Sabtu, 04 Juni 2022

MOKSA

 

Setu Legi 4 Juni 2022

BENINGE EMBUN ESUK



2 Para Raja 2 : 1-15a

Jabur 104 : 24-34

2 Korinta 5 : 1-5

Lukas 1 : 5-17

“Sajroné padha nerusaké tindak padha ngandikan. Dumadakan ana kréta murub ditarik jaran murub misahaké wong loro mau, lan Nabi Élia kaangkat menyang swarga déning angin lésus”

2 Para Raja 2:11

 

MOKSA kuwi kahanan nalika raga, nyawa, jiwa lan Sukma bali menyang klanggengan utawa ana ing basane agama sinebut Swarga. Pancen ora gampang cikben isa MOKSA, wong nyatane ya ora kabeh wong isa ngalami, malah mung sithik banget sing isa sinebut MOKSA. Sing paling akeh ya nalika menungsa wis sepuh utawa tuwa, njur seda utawa pisahe raga,nyawa,jiwa lan Sukma. raga bali menyang asale kang awujud lemah, Sukma bali marang Gusti (yen ora luput nalika nglakoni urip neng alam-donya iki..) Biasane wong saiki ben luwih manteb babagan pengalamaning urip, njur nggoleki wangsulan lumantar piwulange agama lan kuwi isa saka Kitab Suci. njur piye olehe Kitab Suci mulang?

 

Neng Kitab 2 Para Raja 2, ana crita babagan nabi kang ngalami MOKSA, jenenge nabi kuwi Elia. Kitab Suci kanthi cetha nggambarake kepiye lakune nabi Elia MOKSA. “Sajroné padha nerusaké tindak padha ngandikan. Dumadakan ana kréta murub ditarik jaran murub misahaké wong loro mau, lan Nabi Élia kaangkat menyang swarga déning angin lésus” . Kanthi cetha Kitab Suci maringi kabar utawa inpormasi babagan MOKSA, ananging amarga dogma utawa ajrane greja babar-blas ora nggagas babagan kuwi, mula yen arep ngarani nabi Elia MOKSA, ya kayane wedi-wedi piye ngono…..Ananging pancen ora bisa diselaki,diendani yen neng Kitab Suci ana crita babagan MOKSA, mula neng tulisan BENINGE EMBEN ESUK dina iki, arep  (njajal) nyinau kepiye cikben isa kaya nabi Elia, isa MOKSA.

 

Uripe nabi Elia kuwi pancen jos temenan, peng-pengan anggone netepi timbalan leladi. Apa rekasa? Polll…nate meh diangkah patine dening raja lan bojone, nate mlayu merga wedi lan playune nganti tekan pasamunan gung liwang-liwung, nate kekurangan panganan lan ndilalah Gusti Allah wis kagungan aplikasi “gagakonlne”, njur dikongkon ngirimi nabi Elia roti neng pinggire kali saben kesuk. Pokoke, uripe nabi Elia kuwi pancen rekasane pol temenan, babarblas ora ana critane sing kepenak. Mula yen kepengin isa MOKSa kaya nabi Elia,apa ya padha siap urip rekasa?

 

“Jo, meh patang sasi ranjedul, ngapa wae kowe kuwi?” Takone Lik Ndoleng, nalika esuk kuwi ngasah arit neng dulomahe Dalijo.

“Semedi Lik, mranata diri ben pantes neng ngarsane Gusti” Semaure Dalijo sinambi nyumet udude sing saiki ganti Sampoerna.

“Ya apik, kuwi sing kudu dilakoni dening kabeh menungsa, mematut urip ben patut neng ngrasane Gusti. Sapa ngerti isa MOKSA kaya critane mbahe neng BENINGE EMBUNG ESUK dina iki” Semaure Lik Ndoleng meneh.

“Yen kowe isa MOKSA apa ya arep ajak-ajak Yu Wasti Lik? “ Takone Iin saka sisih Lor kandang, merga sajake jik nyapu latar sing wis kokean reged gegodongan.

“Jindulll..kok jik eling kuwi wae ta Innnnnn??!!!” Unine Lik Ndoleng, ora ketok nesu malah sajak seneng.

 

@mbahe

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH