Rabu, 08 Juni 2022

WISIK

 

Rebo Kliwon 8 Juni 2022

BENINGE EMBUN ESUK




Wilangan 24 : 1-14

Jabur 48

Lukas 1 : 26-38

“Aku diparingi krungu sabdané Allah sing lugu. Klawan mata tinarbuka, aku weruh wahyuné Allah Kang Mahakwasa.” Wilangan 24 : 4

 

WISIK kuwi meh padha karo wangsit, lan malah okeh sing ngarani menawa kalorone kuwi sejatine kahanan sing padha tegese. ananging sejatine ing antarane WISIK lan Wangsit kuwi beda. WISIK kuwi wujud dhawuh utawa swara kang mampir ing pangrungoning batin lan kuwi asli saka Sing Maburesa Jagad kang wujude pancen Roh. Dene Wangsit kuwi sejatine swara kang njedul neng telenging batine menungsa amarga saka pengangen-angene dewe. Ben gampang kanggo conto yakuwi nalika mbiyen nembe rame-ramene nomer (SDSB, Togel, lsp), ora sithik wong sing nduweni pengangen-angen entuk nomer sekti, njur mara neng papan-papan sacral. Neng papan sacral (isa uga diarani angker utawa wingit), wis nduweni pengangen-angen entuk nomer, mula nalika rumangsa ana swarane batin utawa tandha liyane kuwi njur diolah dadi angka-angka, kuwi kinaranan Wangsit, dudu Wisik.

 

Ana crita Kitab Suci babagan WISIK kuwi, salah sijine neng kitab Wilangan bab 24. Neng kana dicritakne kepiye anggone Biléam nampa WISIK saka Gusti. Manut critane Kitab Suci, Biléam  dijaluk dening bangsa ngisrael kanggo nakokne kersane Gusti lan sakbanjure nglakoni apa kang dadi carane ngrumati percayane marang Gusti Allah. Oiya, mbiyen jan-jane ya  okeh tata-cara manembah, mula yen ora ngati-ati isa diarani klenik… Lumantar tata-carane Bileam manembah lan pancen deweke priyayi sing waskita lan titis, dewekne njur isa antuk dhawuh saka Gusti Allah, malah langsung krungu kanthi lugu. Siji meneh sing cetha kanggo mbedakne kuwi WISIK apa Wangsit lan apa malah mung angen-angen kamanungsan, yakuwi ancase swara kuwi. Yen swara kuwi ngener marang kabecikan kang sejati, kuwi mesti WISIK saka Gusti.

 

Njur saiki pitakonane, yakuwi kapan lan sapa sing isa nampa WISIK kuwi? Kabeh wong apa mung sakperangan wae? Wansgulane sederhana, kabeh wong isa antuk WISIK, sauger gelem netepi kersane Gusti ing sakwutuhe lan babagan wektune, saben wektu. Sing dadi paugeran utama yakuwi babagan nglakoni kersane Gusti sakwutuhe lan total, tanpa sangga-runggi. Sing dadi pepalang tumrap wong jaman saiki antuk utawa nampa WISIK kuwi merga “wedi” karo dogma agama manca sing wus ditampa tanpa tedeng aling-aling. Kamangka agama manca sing saiki dienut kuwi ya kalair saka “Rahime budaya”. 

 

Mula saka kuwi, saiki payo nggayuh WISIK saka Gusti Allah lumantar wani netepi kabeh dhawuh lan kersane Gusti Allah. Saiki payo lumebu marang donyaning Gusti Allah sing isa dilakoni. Lha donyaning Gusti Allah kuwi contone apa? Gusti Allah kuwi ora dhahar lan sare, mula payo njajal lumebu ing kahanan kuwi, mesti pengalaman kaya Bileam neng crita kitab Suci bakalan lumaku ing urip iki.

 

“Jo, sajake aku entuk WISIK saka Gusti, kowe dinawuhan nukokne aku udud suweni liamang sasi, wiwit seka sasi iki…” Unine Lik Ndoleng nalika sore kuwi jagongan neng Lincak Sor Talok.

“Weh, lha kuwi kok kepenak temen Lik? Aja-aja mung pokal-gawe sampeyan, ben kepenak  uripe sampeyan?” Iin sing krungu langsung muni seru, sajak nampik penemune Lik Ndoleng.

“Lha apa sampeyan wis wani cegah dhahar lan guling ta Lik?” Takone Dalijo.

“Weladalah, Ndoleng kok cegah dhahar lan guling, wong esuk rung sarapan wae wis misuh-misuh, uga apa wani cegah guling, wong nyawang Kasur dipepe wae langsung tutu..” Kang Solebo melu mangsuli.

“Kuwi dudu WISIK lho Lik, kuwi pengangen-angen, aja meneh WISIK, wong Wangsit wae dudu. Pancen saiki angel wong sing antuk WISIK, merga wedi karo aturane agam saka ngamanca…” Unine Dalijo sinambi nyjet udude.

 

Mula saka kuwi, mangga para pamaos BENINGE EMBUN ESUK sami urun pangertosan babagan WISIK lan Wangsit, menawi badhe sharing mangga kontak lumantar WA lan komentar ten kolame nggih..

 

Mbahe

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH