Sajak kaget lan uga bungah merga pungkasane ngerti asal lan sapa sing nywara, Dalijo njur ngadeg, dene swara sing wis dingerteni sapa sejatine dening Dalijo, njur nyedak neng papan kang dienggo Dalijo meneng lan uga nyawang ilining banyu.
“Lha arep adus wae kok malah ngalamun ta mas?”
Takone pawongan sing nembe nyedak lan pungkasane lungguh neng watu sisih kiwane
Dalijo manggon.
“Lha iki mau mula-bukane arep adus, ananging merga
ngrasakne awak jik rada sumuk, mula njur lungguh lan nyawang apa wae kang kena
disawang”, Wangsulane Dalijo sajak sareh lan rinasa entheng banget.
“Lha awakmu apa iya arep adus ta Mar?” Takone Dalijo
marang kancane kang jenenge Maruta. Jare mbiyen, jeneng kuwi dudu bapakne
Maruta sing menehi, ananging simbahe saka bapakne, lan lumantar jeneng kuwi,
diangkah cikben ing mbesuke patrape uripe Maruta ya kaya lakuning angina. Apa
kang dadi pandongane simbahe maruta sajake ya klakon, wong sak ndesa ngerti
kabeh kepiye patraping uripe Maruta. Dewekne sareh, sabar, isa karo sapa wae
lan uga kahanan apa wae, wis jian memper
lakuning angina kae.
“Iya mas, wis rada suwe ora adus neng Dung-Platar
iki, rasane pengen banget. Mau sakdurunge aku mrene, aku wis nggagas yen
bakalan ketemu sampeyan.”Maruta ngomong mengkono sinambi ngetokake udude, lan
sajak ngerti yen Dalijo ora nggawa udud, mula njur tawa-tawa marang Dalijo.
“Nyoh mas, isa nggo kebul-kebul. Tinimbang amem ora
ana sing diisep. Sampeyan apa ana kangsenan sakwise adus iki? Yen ana, ya ndang
adus wae, ora usah udud. Ananging yen ora ana, ya ayo ngrasakne kahanan endah
neng pinggir kali iki” Unine maruta, sajak ngemu karep.
“Haiyah, lha aku wae arep kangsenan mbek sapa ta
Mar? Wong ya mung adeg’e wong tani utun kaya ngene” Semaure Dalijo sinambi
njupuk udude Maruta lan sakbanjure disumet, ya nganggo Korek duweke Maruta.
“Ora usah selak Mas, ora usah enda. Lha mau aku
kepethuk wong rambute dawa, njur tak takoni, saking pundi mbak? Lha wangsulane
cetha, jare seka omahe sampeyan lho mas.” Maruta crita apa kang mentas dialami.
Dalijo sajak rada kaget, ananging isa ngrumati kagete lan mbacutake anggone
nyjmet udud sing nembe disumet. Srengenge sansaya munggah, ing tegalan
saknduwure kali kuwi panase srengenge sajak rinasa sansaya sumelet. Manuk
Derkuku sing nembe ceker-ceker nggolek turahan panenane Pak Tani sajak ora
betah, njur mabur munggah mlebu neng alas pinus kang ana neng sisih elor
tegalan kuwi. Dalijo ora enggal-enggal nanggepi apa kang dadi critane Maruta,
dewekne kelingan sing nembe wae klakon, dayohe sing rambut dawa lan yen ngguyu
pipine dekik kuwi pancen dadi daya kang mulad-mulad ana neng sakjroning atine.
“Mau tak sowing-sawang ya sajak bungahe ngeram lho
mas. Wong aku ngulatake rada suwe, seka jendela omahku, nganti liwat
nglatarku..”Maruta mbacutake rembug babagan dayohe Dalijo. Angin rinasa sumilir
nalika bubar keprungu nerak godong-godong pring ing sakdawane kali kuwi, lan
nalika mampir neng anggane wong loro kuwi, kabeh ngrasakne anteng lan
nentremake.
“Oalah, kuwi kancaku Mar. Pancen mau nekani aku, lha
aku ya piye ngono, seka ngarit lan durung adus. Nalika aku nembe meh pamit arep
adus, jebul wis ninggalke aku. Mula aku njur arep adus, lha nalika nyawang
kahanan ing kali iki, kok rasane kaya nyawang lan ngrungokake Swaraning Gusti
Kang Murbeng Dumadi” Semaure Dalijo sinambi ngisep udude.
“Luwih saka kanca ya oleh lho mas…hehe” Maruta sajak
nggodha Dalijo, ananging nom-noman rada kasep sing nduweni patraping urip kang
unik kuwi sajak ora patia nggagas, malah nguncalne krikil neng kedungan kali
kuwi, saknalika sakeneke kewan kang nembe dolanan lan gegojekan buyar, mlayu
mencar neng sakparan-paran saknjerone kedungan cilik kuwi.
“Mar, njajal apa kang kok weruhi, apa kang kok
sawang kahanan neng kedungan cilik kuwi, nalika aku nguncalake krikil kuwi mau?”
Ora nanggepi omonge Maruta babagan dayoh sing rembute dawa, malah ngajak
ngrembug babagan sing beda. Maruta sadhar yen kancane kuwi nembe ora mathuk
dijak rembugan babagan dayohe sing jian eseme marakne angel turu nalika ora
ngantuk. Maruta apal karo wewateakne kancane kuwi, mula dewekne njur nanggepi
apa sing nembe diomongake dening Dalijo.
“Merga mbok uncali krikil, kabeh kewan sing manggon
neng njero kedungan kuwi keweden mas. Mula ya njur mlayu nunjang palang sipat
kuping.” Wangsulane Maruta jumbuh karo apa kang disawang lan uga dirasakake.
“Yen aku, kewan-kewan kang manggon neng kedungan
kuwi ora keweden, malah rumangsa seneng merga ana sing ngajak gegojekan..”Dalijo
nanggepi apa kang diomongake dening Maruta. Kahanan njur sepi, Dalijo lan
Maruta sajak kintir neng alam pikire dewe-dewe. Maruta mbatin, mosok
kewan-kewan mau malah seneng nalika ana barang anyar teka lan ngeget-geti? Dene
Dalijo sajak ngolah pikir, njajal ngrasakne apa kang nembe kelakon. Dewekne ora
nampik penemune Maruta, merga kuwi kang sinawang dening kancane kuwi, pancen
kewan-kewan ing kedungan kuwi bubar utawa ambyar, ananging saka sesawanganku
kuwi ora wedi, malah bungah merga ana “dolanan” anyar.
“Mosok kewan-kewane kuwi malah seneng mas, kan
kudune wedi merga ana kahanan kang mratandani tekane bebaya?” Takone Maruta.
“Mar, pancen kang nembe klakon iki mau kang
kinaranan SESAWANGAN, amarga awake dewe sengaja nyawang apa kang isa sinawang.
Apa kang awake dewe sawang kuwi bener, ora luput, kanggone awake dewe-dewe.
Sakwise nyawang SESAWANGAN, awake dewe njur menehi arti utawa teges, kuwi ya
ora luput. Ananging SESAWANGAN kang sejatine KASUNYATAN kuwi ora isa wutuh
awake dewe critakne. Kabeh merga KASUNYATAN kang dadi SESAWANGAN kuwi malih
dadi penemu pribadi nalika diomongake karo sapa wae. Yen awakmu ngrani
kewan-kewan kuwi mlayu sipat kuping merga wedi, kuwi ya bener. Wong ya awakmu
ora krungu swara panjerite kewan-kewan kuwi. Awakmu mung nyawang, kewan-kewane
mlayu, lan ing pikiranmu wis ana pangerten, yen carane mlayu kaya mengkono kuwi
titah kang keweden..”Dalijo njur medar pangerten kang saksuwene iki diupadi
nganti soroh nyawa.
Maruta meneng ae, ngungokne lan ngrasakne apa kang
diomongake dening Dalijo,kanca kang wis sakdawane umur uriip sayuk-rukun neng
padusunan kuwi. Lan apa kang diomongake dening Dalijo pancen bener, dewekne
mung nyawang lan nduweni pambiji karo KASUNYATAN kang disawang. Dene pambiji
kuwi ora makili KASUNYATAN kuwi. Ing njero batin, Maruta mongkog atine, merga
kancane seka cilik kang diarani “wong aneh” kuwi jebule nyimpen pangertening
urip kang werdine pancen jerone ngeram.
“Semono uga apa kang takomongake kuwi Mar. Kuwi dudu
KASUNYATAN kang nembe taksawang. Kuwi penemuku, aku ya durung ngerti basane
kewan-kewan banyu kuwi, ananging oraluput yen aku nduweni penemu kaya mengkono
kuwi” Dalijo mbacutake omonganne, sinambi klepas-klepus sajak seger ngudud udud
sing njaluk duweke Maruta.
“Aku mathuk karo penemumu mas. Sakumpamane lakuning
urip ing njagad iki, isa nduweni penemu lan jembaring ati kaya kang nembe
klakon, jagad iki mesti kebak ing tentrem rahayu. Emane sing lumaku kwalik mas.
Ora sithik wong sing rumangsa nyekel KASUNYATAN kang sejati, uga nyekel bab
BEBENER kang sejati utawa asli.Kamangka sejatine sing dicekeli kuwi KASUNYATAN
kang mung mampir neng pikiran, kuwi wae mlebune lumantar panyawang lan
pangungon. Lan nalika ana “sudut pandang” liya babagan KASUNYATAN lan anggone
nyawang SESAWANGAN KASUNYATAN kuwi beda, crah kang lumaku mas..”Maruta njur
ngudha-rasa apa kang dialami uriping jagad iki.
“Kabeh merga menungsa wis lali karo ancasing urip
kaya kang kinersakake dening Gusti Kang Murbeng Dumadi kok Mar…Iki klebu tugase
awake dewe, nglepengake kang bengkong, njejegake kang doyong lan uga ambruk.
Aja malah kwalik, mbengkongake kang lempeng lan ngembrukake kang ndoyong..”Omonge
Dalijo sinmabi nyecek udude, sajak wis meh nylomot drijine.
“Iyo mas, aku saguh napak-tilas tindake Gusti,
sanadyan tapak’e kuwi angel golek-golekane..”Semaure Maruta.
“Sik tak adus. Selak jam setengah siji..lha aku arep…opss..waduh…malah
keprucut..” Dalijo sajak salah tingkah, merga bubar muni ora ana acara apa-apa,
jebul nduweni janji jam setengah siji..
Ana Candake..