Awan kuwi, Dalijo mulih seka tegalan utawa ladange ora langsung adus neng kali, sanadyan ngrasakne sumuk merga kringet sing okehe ngeram. Dalijo malah nggawe kopi karo nglithing udud, merga bubar diwenehi mbako saka kancane sing jenenge Supri Sate. Sakliyane mathuk karo rasane mbako kang minangka bahan dasar udud “thing-wen'e”, kabeh uga merga kahanan kang sarwa abot, klebu “anggaran “ kanggo tuku udud kaya biasane.
Neng cedak Lincak Sor Talok, sing saben bengi dingo jagongan
karo bala-balane, Dalijo lungguh. Anggone lungguh pernahe cedak tritis, neng
sakngisore wit gedang, lan ing kana uga minangka kalenan kanggo ilen-ilene
banyu saka pawon. Merga ana banyu kang tansah mili ngliwati papan kuwi, mulane
ora nggumunake menawa okeh kembang kang ditandhur dening Dalijo, lan ngepasi
wayah kuwi nembe mekar. Maneka warna kembang neng cedak tritis omahe Dalijo
ndadekne ora sithik KUPU kang saba, arep njupuk sarining kembang, minangka
carane nyambung uripe.
Sinambi klepas-klepus ngematake udude, Dalijo nyawang
KUPU sing wira-wiri saka kembang siji menyang kembang liyane, sajak bungah
banget. Eloke meneh, sanadyan sawijining kembang kuwi wis bola-bali dipencoki
lan disesep sari-sarine, ijik wae ana KUPU liyane kang nembe teka lan njur
mbudidaya nyecep sarine, ora ana sing menehi ngerti yen panggonan kuwi wis
kerep disesepi sing luwih ndisik, memper menungsa sing pancen senenge
ngrekasakne liyan, sanadyan ngerti wis ora ana apa-apane, jik digoleki lan
kancane ora menehi ngerti babar-blas.
Angin mangsa ketika nambahi swasana sansaya kepenak
kanggo nglaras, mula ora usah pada nggumun yen Dalijo sakbanjure keturon, lan
nembe kalamangsa tangi merga kaget, merga udude rinasa panas. Bola-bali kahanan
kaya mengkono kuwi dialami Dalijo, lan dewekne ora sadar yen ana pawongan sing
kawit rada suwe nyepadakne. Pawongan kuwi sajak mesam-mesem dewe nalika nyawang
Dalijo keturon sinambi nyekel udude, lan sajak kaget nalika geni ng pucuking
udud kuwi nylomot drijine.
Pawongan kang rambute dawa kuwi alon-alon nyedaki
papane Dalijo lungguh sinambi liyer-liyer, lan kanti ngati-ati banget lungguh
ana ing cedake Dalijo. Rambute kang dawa lan ora dikucir kena angin mangsa
ketiga, krembyak-kembyak nyemanakake ati sapa wae kang nyawang, emane Dalijo
ora nyawang amarga nembe nglanglang neng jagade wong ngimpi. Pawongan rambut dawa
kuwi lungguh sinambi nyepadakake kahanan ing kiwa-tengene, njajal mangerteni
apa kang ndadekake Dalijo isa keturon, kamangka ketok yen durung adus lan ya
durung ganti klambi saka papane makarya neng tegal lan ladange.
Awan kuwi pancen kahanane nyenengake temenan, mangsa
rendeng wis meh tekan poncote, mula udan wis arang tekane. Langite katon
sumilak endah, mendung mung sakdepa katon ing sisih kulon dusun, neng
saknduwure gunung kang kinaranan Watu Bonang .Pancen kahanane ndesa ing wanci
awan kuwi nyenengake, padang njingglang kaya raine pawongan rambut dawa sing
nembe nunggoni Daliijo. Swara kluruke jago neng sisih wetan-elor desa binarung
swarane sapi kang mbengok, mbuh karepe kepiye, ndadekne kahanan ing
karang-padesan kuwi sansaya semanak nyenengake.
“Ougkh..aduh..asem kecut..iyuh….panas..panas…!!”
Ujug-ujug Dalijo sambat kepanasen lan tangi. Sinambi ngipatake tangane sisih
kiwa, Dalijo gragapan nalika ing sacedake wus ana pawongan liya, sing
nanggepi nglilir saka turu kanthi esem
kang sumunar-ngujiwat.
“Weh, lha kapan tekamu? Kok ora menehi kabar, paling
ora ya nggugah aku, ben nalika aku ngoweh ora tambah isin..”Jujur Dalijo menehi
ngerti kahanane.
“Wis rada suwe, nalika njenengan wiwit nyumet udud,
njur aku nyawang seka cedak dapuran pring, njur tak sowing-sawang kok sajak
nyepadakne apa. Jebule sinambi nyepadakne kahanan, sampeyan keturon. Mulane,
aku jinjit-jinjit nyedak lan uga nggatekake sampeyan. Babagan ngoweh kuwi
kahanan lumrahe wong turu..” Semaure pawongan kanti rambut dawa kuwi. Dalijo
njur nata anggone lungguh, sajak glagepan, merga kathoke kolor sing wus klusuh
kae, sajak kuwatir mau nalika keturon kabeh ora tinata lan konangan pawongan
rambut dawa mau.
“Ora usah gugup, nalika sampeyan sare, ora ana sing
wadi lan wigati kang kewiyak” Unine pawongan rambut dawa kang ndadekne Dalijo
sajak rada luwi percaya diri. Angine sansaya midid, lan rambute pawongan dayohe
Dalijo sansaya katon endah nalika dienggo dolanan angina kuwi. Sinambi
mernahake anggone lungguh, Dalijo sok nyolong nyawang eseme dayohe kuwi, lan
kalamangsane ngrasa bombing, dene dewekne sing mung wong tani utun kok ya ana
sing gelem srawung.
“Mau, nalika bubar nlinthing udud, njur mbok sumet,
apa sing sampeyan ulatake? Kok sajake temen sampeyan olehe ngulatake?” Takone
Pawongan rambut dawa kang dadi dayohe Dalijo.
“Kuwi lho, nyawang KUPU kang gegjekan sinambi makarya
neng pucuking kembang-kembang sing nembe mekrok” Semaure Dalijo, sinambi
nglirik dayohe kang katon dekik neng pipine, sing jarene sing maca tulisan iki
kinaranan “lesung emprit”.
“Njur apa sing mbok temokne?” Takone pawongan rambut
dawa kang nembe dadi dayohe Dalijo, sibambi nyilakne rambute sing sajak dienggo
dolanan angina mangsa ketiga.
“Mung kahanan kang endah, kuwi wae. Ora ana liyane,
utawa isa diarani yen aku durung nemokne sakliyane endahe kahanan kuwi” Semaure
Dalijo, sinambi nyumet udude sing sajak mati, merga kesampyuk angina mangsa
ketiga ing wektu kuwi.
“Gelem takjaluki tulung?” Takone pawongan rambut
dawa kuwi marang Dalijo.
“Sauger isa, taklakonane” Semaure Dalijo, sinambi
ngisep udud thing-wene.
“Tulung,
cekelna KUPU kang wernane Blirik, sing saiki nembe mencok neng pucuking
kembang werna ungu kae” Akone pawongan rambut dawa kang dadi dayohe Dalijo. Ora
nganggo kokean alesan, Dalijo njur mingket. Sajak “percaya diri” yen mayar
anggone nyekel KUPU kang dikarepake dening dayohe kuwi. Ananging kang klakon
beda karo pengangen-angene Dalijo, KUPU kuwi sanadyan katon tutut, jebul angel
cekel-cekelane. Bubar saka kembang werna ungu, njur pindah neng kembang werna
kuning, bubar kuwi nalika diuyak Dalijo, mabur lan mencok neng kembang werna
abang. Sajak rada isin Dalijo, merga rumangsa ora isa nyekel KUPU kang ing
pikire mayar dicekel. Nganti ing sawijining kahanan, nalika nguyak tekan cedak
perengan, sikile Dalijo midak eri,lan mbengok.
“Aduuohh…Malah keneng Eri. Asem!!, KUPU ora kena,
malah sikilku tatu..” Guneme Dalijo ora seru, isin karo dayohe. Bubar kuwi,
kanthi pasuryan kang rada isin, Dalijo mbalik, nyedaki dayohe sing sajak
mesam-mesem, sansaya ketok dekik ing pipine. Dalijo jik ketok nyawang
mrana-mrene, ngoleki mabure KUPU blirik kang diangkah dayohe.
“Wis, ora usah diuyak, mengko lakyo mrene meneh.
Mrene, lungguh meneh lan disumet udude, kayane mati meneh” Unine pawongan
rambut dawa kang dadi dayohe Dalijo. Kanthi kahanan rada isin,Dalijo njur
lungguh neng papane sakdurunge nguyak KUPU, lan kanthi ambegan sing krenggosan,
Dalijo nata ati lan pikirane, njajal nundhung isin.
“Ambegan sik, lan bubar kuwi kae awasna apa kang
mencok neng pucuking kembang werna ungu..”Swarane pawongan rambut dawa kang
dadi Dayohe Dalijo rinasa kaya gludug ing wanci esuk. Saknalika Dalijo mlinguk,
panyawange dienerake neng kembang sing disebutake dayohe. “Blaik….” Jebul KUPU
blirik kang endahe pol temenan kuwi wis balik mencok neng kembang kang wernane
ungu.
“Kembang lan KUPU kuwi kaendahan peparinge pengeran.
Apik yen disawang lan dirasakne endahe, ananging nalika kaendahan kuwi mbok
uyak lan arep dipekdewe mesti lunga, ngedohi awake dewe. Kuwi sejatine piwulang
saka Gusti Kang Akarya Jagad, kaendahan kuwi kudune dinikmati, ora usah diuyak
arep diduweki” Dayohe Dalijo kang
rambute dawa ngomong kaya mengkono, sinambi dolanan kuku tangane, mbuh kena
apa, apa kuwi pancen kabiasaane, aku dewe sing nulis ya ora ngerti. hehe..
“Bener kandamu. Kaendahan kuwi mung isa disawang lan
dirasakne, ora pareng dipek dewe. Lan sing sapa nduweni pepinginan nguyak
KAHANAN KANG ENDAH, mesti bakalan nemahi rekasaning urip” Unine Dalijo sinambi
nglinthing udud meneh, lan nalika nembe pokus nglinthing, Dayoh kang rambute
dawa mau ninggalke Dalijo,ora pamita.
Bersambung
Bahasa Jawa....
BalasHapusSulit ngertiii