Selasa, 05 April 2022

MULIH

 

PEPELING SAKA SEDULUR



Dalijo sajak kaget, lan thingak-thinguk nggoleki neng ngendi lungane dayoh sing pancen ndadekne semangate urip tuwuh meneh.Pancen ora isa diendani dening Dalijo, sakwise MULIH saka papan adoh, dewekne ngrasa yen uripe ana sing kurang. Urip rinasa kurang greget, kabeh amarga sing lumaku jebul ora tansah jumbuh karo apa kang dadi kekarepane.

Sakwise yakin yen dayohe pancen wis ninggalake dewekne, Dalijo njur thengor-thengor sedelok. Bubar kuwi, Dalijo eling yen dewekne durung adus. Ora gantalan suwe, pawongan kang kawentar seneng tetulung lan uga klebu golongan “wong aneh” neng ndesane kuwi njupuk anduk, sajak arep adus.

Langit neng nduwur padusunan ing awan kuwi sumilak, merga mangsa ketiga wis sansaya cedak. Sumilire angina rinasa ngepenakne awak lan kuwi bebarengan karo unine manuk Thilang lan Penthet kang sajak gegojekan ana neng wit-wit Pinus  sing tuwuh subur neng alas tutupan akiwa tengene padusunan kuwi. Saka pancot kulon elor uga keprungu swarane ayam-alas kluruk, sajak mamerake swara kluruke kanggo nggodha babon utawa dara sing nembe butuh nyalurake katresnane.

Dalijo lumaku menyang kali kang ana neng sisih kulon rada elor omahe, ora adoh mung kurang-luwih satus meteran. Dalane ora lempeng, merga pancen papane neng perengan gunung-gunung cilik neng tlatah pegunungan sewu, neng poncot kidul pulo Jawa. Siwur utawa gayung sing wis lusuh dicangking ana ing tangan kiwane, dene tangan tengene nyekel udud sing sajak durung entek saka anggone nglinthing tumeka kahanan dewekne kelangan bleger dayoh sing nyalawadi. Sinambi singsot-singsot, Dalijo lumaku, lan anduk dikalungake ana neng gulune, diundhurake cikben ora ceblok nalika kudu ngliwati dalanan kang mudun tur ya njojrok.

Swara ilining banyu neng kali sansaya cetha, lan ora gantalan suwe Dalijo tekan papan kang pancen wis kulina dienggo adus. Papan kuwi karo wong padusunan  diarani Dung-Platar, merga pancen kahanane mung watu plataran. Iline banyu ing kali kuwi pancen nuwuhake swara kang menawa dirungokne kanthi ati lan pkikiran kang wening kaya swarane gendhing kang endah, mung wae ing jaman kang jarene sarwa modern iki, wis arang wong sing gelem nyepadakne swara-swara kang njedul asli saka alam iki.

Sakwise tekan ing pinggiring kali, Dalijo njur nyelehake siwur neng watu sing rada dhuwur lan resik. Anduke uga diselehake ana ing sakcedake siwur, dene dewekne njur lungguh ana ing plataran watu sing garing. Udud kang ijik rada dawa jik bola-bali dikekep lan kukuse dadi barang kang medeni lemut dalah jingklong. Dalijo ngulatake ilining banyu, uga sinartan ngematake swara ilining banyu kuwi. Ing saknjeroning kedungan cilik, merga banyune pancen beninge ngeram, Dalijo isa nyawang kewan-kewan kali, kayata Yuyu, Uceng, Urang lan sing okeh dewe anggang-anggang. Kewan-kewan kuwi padha gegojekan sajak seneng banget.

“Uripa kaya iwak lan kewan-kewan banyu kuwi, sing nglakoni urip minangka peparinge Pengeran kanthi iklas..” Ujug-ujug ana swara sing cetha banget keprungu ing kupinge. Dalijo sajak njondhil, thingak-thinguk sajak nggoleki sumbering swara. Sanadyan awan lan padhang njingglang, Dalijo ngrasakne wulu-kalonge njenggelek. Sakwise ngrasa ora nemokake sumbering swara, Dalijo njajal nuruti apa kang dadi welinge swara kuwi.Dalijo dadi eling yen mbiyen nate diwenehi ngerti babagan Sedulur Papat Kalima Pancer.  “Apa swara kuwi asale saka sedulurku sing wis nyawiji karo jagad iki ya?” Batine Dalijo sinambi tetep nyawang sesawangan endah neng sakjroning ilining banyu kali kuwi.

Pancen cetha, yen sinau saka tata-carane urip kewan-kewan neng alam iki,klebu kewan-kewan kali iki, kabeh rinasa kepenak. Urip ngetutake lakuning alam, urip selaras karo alam lan ora ngupaya nglawan apa meneh ngatur lakuing jagad iki. Urip kaya kewan-kewan kang intine mung urip kanggo urip kuwi dewe. Iwak nggolek pangan lan sakwise entuk lan dipanga tekan wareg njur leren, ora ana sing mburu marem lan nganti tumeka ing kahanan numpuk lan lali marang sakiwa lan tengene.

“Urip iki wis dadi kersane Pengeran lho kang…Ora usah ngayah-ayah, lakoni wae saklakune urip peparinge kuwi.” Swara kuwi njedul meneh, kanthi rinasa cetha lan Dalijo enggal-enggal eling, yen kuwi mesti Sedulure sing wis ndisiki lakune urip.

“Ora usah kaget, Aku iki sedulurmu. Aku tansah ana neng sisih “Wetanmu” Dhi,wernaku putih.Lan aku iki tansah bebarengan karo para sedulur. Ora usah taktepungake, ben kabeh nepungake dewe-dewe”, Swara kuwi cetha banget, lan njedul bebarengan karo swarane ilining banyu lan uga ocehane manuk-manuk neng akasa lan uga kang ana ing wit-witan sakiwa-tengene kali kuwi. Dalijo njur eling sakwutuhe, eling karo piwulange bapak lan uga simbahne kang saiki wis lumebu ing alam-klanggengan. Eling yen dewekne pancen nduweni sedulur, yakuwi kang sinebut Sedulur Papan Kalima Pancer.

“Aku tansah neng sisih “Kidulmu”lho Dhi, aku karo Putih sing neng papan sisih Wetanmu klebu kakanganmu, merga lairku luwih ndisik saka sliramu” Swara kang memper kaya swara sing sakdurunge, kang ngaku neng sish Wetan, keprungu cetha neng kupinge Dalijo. “Wernaku abang Dhi, aku ya tansah ngetutake salakune uripmu. Sanadyan awakmu lali utawa malah nglali karo aku lan para sedulur, kudu mbok ngerteni, aku lan para sedulur babar-blas ora nate nglalekne awakmu. Tansah menehi pepeling nalika ana bebaya, sanadyan kerep sliramu ora nggagas pepeling saka aku lan sedulur kabeh” Swara kang ngaku ana sisih Kidul mau menehi pangerten marang Dalijo. “Oiya, wernaku Abang lho Dhi..”Swara kuwi mbacutake rembuge lan Dalijo mung manthuk-manthuk  sinambi ngisep udude sing mung kari cendek banget.

“Aku ya sedulurmu lho kang, manggonku tansah ana neng sisih “kulonmu, wernaku Kuning. Sisan ngelikake, merga mau kakang Kidul lali ora menehi ngerti, yakuwi yen sedulur kidul wernane abang” Swara kang memper swara-swara sakdurunge  njedul lan sajak menehi pangerten kang cetha marang Dalijo. Saking nggumune, Dalijo durung kober nakoni siji-siji swara kang ngaku minangka sedulure. Sanadyan mengkono, Dalijo nampa lan dadi sansaya eling karo piwulang saka leluhure sing wis klakon pirang-pirang tahun kawuri. Dalijo eling yen piwulang kang kaya mengkene iki sansaya ditinggalake merga piwulang saka ngamanca lan kaya watake Wong Jawa, tan nate nampik apa wae, klebu piwulang. Mung wae apa kang ora asli,apa kanga sale saka njaba lan mung merdayoh kuwi malah okeh sing meksa sing nduwe omah ngalah. Okeh sing awewatak kurang ajar, merga wis ditampa minangka dayoh, disugata kanthi apik, malah nundhung sing nduwe omah.

