Selasa, 09 Agustus 2022

BARES

 

Selasa Pahing 9 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 24 : 1-13

JAbur 11

Ibrani 11 : 27-28

Merga Allah iku adil, lan rena marang kabeneran; wong sing barès atiné bakal ndeleng marang wedanané Allah. Jabur 11: 13

Tembung BARES  ing jaman saiki pancen arang sing  migunakne, mula ya ora nggumunake yen sithik sing ngerti tegese tembung kuwi. Sanadyan arang sing nggunakake tembung BARES, ananging  merga nduweni arti sing jero ing tata basa jawa, mula neng seratan-seratan adi-luhung jik dienggo. Lha jan-jane apa ta tegese tembung BARES kuwi? Tembung BARES kuwi yen ing basa ngindonesane Tulus, tumindak ing sakjroning urip tanpa ngangkah bebulih kang awujud materi utawa pepujan. Tulus kuwi isa uga tumindak kang dilakoni tanpa mikir piwales ing tembe mburine. Wah, apa ya ana menungsa sing bisa tumindak kaya mengkono kuwi, lha wong saiki kabeh pinetung bakulan utawa malah pinetung main judi,aku udu satus yen isa ya kudu antuk rongatus!! Cikben luwih wening mangerteni piwulang bab BARES, payo saiki nyinau saka critaning kitab suci.

Tembung BARES kuwi nate tinulis neng kitab Jabur, neng kana ditulis minangka paseksining urip kang dialami dening  Dawud kang nate dadi raja gung binantara neng ngisrael. Dene surasane tulisan mengkene, “ Merga Allah iku adil, rena marang kabenenran, wong sing BARES atine bakal ndeleng marang wedanane Allah” . Cetha banget yen sejatine Gusti Allah kuwi isa sideleng, isa disawang, isa disrawungi dening titah, sauger nduweni ati kang BARES. Lha kepriyen gegembarane ati menungsa kang BARES kuwi? Sing wani nampa sabarang kahanan kanthi blaka-sutha, sing wani ngakoni masa kang wus kawuri sanadyan ala lan peteng kanthi blaka. Wong sing BARES atie kuwi dudu wong sing ora nate salah, ananging wong sing wani ngakoni salah, wong sing BARES atine kuwi dudu wong sing katon sugih mblegedhu, ananging wong sing isa ngrasakake kasugihane Gusti kang wus ginelar ing jagad ginelar iki.

Jabur 11 kuwi anggitane  lan paseksine Dawud, lan mbokmenawa sing maca tulisan BENINGE EMBUN ESUK iki wis irsa babagan sejarah uripe Dawud, kang nate salah lan luput, kang nate mblangsar lan kleru milih dalan. Ananging sakwise eling lan sadhar lan uga wani  nampa “carae Gusti nresnani”, njur isa dadi pawongan kang bisa NDELENG WEDANANE GUSTI ALLAH. Lha endi buktine, endi potone? Pengalaman bab NYAWANG WEDANANE GUSTI ALLAH pengalaman batin, lan buktine lumantar urip pedinan. Sing cetha, sakwise nampa samubarang pepenget saka Gusti Allah, Dawud banjur dari resik atine, dadi wong kang nduweni ati kang BARES, lan isa nyawang Wedanane Gusti Allah. Sakwise kuwi, Dawud njur nganggit  kitab jabur kang dadi warisan suci tekan wektu iki.

“Jo, apa tenan jare Solebo wis tau kepethuk Gusti Allah? Kok sajake aku jik mangu-mangu ya…” Unine Lik Ndoleng nalika bengi kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, babagan mangu-mangu kuwi hakmu Lik, dudu hakku. Lan babagan Kang Solebo kepethuk utawa isa nyawang Gusti Allah kuwi ya babagan pengalaman batine dewekne. Ora usah menyangsikan utawa njaluk bukti pisik. Buktine lumaku bareng lakuning wektu Lik…” Semaure Dalijo sinambi nyumet udud’e,.

“Weh, kok saiki awakmu sajak wicaksana temenan Jo, bar mangan apa kowe kuwi…apa bar ngombe menyan?” Lik Ndoleng sajak gumun karo Dalijo, sing katon sansaya wicaksana.

“Haiyah, wicaksana lan ora kuwi kari olehmu nyawang Lik. Yen anggone Paklik nyawang kinantenan ati kang buthek, ati kang reget, netraning batin ya melu reget lan kabeh dadi blawur, kabeh katon elek..”Semaure Dalijo meneh, sinambi lier-lier, merga ewektu kuwi ademe pol tenan lan kanca-kancane sing kerep jejagongan ora njedul, mbuh wis kemulan sarung apa malah kemulan liyane.

 

Mbah’e..

 

Senin, 08 Agustus 2022

SALINGUNA

 

Senen Legi 8 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 2 : 1-4

Jabur 11

Ibrani 11 : 1-7

Panjenengané bakal ngadili prekarané bangsa-bangsa, sing padha prekaran lan ndhawahaké putusané. Mulané pedhang-pedhang digemblèng kadadèkaké kajèn *kajèn: landheping luku.* sarta tumbak-tumbaké digawé arit. Bangsa-bangsa bakal padha ora perang menèh, lan ora ana sing latihan perang-perangan.

Yesaya 2 : 4

 

Saka jaman kuna makuna, sing jenenge Pedhang lan Tumbak kuwi pancen gaman kanggo perang, lan sing jenenge perang  kuwi mesti ancase ngalahake mungsuhe. Ora ana critane wong maju perang pengen kalah, mesti pengen menang. Dene  ing jagade perang kuwi sing jenenge menang kuwi nalika isa nelukake mungsuhe, malah kepara mateni lumantar gaman kang awujud pedhang lan tumbak kaya kang tinulisan ing ndhuwur. Lha njur kepriye bacuting crita babagan Perang nalika gaman kang awujud pedhang lan tumbak SALINGUNA didadekake Landheping Luku lan Tumbak didadekake Arit? Apa iya arep perang meneh?

 

Urip tentrem rahayu tanpa ana peperangan kuwi mbokmenawa kang dadi pengarep-arepe wong okeh, lan gegambaran urip tentrem dalam rahayu kuwi nalika apa kang mbiyen dadi gaman kanggo mateni mungsuhe SALINGUNA dadi piranti kanggo nggarap sawah lan tegale cikben ngetokake pepanenan kang isa kanggo cukuping kabutuhan pangan.

Pangandikane Gusti Allah lumantar nabi Yesaya marang Yehuda lan Israel cetha banget, yen kahanan tentrem kuwi nalika wis  ora ana perang lan apa kang dadi gegamaning perang SALINGUNA dadi piranti kanggo ngolah lemah cikben ngetokake pepanenan lan nyukupi butuhe urip para titahe Gusti Allah.

 

Lha yen saiki kan wis ora ana Perang kang nggunakne Pedhang lan Tumbak kanggo natoni utawa memateni liyan? Njur kepiye cak-cakane? Pancen saiki perang  kang nggunakne Pedhang lan Tumbak wis ora usum, ora njamane meneh, ananging babagan memungsuhan jik wae ana. Ing jaman saiki Pedhang lan Tumbak kuwi ngawujud ing dayaning gething utawa sengit ing antarane siji lan sijine. Lan menawa dirasakne landheping pedhang lang tumbak kuwi  jik kalah karo landheping sengit, gething, iri, srei lan kabeh daya negative kang dumunung ana ing uripe saben titah kang kinaranan menungsa. Njur piya carane cikben daya negative utawa energy negative kuwi bisa migunani? Ya kaya ndadekake SALINGUNA pedhang lan Tumbak dadi Landheping Luku lan Arit, payo saiki kabeh daya negative kang ancase mung ngrusak lan ngremuk kuwi digawe daya positif kanggo mbangun lan ngayoni, kanggo tulung tinulung lan sangkul sinangkul.

