan siji menyang papan liyane. Jenenge wae lelaku, mesti ana kala mangsane dalan kang dilewati munggah-mundhunlan uga menggak-menggok,merga dalane ora lempeng.Uga sing kudu diwling lan aspada nalika dalane nyawang, ana pilihan, inga antarane mengiwa utawa menengen. Yen ora mangerti entering dalan,isa-isa salah dalan lan keblasuk ora tumeka marang ancasing ngaurip. Mulane, ing sakjroning lelaku, kudu tansah sinau cikben ngerti entering dalan kang bakalan dilewati, merga mesti bakalan ketemu kahanan dalan kang kinaranan RONG PILIHAN.

 

Babagan RONG PILIHAN kuwi nate kelakon ing jamane bangsa ngisrael, yakuwi nalika kapimpin dening nabi Musa. Cetha banget ana ing kitab Pangandharing Toret pitulas ayat patbelas lan limalas. Ing kana dicritakake babagan welinge Pangeran Yehuwah menyang bangsa ngisrael lumantar nabi Musa, yakuwi babagan milih ratu. Oiya, kanggo pangerten wae, ratu kuwi asale saka tembung RAT kang tegese dalan, dadi ratu kuwi wong sing wis ngerti dalan mula kapiji dadi pemimpin bangsa kanggo lumaku. Anane Pengeran Yehuwah meling lumantar nabi Musa merga menungsa kuwi senenge mburu kemaremaning kadonyan lan kuwi cengkah karo  kersane Gusti. Pirsa kahanan kang kaya mengkene iki, Sang Yehuwah meling, cikben mbesuk nalika milih ratu kudu manut angger-angger utawa prananate Sang Yehuwah. Okeh pepakon sing dicethakae dening nabi Musa, kabeh menehi gambaran babagan kersane Gusti.

 

Sing sesisih mesti menungsa anggone arp miji ratu uga nduweni  gegambaran kang manut karo “idealismene”. Babagan kaya ngapa idealismene, gumantung kahanan, ananging ing kene mesti ana cengkahing pilihan, antarane PILIHAN manut kersane Gusti utawa PILIHAN manut karep kamanungsan. Njur carane mbedakake piye? Mayar wae, merga wis diwenehi “kisi-kisi” dening Gusti. Kudu seka sabangsa, merga mesti luwih ngerti kahanane, kudu sing permana lakune uripe, ora malah numpuk raja-brana kadonyan sing sawra mewah, ora oleh nduweni bojo okeh lan sakpanunggalane, kuwi tinulis neng ayat-ayat bacute.Tegese, anggone bangsa ngisrael arep milih ratu kuwi mesti ngadepi RONG PILIHAN, lan aja luput.

 

Semono uga menungsa ing jaman saiki, anggone arep milih pemimpin utawa ratuning panguripan (eling ratu kuwi seka tembung rat..), ana RONG PILHAN, manut dhawuhe Gusti Allah apa nguja kemaremanng kamanungsan? Ndang ditaliti, sing cetha iki dudu perkara sederhana.

 

Salam Rahayu

Kyai Toe Pong Jie

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH