Senin, 06 Juni 2022

LEMAH

 

Senen Pon 6 Juni 2022

BENINGE EMBUN ESUK



Yoel 2 : 18-29

Jabur 48

1 Korinta 2 : 1-11

Gusti Allah menggalih lemah kagungané; merga tuwuh welasé marang umaté. Panjenengané paring wangsulan, “Kowé saiki bakal Dakparingi gandum, anggur lan lenga zaitun, nganti kowé bakal padha wareg. Kowé bakal ora dirèmèhaké déning para bangsa menèh.

Yoel 2 : 18-19

 

Yen krungu tembung LEMAH, mesti sing njur njedul neng sakjroning pikiran paling ora rong perkara. Sepisan babagan barang kang ndadekne reget utawa ora resik, dene kang kapindone babagan ora nduweni daya kakuwatan. Sanadyan jik ana perkara liya kang isa njedul neng pikirane menungsa nalika krungu tembung LEMAH, ananging neng BENINGE EMBUN ESUK ing dina iki mung arep ngrembug babagan LEMAH sing asli, yakuwi barang utawa papan kang ora bisa ditinggalake dening titahe Gusti, klebu menungsa (sing maca tulisan iki muga-muga jik klebu..hehe).

 

Ngrembug babagan LEMAH sejtine ora bisa dipisah karo sejarah, merga menawa ora ana LEMAH, tangeh lamun menungsa isa urip tumeka ing wektu iki, wektu para sedulur maca tulisan iki. Lho,kok isa mengkono kepriye nalare? Nyatane aku ora urusan karo LEMAH ya jik urip, malah luwih kepenak uripke lan ora usah blepotan lendhut lan kucem merga lebu kang kabeh kuwi mula-bukane saka LEMAH? Pancen bener, saiki ora sithik menungsa sing isa urip tanpa lengsung gegayutan karo LEMAH, ananging menawa LEMAH ora ana sing ngrumat lan nesu, aja padha takon dosane! Yen nganti lemah nesu, mesti ora ana siji-sijia titahe Gusti kang tahan urip neng ngalam-donya iki.

 

Babagan LEMAH kuwi sejatine ora bain-bain, merga neng Kitab Suci ya okeh piwulang babagan kuwi. Salah sijine neng kitab Yoel, bab 2, neng kana dicritakne  nalika Gusti kersa menggalih LEMAH njur tuwuh piwelase. Lha ana apa kok nganti Gusti Allah menggalih lan tuwuh welase? Merga menungsa olehe  ngolah  LEMAH ora petungan. LEMAH diolah tanpa leren lan tanpa diwenehi wektu ngaso, uga LEMAH tanpa rinumat sing sakmestine. Merga saka kuwi kabeh, Gusti Allah njur duka, ora menehi pemetune LEMAH. Sakwise duka sawetara, Gusti Allah njur tuwuh Welase marang LEMAH, yakuwi nuwuhake tethukulan kang sakbanjure ngetokake who kang migunani titah liyane, klebu menungsa. Saka crita ing kitab Yoel cetha yen Gusti Allah nresnani LEMAH lan sejatine maringi dhawuh marang menungsa cikben melungrumat LEMAH saing sakmestine.

 

Ing jaman saiki wis arang menungsa sing gelem nggagas LEMAH, ana sing jinja yen dikon ngolah LEMAH, mula njur padha minggat neng kutha, kuwi merga wegah gepok-senggol karo LEMAH. Semono uga sing jik karep ngolah LEMAH, saiki wis ora mikir kepiye kahanane si LEMAH kuwi. Sing penting ditanduri lan kudu metu hasile, yen ora dirabuk nganggo rabuk kimia, sing ndadekne LEMAH lara kronis. Mula saka kuwi, yen Gusti Allah wae kersa menggalih lan njur trenyuh, kudune menungsa wani nuladha Gusti Allah lumantar miwiti nresnani LEMAH.

 

“Lik, jarene mbiyen nggon tegal lan sawah kuwi ing wektu-wektu kirunggan diwenehi Sajen ya?” Takone Dalijo marang Lik Ndoleng, sing nembe nyumet pituneme.

“Iyo, mbiyen sregep,saiki mbuh, padha lali kabeh…Yen ora kleru kuwi merga manut kapercayan anyar, sing kaya ngono kuwi klebu klenik Jo, babagan bener lan salahe, aku dewe ya ora dong babarblas..”Semaure Lik Ndoleng.

“Cen aku dewe ya njembleng lho Lik, wong jaman saiki kuwi cen aneh, lha tembung Sajen kuwi kanga sale saka Saji, njur ana Sesaji, menyajikan, lan kuwi wis biasa, ananging yen krungu tembung Sesajen kok kayane nesu lan ngamuk ya Lik?” Dalijo sajak melu esmosi.

“Lha iya, mbiyen LEMAH barang ya diaturi Sajen, lan nyatane uripe malah waras-wiris, ora ana kopit, ora ana setruk, ora ana darah tinggi, ora ana gula..lha saiki? Kabeh penyakit malah diternak menungsa..”Unine Lik Ndoleng melu emosi, nganti kleru anggone ngekep udud, mulane gidrah-gidrah merga genine udud kena lambene.

 

 

@mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH