Jumat, 01 April 2022

NJAJAL TAKOKNA NDISIK

 

NJAJAL 3



Esuk kuwi Dalijo arep mangkat ngarit,merga pancen jatahe saben kesuk kudu ngarit kanggo pakane sapi lan weduse. Sakwise ngasah arit neng ongkal mburi omah, Dalijo banjur mangkat. Ocehe manuk lan swarane pitik sing ibut nggolek panganan, nambahi endah lan kepenake swasana padesan ing esuk kuwi, lan kuwi ndadekne Dalijo semangat anggone mangkat ngarit. Njedul neng plupukane mripate, entuk suket ijo ledung-ledung, njur diriti lan isa mikul sakuwate lan kabeh dadi lantaran kewan ingon-ingonane dadi lemu-lemu. Mula, sanadyan jik kebak ebun sing teles neng sakiwa-tengene dalan saktlapakan kuwi, ora ndadekne Dalijo kendho semangate, malah sansaya mobal grengseng anggone arep ngarit.

Lakune Dalijo sansaya suwe, sansaya cedak karo papan kang dituju kanggo diriti sukete, lan nalika kuwi tekan papan perengan sakwetane Watumrangas. Sisih elor papan kuwi pancen tegalan kang okeh tanduran ijo royo-royo lan nalika kuwi bubar panen pari sawah, njur kaya padatan meh ditanduri palawija, kayata Jagung, Kacangbrol, Dele lan uga Kacang Ijo. Saka dalan kang nembe diliwati Dalijo, ana sesawangan sing ndadekne Dalijo rada kaget. Saka papane mlaku pancen ora patia cetha, mula Dalijo njur mandeg lan nyawang kanthi permana, nyepadakne apa kang disawang.

 

“Badala…lha kae Si Sodrun kok malah negor gedang neng tegale Siwo Kariorejo alias Mbah Gecul?”.Ngono batine Dalijo, arep mbengok ngelikake ora kepenak lan uga merga jarake adoh. “Jian kendele ngeram Sodun, awan-awan wani njupuk ora nembung  alias nyolong duweke liyan” Sinambi mbatin ngono Dalijo mbacutake lakune arep ngarti neng papan kang wis dirancang, Njowaran, papan sing dadi tujuane Dalijo.

Tekan papan kang tinuju, Dalijo njur ngeriti suket sing ledung-ledung ijone ngeram kanthi grengseng utawa semangat kaya semangate pejuang patangpuluh lima. Mulane ora gantalan suwe, kurang-luwihe rongpuluh menitan, Dalijo wis entuk sebongkok gede, njur kanthi tetep ngrumati semangate, Dalijo mbacutake anggone nyenggruti suket nganggo arit nganti entuk sepikul gede. Bubar kuwi, merga kringete kaya banjir kae, dewekne leren neng Sor Wit Dhuwet, njur mbukak selpene kang isine udud sampurna rong ler.

“Mosok iya ta, Si Sodrun nyolong gedange Wo Gecul?” Sinambi klepas-klepus Dalijo jik nggagas apa sing pas mangkat ngarit mau disawang. Anane kebul saka udude Dalijo, ndadekne lemut lan jingklong ora wani nyedak, sanadyan neng tengah alas kuwi sing jenenge Lemut lan Jingklong okehe ngeram.

“Ngko tekan ngomah, aku arep crita kanca-kanca babagan Sodrun sing nyolong gedange Wo Gecul”, Dalijo mbatin sinambi klepas-klepus ngentekne udude. Entek Sakler, Dalijo nyocol sukete saben bongkok, saking wasise ngarit lan nata suket, mula bongkokane suket Dalijo isa ketok apik lan rapi. Suket sepikul njur dipikul, digawa mulih ngliwati dalan lunyu neng perengane gunung kang kinaranan Njaten. Saktekane ngomah, bubar mapanake sukete neng mbothekan papane suket, Dalijo njur nggawe kopi, sinambi nglinthing udud, ngenteni ademe kopi karo  klepas-klepus ngentekne udud linthingane dewe.

Ora ndadak adus ndisik, Dalijo njur ucul “sragam pangaritan”, genti kaos klep bal-balan sing wis kucele ngeram, jungkatan neng ngarep kaca lemari sing wis bureme ngeram. Rampung kuwi njur mlaku, menyang omahe Kang Solebo. Saking sregepe warga dusun kuwi, mula nalika wayah semono, Dalijo mlaku ngliwati dalanan ndesa, arang kepethuk uwong, merga jik okeh sing neng tegal lan sawah ngrampungi gaweane, mengko kurang-luwihe jam-jaman sewelasan njur mulih madang.

“Apa tenan Jo omonganmu kuwi?” Takone Kang Solebo, nalika Dalijo wis tekan omahe Kang Solebo, sing nembe precel kayu neng kulon kandang sapine.

“Aku weruh dewe kang, mosok mripatku luput nyawang. Wis takucek-ucek nganti ping papat, jik cetha wela-wela yen sing ngetok gedange Wo Gecul kuwi Sodrun” Semaure Dalijo.

“Weh, mosok Sodrun tumindak kaya mengkono? Lha apa ya kekurangan ta jan-jane? Kan panenane okehe ngeram?” Semu takon Kang Solebo mangsuli omongane Dalijo. Njur cah loro kuwi sansaya okeh ngobrol ngetan-ngulan, nganti ketekan Lik Ndoleng, Kyai Gigut lan uga Jebic Jumadi.

“Jajal, ngko takgolekne inpo cah, didol ngendi gedang sing dicolong Sodrun. Sapa ngerti ana inpormasi” Swarane Senthot nalika arep mulih, merga sambat ngelih. Bubar kuwi njur padha mulih, klebu Dalijo. Lan anggone mulih, dalan sing kudu diliwati Dalijo yakuwi ngarepe omahe Sodrun. Ngepasi liwat, Dalijo nyawang Sodrun nembe leyeh-leyeh bubar madang, karo ngecom the jurit,sajak larase ngeram.

“Hmm, kae buronane, njajal tak takonane, ngapa kok awan-awan wani nyolong gedange Wo Gecul” Batine Dalijo. Sakwise cedak, Dalijo ngomong lan kuwi ndadekne Sodrun njondil, merga jebule keturon merga larase kahanane.

“Drun, kok mau aku weruh sliramu ngetok gedange Wo Gecul, tegal salatan cedak watu, sanding kalenan?Ora salah penyawangku kan?” Takone Dalijo.

“Iyo..” Semaure Sodron sajak santene ngeram.

“Kok kebangeten ta Drun, nyolong kokya awan-awan, pora wedi konanagan?”Takone Dalijo meneh.

“Weh, sapa sing nyolong?Aku dipasrahi Mbah gecul, kon ngrumati tandurane, klebu gedange. Mbah Gecul nyang njakarta, putune sunatan jare..Lha gedange wis tak terke mae bakul sing nuku” Semaure Sodrun rada seru, merga wis tangi seka lier-liere.

“Weladalah, tiwas aku crita neng cah-cah, yen sliramu nyolong gedange mbah Gecul..Asemmm..Luputku ya Drun..tak mbaleni cah-cah sakdurunge diewer-ewer marang wong oleh” Unine Dalijo.

“Sik Jo, Sik.Sareh…sukmeneh mbok takok ndisik, tabbayun utawa klarifikasi. Pancen kowe nyawang aku njupuk bandane Mbah Gecul, kuwi isa diarani nyolong, ananging aku nglakoni merga dikongkon. Mulane, suk meneh NJAJAL TAKOKNA NDISIK..” Sodrun sareh anggone menehi pangerten marang Dalijo. Dene Dalijo mung kamitenggengen, rumangsa kleru ngerteni kahanan, sanadyan weruh dewe yen Sodrun njupuk bandane Mbah Geceul  jebule wis dipasrahi.

 

kaburkanginan22

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

FIKSI Di Malam PASKAH