Selasa
Pon 26 Juli 2022
BENINGE
EMBUN ESUK
Hosea 6 : 1-10
Jabur
44
Rum
9 : 30-10:4
“Aku mundhut katresnanmu sing tetep, dudu
kurban kéwan. Aku luwih seneng yèn umat-Ku wanuh karo Aku, ketimbang karo
kasaosan kurban obongan.”
Hosea 6 : 6
Saben menyang papan-papan kang isa kinaranan
keramean, ing wektu iki wis jamak ana sing dadi tukang njaga kahanan. Lan uga,
menawa ing papan kuwi ana panggonan kanggo kendaraan bermotor, mesti ana sing
njaga lan sakbanjure diarani tukang parker. Dene gaweane tukang parker kuwi
sakliyane njaga uga nata cikben luwih rapi lan enak disawang tur ya gampang
nalika sakmengkone arep mlebu lan metune kendaraan kuwi. Yen tugase tukang
njaga utawa tukang parker kuwi natal an njaga, njur ya nduweni hak, yakuwi nampa bebulih kang wujude duwit kang
gunggunge kurang luwih sewu repis yen kanggo kendaraan roda loro lan rongewu
repes kanggone kendaraan roda papat.
Yen dirasak-rasakne, apa ya sing padha rawuh lan
sakbanjure parkir kiwu paham utawa WANUH kanthi permana karo tukange parkir?
Apa ya ora mung sing penting tekan, parkir, mlebu neng papan kang
dituju,ngayahi tujuane dolan lan sakwise rampung njur mulih? Lan sakdurunge
kuwi mbayar ongkose parkir kang gedene kurang luwih antarane rongewu tekan
patangewu repes kuwi? Lan sakbubare kuwi, ya ora nggagas karo tukange parkir,
sapa jenenge (sanadyan ana kalamangsane tinulis neng sragame), omahe ngendi,
brayate pira lan sakpanunggalane? Ing kene tetepungan karo tukang parkir kuwi
mung winates ngerti, bablr blas ora WANUH.
Neng kitab Hosea Gusti Allah nate ngendika yen
Panjengane sing utama ora ngersakne Korban utawa ing jaman saiki
PISUNGSUNG, Panjenengane ngersakne
WANUH, kenal sing sakmestine, ora mung kaya sesambungane pengunjung papan
keramean karo tukang parkir, kang anane mung teka, parkir, njur mbayar pirang
repes njur mulih, babarblas ora WANUH ananging wis rumangsa netepi wajib merga
wis PISUNGSUNG sakjatahe kang lumaku.
“Jo, manut penemumu bedane tukang parkir karo
wong manembah karo Gusti kuwi apa?” Takone Lik Ndoleng, nalika jejagongan neng
Lincak Sor Talok.
“Weh, yo genah beda ta Lik, papane beda,
tata-carane beda..kabeh meh beda kuwi Lik..” Semaure Dalijo sinambi nyumet
udude, sing saiki kayane tanpa merk.
“Sampeyan kuwi aneh-aneh wae Lik, mosok
mbandingake tukang parkir karo wong manembah..”Iin melu rembugan, nalika nembe
nguntingi cipir panenan tegale sing okehe ngeram.
“Jan-jane aku ya sarujuk karo penemumu
cah,ananging ana kalamangsane aku ngrasa ora kepenak, lha saiki okeh-okehe wong
ngibadah ora WANUH karo Gusti, mula ya ora manut kersane, saiki wong ngibadah
kaya wong parkir lan Gusti mung didadekne kaya tukang parkir..” Ngendikane Lik
Ndoleng sinambi nyumet udud duweke Dalijo.
“Porung kober tuku Udud Lik?” Takone Iin.
“Haiyah, aku kuwi wong beriman In, aku nyawisi
rek, mesti Gusti mengko nyawisi..”Semaure Lik Ndoleng, Iin lan Dalijo mung
mesem, wis apal lakune pakne cilik.
Kayi Toe Pong Jie
Tidak ada komentar:
Posting Komentar