 

Lha apa mayar ta gawean cikben isa klakone SALINGUN kaya critane nabi Yesaya? Gampang lan angel kuwi mung gumantung karep, yen wis ana karep, kabeh kang angel rinasa gampang, kabeh kang abot rinasa entheng, kabeh kang adoh rinasa cedhak lan sakbanjure, apa wae dadi kepenak nalika ancase mung mbangun lan ndandani. Wis ngono ndisik, arep melu jagongan neng Lincak Sor Talok, wis suwe ora mrana.

 

“Jo, manut penemumu piye. apa mathuk karo omongane Solebo, yen urip iki kudu lung-tinulung lan sangkul-sinangkul? Yen aku durung mathuk, pomeneh tetulung sing manut pangrasaku wis natoni uripku..”Lik  Ndoleng miwiti rembugan babagan sing sajak rada sengrius.

“Aku amat-sangat mathuk Lik, urip kuwi ora dikon ngrusak, wong sig rusak wae kudu didandani, mula ya kudu sangkul-sinangkul…”Wangsulane Dalijo sinambi nyumet udude.

“Kae wacanen BENINGE EMBUN ESUK, ana crita bab SALINGUNA, Pedhang lan Tumbang dadi Landheping Luku lan Arit, ayo ngowahi kabeh kang ancase ala dadi apik, kanggo mbangun urip cikben sansaya kebak tentrem rahayu..”Unine Kang Solebo, sinambi mbukak jisamsune sing sajak jik wutuh.

“Wah, aku gek sadhar lur, jebul saksuwene iki aku kleru, luput. Merga ngrumati rasa serik lan srei ing njero ati. Wis, saiki arep tak SALINGUNA cikben dadi gaman kanggo kabecikan..”Grenenge Lik Ndoleng.

“Ndang njaluk ngapura karo Kang Markun,  merga ndek kapan kae jik kober njawi Yu Wasti..”Iin njedul sinambi nggawa kopi panas.

“Jindullll…cah siji iki..mestiiiii…” Swarane Lik Ndoleng sajak kagete poll.

 

Mbah’e..

Sabtu, 06 Agustus 2022

NGLUMPUKAKE BANDHA

 

Setu Wage 6 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 1 : 2-9, 21-23

Jabur 50 : 1-8,22-23

Matius 6 : 19-24

“Aja padha nglumpukaké bandha ana ing donya. Awit bandha donya kuwi bisa rusak déning rayap lan renget, lan kena dicolong maling.”

Matheus 6 : 19

 

Ora sithik wong  sing padha bingung babagan BANDHA donya, apa meneh babagan NGLUMPUKAKE lan sakbanjure nduweni. Lha kok bingung mergane apa? Paling ora bingunge kuwi mergane ada pangandikane Kitab Suci, kang surasane menggak anggone padha NGLUMPUKAKE BANDHA ing ndonya, merga kabeh sing asipat kadonyan kuwi ora langgeng. Lan kang njalari bingunge kuwi amarga urip neng ndonya kuwi ya butuh srana lan kurang luwihe kang dadi srananing urip kuwi BANDHA.

 

Sejatinya kang dadi kersane Gusti Allah kuwi ora menggak anggone menungsa nggolek lan  NGLUMPUKAKE BANDHA, ora, babarblas ora, amarga  Gusti ya luwih pirsa yen kabeh kuwi pancen sranane urip neng ndonya. Mung wae ora sithik menungsa sing njur lali karo sing dadi  Sumbering BANDHA , malah keblinger mung wanuhe marang BANDHAne. Babagan sing kaya mengkene iki sing ora dadi keparenge Gusti Kang Akarya Jagad, Gusti Kang Murba Ing Dumadi.

 

Sakdawane jaman, pancen menungsa kuwi kerep sulap karo gebyare BANDHA Donya lan amarga sulap kuwi njur lali karo sangkan paraning urip lan uga asal usule BANDHA kuwi.Amarga sulap karo BANDHA Donya, mulane ora sithik menungsa sing nguyak BANDHA Donya nganti tega marang sakpepadane lan ora mung tega, malah tumeka ing kahanan TEGELAN kaya kang tinulis neng BENINGE EMBUN ESUK dina kang kepungkur. Njur kepiye cikben tetep isa nguapa BANDHA lan kuwi jik dadi kersane Gusti Allah? Mayar, papanake wae BANDHA mung minangka srananing urip, dudu tujuanne urip. Yen kuwi wis isa dilakoni, BANDHA Donya sepira wae mesti dadi kersane Gusti, merga mung minangka srana kanggo nglakoni urip.

 

Yen ngerti sakpepadane kesrakat ananging mung meneng wae lan malah dipoyoki dadi sesawangan, kuwi durung isa mapanake BANDHA Donya minangka srananing urip kanggo ngluhurake Gusti,ananging ndadekake BANDHA Donya minangka tujuanne urip..

 

“Jo, wingi kae aku karo weruh ana sing ngopek degan nggonanmu sing  pinggir kali, kulon kluwih kae” Unine Lik Ndoleng Nalika ngeyup jejagongan neng Sor Wit Pelem tegal kulon ngomah.

“Weh, iyo Jo, aku ya weruh, ananging ngepasi aku nyunggi pakan sapi,mula ora tak gatekne” Pakde Komandan Darto melu urun rembug.

“Mbok ben wae ta Lik, Dhe. Niku lak nggih tiyang betah, mulane nalika mendhet nggih ben wae..” Semaure Dalijo sinambi nyumet udud linthingan dewe.

“Weh, kuwi klebu BANDHA lha Jo, saiki regane degan lumayan lho..” LIk  Ndoleng sajak esmosi.

“Ben wae Lik, BANDHA Donya kuwi mung srana, dudu tujuan uripku,mula nalika ana sing mbutuhake, ya ben..aku malah seneng isa andhum berkahe Gusti, sanadyan ora nembung, ora apa-apa,mbokmenawa ora kober nembung..” Semaure Dalijo sareh.

“Wah, yen kabeh penemune kaya awakmu, jagad iki kalkon tentrem  rahayu Jo..”Ngendikane Komandan pakde Darto, sinambi ngeriki kimpule sing kawit mau dibakar neng cedak galengan.

 

Mbah’e..

Jumat, 05 Agustus 2022

TEGELAN

 Jemuah Pon 5 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 9 : 18-10:4

Jabur 50:1-8, 22-23

Para Rasul 7 : 1-8

Paukumané Pangéran, Allah Kang Mahakwasa sing ngobong tanah iki, lan wong-wongé kadadèkaké pakané geni. Wong padha tegelan; sing siji ora ngéman karo sijiné.

Yesaya 9 : 18

 

Sakdurunge mbacutake rembug lumantar tulisan, kudu dilempangake ndisik pangerten bab tembung TEGELAN, merga hora ana pilihan hurup, mula isa dadi salah tapsir. TEGELAN kuwi artine pawongan kang nduweni watak tega marang liyan, lan dudu ngarani omah kang jogane ora lemah meneh merga wis nganggo Tegel utawa Jobin. DAdi saiki wis cetha ya lurr, babagan tembung TEGELAN kuwi artine pawongan kang watak’e tega marang liyan  lan babar blas ora mikir marang liyan.

 

Ukara TEGELAN kuwi nate dingendikakne Gusti Allah lumantar nabi Yesaya nalikane bangsa ngisrael wangkot lan angel dkandani. Amarga wangkot lan angel dikandani, mulane uripe sakarepe dewe, ora isa dikendaleni lan isa murup kaya geni NGLAGAR  apa kang ana ing kiwa tengene. Kahanae wong pawongan sing ora manut kersane Gusti kuwi sakliyane isa awatak geni kang isa ngobong uga nduweni watak TEGELAN, tega marang liyan . Manut kita Yesaya, nalika antuk paukuman saka Gusti Allah, menusa (wong) padha TEGELAN, sing siji ora ngeman karo sijine.

Kahanan kang lumaku nalika pawongane padha TEGELAN mesti nggegirisi banget, polah-tingkahe ora dikendaleni dening beninge embun katresnan lan mesti sing bakalan kedadeyan ora apik.

 

Apa watak TEGELAN tumrap menungsa kuwi ya jik ana tekan ing jaman saiki? Yen babagan kuwi,  sumangga para sedulur pribadi sing kagungan hak kanggo mbiji, lumantar tulisan iki aku dewe ya ora nduweni hak kanggo mbiji. Mung wae, ana kang isa kanggo kaca pangilon, yakuwi nalika ana sing nembe nampa panandhang lan ora ditulungi, malah dipoyoki lan uga mung disawang, kuwi tandhane yen watag TEGELAN kuwi wus ngwasani.

 

“Nyawang apa Jo, kok sajak serius tenanan kuwi?” Takone Lik Ndoleng nalika ngeyup neng Sor Wit Pelem neng Tegalan kulon ndesa.

“Kuwi lho Lik, ana Ula mburu Kodok nganti sakkemenge, lan sakwise kena njur diuntal tanpa rasa welas babarblas” Semaure Dalijo sinambi mbenerake linthingane sing sajak durung bakoh.

“Aja meneh Ula sing mung kewan Jo, lha saiki kuwi ana menungsa sing ngluwihi..TEGELAN marang liyan..” Saka papan rada adoh Pakde Darto Komandan nyauri, sajak lagi ndukiri Kimpul, meh didadekne kripik.

“Weh, jebule kae swarane komandan Darto ta? Saiki kok aktip temen Ndan?” Takone Lik Ndoleng.

“Iya Kang Ndoleng, aku seneng melu ngangsu kawruh saka mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK, suwe ora njedul, jebule mbahe jik lelaku batin, saiki sajake wis “on” meneh” Samaure Pakd Darto sinambi ngresiki Kimpul sing gluprut lemah.

“Yen TEGELAN kuwi kaya Lik Ndoleng, tega ngapusi Kang Markun, mung merga pengen njawil Yu Wasti” Saka Sisih wetan, njedul Iin ngirim sarapan lan melu semaur.

“Dusss..cah siji iki njedul, klakon remuk aku..” Unine Lik Ndoleng Lirih, sajak pekeweuh dirasani sing maca tulisan iki.

 

Mbah’e

 

Kamis, 04 Agustus 2022

NGLAGAR

 

Kemis Pahing 4 Agustus 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Yesaya 9 : 8-17

Jabur 50 : 1-8,22-23

Rum 9 : 1-9

Pialané bangsa Israèl murub kaya geni sing ngobong eri lan rerungkudan, banjur nglagar pang-pang ing alas, nganti kukusé mumbul kumelun.

Yesaya 9 : 17

 

NGLAGAR kuwi tegese mermen utawa marakne apa wae sing ana sakiwa tegene melu ngalami kaya sing dialami. Tembung NGLAGAR kuwi mirunggan kanggo ngarani geni sing murup lan nggeret apa wae kang ana ing sakiwa tengene. Jan-jane wiwitan mula mung cilik lan ora mbebayani, ananging amarga kahanan isa ndadekne gede mulad-mulad lan isa ndadekne ajur-mumur sakabeane.

 

Bab tembung NGLAGAR kuwi nate dadi undherane piwulange Gusti Allah lumantar nabi Yesaya kang tinulis ing kitab Yesaya. Nalika kuwi Gusti ngelikake bangsa ngisrael bab lakuning urip sing mung ngenut kekarepan kamanungsane lan kuwi dibahasakne kitab suci “Piala” utawa ana ing basa ngindonesa kinaranan “Kefasikan”. Gusti Allah lumantar nabi Yesaya banget anggone nresanani bangsa ngisrael, mula sanadyan wis lumaku mbalngsar, tetep wae diresanani, ananging nalika  dipirsani tumindaing bangsa kuwi mung nguja kemaremaning uripe, sanadyan bangsa pinilih, ing wekasane Gusti Allah ya duka lan menehi pangandika kang semune ngancem.

Dene isine pangandika kang sing takarani pangencem mau tinulis neng Yesaya bab 9 ayat 17, “Pialane bangsa Israel murub kaya geni sing ngobong eri lan rerungkudan, banjur NGLAGAR pang ing alas, nganti kukuse mumbul kumelun”

 

Ora mung ing jamanne nabi Yesaya, ing jaman saiki babagan pikiran, penemu lan tumindak ala kuwi jik wae ana. emanne, ya kaya lakuning bangsa ngisrael ing jamanne nabi Yesaya, sing wiwit mula mung cuilik, njur merga diububi dening angina lan kahanan njur isa dadi mulad-mulad lan ngobong apa wae kang ana ing sakiwa tengene.Malah samubarang kang apik lan becik isa melu musna merga mulad-mulad’e geni kang NGLAGAR kahanan kuwi mau.

Mulane para sedulur, payo eling lan waspada, aja ngasi samubarang kang ora becik kang mula-bukane njedul saka ati sing ora resik kuwi dijarke murup, merga yen ora isa ngendaleni isa NGLAGAR apa wae. Dene babagan sing kinaranan ora becik kuwi isa wae kang sinebut Sengit utawa gething, serik utawa iris rei lan kabeh sing ora dadi kersane Gusti. Yen kuwi njedul ana neng uripe para sedulur, ndang siramen banyuning katresnan, ben ora NGLAGAR apa wae.

 

“Weh, sing ngati-ati Jo..wancine ketiga pancen pas ngresiki tegalan, ben ngko tumekane udan kari nandhur” Swarane Pakde Darto sing kerep diundang komandan, nalika nyawang Dalijo nembe obong-obong neng tegale.

“Weh, siap ndan! Lha mumpung garing niki lho ndan…” Semaure Dalijo sinambi nglereni anggone obong-obong, mlaku neng sor wit Gedang sing jik katon ijo godonge.

“Udud Dhe, niki kantun sakler. Selak teka Lik Ndoleng, klakon ora kumanan..”Unine Dalijo.

“Jo, aja mulih ndisik,diawat-awati genine, yen ora begjane isa NGLAGAR apa wae lan dadi ngobong alas..” Ngendikane Pakde Darto, sinambi nyumet udud thingwe’ne Dalijo,

“Kuwi pancen kaya uripe menungsa Lur, rasa senngit,serik, gething lan kabeh sing elek kuwi gaya urupe geni, saka wiwitan cilik lan dewek’an isa ajak-ajak kiwa-tengen, lan dadi gede, NGLAGAR apa wae sing ana” Ujug-ujug Lik Ndoleng teka, nggawa jisamsu, jare ditukokne Pak Aris sing meling salam merga kangen karo Kang Dalijo.

“Pantesan ora kesusu njupuk udud’e Dalijo Leng, jebul wis entuk sakpak..”Ngendikane Pakde Darto.

“Dalijo kuwi kon pisan-pisan keSUSU, ben ruh rasane” Unine Lik Ndoleng lan ditanggepi Dalijo lumantar misuh, mung wae lirih banget, jik pekewuh karo kahanan.

 

Mbah’e

Rabu, 27 Juli 2022

MBEGAL

 

Rebo Wage 27 Juli 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Hosea 6 : 11- 7 : 16

Jabur 44

Mateus 5 43-48

Pangandikané Pangéran mengkéné, “Saben-saben Aku arep marasaké umat-Ku Israèl lan gawé makmuré, Aku mung pirsa penggawé nistha lan piala sing dilakoni. Wong padha apus-apusan; padha mbabah omah lan nyolong; padha mbégal ana ing dalan-dalan. Ora padha mikir yèn piala-pialané kuwi bakal tansah Dakèngeti. Nanging wong-wong mau bakal dikepung déning pratingkahé sing ala, mangka kabèh kuwi ora luput saka pamirsa-Ku.”

Hosea 7 : 1-2

 

MBEGAL kuwi asale saka tembul Begal sing tegese pawongan kang panggaweane ngrampas darbeke liyan kanthi sengaja. Mulane MBEGAL kuwi tegese tumindak kang ancase njupuk kanthi meksa apa wae kang dadi darbene lliyan. Racake kang dibegal kuwi babagan banda donya, ananging menawa digatekake kanthi permana, kabeh kahanane urip iki isa dibegal lan uga ora sithik menungsa sing nduweni klangenan MBEGAL apa kang dadi darbek’e liyan. MBEGAL kamardikan liyan , MBEGALhak’e liyan, MBEGAL kalodangan liyan lan sakpanunggalane. Mulane lumantar BENINGE EMBUN ESUK iki, mbokmenawa wae yen ana sing krasa nate MBEGAL liyan, ndang mertobat lan mbalik lumaku neng dalaning katresnan.

 

Neng kitab Hosea, ana piwulange Gusti Allah babagan tumindak MBEGAL, yakuwi tumindak kang dilakoni dening bangsa ngisrael nalika nembe polah-tingkahe adoh saka dalaning katresnan kang dadi kersane Gusti. Ing wektu kuwi bangsa ngisrael nembe antuk bebendu, merga digecak lan didadekne babu kro bangsa liya, lan sejatine Gusti Allah meh nulungi, ananging merga tumindake ora bener neng ngarane Gusti, kanthi tumindak kang mblunthah kayadene MBEGAl, mulane Gusti ngendeg sedya kanggo nulungi utawa ing basane kitab Hosea mrasake. Kabeh ora amarga Gusti ora tresna, ananging merga pola-tingkahe bangsa ngisrael dewe. Ing pikirne wong ngisrael ora eling yen kabeh tumindake kuwi dipirsani lan tansah diengeti dening Gusti,kabeh merga polah-tingkahe kang wis murak-sarak, babar-blas ora liwat dalan katresnane Gusti.

 

Apa ya ing jaman saiki jik ana kang nglakoni tumindak MBEGAL? Ya tetep wae ijik, malah sing  akeh, kang dibegal ing jaman saiki ya kaya kang tinulsis ing ndhuwur, ora mung babagan banda-donya. Ing jman saiki, ora sithik kang tumindak MBEGAL lan kang dibegal yakuwi bababgan kalodangan, babagan wektu lan kesempatan, babagan hak, babagan informasi lan sakpanunggalane. Lan sing aneh, sing nindakne ayahan MBEGAL kuwi dudu wong sing ora tepung karo piwulang agama, malah sing jan-janane para winasis bab agama. Ora sithik para tokoh agama sing MBEGAL hak lan darbeke kancane kanthi rasa kang kayane malah ketok marem lan seneng banget isa ndadekne liyan rekasa. Muga-muga wae nalika ana sing maca tulisan iki lan rumangsa nate  MBEGAL hak lan darbeke liyan ndang eling lan njur mertobat.

 

“Jo, apa bener yen si Markun rasido dadi erte merga usule  blantik wedus?” Takone Lik Ndoleng marang Dalijo nalika nembe wedangan neng Lincak Sor Talok.

“Iya Lik, bener. Nalika pilihan erte, blantike ngojok-ojoke warga lumantar grup WA, ben ora milih kang Markun” Semaure Dalijo sinambi nglinthing udud.

“Sanadyan aku nate ora gathuk karo Markun, ananging aku ora setuju karo kahanan kang lumaku Jo.. Wong pinter kok malah tumindake ora cetha ya Jo?” Unine Lik Ndoleng meneh.

“Aka meneh nggon umum Lik, lha wong nggon babagan keagamaan wae ya ngono, yen nembe ora mathuk, biyuh mropokasi wong lya dikon nampik utawa nulak..pora njembleng Lik” Iin melu cawe-cawe.

“Bener Lik, saiki wong ketoke beragama utawa soleh, ananging seneng MBEGAL hak’e liyan, kaya kuwi piwulange mbahe neng BENINGE EMBUN ESUK dina iki Lik..” Dalijo nimpali meneh kang dadi uneraning rembug. Lik Ndoleng mung thengor-thengor mbuh nembe mikir apa.

 

Mbah’e

FIKSI Di Malam PASKAH