Selasa, 12 September 2023

NGLILIR

 

Selasa Legi 12 September 2023

BENNGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab Suci

Pangandharing Toret 17:2-13

Jabur 119:65-72

Rum 13:1-7

Ing wanci tengah dalu kawula nglilir muji sokur dhumateng Paduka margi saking pranatan-pranatan Paduka ingkang adil.Kawula manunggil kaliyan sakathahipun tiyang ingkang ngabekti dhumateng Paduka, saha kaliyan para tiyang ingkang sami netepi dhawuh-dhawuh Paduka.” Jabur 119:62-63

 

Tembung NGLILIR kuwi sejatine nduweni arti gegayutan karo kahanane wong turu, yakuwi nalika sadar utawa eling marang kahanan sakiwa tengene.  Amarga yen turu, mesti ora eling apa wae, mbuh kuwi kahanan kang apik utawa kahanan sing ora apik. Lha yen NGLILIR kuwi kabeh isa kelingan lan mangerti apa wae. Neng kitab suci ana piwulang babagan NGLILIR, kuwi sing diseksekake dening juru Jabur, yakuwi Dhawud, kaya kang tinulis neng Jabur 119 ayat 62-63. Neng kitab kuwi tinulisan menawa menungsa kuwi NGLILIR saka turu lan banjur ngulukake pamuji marang kuwi kang dadi klangenane juru Jabur, apa meneh yen sinartan ngugemi pranatan-pranantane Sang Yehuwah,

 

Andharan iki arep fokus neng tembung NGLILIR, yakuwi kahanan sadhar marang kahanan ig sakkiwa tengene. Amarga ing jaman saiki ora sithik wong sing uripe ora nduweni kesadharan babagan kahananing urip, ora sithik wong sing uripe jik ana ing kahanan “turu” utawa ora mangerti marang kahanan kang dumadi. Sakliyane kuwi, ora sithik wong sing ora gelem tangi saka kahanan turu, merga mbokmenawa turu kuwi kepenak lan menawa NGLILIR njur eling utawa sadhar mala hora isa ngrasakake kahanan kepenak kaya nalika turu,

 

Mula saka kuwi, yen nalika para sedulur maos marang tulisan iki lan njur NGLILIR saka kahanan turu utawa eling marang kahanan sakiwa tengene, kuwi kang dadi kabungahanku. Panyuwun lan lan pandongaku, cikben lumatar tulisan iki, para sedulur ndang eling, ndang NGLILIR lan mangerti marang kahanan ing sakiwa tengen ben ora kejlungup marang kahananing jagad ing sakmestine.

 

Payo para sedulur,  ndang NGLILIR saka kahanane turu..

Salam Rahayu

 

 

Senin, 11 September 2023

MBUNGKEM CANGKEM

 

Senen Kliwon 11 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK



Wacan Kitab suci

Kaimanan 4:27-31, 5:14-16

Jabur 119:65-72

1 Petrus 2:11-17

Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.” 1 Petrus 2:15

 

Ing dina iki, pernahe senen Kliwon tanggal sewelas September rongewutelulikur, BENINGE EMBUN ESUK rada ngowahi padatan, yakuwi jejere nganggo rong tembung. Iki ora ateges BENINGE EMBUN ESUK mbalela, ananging cikben ana pariasi (variasi) anyar, dene  kang dadi jejer pancen tembung kang kurang kepenak dirungu, yakuwi MBUNGKEM CANGKEM, yen diungelake ing cecaturan padinan, mesti isa dadi rame, ananging yen mung diwaca, apameneh ing sakjroning batin, aman-aman wae. MBUNGKEM kuwi tegese nutupi kanthi setegah meksa, dene CANGKEM mesti kabeh sing maos tulisan iki wis dong, yakuwi piranti peparinge Gusti Allah kang fungsine kanggo mangan lan ngomong utawa celathu. MBUNGKEM CANGKEM ing andharan iki tegese ndadekake liyan meneng ora bisa nyaruwe amarga tumindak becik.

 

Sanadyan yen diungelake rinasa saru tur ya kurang patut, ananging tembung MBUNGKEM CANGKEM kuwi tinulis neng kitab suci,cethane ana ing layange rasul Patrus kang kapisan. Ing kana rasul Petrus memulang babagan tumindak kang tansah becik-apik, cikben wong-wong kang seneng nggibah utawa ngrasani, kecangar utawa kabungkem cangkeme amarga gawean apik kang ditindakake dening para kagungane Gusti. “Sabab iku kang dadi karsane Gusti Allah, yaiku supaya kowe srana panggawe becik mbungkem cangkeme wong bodho kang kurang kawruhe iku.

Cetha banget dhawuhe Gusti lumantar rasul Petrus, yakuwi babagan panggawe becik, isa MBUNGKEM CANGKEME wong bodho sing kawruhe minim utawa kurang. Ing kene ana rong perkara sing kudu dimangerteni, sepisan cetha yakuw babagan panggawe becik, dene kang nomer loro babagan wong sing senengane kokean omong utawa ngoceh, senengane mado utawa tukang kritik, jebule kuwi manut rasul Petrus klebu golongan wong bodho.

 

Saka andharan sakmadya ing ndhuwur lan uga saka piwulange kitab suci, saiki payo sengkut makarya jumbuh karo dhawuhe kitab suci, yakuwi ngayahi Panggawe Becik, cikben  isa uwal saka sakabehing pitenah. Kaping pindhone, payo sinau nahan omongan kang ora becik, omongan kang ancase mung ngrusak lan natoni liyan,  amarga sing kokean cangkem kuwi jebul klebu golongan wong bodho.  Saiki gumantung marang para pamaos milih sing endi, milih ngayahi Panggawe Becik lan dadi wong pinter, lumantar  ora kokean cangkem utawa arep dadi wong bodho kang ora tahu ngayahi panggawe becik?

 

Salam Rahayu

Sabtu, 09 September 2023

LAMIS

 Setu Pon 9 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Suci

Yehezkhhiel 33”1-6

Jabur 119:33-40

Mateus 23:29-36

Bilai kowe, heh, para ahli Toret lan wong-wong Farisi, heh, kowe; wong-wong lamis, jalaran kowe, mbangun pasareaning para nabi lan ngrerengga tugu-tuguning wong-wong mursid,lan calathu: Saupama aku padha menangi jamane para leluhurku kabeh, mesthi aku ora padha melu anggone padha nyedani para nabi.Marga saka mangkono dadine kowe padha dadi seksi tumrap awakmu dhewe, yen kowe kabeh iku padha turune wong-wong kang nyedani para nabi.” Mateus 23:29-31

 

Tembung LAMIS kuwi wis nate dadi jejering BENINGE EMBUN ESUK, ananging merga aku minangka sing nulis andharan iki yakin yen para pamaos ora patia nggatekake, mula ya takgunakake maneh minangka Jejer..hehe.. Cikben eling marang tegese tembung LAMIS, mula ing wiwitaning andharan iki tak baleni meneh njlentrehake babagan kuwi. LAMIS kuwi tegese tumindak kang ora gathuk karo penemu lan pikiranne, Yen pikiran utawa penemune senep, ananging ngungel lan macak seneng, kuwi isa kinaranan LAMIS, yen pikiran lan rasane luwe ananging muni yen ora luwe, kuwi ya klebu LAMIS.

 

Neng kitab suci ana pangandikane Gusti Yesus sing landhepe ngeram, yakuwi nalika ngelikake para ahli toret utawa para aktipis agama ing jamanne Gusti Yesus. Nalika kuwi para ahli toret padha mbangun patraping urip keagamaan kayane solehe ngeram, ananging tumindak nndhes marang sakpepadha jika dilakoni kanthi pol-polan, mula Gusti Yesus duka. Sakliyane kuwi, Gusti Yesus ya duka merga para ahli toret  rumangsa dadi wong apik lumantar maes utawa mbangun pasareanne para nabi kanthi apik utawa endah, kamangka kuwi sing mbiyen mateni ya para leluhure, kang kaya mangkono kuwi kang dening Gusti Yesus kinaranan LAMIS.

 

Ing jaman saiki ya ora beda adoh karo jamanne Gusti Yesus, ora sithik “para ahli toret” sing rumangsa luwih saka Gusti Yesus, ing atase Gusti Yesus wae menehi pangapura tanpa syarat, tanpa wates marang sapa wae kang nglakoni dosa, saiki “para ahli toret” mau malah isa nindes sakpepadane nganggo pranatane agama, lan kuwi dilakoni kanthi mongkog, malah rumangsane nembe netepi kersane Gusti. Nindes sakpepada malah rumangsa netepi pepakone Gusti, apa ora ngene iki kang uga kinaranan LAMIS?

 

Sumanggga sami instrospeksi, ndeleng marang diri pribadine dewe-dewe, apa wis tumindak kaya kerane Gusti?Apa malah marisi wateg LAMIS saka para ahli tore ting jamane Gusti Yesus?

 

Salam Rahayu

Jumat, 08 September 2023

OLEH-OLEH

 

Jemuah Pahing 8 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK

GAMBAR APIK


Yehezkhiel 24:15-27

Jabur 119:33-40

Rum 10:15b-21

“Kaya kang katulisan, wiraose: “Iba anggone nyenengake tekane wong kang padha nggawa pawarta becik.” Rum 10:15b

 

Wis dadi adate wong uriip, mirunggan wong jawa, yen ana sing meh lunga utawa nembe teka saka paran sing ditakokake babagan OLEH-OLEH. Yen arep mangkat lelungan biasane ana sing ngungel, “ Aja lali ya OLEH-OLEH’e…”. Lan menawa ana teka seka paran ngungel mangken, “ Iki ana sthik OLEH-OLEH, muga-muga maedahi..” Pokoke tembung OLEH-OLEH kuwi kayane dadi perkara sing penting banget, mbuh kuwi tumrap sing lelungan utawa sing ora leungan lan racake OLEH-OLEH  kuwi babagan kang nyenengake.

 

Babagan OLEH-OLEH kuwi  nate dadi piwulang ana ing kitab suci lumantar rasul Paulus, cethane neg layange marang pasamuan Rum, yakuwi neng Rum 10 ayat 15b, kang surasane “Iba anggone nyenengake wong kang padha nggawa pawarta becik..” Ukara ..” Nggawa pawarta becik” kuwi padha kawo kang dadi jejering andharan BENINGE EMBUN EUK ing dina iki. Manut rasul Paulus, nggawa pawrta becik kuwi pancen dadi ayahane para menungsa kang tinimbalan dening Sang Rama, yakuwi tinimbalan nampa berkah kang awujud keslametan. Kabeh sing percaya marang Gusti Yesus, kuwi mesti mangerti babagan keslametan merga berkahe Gusti, mula yen wis rumangsa disalametake, ndang makarya ing sakjroning urip kanthi tansah nggawa pawarta becik marang apa lan sapa wae. Ing sadengah papan lan kahanan, para kagungane Gusti kuwi kudu nggawa OLEH-OLEH babagan kabar kabungahan.

 

Lha kepriye carane nggawa OLEH-OLEH kuwi? Ya payo ngayahi ayahan katresnan, yen ana sing luwe payo diwenehi panganan, yen ana sing ngelak payo diwenehi omben, yen ana sing luput payo dibenerake, yen ana sing dewe payo dikancani, yen ana sing susah payo dilibur lan sakbanjurre. Aja malah nglakoni sing kosokbaline, nalika ana sing luwe malah ngebreh-breh panganan, nalika ana sing ngelak malah ngguwang banyu, nalika ana sing luput malah rame-rame diukum, nalika ana sing susah malah dipaido lan sakbanjure..

 

Sepisan maneh, payo nggawa OLEH-OLEH becik marang jagad kang diparingake dening Gusti iki. Payo ngrumat peparinge Gusti kang dititipake marang awake dewe, ora usah kuwatir baba pa wae, Gusti mesti njangkepi. Payo nggawa OLEH-OLEH kabecikan..

 

Salam Rahayu

Kamis, 07 September 2023

LELABUHAN

 

Kemis Legi 7 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Suci

Yehezkhiel 24: 1-14

Jabur 119 :33-40

2 Korinto 12 :11-21

Kawula mugi Paduka mangretosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger Paduka, badhe kawula estokaken klayan gumolonging manah. “ Jabur 119: 34

 

Tembung LELABUHAN kuwi asale saka lingga Labuh, kang tegese meh pada karo becik utawa kabecikan, ananging bedane Labuh kuwi kabecikan kang dilakoni. Saka tembung lingga Labuh mau njur isa dadi tembung LELABUHAN, kang tegese mangerteni babagan kabecikan lan uga dilakoni minangka laku sejatining urip. Anane isa ngayahi LELABUHAN kuwi sakwise  mangerteni kahananing samubarang, mulane merga wis ngerti njur dilakoni utawa ayahi kuwi kang kinaranan LELABUHAN. Yen mung ngerti wae ananging ora dilakoni, kuwi ora ana paedahe babarblas.

 

Ana ing kitab Jabur ana paseksi piwulang luhur saka juru jabur babagan LELABUHAN kang gegayutan karo mangerti ing samubarang. Ing kitab kuwi tinulis..” Kawula mugi  Paduka Mangertosaken, temah kawula lajeng badhe netepi angger-angger paduka, badhe kawula estokaken kalayan gumolonging manah..” Cetha banget ing tulisan kuwi yen anane isa nglakoni utawa ngayahi merga “Mangertos)aken”, utawa didadekake mangerti. Juru jabur ndedonga cikben diwenehi kawruh lan sakbanjure dilakoni utawa diayahi. Juru jabur sadhar yen tangeh lamun ngayahi menawa ora mangerti. Iki sing beda adoh karo wong ing jaman saiki, okeh sing ngerti ananging ora gelem nglakoni. Ngerti babagan katresnan, ananging ora gelem nglakoni katresnan, ngerti babagan lung-tinulung ananging emoh nglakoni marang liyan lan sakpanunggalane.

 

Mbalik marang tembung LELABUHAN, manut paseksine juru jabur, LELABUHAN kuwi mung isane klakon nalika wis mangerti. Mula saka kuwi, cikben isa mangerti, payo sinau, lan sakwise sinau njur mangerti aja mandeg, ananging dibacutake lumantar nglakoni apa kang dimangerteni mau. Yen kabeh isa gelem sinau lan mangerti lan sakbanjure nglakoni apa kang wis dimangerteni, mesti khanane jagad iki sansaya suwe sansaya nemahi katentreman dalah karahayon. Sing wis sinau bab pangapura, njur mangerti apa kuwi pangapura, njur macak LELABUHAN urip kanthi demen ngapura, sing sinau tetulung, njur mangerti babagan tetulung lan sakwise mangerti njur macak LELABUHAN urip kanthi tetulung marang sapa wae, mesti urip ing jagad iki sansaya tentrem lan rahayu.

 

Mula saka kuwi, payo saiki sengkut sinau,mangerti lan diayahi utawa dilakoni, aja mung mandeg ing kahanan ngerti ananging tanpa dilakoni. Payo macak ngelmuning para leluhur, “ngelmu kuwi klakone kanthi laku…” Payo, macak LELABUHAN becik ing sakjroning urip iki..

 

Salam Rahayu

Rabu, 06 September 2023

KUMANDEL

 

Rebo Kliwon 6 September 2023

BENINGE EMBUN ESUK




Wacan Kitab Suci

Yeremia 17 : 5-18

Jabur 17 : 1-15

Mateus 12 :22-32

Binerkahan wong kang kumandel marang Sang Yehuwah, lan pangarep-arepe marang Sang Yehuwah! Dheweke bakal kaya wit kang tinandur ana ing pinggiring banyu, kang oyod-oyode mrambat ing pinggiring kali, lan kang ora ngalami tekane panas sumelet, godhonge ajeg ijo, ora samar ing mangsa ngerak lan tanpa kendhat metokake woh.” Yeremia 17:7-8

 

Pancen mayar yen mung ngungelake tembung KUMANDEL,kayata, “ Jujur, aku wis KUMNDEL marang pangwasa lan pangrksane Gusti Allah”, ananging bareng disambati dijak nulungi liyan utawa malah sedulure sing nembe nemahi kahanan kang ora apik, banjur dadi wasis banget anggone menehi wangsulan utawa alasan. Lho kok isa kelakon kang kaya mengkono kuwi sebabe apa? Amarga menungsa mung saderma ngerti tanpa nglakoni unining tembung lan babarblas ora gelem nglakoni tegese tembung kuwi.

 

Tembung KUMANDEL kuwi pancen mayarngucapakene,ananging abot nalika kudu dilakoni kanthi sawutuhing ati lan urip, apa meneh yen kuwi babagan KUMANDEL marang pangwasaning Gusti. Ora sithik sing luwih KUMANDEL marang banda-donya tinimbang karo Gusti, malah mbokmenawa klebu sing maca tulisan iki. Lho, kok isa? Iya amarga luwih ngeboti banda-donya kang sejatine meinangka sarana tinimbang marang sing menehi Banda-Donya kuwi.

Ana piwulang luhur neng Kitab Suci, cethane neng kitab Yeremia bab pitulas ayate pitu lan wolu,, ing kana ditulis yen wong sing KUMANDEL marang Sang Yehuwah kuwi kinaranan binerkahan. Wong sing nduweni pangarep-arep marang Sang Yehuwah  kuwi kaya wit kang tinadur ing sakpinggiring banyu, kang ora nate alum lan tansah ngetokake woh kang nengsemake. Wong sing KUMANDEL marang Sang Yehuwah ora bakalan sumelang, wedi, sedih, males, pelit utawa uthil, nduweni dendam marang liyan lan kabeh wataking ala.Wong sing KUMANDEL karang Sang Yehuwah mesti anane mung tentrem rahayu, ora nate regejegan, ora nate maido,ora nate ngrasani, ora nate mitenah, ora nate nyimpen lara ati lan sakbanjure.

 

Lha njur saiki, tumrap awake dewe, mirunggan sing maca tulisan iki, sing rumangsa “Beragama lan Beriman”, apa uuwis KUMANDEL marang Sang Yehuwah ing sakmestine? Apa uwis isa nekakake tentrem-rahayu , apa uwis isa ngapura-ingapura marang sakabeing wong? Apa malah nggunakake alesan kaimanan kanggo ngumbar serik lan gethinge marang liyan? Sakmene ndisik para sedulur, muga-muga wae tulisan iki dadi kaca pangilon kanggo sangsaya apiking urip ing wekasaning jaman iki.

 

Salam Rahayu

 

Selasa, 05 September 2023

SKENARIO

 

Selasa Wage  5 September 2023

BENINGE EMBUN

SKENARIO




Wacan Kitab Suci

2 Samuel 11:26-12:14

Jabur 17:1-15

Wakyu 3 :7-13

Sang Prabu nuli ngandika marang utusan mau: “Sira matura marang Yoab mangkene: Prakara iku aja ndadekake esake atinira, amarga wis lumrah pamangsane pedhang ora pilih wong. Mulane pangrangsangira marang kutha iku sengkakna lan gempuren. Mangkono uga padha bombongen atine!” 2 Samuel 11:25

 

SKENARIO kuwi tembung kanga sale dudu saka basa jawa asli,  kang nduweni arti utawa teges kurang luwih mangkene, yakuwi babagan rerancangan kang bakalan dilakoni. Dene rerancangan kuwi isa babagan kang apik lan uga babagan kang ora apik. Babagan apik lan ora apik mau sejatine ora ana gegayutane karo tembung SKENARIO, kabeh gumantung karo sing nglakoni, yen ancase apik ya mesti wae apik, sanadyan rumpil lan rekasa, dene yen ancase ora apik racake luwih mayar, sanadyan ing tembe mburine  malah kepara luwih rekasa.

 

Babagan SKENARIO  kuwi okeh dicritakake ana ing kitab suci,salah sijine neng kitab 2 samuel. Ing crita kuwi dijlentrehake babagan SKENARIO kang dirancang  deniang sang prabu Dawud. Anane ngrancang SKENARIO kang ora prayoga kuwi merga ngrumangsani ana ayahan ala kang njedul amarga ora isa ngrumat mobaling pepinginan. Nalika kuwi sang prabu nembe bubar nglakoni ayahan kang ora becik, yakuwi melik lan ndemeni bojoning liyan yakuwi prajurite utawa malah senopatine dewe. Bareng rumangsa ana sing dadi pepalang, mula sang prabu banjur nggawe SKENARIO kang  ala, yakuwi piye carane nyingkirake wong kang ora disenengi. SKENARIONE pancen yahud, ketoke asli, ananging kabeh wus dirancang.

 

Ora mung ing jamane Prabu Dawud, ing jaman saiki ya jik okeh wong sing “hobby” nggawe SKENARIO, mbuh kuwi kanthi ancas apik lan ug ancas kang ora apik. Yen nerusake critane prabu Dawud, sakwise tumindak ala nyingkirake senopati Uria merga ngangkah ngepek bojone Uria lan uga pepeling saka Gusti  lumantar nabi Nathan,  kabeh  menehi pasinaon yen ora ana baba pa wae sing ketriwal saka pamirsane Gusti Allah, mula ya ora usah nggawe SKENARIO ala. Ora usah ndakig-ndakig nggawe SKENARIO kang sinawang apik, kamangka isine ya bosok merga ya mung nguja kemaremaning kamanungsan.

 

Mula saka kuwi para sedulur, payo saiki niti priksa ing atine dewe-dewe, apa wis ngayahi ayahan apa wae kanthi ancas mung kagem kabecikaning jagad? Apa malah seneng nggawe SKENARIO sing ketone apik ananging kabeh mung kanggo nutupi kahanan kang ala utawa ora becik? Kabeh  mung mbalik marang ati lan nuranine dewe=dewe.

 

Salam Rahayu

FIKSI Di Malam PASKAH