“Aja ngalamun kang, Aku ya sedulurmu. ernahe aku adimu, merga lairku bubar sampeyan. Manggonku tansah neng sisih Elormu, lan wernaku ireng kang. Sanadyan ireng, ananging aku apik lho kang, merga aku sing nduweni jatah njaga utawa ngayomi uripmu. Beda karo Kakang-kakang kae, sing abot njaga uripmu aku, ananging sanadyan beda, aku trima lho kang, ora meri babarblas, merga pancen iki ginarising uripku” Swara sing ngaku ana neng sisih Elor kuwi kaprungu cetha dening Dalijo.

“Sedulur-sedulurku, maturnuwun wis nuweni aku. Luputu yen saksuwene iki aku nglalekne, kuwi murni merga luputku apuranen ya Lur…” Dalijo ngomong ngono lan rinungu cetha. Srengenge awan kuwi sansaya dhuwur, ananging neng kali Dung Platar kuwi cahyane durung patia krasa, merga rimbuning wit pring neng sisih wetan kali kuwi. Nalika angin dolanan lan polah, gegodongan melu obah lan kuwi ndadekne swasana sansaya nengsemake. Dalijo  jik meneng wae, udude sajak wis entek , dene iline banyu tetep ana, uga kewan-kewan banyu sing ijik gegojekan neng jero kedungan cilik ing iline banyu kuwi.

“Nduwenana watak lemah utawa bantala, sanadyan diidak-idak, dipaculi,dienggo ngubur barang ala, tetep isa menehi urip. Sakdawane urip iki, apa meneh kowe sing neng njagad padang, kahanan ora tansah gathuk karo kekarepane dewe, mula sepisan meneh, rumaten wataking lemah utawa Bantala. Aja males marang sapa wae kang tumindak ala marang awakmu, dongakna sing apik, tampanen kanthi esem. Yen pancen luput lakumu sing wus kawuri, akoni wae, ora usah mawa tedheng aling-aling. Sing Akarya Jagad ora isa diapusi, lan uga aku sapapat ya ora isa mbok apusi..” Swara kuwi meneng, njur Dalijo unjal ambegan. ana rasa marem utawa lega sing njedul saka ing telenging batinne.

“Urip iki kaya lakuning para kadang tani, nandhur lan ngundhuh. Apa wae lakuning urip iki isa kinaranan nenadhur lan mengko bakalane ngundhuh. Lan kowe kudu ngerti, sanadyan kuwi mung nembe ana ing batinmu, kuwi wis dadi tandhuran kang bakalane tuwuh lan panen. Urip iki Cakra Manggilingan, mula yen ngepasi bungah aja kebungahen nalika susah ya aja ngasi kesusahen. Kuwi mbiyen bola-bali diwulangake bapak, nalika jik sugeng bebarengan karo kowe..” Swara kuwi sansaya cetha menehi piwulang. Dalijo anane mung manthuk-manthuk, rumangsa jik ana sedulur sing nresnani lan menehi piweling. Amarga udude entek, mula ana lemut sing ngisep getihe nganti ndadekne gate ling lengenne, ora mikir dawa njur mak-klawe ngeplak lemut kuwi tumeka ing tiwase, ana getih abang kang mili. Eman banget nasibe si Lemut, direwangi rekasa ngisep getihe menungsa, banjur konangan lan dadi lan tiwase.

“Ngapa ngalamun neng kene Mas?” Dalijo njondhil, merga diaruh-aruhi wong. Lan sakbanjure Dalijo nggoleki asale swara kuwi. Lan nalika wis nemokake asale swara kuwi, Dalijo mbengok.

“Oalahhh..kowe ta…takkira sapa…” Unine Dalijo.

 

Ana Sambungane

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH